You are on page 1of 85

SAMPUL

Kata PENGANTAR
daFTARB ISI
Ngadoh Goro-Goro Pandemi
Dening : Ahmad Suprianto

Ing siji dina nang tahun 2020, dina senen Aku sing
samesthine wis siyap-siyap angsal budhal sekolah nanging Aku
malah isih ngerasakne enake turu. Amarga nang masa iku gencar-
gencare wabah nular yaiku COVID-19 sing nggawe sekolah
ditutup, toko-toko ditutup, panggonan adicara rame ora beroperasi,
malah pasar sing dadi pusere perekonomian yo ditutup.

Ing jaman iku wong-wong kudu njaga jarak antar siji karo
liyane lan diwajibkake nganggo masker ngasi arep ambekan wae
angel. Susahe nang masa pandemi nggawe Aku sinau online nang
omah sing disebut Daring. Sing nggawe Aku adoh saka kanca-
kanca anyarku nang SMA.

Sakdina-dina ku ing omah trep wektu pandemi yaiku mung


tangi esuk siyap-siyap buku tulis, polpen, buka HP terus nunggu materi sing arep diajarke Guru.
Ing wiwitan Aku ngerasa seneng amarga sinau daring ora perlu nang sekolah itung-itung tak
dadekake liburan. Nanging suwe-suwe kabar jadwal mlebu sekolah durung dikabarne kapan
tanggal mlebu sekolah sing nggawe Aku dadi males karo sinau daring, masalahe Aku males
yaiku bola-bali absen pelajaran, nyateti materi sing okeh, dikongkon waca kanggo VN sing
nggawe opo sing diajarke ora mlebu nang utek. Saka kono Aku ngrasa spaneng lan ora peduli
karo opo materi sing dikirimke Guru. Butuhku namung absen terus tinggal dolanan.

Dina terus lumaku lan ana wektu sing ngendi kabar jadwal mlebu sekolah diumumke.
Aku sing ngerti iku langsung seneng ora karuan lan pengen gek ndak mlebu sekolah. Nanging
ing jadwal ana bab sing nggawe aku isih bingung yaiku sajroning kelas diwenehi 2 fase. Fase
kapisan mlebune esuk lan fase kapindo mlebune awan terus sapendak mung mlebu 2x gek aku
mbatin “Kok ngono yo”. Seminggu trep wayah mlebu wiwitan sinau ora koyo aku kira,
takkirane kaya mlebu biasa tibake ora amarga yen wis nang area sekolah kudu nuruti protokol
kesehatan, Dikongkon nggawe masker, wisuh kanggo sabun, njaga jarak, ora oleh ngomong yen
ora nggawe masker, saka iku Aku wes enek perasaan kaboten wiwit nang sekolah.

Teko ku nang sekolah esuk jam setengah pitu amarga aku kejadwal fase kapisan, nang
kelas aku petuk 3 kanca wadon sing teko sak durungku. Aku terus ngajak kenalan mbi salah siji
kanca kui!

“Hee, kenal no aku Qemal.” jere ku.

“Hee yo, aku barang yo jenengku Cerah.” jerene Cerah.

Terus awake dewe pitakonan, gek ngono Cerah ngenalne Aku mbi kanca-kancane. Ora
suwi dumadakan kanca sekelas teko siji per siji ngebeki panggon lungguh utawa bangku
sajroning kelas, akeh kanca-kanca kang durung tak kenal saenggo nggawe Aku canggung,
kedher arep omong opo kanggo Aku iso kenal kanca sakelas minimal ngerti jeneng saben kanca
sekelas.

“Duh, akeh men sing teko omong opo yo?” mbatin ku pas lagi kedher.

Sanalika Guru pasinaonan jam kapisan teka menyang kelas, Aku sing isih ngadeg
durung nemoni panggon lungguh. Aku isih kedher arep lungguh karo sapa amarga Cerah wis
lungguh sebangku mbi kancane, Aku seketikan weruh bocah kang lungguh dhewe ora mikir
dawa Aku langsung lungguh sebangku karo cah e, respon cepet Aku ngajak kenalan!

“Aku sebangku karo kowe yo, aku Qemal.” jereku.

“Yo monggo, jenengku Rama, bro santuy wae!” jerene cah e pas Aku ketoro kedher.

Awal pasinaonan jam kapisan Guru ora nerangke materi mung kenalan-kenal siji karo
liya dadi wangun partemon kapisan saka sekolah daring 3 sasi. Kapisan Guru nepungake
dheweke banjur disambung nang siswa saka urut bangku siseh kanan, ing wektu iku Aku sing
kapindo kenalan sawise Rama amarga panggon lungguh ku paling ngarep pojok kanan terus
disambung kanca-kanca liya. Aku lega nggatekake kanca kabeh lan mangerteni saben jeneng
kanca-kanca nang kelas.

Pas wektune Cerah nepungake dheweke, wong sing wis tak kenal dheweke paling
kaoisan nang kelas dibandhingake siswa lanangan liya sanalika aku gumun. Amarga nalika
dheweke ngenalake, dheweke dhuweni tutur basa sing apik, sopan, urut, lan kapenak kanggo
dirungakake, sawise dheweke sampe aku mbatin!

“Penak men lek dheweke omong!” jereku sambi raiku sing gumun.

Sawise Cerah omong ora suwi dheweke mbi Aku ora sengaja pada tatap pandang sing
marai reaksi podo-podo mesem. Pasinaonan kapisan wis rampung sawise iku jadwale ngaso 15
menit, wektu iku mung tak nggo omongan karo Rama Amarga kopsis lagi tutup. Nanging
nalika Aku pas penake omong-omongan karo Rama, Aku ora sengaja ngelirik Cerah lan sing
ora terdugane Cerah yo wis ngelirik Aku luwih dhisik sanalika dheweke langsung ucal rai. Saka
iku Aku langsung mikir apa dheweke duwe rasa nang aku sing nggawe aku ana sathitik muncul
rasa demen karo Cerah. Nanging isi h Aku usahake nahan rasa iku kanggo njaga-njaga yen Aku
kebaperan utawa ana akah saingane. Amarga Cerah mangkono ayu lan manis nalika dideleng
mosok mung Aku tak sing demen.

