You are on page 1of 3

Amrih Iman Istiqamah

Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Mangga, kula dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Swt.. Mugi-mugi gesang kita
tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donya punika ngantos benjang wonten ing akhirat.

Salawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah Swt. dhumateng panutan kita Nabi Muhammad saw., para kulawarga,
shahabat lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Kados ingkang kita wuningani sedaya bilih keimanan dhumateng Allah punika boten langgeng (fluk-tuatif); terkadhang
tambah lan kandel, sok ugi surut lan tipis, lan malah kandhas ical. Wondene kawontenan ingkang saged ndayani iman
boten langgeng punika jalaranipun kathah sanget. Awit saking punika cara supados iman boten gampil goyah lan tetep
istiqamah inggih kathah . Nanging saged dipunperang dados kalih perangan, inggih punika kanthi cara lahir lan cara batin;
cara lahir minangka cara ingkang baku utawi (primer), lan cara batin minangka cara panyengkuyung (sekunder).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Kalebet cara ingkang baku (primer), inggih punika mujudaken cara nyata ingkang kedah dipun tindakaken tiyang ingkang
pamrih imanipun kiyat lan istiqamah. Wondene caranipun inggih punika, antawisipun:

1 Akrab dhumateng Al-Qur’an. Allah Swt. paring dhawuh:

َ‫ُور َو ُھدًى َو َر ْﺣ َمة ٌ ِﻟ ْﻠ ُﻣؤْ ِﻣﻧِﯾن‬


ِ ‫ﺻد‬‫ظﺔٌ ِﻣ ْن َر ِﺑّ ُﻛ ْم َو ِﺷﻔَﺎ ٌء ِﻟ َﻣﺎ ﻓِﻲ اﻟ ﱡ‬ ُ ‫ﯾَﺎ أَﯾﱡ َﮭﺎ اﻟﻧﱠ‬
َ ‫ﺎس ﻗَ ْد َﺟﺎ َءﺗْ ُﻛ ْم َﻣ ْو ِﻋ‬
“He manungsa, sejatine wis teka marang sira piwulang saka Pangeranira lan tamba tumrap penyakit-penyakit (kang ana)
ing ana sajrone dhadha lan pituduh serta rahmat tumrap wong-wong kang padha iman.” (QS. Yunus [10]:57).

Al-Qur’an minangka pitedah ingkang baku ingkang saged neguhaken iman lan saged ngraketaken hubungan ingkang kiat
antawisipun kawula kaliyan Sang Kholiq. Tiyang ingkang nyepengi dhawuhipun Al-Qur’an kanthi kenceng, pramila Allah
badhe maringi pitedah ingkang leres lan maringi kawilujengan.

2. Istiqamah dhumateng syar’iat Islam. Allah Swt. janji badhe maringi ketentreman lan boten badhe sedhih manahipun
saha badhe njagi keteguhan imanipun tiyang ingkang mbudidaya istiqamah dhumateng syari’at Islam. Allah paring
dhawuh:

َ‫ﻋﻠَ ْﯾ ِﮭ ْم َو َﻻ ھُ ْم ﯾَ ْﺣزَ ﻧُون‬ ٌ ‫ِإ ﱠن اﻟﱠذِﯾنَ ﻗَﺎﻟُوا َرﺑﱡﻧَﺎ ا ﱠ ُ ﺛ ُ ﱠم ا ْﺳﺗَﻘَﺎ ُﻣوا ﻓَ َﻼ ﺧ َْو‬
َ ‫ف‬
“Satemene wong-wong kang padha ngucap: “Pengeran kita hiya iku Allah”, tumuli dheweke kabeh padha netepi
istiqamah, mula ora ana rasa kuwatir tumrape dhewekne kabeh lan dhewekne kabeh (uga) ora bakal susah”. (QS. Al-
Ahqaaf [46]:13).

