You are on page 1of 1

Rungokna tóks sing diwaca kancamu iki!

REKREASI MENYANG GUNUNG BROMO


Ing Jawa Timur iki akéh panggonan pariwisata. Umpamané Tanjung Kodok (Lamongan), Pantai
Popoh (Tulungagung). Telaga Sarangan (Magetan), Pasaréané Bung Karno (Blitar), Loka Muksa
patilasané pratapan Prabu Sri Aji Jayabaya (Kediri), Gunung Bromo (Lumajang), lan sapanunggalané.

Nalika prei (libur) dawa, SD Mardi Putra Surabaya nganakakė darmawisata menyang Gunung
Bromo, Esuk umun-umun bis loro wis cumepak ing ngarep sekolah. Murid-murid lan para guru sing arep
mélu rekreasi wis samapta. Ramo, Ketua Kelas papat uga ora kéri. Murid-murid lan para guru banjur
munggah bis. Ramo lungguh ngarep nomer loro saka ngarep lan cedhak cendèla. Sawisé wis lungguh
kabèh, bis banjur budhal.

Bis mlaku kira-kira 50 km wis tekan ing Pandaan, yaiku panggonan taman lan panggung Candra
Wilwatikta, sing ana sangarapé Gunung Penanggungan.Ing panggung iku sering dianakakó Sendratani
Ramayana.

Saka Pandaan. bisé ngidul terus ngliwati Candi Jawi sing katon saka dalan gedhé. Candi iku
dibangun rikala taun 1.300 Masehi, kanggo sareane Prabu Kertanegara, Saka candi iku mangulon kira kira
10 km ana lokawisata Tretés Obyek wisata iki ana sandhuwuré Gunung Welirang lan Gunung Aguna. Ing
kéně sesawangan éndah lan asri. Ing dhaérah kono ana Wana Wisata Kakek Bodho Uga ana Air Terjun
Kakék Bodho.

Metu saka wana wisata kira-kira 29 km tumokan Kebun Raya Purwodadi Kebun iki panggonan
kanggo nglestaniakó flora ing Jawa Timur Akéné taneman luwih saka 3.000 jenis Florané nengsemaké
para pamirsa ing kané uga ana Air Terjun Coban Baung

Bis rombongan terus mlaku nuju padésan Tengger ing kéné ana Pura lan Pendhopo Agung Panca
Manggala Gatra Negara, sing biasa digawé pagelaran budhaya masyarakat kono

Saka Pendhopo Agung menyang gunung Bromo dalané munggah. Wekasané rombongan rong bis
tekan panggonan kang dituju, yaiku Gunung Bromo. Gunung Bromo, Gunung Semeru, lan Gunung Balok
katon jelas Sesawangané endah banget lan ngagumaké para pirsawan. Saka kéné kita bisa ndelok
mlethèké srengéngé saka wétan, wayah ésuk.

Sawisé kateg ndelok kaéndahané sesawangan ing Gunung Bromo, rombongané Ramo ninggalaké
papan kono. Sadalan-dalan mund-murid lan para guru ora enték-enték anggoné cecaturan babagan
pariwisata Darmawisata dina iku bener-bener nyenengaké banget lan nggawa ati lega tanpa upama

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sapa wae sing plesir dina liburan iku ?

2. 2 Ramo milih panggonan lungguh ing ngendi ?

3. Papan ngendi waé sing ditekani rombongané Ramo?

4. Apa ta sing diarani sendratari Ramayana?

5. Ing ngendi dunungé Kebun Raya Purwodadi iku?

Manut panemumu, kepriyé crítané rekréasi ing Gunung Bromo iku ?

Tulisen gagasanmu crita ing ndhuwur iku sing ringkes, banjur critakna ing ngarep kelas!

You might also like