Sesasi saka dina iku awake dhewe kabeh wis sathitik kenal setengah kanca-kanca
sekelas kalebu Aku, ditambah awake dhewe dikongkon gawe group kelas dadi sathitik ana
komunikasi sanadyan ora ketemu nang sekolah. Nanging ana bab sing ora terduga trep bengi
bar isya wektuku pas dolanan HP, ana pesen mlebu nang HP ku nalika tak cek tibake saka
Cerah.

“Qemal, materi wau wes paham?” isi pesen saka Cerah. Wektu iku Aku kaget lan ora
nyangka dheweke kirim pesen menyang Aku.

“Wis gampang wau materine!” balesan ku


Sing wau niate arep dolanan game Aku malah kirim bales pesen karo Cerah, Ora kira
jebul luwih nyenengake kirim pesen karo pawongan apa maneh wadon sing omongane
gampang di mangerti. Awakedhewe eling wektu wis tansya wengi lan kita ngrampungake
pesenan, leren gek turu kanggo sekolah sesok. Kahanan wayah esuke ora disangka ana kabar
kang kurang apik ing endi pasinaonan daring wiwit dilaksanake maneh amarga sekolah
ngolehakake kabar ana 3 siswa nang sekolah terjangkit virus COVID-19, saka iku kapeksa
sekolah sekokah ditutup maneh lan para siswa-siswi ngudukake nglakoni PJJ.

Bab iku ngerusak kapengenku kacetuk karo Cerah nang sing endi mambengi
awakedhewe kirim bales pesen sing nggawe timbul rasa pengen kecetuk. Kabar iku nggawe
atiku ngrasa sepi maneh ora kapikir dening sapa wae akeh siswa-siswi liya kuciwa karo kabar
iku kalebu Aku karo Cerah. Menawa dipikirake PJJ iso wae dilaksanakake luwih saka sesasi,
amarga ramene kabare wong-wong kang melu terjangkit COVID-19 nang sekitar sekolah. Sing
nggawe Aku malah adoh karo Cerah saka bab iki.

Nanging saka iki awakedhewe mangerteni kudu sabar lan kalem ngadepi musibah kang
gede kaya pandemi COVID-19 mboten sah kesusu-susu yen lek mung ge kelakonan ora karuan,
sing penting keselamatane dhewe terus wong-wong sekitar. Aku mbi Cerah yo wes kirim bales
pesen lek enek wayah sing wes apik awakedhewe iso kapetuk nang sekolah meneh.

Kesimpulan : awakedhewe ora oleh njupuk tumindak kang cepet yen mung kanggo ngebaki
gegayuhan dhewe tanpa mikirake keslametan dhiri dhewe lan wong liya. awake dhewe kudu
manut aturan kang ana demi keslametan bareng ora oleh melanggare.
Kacerobohan
Dening : Amin Arif Alauddin