3 Kekancan kaliyan tiyang-tiyang ingkang shalih. Allah Swt. lan Rasulullah saw. sanget anggenipun wanti-wanti
dhumateng ummatipun manawi pados kekancan. Kekancan kedah selektif, jalaran kanca saged ndayani tumindak ingkang
sae lan saged ndayani tumindak awon. Lan ugi kanca punika saged dados ukuran watak lan kepribadian kita. Allah paring
dhawuh:

ً ‫ﯾَﺎ َو ْﯾ َﻠﺗ َ ٰﻰ ﻟَ ْﯾﺗ َ ِﻧﻲ ﻟَ ْم أَﺗ ﱠ ِﺧ ْذ ﻓُ َﻼﻧًﺎ َﺧ ِﻠ‬


‫ﯾﻼ‬
“Ah, cilaka ingsun; ngertiya ingsun (biyen) ora ndadekake si (Fulan) dadi kanca raket (ingsun).” (QS. Al-Furqaan [25]:28).

Rasulullah saw. dhawuh:

ُ ‫ ﻓَ ْﻠﯾَ ْﻧ‬,‫ﻋﻠَﻰ ِدﯾ ِْن َﺧ ِﻠ ْﯾ ِﻠ ِﮫ‬


‫ظ ْر أ َ َﺣدُ ُﻛ ْم َﻣ ْن ﯾُﺧَﺎ ِﻟ ْل‬ َ ‫ ْاﻟ َﻣ ْر ُء‬.
“Kualitas agama suwijining wong iku bisa dideleng saka kanca akrabe/rakete, mula saka kuwi salah suwijine sira nggatekna
marang sapa dheweke kekancan.” (HR. Ahmad).
Dhawuhipun Rasulullah saw. sanesipun:

ِ ‫ﺎﻣ ُل ْاﻟ ِﻣﺳ‬


َ ‫ َو ِإ ﱠﻣﺎ أ َ ْن ﺗ َ ْﺑﺗ َﺎ‬, َ‫ْك ِإ ﱠﻣﺎ أ َ ْن ﯾُﺣْ ِذﯾَك‬
‫ع‬ ِ ‫ ﻓَ َﺣ‬,‫ْك َوﻧَﺎﻓِﺦِ ْاﻟ ِﻛﯾ ِْر‬
ِ ‫ﺎﻣ ِل ْاﻟ ِﻣﺳ‬
ِ ‫ﺳ ْو ِء َﻛ َﺣ‬‫ﺻﺎ ِﻟﺢِ َواﻟ ﱡ‬ ‫ َﻣﺛ َ ُل ْاﻟ َﺟ ِﻠﯾ ِْس اﻟ ﱠ‬:‫م‬-‫ﺳو ُل ﷲِ ص‬ ُ ‫ﻗَﺎ َل َر‬
(‫ )رواه ﻣﺳﻠم واﺑن ﺣﺑﺎن‬.ً‫ َوإِ ﱠﻣﺎ أ َ ْن ﺗ َِﺟدَ ِر ْﯾ ًﺣﺎ َﺧﺑِ ْﯾﺛَﺔ‬, َ‫ُﺣْرقَ ﺛِﯾَﺎﺑَك‬ ِ ‫ َوﻧَﺎﻓِ ُﺦ ْاﻟ ِﻛﯾ ِْر إِ ﱠﻣﺎ أ َ ْن ﯾ‬,ً‫ط ِﯾّﺑَﺔ‬
َ ‫ َوإِ ﱠﻣﺎ أ َ ْن ﺗ َِﺟدَ ِﻣ ْﻧﮫُ ِر ْﯾ ًﺣﺎ‬,ُ‫ ِﻣ ْﻧﮫ‬.

”Rasulullah saw. dhawuh: “Gambaran kanca kang apik lan kanca kang ala kuwi kaya dene suwijine wong bakul lenga wangi
karo suwijine wong pande wesi. Wong bakul lenga wangi menawa bae bakal menehi sira lenga wangi, utawa sira bisa tuku
lenga wangi saka dheweke, lan lamun ora, sira tetep bakal oleh ganda arum saka dheweke. Banjur wong kang pandai wesi,
manawa bae pletikan genine bakal bisa ngenani sandhanganmu, lan umpamane ora sira tetep bakal antuk gandane asep
kang ora sedhep.” (HR. Muslim lan Ibnu Hiban).

