You are on page 1of 2

SEDHEKAH BUMI

Tradhisi Sedhekah Bumi minangka salah sawijining tradhisi taunan kang ditindakake
dening masyarakat jawa. Biasane dianakake saben sasi Apit.

Upacara adat tradisional sedekah bumi inggih punika salah sawijining kagiyatan ingkang
kaiket dening aturan tartamtu ingkang dilaksanakaken kanthi turun-temurun.

Tradhisi sedhekah bumi uga bisa diarani upacara ngurmati bumi. Tradisi Sedhekah Bumi
nduweni ancas, yaiku mujudake rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa ingkang sampun
paring rizki, kang ditindakake bebarengan kanthi menehi sedekah panganan utawa asil tetanen
samukawis hasil bumi, banjur ndedonga marang Gusti supaya diparingi berkah lan karaharjan
marang kabeh warga desa.

Mitose, yen ora dileksanakake, bakal nggawa bencana kanggo masyarakat. Saka taun
nganti taun upacara sedekah bumi ngalami owah-owahan lan perkembangan saka wektu
pelaksanaan, prosesi, piranti upacara lan partisipasi warga, pimpinan upacara, hiburan. Owah-
owahan sing paling dhasar yaiku tradisi sedekah bumi saiki wis dicocogake karo ajaran Islam.
Mula ing acara sedekah bumi iki ana program pengajian.

Pramila wonten ing adicara Sedhekah Bumi menika wonten adicara waosan ingkang
dipunginakaken minangka penutup wonten ing tradhisi Sedhekah Bumi. Pagelaran Wayang Kulit
mujudake adicara inti utawa adicara wajib kang kudu ditindakake ing tradhisi Sedhekah Bumi.
Wondene adicara ketoprak, campursari, dangdutan, lan sanes-sanesipun minangka selingan ing
tradhisi Sedhekah Bumi.

You might also like