Wingi sore aku karo kancaku menyang kali. Rencanane aku karo kancaku arep mancing.
Aku karo kancaku gawa alat pancing dewe-dewe. Nalika perjalanan
menyang kali, kancaku ngeruhi keris ning dhuwur watu. Aku karo
kancaku sing penasaran opo kuwi, langsung marani ning kerise.
Keris kui ketoke keris emas, amarga warnane emas.
“Wih, keris min”
“Endilo” Jawabku
Aku karo kancaku langsung ngingeti keris kui. Keris iku
warnane emas ana gambaran-gambaran ing kerise. Tapi, keris kuwi
ora tak jupuk karo kancaku. Aku karo kancaku langsung menyang
kali amarga tujuane arep mancing.
Nalika mancing, kancaku ngejak aku, mengko muleh jupuk kerise, terus digawa muleh.
Tapi aku ragu, amarga ketarane keris kuwi keris sakti.
“Wisto ayo dijupuk” ajakane kancaku
“Piye yo, apa digawa menyang omahe mbah Toiman?”
“Yo ngono yo gakpapa. Karo mulih ayo dijupuk terus mampir”
“Okee”
Langit wes lekas peteng, para tani age-age mulih saka sawah. Aku karo kancaku muleh
saka kali gawa iwak setengah ember. Ora lali, sesuai rencana maeng, pas mulih jupuk keris
emas maeng, terus digawa ning omahe mbah Toiman.
Sawise teko omah, aku langsung mlayu ning kamar. Keris kui maeng tak delehne ning
njero lemari, amarga ben ora karuhan bapak lan ibu. Sawise delehne keris, aku langsung adus.
Ning njeding aku weruh ana ula ning njero bak. Ora biasane ana ula ning njeding. Aku kaget
langsung nyeluk bapakku. Nanging jarene bapakku ora ana apa-apa ning njeding. Aku yo ora
percaya, aku banjur balik ning njeding neh, tibake tenan ulane wis ilang. Nanging kok
cepetmen yo ilange.
“Loh rumasaku ning kene maeng enek ula gedi, lha kok wis ilang saiki, alah paling wis
ngaleh” batinku.
Bapakku langsung metu lan ngongkon aku nerusne lehku adus. Karo adus, ula kuwi
maeng sek terus-terusan ana ning pikiranku. Adzan maghrib wis kumandang, aku age-age
shalat amarga mengko bar maghrib arep ning omahe mbah Toiman karo kancaku mau. Sawise
maghriban, aku mara ning omahe kancaku. Kancaku wis nunggu ning ngarep omahe. Aku karo
kancaku menyang omahe mbah Toiman boncengan numpak motorku.
Nalika perjalanan menyang omahe mbah Toiman, ana ula gedhe ning tengah ratan. Aku
karo kancaku kaget, mula ula kuwi maeng gedhe lan corak sing ana ning ulane, padha kaya
corak ula sing ana ing njeding maeng. Langsung, kancaku medun saka motor, lan mindah ula
kuwi mau. Aku arep ngewangi, nanging aku wedi. Saben dalan aku mikir, kok aku nemoni ula
bola-bali, padahal jarang nemoni ula apa meneh ula sing gedhene kaya ula kuwi maeng.
Pungkasane teko ing omahe mbah Toiman. Aku karo kancaku langsung mudun saka
motor. Tibake mbah Toiman ana ing teras omah disambi ngombe kopi. Sakdurunge ngobrol,
amrih apike salaman ndisik.
“Assalamualaikum mbah, pripun kabaripun, la nggih sae?”
“Alhamdulillah le, mbah e sek diparingi sehat. Dengaren awakmu maeng mrene, ana
apa?”
“Niki mbah, kula lan rencang kula nemu keris ing watu sak derange mancing ing kali.
Coba panjenengan pirsani mbah”
Keris kuwi mau langsung tak wehne mbah Toiman. Ora lali, aku nyeritakake marang
mbah Toiman ngenani aku pacak gawa keris kuwi kerep nemuni ula. Sawise didelok, bener
tebakanku lek keris kuwi keris sakti. Tibake keris kuwi iso marekake uwong lara.
“Iki keris, keris sakti le. Keris iki iso kanggo marekake wong sing lara. Tapi aja kok salah
gunakne. Lek masalah ula kuwi, ula kuwi terah sing njaga keris iki le”
“Oalah, ngonten to mbah”
Sawise diomongi mbah Toiman lek ula kuwi penjagane keris sing tak jupuk mau, aku wis
ora kepikiran tentang ula kui mau eneh. Sawise oleh penjelasan tentang keris kui mau, aku karo
kancaku laangsung muleh.
Aku karo kancaku saben dalan ngobrol tentang keris kuwi. Koncoku jarene nduweni
rencana. Aku penasaran, tapi kancaku ora gelen ndudohi opo rencanane kui. Kerise tak kon
gawa kancaku. Aku langsung muleh nyang omah. Teko omah aku langsung turu.
Jagone wis kluruk, srengenge wis nembus ana jendela kamarku, aku tangi langsung nyang
njeding wudhu,raup terus subuhan. Bapakku ngomongi aku yen Toni utaawa kancaku sing karo
aku nemu pusaka kui mau bukak praktek. Langsung kaget aku. Aku lagek sadar yen rencana
sing diomongi mau bengi, bukak praktek kuwi. Aku langsung adus, gek menyang omahe
kancaku kuwi maeng.
Nalika teko omahe kancaku, lakok tenan, kancaku kuwi maeng bukak praktek. Praktek e
dijenengi “Langsung Mari”, antarane ngguyu karo wedi, amarga jarene mbah Toiman ora oleh
disalahgunakne. Tangga-tanggaku sing nduweni lara, langsung mara nyang omahe kancaku
kuwi. Nalika keris didelehne ing sirahe wong sing lara kui maeng, langsung mari mumete.
Kabeh wong sing ana ning kono kaget.
“Loh kok iso?” salah sijine wong sing ana ing kono kaget
Aku sing wis eruh lek keris kui iso nambani wong lara meneng ae.
Nalika arep nambani wong kaloro, ula gedhi sing tak temuni mambengi metu. Wong sing
ana ing njero omahe kancaku kui mau langsung kaget. Kabeh padha metu saka omah kuwi. Ula
kuwi mau ngelilit awak e kancaku. Aku arep nulungi tapi ora iso. Bapak ibune nangis, ngetne
anake dililit ula gedhe kui. Awake kancaku biru, kaya wis ora nduweni nyawa. Nalika ulane
ngasi ngelilit, bapake kancaku langsung nyandak anake sing ora nduweni nyawa. Ibune
semaput, wong sing ning kono padha wedi. Kancaku sing sak bendinane dolan, mancing, ngopi
karo aku wis ora nduweni nyawa, akibat kecerobohane lan nyalah gunakne kekuasaane.
Dadi pungkasane ana ing cerita iki yaiku, nalika awak e dewe nduweni kelebihan sing ora
diduweni wong liyo, aja ngasi disalahgunakne. Penyalah gunaan kekuasaan kuwi, nyebabake
kacerobohan sing merugikan kanggo awak e dewe lan wong sing cedak karo awak e dewe.
KERJA BAKTI MINGGU
Dening: Arga Enggar

Sabtu sore aku lan bapak lagi lungguh santai karo cerito
neng ngarep omah,banjur ono tamu ngucap salam
"Assalamualaikum,kulonuwun",suarane pak RT
"Woooo......pak RT,wonten nopo pak" jawab pakku
Dadi sore iki mau pak RT mubeng marang omahe warga
sekitar mbagekne surat undangan kerja bakti sing arep
dilaksanakake Minggu isuk jam 7
Aku langsung muni nyang bapak " Aku sesuk nderek kerja bakti ya pak"
"iyo...gak opo-opo karo belajar srawung karo tonggo-tonggo" jare bapkku
Sesuk e isuk aku wes semangat tangi isuk , gek aku sarapan disek mergo wedi ora kuat melu
kerja bakti bareng warga sekitar
Aku lan bapakku budal kerja bakti gowo arit lan pacol ono ing mburi kandang
"iki arit e lee gowonen,bapak tak gowo pacul " munine bapak
"oke pak " jawabku marang bapak
Banjur aku lan bapak langsung budal nyang lapangan kumpol karo warga sing wes teko lueh
awal nek kono wes enek pak RT,pak Ajis lan pak mugik
Ogak suwe , warga liane uga teko lengkap gowo peralatan sing di butuhne.
Aku lan bapak ugi ditugasi ngresik i suket kang ono ing tugu selamat datang, sementara warga
liane ono ono sing ngresik i selokan,mindah i material pasir lan bakar-bakar sampah.
Acara kerja bakti sosial iki maeng dadi acara sing dianakne rutin setiap bulan.
Aku mesti melu bapak kerja bakti karo belajar srawung karo tonggo sekitar.
Aku ngroso acara kerja bakti iki kegiatan kang becik dienekne rutin saben wulan supoyo deso
kang di panggon i katon resik lan sehat .
Mina foto
Rindu Nalika Lagi Susah
Dening : Azizah Aminatus Sa’diyah