4 Ngedohi tumindak maksiat. Rasulullah saw. nggambaraken tumindak kemaksiatan punika kados dene reged ingkang
nempel wonten ing manah. Samsaya tiyang punika hanebihi tumindak maksiat tiyang badhe sumunar manahipun, njalari
pitedahipun Allah badhe gampil dipun tampi. Kosok wangsulipun manawi tiyang asring tumindak maksiat sekedhik baka
sekedhik badhe nutupi manahipun, jalari angel badhe pikantuk pitedahipun Allah Swt. Dhawuhipun Allah Swt. wonten ing
Al-Qur’an:

‫ظ ﱠﻼ ٍم ِﻟ ْﻠ َﻌ ِﺑﯾ ِد‬ َ َ ‫ﺻﺎ ِﻟ ًﺣﺎ ﻓَ ِﻠﻧَ ْﻔ ِﺳ ِﮫ ۖ َو َﻣ ْن أ‬


َ ‫ﺳﺎ َء ﻓَ َﻌﻠَ ْﯾ َﮭﺎ ۗ َو َﻣﺎ َرﺑ َﱡك ِﺑ‬ َ ‫َﻣ ْن‬
َ ‫ﻋ ِﻣ َل‬
“Sing sapa wonge kang ngamal shalih mula (ganjarane) kanggo dheweke dhewe lan sing sapa wonge kang ngamal jahat
mula (dosane) marang dheweke dhewe, lan babar pisan Pangeran ira ora nganingaya para kawula-Ne.” (QS. Fussilat
[41]:46).

Dhawuhipun Allah Swt. wonten ing ayat sanesipun:

“He wong-wong kang padha iman, reksanen awakmu; (jalaran) wong-wong kang sasar iku ora bakal mbebayani marang
sira, lamun sira wus antuk pituduh…. .” (QS. Al-Maidah [5]:105).

Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.

Sasampunipun kita ikhtiyar lahir ingkang awujud uwujud usaha nyata, lajeng kita kedah ikhtityar batin ingkang awujud
pamuji lan donga dhumateng ngarsanipun Allah Swt. ingkang supados iman kita dipun reksa dening Allah Dzat ingkang
molak-malikaken manah.

Estunipun boten dipun-awisi dening agami kita Islam donga kanthi basa lan lafadz punapa kemawon, jalaran Allah Swt.
Maha Mangertosi sadaya basa punapa kemawon, malah kepara krenteg ing manah kemawon Allah Swt. sampun pirsa.
Namung kemawon tumrap tiyang Islam kadhawuhan ndherek (ittiba’) dhumateng Allah Swt. lan Rasulullah saw. kalebet
ugi caranipun donga jalaran ndonga ingkang dipunajaraken Allah lan Rasul-Ipun punika minangka sae-saenipun donga
ingkang kawastanan do’a-do’a ma’tsur.

Do’a-do’a ma’tsur kangge jagi amrih iamn kita istiqamah antawisipun inggih punika:

ُ ‫ﺖ ْاﻟ َﻮ ﱠھ‬
‫ﺎب‬ َ ‫غ ﻗُﻠُﻮ َﺑﻨَﺎ َﺑ ْﻌﺪَ ِإ ْذ َھﺪَ ْﯾﺘَﻨَﺎ َوھَﺐْ ﻟَﻨَﺎ ِﻣ ْﻦ ﻟَﺪ ُ ْﻧ َﻚ َر ْﺣ َﻤﺔً ۚ◌ ِإﻧﱠ َﻚ أ َ ْﻧ‬
ْ ‫َرﺑﱠﻨَﺎ َﻻ ﺗ ُ ِﺰ‬
“(Dheweke kabeh padha ndonga): “Dhuh Gusti Pangeran kula, mugi sampun Panjenengan dadosaken manah kula sedaya
punika condhong dhumateng (tumindak) ingkang sasar, sasampunipun Panjenengan paring pitedah dhumateng kula
sadaya, lan Panjenengan paringaken dhumateng kula sadaya rahmat saking ngarsa Panjenengan, awit sejatosipun inggih
namung Panjenengan piyambak ingkang Agung peparingipun (rahmat).” (QS. Ali Imran [3]:8).

