You are on page 1of 3

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Nama : ____________________
Kelas : II (Dua)
Latihan SAS 1 Hari/Tanggal :
Tahun Pelajaran 2022/2023 Nilai :

Piwulang 3: Gamelan

1. Terusna tembang ing ngisor iki!


“Gambang suling ngumandang swarane. Tulatulit kepenak ….”
2. “Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung ketipung suling, sigrak kendhangane.”
Ana pira cacahe alat musik sing ana ing tembang ing nduwur iku?
3. Thing thing thung thung iku swarane piranti gamelan ….
4. Piranti gamelan ing gambar iki digawe saka ....

5. Piranti gamelan sing digawe saka kayu yaiku ....


6. Tabuh bonang cacahe ana ….
7. Carane nggunakake gamelan sing ana ing gambar yaiku ….

8. Wong sing gaweyane nabuh gamelan diarani ….


9. Unine siter yaiku ….
10. Aku piranti gamelan, aku digawe saka pring, dawaku kira-kira rong kilan, sisih pucuk
dibolong siji, sisih ngisor dibolong enem, carane nggunakake disebul. Aku arane ....
11. Piranti gamelan ing sisih jenenge yaiku ….

12. Gambang iku wujude ....


13. Kendhang unine ....
14. Cara ngunekake suling ....
15. Gamelan sing cara ndokoke digantung yaiku ....
16. Bahan kanggo gawe gamelan yaiku ....
17. Gambar ing sisih jenenge ….

1|Gladhen SAS 1 Bahasa Jawa Kelas 2


18. Aku gamelan sing duwe rambut loro saka senar. Yen digesek uniku ngek ngok ngek ngok.
Aku arane ….
19. Aku yen dikeplak unine ndlang tak tung tung. Aku arane ….
20. Suling unine …

21. Gambar gamelan ing dhuwur jenenge yaiku …


22. Dene yen ditabuh unine yaiku ….
23. Kepiye unine suling lan rebab?
24.

Critakna piranti gamelan sing ana ing gambar ndhuwur!

25. Sebutna 5 jeneng gamelan!

Piwulang 4: Tembang Dolanan

Mangkat Sekolah
Saiki aku wes gedhe
Sekolah mangkat dhewe
Ora usah dieterake
Bareng karo kancane
Yen mlaku turut pinggiran
Ora pareng gojegan
Ing dalan akeh kendharaan
Mengko mundhak tabrakan

26. Bocah-bocah mangkat sekolah dhewe amarga ….


27. Yen mlaku ing dalan iku ana ing sisih ….
28. Menawa mlaku ing dalan ora pareng ….
29. Yen ora ngati-ati ing dalan bisa ….
30. Tembang ing dhuwur duweni pitutur yaiku ….
Jaranan
Jaranan jaranan
Jarane jaran teji
Sing numpak ndara bei
Sing ngiring para mantri
Jrek jrek nong Jrek jrek gung
Jarane tiba lurung
Gedebug krincing gedebug krincing
Jrek jrek gedebug jedher

31. Jaranan-jaranan jarane jaran ….


32. Sing numpak ndara bei, sing ngiring para ….

2|Gladhen SAS 1 Bahasa Jawa Kelas 2


33. Jrek jrek nong, jrek jrek ….
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 31 – 35!

Menthog menthog tak kandhani


Sasolahmu angisin – isini
Mbok ya aja ngetok becik ndelik wae
Nak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu
Megal – megol gawe guyu

34. Solahe menthog yaiku ….


35. Ing kandhang menthog lagi ….
36. Menthog kuwi watake … amarga ora gelem nyambut gawe.
37. Menthog megal – megol gawe ….
38. Judhul tembang ing dhuwur yaiku ….
39. Tembang “Mangkat Sekolah” nyeritakake apa?
40. Sebutna ana 5 tembang dolanan kang kongerteni!

- suge=mk/y -

3|Gladhen SAS 1 Bahasa Jawa Kelas 2

You might also like