Kenangan sing nggandul sajroning pikiranku saben wektu sepi


nyedaki wayah rina wengi. Aku ndeleng album poto sing wis lawas
ing njero lemari sing wis rapuh karo jamane. Sedhela elingku bali
menyang lelakon 10 taun kepungkur sing tansah tak kangeni. Aku
ora tau duwe niatan arep nglalekake kedadean iku. Ing wektu iku
uripku kebak bab-bab sing nyenengake. Ngguyu banter koyo ora ana
beban urip sing dak lakoni.
Pranyoto namung dolanan sing ana ning njero pikiranku. Lan
mbok menowo, amung sewates mimpi yen aku mikirake kanggo
mbalek ning masa-masa mbiyen kae. Yen kelingan, nyatane
nyenengake banget jaman cilikanku.
Ananging, saiki aku wis gedhe, urip sing dak lakoni wis bedo adoh. Kebiasaan-kebiasaan
sing mbiyen kerep dak lakoni wis ke ganti karo arus teknologi lan komunikasi sing cepet.
Manungsa siji baka siji ora perduli marang lingkungan sosiale, kabeh wis padha marem dening
kecanggihan jaman. Opo maneh virus corona ing negara iki gawe kegiatan ing sekitar maleh
kebates. Sedhih tenan yen wis diwasa, pikirane tambah abot, buyar ing kabeh arah. Durung
urusan sekolah, kanca nganti kulawarga.
Aku kangen wektu nalika aku bisa ngguyu kanthi bebas, tanpo beban. Kangen wektu aku
bisa dolanan sak senenge ati. Aku kangen nalika aku ora ngerti tembung privasi, kangen jamane
ora kenal gengsi. Kangen wektu main sing wis dadi rutinitasku. Ya, aku kangen tenan...
Ananging jaman cilikanku iku nyenengake, ora ana sedino wae sing di isi tanpo ngguyu.
Kasenengan minangka bocah iku prasaja. Inggih, prasaja punika prasaja banget.
Dino wis tak liwati, koyo remaja liyane sing nglampahi paling wektu kanggo seneng-
seneng karo kanca-kanca. Kadhangkala uga kanggo mikir kanthi serius babagan masa depan.
Akeh rencana ayu sing sengojo dak tata rapi ing kertas putih kanggo nyiapake perjalanan urip.
Wawasan urip ing mangsa ngarep pancen nggumunake. Senajan aku ngerti yen ora kabeh sing
dak karepake bakal kelakon. Ora ana dina tanpo ngimpi sing banjur cepet kelakon. Bosen yen
uripku terus koyo ngene. Werna abu-abu bisa ngrampas kabeh sing dak karepake. Rasane koyo
ngaboti beban sing luar biasa abot lan ora telas. Ing ngendi aku kudu golek wangsulan babagan
kedadeyan sing saiki dak alami. “Opo ana wong sing pengin nulungi kabeh masalah iki?” Oh
opo pangarepan arep muspra. Pancen ora ana gunane.
Aku nyoba meneng sajroning sepi sing teko ning wayah sore. Ngubur sejuta kangen sing
nglarani banget. Dina-dinaku kebak rasa ngenteni, kapan penggantiku bakal ngganteni sejuta
cerito sing wis lekas ilang. Pranyata yen diwasa iku ora seindah sing dak bayangake.
Dadi pungkasane ana ing cerita iki yaiku, yen urip ing donya iki ora langgeng cepet-cepet
wong bakal bali marang Panjenengane. Mula saben detik urip sing aji banget iki kudu
dimanfaatake kanthi sae kanggo kabecikan awake dhewe lan wong liyo. Mungkin muni apik
kanggo urip tanpa pangarep-arep. Nanging, kanggo aku sakdurunge, ora duwe beban kasebut,
sejatine dadi beban.
~ CUTHEL ~
Gelo
Dening : Dwi Permana

I
ng jaman SMP.........
Aku Rizal,aku nduweni konco kang jenenge
Lisa.Wiwitane aku kenal Lisa iku amergo cetuk Ono
parkiran sekolahan atiku katon dredek amergo ngerti
esem ane sing Katon manis .lisa iku bocah e putih manis
duwur lan ayu praupane pituture Katon sopan.Wise
perkenalan iku aku Wiwit duweni roso tresno marang si
Lisa naging aku bingung piye carane ngungkapake Kabeh rasa kasebut. Pas Ono acara nek
sekolahan tanpo sengojo aku ketemu maneh ambi bocah e.tibak ne bocah e iku ketua OSIS nek
sekolahan ku .banjur aku golek coro ampreh Ben iso omong-omongan.Teko awal kasebut aku
karo bocah e luweh sering ketemu amergo aku ngikuti kegiatan nek sekolahan ku sing jeneng e
OSIS.aku karo Lisa luweh cedak. enek siji wektu anggonku ngungkapake roso tresno ku
marang Lisa nagging Lisa iku durung ser jalani hubungan amergo pengen fokus menyang
sekolah e. Roso tresno ku ora mandek tekan sakmene aku banjur ngenteni Lisa Sampek bocah
e gelem ambi aku naging anggonku ngenteni Lisa ora Ono kepastian bocah e malah ilang tanpo
sebab .ora sengojo aku cetuk bocah e ana ing lorong sekolahan aku banjur nakoni naging bocah
e meneng wae....wiwitane muleh sekolah bocah e ngampiri aku Ono ing parkiran banjur ngejak
ngaleh mergo bocah e pengen omong penting marang aku.... Kadadean iku Bocah e jujur Lan
jelasne Kabeh perkoro ngopo bocah e iku ngaleh soko aku tibak ne bocah e duwe hubungan
ambek kancaku sing jeneng e Dio atiku katon kecewa amergo ora nyongko wae bocah sing tak
tunggu-tunggu malah dadi Karo kancaku. Aku Ming iso ndongo mugo-mugo bocah e langgeng
ambi Dio sak Wise kedadean iku aku mulai fokus menyang cita-cita Lan luweh males wae Yen
ngurusi babakan Tresno sing akhire garai gelo.
Agustusan
Dening : Ela Hasnaul Janah