ِ ‫ِإ ْذ أ َ َوى ْاﻟ ِﻔﺘْﯿَﺔُ ِإﻟَﻰ ْاﻟ َﻜ ْﮭ‬


َ ‫ﻒ ﻓَﻘَﺎﻟُﻮا َرﺑﱠﻨَﺎ آﺗِﻨَﺎ ِﻣ ْﻦ ﻟَﺪُ ْﻧ َﻚ َر ْﺣ َﻤﺔً َو َھ ِﯿّﺊْ ﻟَﻨَﺎ ِﻣ ْﻦ أ َ ْﻣ ِﺮﻧَﺎ َر‬
‫ﺷﺪًا‬

“Dhuh pangeran kula, mugi Panjenengan paring dhumateng kula sadaya rahmat saking ngarsa Panjenengan, lan mugi
nyampurnakaken dhumateng kula sadaya pitedah ingkang jejeg wonten ing urusan kula sadaya (punika).” (QS. Ali Imran
[3]:10).
Lan taksih kathah malih donga ing Al-Qur’an ingkang boten saged kula aturaken wonten ing khutbah punika. Sumangga
kula aturi maos piyambak. Wondene donga ingkang saking As-Sunnah inggih punika, antawisipun:

(‫ )رواه اﻟﺗرﻣذى وأﺣﻣد‬. َ‫ﻋﻠَﻰ ِد ْﯾﻧِك‬ ِ ‫ب ﺛَﺑِتْ ﻗَ ْﻠ‬


َ ‫ب‬ ِ ‫ِب ْاﻟﻘُﻠُ ْو‬
َ ‫ﯾَﺎ ُﻣﻘَﻠ‬.

“Dhuh Gusti ingkang molak-malikaken manah, kekahaken manah kula dhumateng agami Panjenengan.” (HR. Tirmidzi).

(‫ )رواه ﻣﺳﻠم‬. َ‫ﻋﺗِك‬


َ ‫طﺎ‬ َ ‫ف ﻗُﻠُ ْوﺑَﻧَﺎ‬
َ ‫ﻋﻠَﻰ‬ ْ ‫ﺻ ِ ّر‬ ِ ‫ف ْاﻟﻘُﻠُ ْو‬
َ ‫ب‬ َ ‫اَﻟﱠﻠ ُﮭ ﱠم ﯾَﺎ ُﻣ‬.
َ ‫ﺻ ِ ّر‬

“Ya Allah, Dzat ingkang nyondhongaken manah, condhongaken manah-manah kula sedaya kangge tha’at dhumateng
Panjenengan.” (HR. Muslim).

(‫ )رواه ﻣﺳﻠم‬.‫َﺎف َو ْاﻟ ِﻐﻧَﻰ‬


َ ‫اَﻟَﻠ ُﮭ ﱠم إِﻧِّ ْﻲ أ َ ْﺳﺄَﻟُكَ ْاﻟ ُﮭدَى َواﻟﺗﱡﻘَﻰ َو ْاﻟﻌَﻔ‬

“Ya Allah, estunipun kula nyuwun pitedah, ketakwaan, kesucian (dipun-tebihaken saking perkawis ingkang boten
halal/boten sae), lan kacekapan.” (HR. Muslim).

Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Swt.

Makaten cara-cara kita kangge jagi amrih iman kita saged istiqamah. Mugi-mugi Allah Swt. tansah jagi keimanan kita
sedaya ngantos benjang pejah tetep bekta iman. Amin x3.

‫ﻲ َوﻣِ ْﻧ ُﻛ ْم ﺗِﻼَ َوﺗَﮫُ إِﻧﱠﮫ ُ ھ َُو ْاﻟﺳﱠﻣِ ْﯾ ُﻊ ْاﻟﻌَ ِﻠ ْﯾ ُم‬


ْ ِّ‫ َوﺗَﻘَﺑﱠ َل ﻣِ ﻧ‬,‫ت َواﻟ ِذّ ْﻛ ِر ْاﻟ َﺣ ِﻛ ْﯾ ِم‬
ِ ‫ َوﻧَﻔَﻌَﻧِ ْﻲ َواِﯾﱠﺎ ُﻛ ْم ﺑِ َﻣﺎ ﻓِ ْﯾ ِﮫ ﻣِ نَ اْﻻَﯾَﺎ‬,‫آن ْاﻟﻛ َِرﯾ ِْم‬
ِ ‫ﻲ َوﻟَ ُﻛ ْم ﻓِﻰ ْاﻟﻘُ ْر‬
ْ ‫ﺎركَ ﷲُ ِﻟ‬
َ َ‫ﺑ‬.

You might also like