You are on page 1of 5

oooooooooooo

Tuladha Layang Ijin Ora Mlebu Sekolah

Surabaya, 8 April 2020

Katur
Bapak/ibu Guru
SMP Jalinan Adisiswa Cemerlang Surabaya

Kanthi kurmat!
Sesarengan serat punika kula wali murid saking:
Nami : Slamet Raharjo
Kelas : 8-A
Dinten : Senen
Tanggal : 8 April 2020
Nyuwunaken ijin putra kula mboten mlebet sekolah
amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatosanipun kula matur
nuwun.

Saking Wali murid

Ali Yushofa
Tuladha Layang Kanggo Kulawarga

Lamongan, 8 April 2020


Katur                                       
Pak Dhe/Bu Dhe                       
Ing Dalem Surabaya                                     

Ingkang sembah pangabekti.


Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar,
bilih bapak lan ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng.
Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu Dhe inggih
semanten ugi.

Pak Dhe lan Bu Dhe, mbenjang liburan tanggal 20 Mei


2019 liburan semester 2, kula badhe liburan dateng
dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan adhik-adhik.
Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal
kula dipunteraken dateng KBS lan Surabaya Carnival
Park.

Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan


atur kula nyuwun pangapunten

Sungkem Kula
          
Sunarsih
Tuladha Layang Kanggo Kanca

Malang, 2 Maret 2021


Kanggo Ceceku
Angel sing daktresnani
ing Surabaya

Hallo, Ce.
Ce, piye kabare sampeyan ing Surabaya? Apa kuliahe lancar?
Kapan aku bisa dolan rana? Aku lan mama ning kene sehat.

Ce, wulan ngarep papah ngejak ning Yogya, ning omahe


Emak/Oma. Terus mampir ning Candhi Prambanan lan Pantai
Parangtritis. Usahakna bisa mulih ya, Ce? Amarga arep reuni
keluwarga.

Muga-muga sampeyan bisa mantuk ya. Tak enteni layang


balesanmu. Aja suwi-suwi.

Saka adhikmu
Kelly
Kelly

You might also like