Nalika wulan agustus aku lan dita melu lomba ing lapangan. Aku lan dita melu beberapa
lomba, diantarane yaiku lomba mangan kerupuk, balap
karung, balap kelereng, lan nyunggi tampah. Banjur
koncoku ana sing teka melu lomba jenenge Alfi. Lomba
Agustusan tahun iki luwih seru dibanding tahun wingi
amarga covid. Lomba wes sampe aku karo alfi lan dita
mulih. Agustusan e seru pol aku berharap semoga tahun
ngarep luwih seru maneh.
Banjur teka ngomah alfi karo dita tak ajak mampir
ing omahku. Aku ngajak alfi karo dita gae sego goreng. Nalika wayah arep mateng enek
suara,saka nduwur genteng, aku alfi lan dita kaget "opo Al suarane kui”. Alfi yo ora eruh banjur
aku karo dita keweden amarga nalika bedug. Sawise iku alfi metu ndelok tibakno enek kucing
ing nduwur genteng, banjur podo ngguyu. Dita “ tak kiro opo bakno kucing”.
Sawise kui banjur tak lanjutno mangan sego goreng. Dita “wah aku pengen es”. Alfi
“yowes ayo tuku ning toko ngarep kono”. Banjur cah loro kui tuku es, aku ngenteni ning omah.
Nalika ning dalan alfi karo dita cetukan kirek. Alfi karo dita langsung mlayu mulih cepet.
Sawise kui cah 3 ngombe es bareng lan bengine janjian arep ndelok lomba volly ing lapangan.
Banjur aku adus lan sholat. Sawise sholat banjur maem. Nunggu jam 8 aku dolanan game disik
karo ngenteni Alfi lan dita marani ing omah tapi ora let sui udan e teka. Alfi karo dita ora iso
nyang mahku. Banjur aku whatsapp koncoku jarene volly ne diundur sesuk. Sawise kui aku
nelfon alfi karo dita lek ora sido ndelok volly amarga udan gek lombane diundur sesuk.
Banjur aku lanjut turu. Isuk e alfi nelfon amarga ora iso melu ndelok volly amarga lara
masuk angin. Banjur aku karo dita nyang omahe alfi ngendangi. Sawise ngendangi alfi aku lan
dita mulih, lanjut aku ngeterno dita ing omah e. Nalika wes jam 8 bengi aku telfon dita amarga
wes semayan delok volly tapi wonge malah ora iso amarga males metu. “Mulane sesok maneh
lek nduwe janji iku ditepati ben aku iso ngajak koncoku liyane”, ujarku.
Dadi pungkasane saka cerita kasebut yaiku, mending luwih becik nyoba ora janji
tinimbang nyoba menehi alesan kanggo janji sing ora ditepati.
-CUTHEL-
COVID-19
Dening: Erlin Nisantiya

Ana lan Sinta lagi ngobrol-ngobrol ning kelas masalah Negara Indonesia kenekan wabah
pandemi Covid-19.
Ana : “Sinta awakmu ngerti gak berita ning TV Negara
Indonesia kenek wabah pandemi Covid-19?”
Sinta : “Iyo Ana aku ngerti…beritane wis akeh disiarne
ning TV lan surat kabar.”
Ana : “Adewe ora oleh mlebu sekolah podo daring pas
awal-awal enek pandemi covid-19. Saiki oleh mlebu
sekolah tapi ora oleh kabeh kon separo-separo mlebune.”
Sinta : “Iyo Ana…adewe mlebune pada ora kabeh, soale kahanan koyo ngene iki…pemerintah
podo ngekek’i peraturan koyo ngono.”
Ana lan Sinta sik asyik bahas masalah covid-19 soale mesakne akeh pedagang dodolane akeh
sing sepi lan didol lewat online.
Ana : ”Mesakne akeh karyawan sing podo di PHK goro-goro pandemi. Gek pemerintah
nganjurke matuhi protokol kesehatan yaiku 3M.”
Sinta : ”Iyo Ana, kon gawe masker, cuci tangan, lan jogo jarak.”
Ana : ”Gek kabeh dalanan mlebu desa sementara bakale ditutup, amargi adewe kudu podo
waspodo, lan ojo metu ko omah disek tanpo alesan sing penting.”
Sinta : “Iyo Ana bener banget…adewe metu ko omah kudu gawe masker amargi gae jogo awak
e dewe supaya ora kenekan virus covid-19.”
Ana cerita lek akeh wong podo olahraga ing omah amargi gawe jogo kesehatan. Soale
gawe jogo kesehatane dewe-dewe.
Sinta : “Jaman pandemi koyo ngene, awak e dewe ora iso bebas mlaku-mlaku utawa olahraga
koyo mbien nanging kesehatan perlu tetep di jogo.
Ana : “Iyo Sin…gek akeh wong-wong podo males metu, podo tuku panganan lan minuman
lewat gofood utawa gawe dewe sing viral ning media sosial.”
Sinta : “Iyo aku tuku lewat gofood soale yo males metu ko omah, kadang-kadang aku yo gawe
panganan lewat media sosial.”
Ana : “ Pemerintah saiki nindakake kanthi serius kanggo ngatasi pandemi covid-19, gek
vaksinasi minangka salah sijine upaya Pemerintah kanggo ngatasi masalah covid-19. “
Sinta : “Iyo bener akhire Pemerintah gawe target supaya bisa nindakake vaksinasi kanggo
kabeh masyarakat Indonesia lan tujuane nggawe sistem kekebalan awak supaya masyarakat
luwih produktif nindakake aktivitas saben dinane.”
Ana : “Terus gejala awal sing kena virus kuwi opo wae lo sin?
Sinta : “Umume wong sing kena virus iki bakal ngalami gejala sing entheng yaiku: demam,
batuk, sakit tenggorokan ngono kuwi.”
Ana : “Ohh iyo ojo lali ngombe vitamin ben tubuh adewe tetep terjaga ben gak kenek virus
covid-19.”
Bel tanda masuk kelas wis mulai Ana lan Sinta lungguh neng kursi ne dewe-dewe.
Soale wis arep mulai pelajaran, masalah pandemi covid-19 iku masalah seng serius neng
Negara Indonesia soale akeh wis podo kenekan virus covid-19. Makane adewe kudu jogo
kesehatan ne dewe-dewe ben tubuh e adewe tetep sehat. Ojo lali patuhi protokol kesehatan sing
wis ditetepne pemerintah yaiku 3M yaiku gawe masker, cuci tangan, lan jogo jarak.
Ora Sido Adoh Karo Dek e
Denning : Fernando Dwi Marno Saputro

Ing dino rebo aku lan koncoku sing jenenge dela ndue kekarepan daftar ing smk
slahung,ing dino rebo kui aku lan koncoku iku budal menyang smk daftar,sak uwis e aku banjur
mulih,ing sejene dino oleh kabar teko hp yen aku ora kelebu aku banjur gelo,ananging yowis
kepiye meneh aku dasar bocah ndablek nilai ne mesti elek.

Aku ra penak ati banjur wa dela "iki piye dek aku ora ketompo"banjur dela balesi "lha
piye lo mas sing sabar,enek sekolah sing cedak yen budal iso bareng" banjur tak bales "ngendi
dek terno sesok ya?" banjur dibales "iya mas" seko kabar dela aku ngroso lego isek iso cedak
lan enek barengan kro koncoku iku.

Ing dino jum'at aku menyang omah e koncoku iku arep menyang sekolah kui.jam
setengah 8 aku budal numpak motor,neng dalan iku aku ngroso ra penak nek ora ditompo piye
adoh karo koncoku iku.sak uwis e tekan sekolahan aku mudun lan mlebu menyang ruangan.
Sak uwis e tekan ruangan aku dino ngisi formulir.

Sak uwis e ngisi formulir ak langsung dikon menyang koperasi sekolah njupuk sragam
atiku banjur seneng mergo ira adoh karo koncoku,sak uwis e njupok sragam aku mulih neng
dalan banjur bungah ora koyo budal mau. Banjur terus ngopi menyang warung.
PISAH KANGGO KETEMU
Dening : Fika Nur Hudatul Muna

Manuk-manuk wiwit ngoceh-oceh kanggo


nyemangati dinaku.Srengenge wiwit katon
mancarake sinare isin. Sorot-sorot sorotan sumorot
liwat cendhela kamarku, aku tangi saka impenku
sing manis.Angin sing sumilir alon-alon gawe aku
krasa adhem esuk.
Aku bungah banget tangi saka amben, miwiti
aktivitas dina. Aku siap-siap mangkat sekolah.
Pirang-pirang jam sakwise kuwi aku tekan sekolahan ku, wis meh 3 taun aku mlebu SMA
iki.Jujur aku durung siap metu saka SMA iki.
Nanging perpisahan saiki angel banget kanggo kita lewati, 3 taun awak dewe berjuang
bebarengan ing panggonan iki. Akeh crita seneng sing ora bakal dilalekake lan akeh crita sedih
sing wis kita lewati bebarengan, ora sethithik kita sing nangis amarga kelingan perjuangan sing
wis kita lakoni bebarengan nganti saiki.
Awekdwewe mung iso pasrah sungkawa karo kahanan lan ngarep-arep sesuk bisa kumpul
guyon bareng maneh.
nalika perpisahan mung ngetung dina.Sawetara kita .wis nggawe pilihan kanggo nerusake
pendidikan.
Anang ing ora sekedhik ingkang mboten mangertos dhateng pundi, bel bali wis muni, aku buru-
buru budal menyang parkiran njupuk motor lan mulih.
Ananging nalika mulih, salah sijine kancaku ngalami kacelakan sing cukup parah,
dheweke ditabrak lan mburine dening pengendara motor liyane sing mlaku rada banter. aku
langsung marani kancaku " sek yo sabar sek aku tak ngolek bantuan" sawetara menit
ana sing nulungi aku lan kancaku , kancaku langsung digawa menyang rumah sakit paling
cedhak saka lokasi kecelakaan. sawise kedadeyan wingi
aku dolan menyang rumah sakit kanggo ndeleng kahanane kancaku.
Aku : "piye kabare, wis awakmu krasa apik?"
Kancaku: " Alhamdulillah uis "
Aku: " Mugo-mugo lekas mari ben iso lulus bareng- bareng "
Kancaku: "Aamin matur nuwun yaa"
Aku : " iyooo aku pamit yoo"
Alhamdulillah pirang dina sakwise kedanen kasebut kancaku wis mari lan wis sekolah kaya
biasane.

Wayahe sing ditunggu-tunggu wis teka.Rasa sedhih campur sedhih nggantheng pikiran. Kita
seneng amarga ora suwe kita bakal lulus saka sekolah nanging kita uga rumangsa sedhih amarga kudu
lunga lan pisah karo kanca-kanca sing wis pirang-pirang taun bebarengan.

"Sanadyan kebersamaan iki dumadi saka ruang pemisah, ayo crita kita dadi crita klasik ing mangsa
ngarep sing ora bakal ilang dening wektu lan ora bakal luntur karo umur.Sajrone sekolah iki, iki wis
nggawe aku dadi karakter sing luwih apik tinimbang sadurunge. Mekaten ugi awit saking Bapak/Ibu
guru ingkang tansah paring tuntunan saha paring pitedah dhateng kula ingkang leres saha klentu tanpa
panjenenganipun kula punika boten sanes."

"eling neng ngendi ana pertemuan mesti ana perpisahan raih cita-citamu lan ojo nyerah senajan
kesel merga Bung Karno biyen ngendika tekan kayangan yen tiba bakal tiba ning lintang"
Puadddddddddddddddddddddddddddd
GAGAGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGGG
Ojo Curang
Dening : GhezaMoret Nitimanta Purwito

Ujian yaiku sawijining wigeh sing


paling medenake bocah-bocah ing
sekolah. Kamangka,ujian iku tahap
pengujiian apa adewe wes mahami
materi apa during. Saka kui salah
saumpama adewe ngartekake yaiku
hal sing medeni.
Aku jagongan karo mangan jajan karo
ridho,koncoku ing sekolahan.
“Iyo kowe si penak dho kowe pie pinter,lha aku pie?” omongku menyang Ridho.
“Kowe yo pinter kok” sawute Ridho.
“Sumpah aku wuuuuedi puuuol” omongku.
“Wes rapopo ayo muleh wae selak udan,mengko tak warai sinau ning omahmu” jawabe
Ridho.
Wayah esuk bocah-bocah dikumpulake ing lapangan knggo ngrungokake arahan saka
kepala sekolah. Ing wayah pak kepala sekoah ngomong tentang tata carane ujian,aku lan Ridho
jagongan tentang strategi nggarap ujian sesok.
“Dho kepriye lek awak dewe sesok nggawe krepekan?” omongku menyang Ridho.
“Heh karepe dewe!. Ora oleh curang ngono kuwi,ora marai pinter lan konsekuensine
gedi. Mengko lek weruh pengawas piye jale” omonge ridho.
Aku langsung meneng weruh kalimate Ridho sing diomongke maran aku. Masio ngono
tapi aku tetep kekeh kepengen ngrepek pas ujian sesok.
Wengine aku langsung nyiapake krepekanku sinambi sinau sitik-sitik tentang bab sing
diwulangake sesok.
Sesok e aku budhal sekolah karo nggowo krepekan ujian sing taak wehne ing sak
klambiku.
Ujian dilekasi,aku sing wis pd ujianku bakal lancer amarga kertas krepekan sing tak
gawa sanalika langsung panik lan wedi amaga kertas krepekanku malah ilang, ora ana ing sak
klambiku. Bar kuwi aku njajal lekas pd nggarap soal tanpa kertas krepekanku. Ora disangka-
sangka pas wayah rapotan nilaiku malah apik tanpa kertas krepekan sing tak gadang-gadang
dadi penyelamatku nalika ujian.
Saka kedadean iki ana pelajaran sing bisa tak pelajari yaiku yen wong kuwi gelem pd marang
awake dewe lan ora ngandalake hal sing curang contone nurun utowo ngrepek,wong kuwi
panggah iso berhasil marang tujuane,ora peduli angel utowo penak halangane yen wong kuwi
gelem usaha mesti hasil e bakal apik.
Utusan Saka Segara
Dening : Hermalia Putri Aji

Sawijining dina, ing samodra biru sing amba, urip


maneka warna pendhudhuk segara. Ana macem-
macem iwak, macem-macem yuyu, udang, cumi lan
uga penyu cilik jenenge Karu. Karu ijo karo
cangkang sing nempel ing awak. Cangkang banget
atos lan abot. Mula dheweke mlaku alon-alon ing
dharatan amarga kudu nggawa cangkange. Nanging,
Karu unik nglangi kanthi cepet ing samodra.

Nganti ing sawijining sore ing tengah segara, sawetara warga laut padha kumpul. Ana macem-
macem iwak, ana sing abang, biru, kuning lan warna-warna ayu liyane. Ojo kantun ibu gurita
sing lengen wolu, lan Pak Udang sing bokonge kumis dawa. Raine katon serius nalika
ngrembug bab meniko.

“Kepriye segara lan dharatan kita sansaya rusak amarga kagiyatan manungsa,” sauté ibu gurita
kanthi nada jengkel.

“Bener! Manungsa seneng gawe sampah sembarangan. Akhire merga kelakuane, penyu dadi
korban, irunge ana sedotan sing mampet,” ujare Pak Udang.

“Ya, manungsa kudu tanggung jawab marang sampah lan karusakan alam sing digawe. Nek
ngono terus, mbok laut nesu-nesu,” kandhane iwak sing bisa prediksi tsunami.

“Kita kudu ngelingake manungsa supaya ora sampah maneh! Nanging carane ? Apa ana
makhluk ing antarane kita sing bisa urip ing dharatan utawa ing segara?” pitakone ibu cumi-
cumi kanthi jenggot.

Mripate wong segara sing lagi rembugan ujug-ujug malik marang wong laut loro liyane,
Kepiting lan Karu.

"Dudu aku! Aku wedi dadi yuyu saos tiram,” wangsulane yuyu kanthi cepet.
Tegese ora ana pilihan liyane. Karu kudu gelem nindakake tugas sing angel iki. Dheweke kudu
menyang daratan kanggo ketemu salah siji manungsa kanggo ngelingake dheweke kanggo
njaga alam. Karu budhal menyang dharatan, sadurunge Karu wis dilengkapi karo kekuwatan
dewa segara supaya bisa ngomong karo manungsa sing nduweni ati sing apik lan wani.

Jarake limang atus meter saka garis pantai Kuta. Karu meh nyerah kanggo ngelingake
manungsa supaya ora mbuwang sampah. Amarga wis ana ing pikirane Karu kepriye yen dicekel
manungsa lan didol. Nanging Karu kelingan karo kancane kura-kura Kosta Rika sing dadi
korban sampah jerami. Karu mikir maneh yen ora ngeling-eling wong-wong bab bebaya
mbucal sampah laut. Bisa uga pendhudhuk segara, darat, manungsa, lan kalebu awake dhewe
bakal dadi korban bebendune segara. Tekan pinggir pantai Kuta. Karu mlaku alon-alon, amarga
awake cilik, ora akeh manungsa sing nggatekake. Banjur Karu weruh bocah cilik karo
kulawargane dolanan ing pantai.

Ingkang narik kawigatosanipun Karu dhateng lare menika amargi piyambakipun ngumpulaken
sampah wonten ing pantai kaliyan adhine. Akhire Karu mutusake lan percaya bocah iki bisa
nulungi dheweke. Karu nyedhaki bocah iki. Amarga seneng ndeleng Karu sing cilik lan imut,
Putu digawa mulih kanggo dirumat.

Karu pungkasane urip karo Putu meh 1,5 taun. Nganti ing sawijining esuk nalika tangi turu,
digugah dening sunare srengenge sing saya panas lan panas. Esuk kuwi krasa wis awan,
“Watuk – watuk” bocah mau watuk amarga bledug sing digawa angin garing saka jendela
kamar turu, jendela kamar sing ana ing sisih tengen ambene. Mangsa rendheng wis liwat,
sawise banjir melanda kutha panggonane bocah, saiki kahanan garing lan kurang banyu, ora
bosen karo bencana cilik sing terus melanda kutha iki.

Sanadyan mangkono, Putu tetep semangat anggone sekolah. Sawise sekolah. Putu entuk tugas
saka gurune kanggo nulis karangan. Karu janji meneng yen dheweke bakal nulungi Putu nulis
karangan babagan ekosistem laut sing rusak.Kanggo narik kawigatene Putu, Karu mangan
plastik sing ana ing lantai.

“Eh, kok mangan plastik?” pitakone Putu sinambi nyopot plastik saka cangkeme Karu.
“Plastik kaya mangkene akeh ing segara,” wangsulane Karu.

“Lan kita warga segara mikir plastik minangka panganan sing enak.” Karu nerusake tembunge.

Putu kaget banget!

“Y-y-sampeyan bisa ngomong?” pitakone Putu gagap.

“Aja wedi Put. Kenalake jenengku Karu,” wangsulane Karu sing nyoba nentremake gugup Putu
lan nerangake tujuane Karu.

“Aku teka mrene sengaja mangan plastik kuwi amarga aku pengin ngelingake kowe lan
manungsa liyane yen suket ing segara wis diganti sampah plastik saka kowe,” Karu nyoba
njelasake kanthi nada serius.

“Ekosistem laut wis rusak. Kuwi uga kudu ana pengaruhe marang kowé.” Back Karu
ditambahake.

Putu meneng lan mikir, ora ana tembung sing metu saka cangkeme bocah manungsa iki, kaya-
kaya ora percaya apa sing dideleng lan dirungokake.

“Coba rungokna putu”. Karu Lagi nerangake. Swarane tangise bayi tanggane sing mbudheg,
bayi sing krasa panas terus nangis merinding adem sing nyebul ing awak, ibune ngipasi bayi
kanthi semangat lan tresno. Nanging tetep wae tangane ibu sing nyekel kipas angin wis ora
kuwat ngimbangi hawa panase kutha panggonanmu, Putu.

Sing kedadeyan amarga gangguan saka proses mbentuk udan. Sampah sampeyan ing segara
ngalangi srengenge supaya ora nyerep banyu dadi angel dibentuk awan mendhung.

Bencana kekeringan bakal kelakon ing kutha iki. Kutha iki bakal ngalami polusi udara lan bakal
saya tambah akeh amarga asap beracun saka kendaraan industri lan pabrik. Wong ngalami
sesak ambegan, asma, nganti penyakit jantung utawa paru-paru kronis. Paceklik ora mung ana
ing segara utawa kutha. Nanging uga desa, petani ngalami gagal panen.

“Banjur aku bisa apa?” pitakone Putu nglereni katrangane Karu.

"Liwat tugas esai sampeyan babagan owah-owahan iklim!,"

"Kok ngene!,"
“Ayo bareng-bareng!,” kandhane Karu banter.

Putu pungkasane ditulungi Karu kanggo nindakake tugase. Nalika nggarap tugas owah-owahan
iklim, Putu dadi prihatin banget babagan data sing dituduhake dening Karu. Pungkasan, tugas
karangan rampung kanthi judhul 'Segara Sehat, Bumi Sehat'.

Esuke, ing sekolah Putu maca karangan kanthi banter.

“Kahanan laut kita lara! lara merga kita sing seneng mbuwang sampah menyang segara. Akeh
kewan segara mati saka plastik sing kita mbuwang sembarang! Kita ngrusak siklus banyu
segara! Yen kita ora mungkasi kebiasaan ala iki, bencana alam bisa kedadeyan kapan wae!”
seru Putu bungah. Putu entuk keplok saka kanca-kancane. Karangane dadi misuwur lan
ndadekake akeh masyarakat ing kuthane sadar supaya ora mbuwang sampah plastik menyang
segara. Kajaba iku, Putu duwe kesempatan kanggo makili Konferensi Pemuda ing Perserikatan
Bangsa-Bangsa minangka pemuda sing ngomong babagan owah-owahan iklim. Gerakane Putu
tambah akeh kanthi hashtag #PutuDariLaut.

Gerakan iki menehi inspirasi kanggo para mudha kanggo tumindak lan nggawe kabijakan
kanggo nyegah owah-owahan iklim. Kaya kawicaksanan mbusak sedotan plastik dadi pring
utawa wesi. Macem-macem riset sumber energi anyar, lan tumindak saben dina Kemis ing
ngarep Amarga tugase wis rampung, Putu ngeculke Karu bali menyang segara, lan nalika tekan
ing samodra Karu kanthi antusias crita karo Putu marang warga segara liyane.gedhong
perwakilan rakyat lan liya-liyane. Lan wiwit iku, ora akeh sampah plastik sing dibuwang
menyang segara.
TRESNO
Dening : Khoirul Mustofa

Aku Mustofa , aku nduweni konco kang


Jenenge Tian. Tian iku koncoku sak kelas Ing
SMAN 1 NUSANTARA. Pertama aku kenal
Tian Songko koncoku,Dewek e ngenalne aku
marang Tian. Dadi Tian iku bocahe ayu lan
sifat e apik,Pituture Katon apik Alus marang
Kabeh kancane.

Sak wise kenal iku aku mulai penasaran marang bocahe. Nanging aku binggung piye carane
nyedeki Tian iku.
Sak wise kedadean kasebut ana tugas ngae kelompok Soko Bu guru,tanpo sengojo aku
ketemu maneh Karo dhewek e ing kelompok. Kabeneran dhewek naliko iku ngolek kelompok
banjur seng Jenenge Tian iku chat aku ngejak ngae kelompok. Soko kwi aku ugo biso cedek
Karo dhewek e. Ing kelompok iku ana 5 bocah aku,Tian lan 3 liane. Sak wise iku adewe ngarap
tugas bareng. Naliko iku amerga tugas iku aku lan Tian maleh kerep omong-omong an mbahas
tugas iku. Sak wise iku aku mulai ana rasa tresno marang Tian amarga cah e menak an lan bedo
ae. Nanging roso tresno kwi ora biso aku ungkapne, amerga dhewek e uwes nduweni Konco
cedek tibake. Atiku rasane ora karuan naliko eruh Kuwi amarga tresnoku uwes gedi marang
dhewek e. Tresno ku ora mandek tekan sakmene. Seminggu sak wis e kedadean kasebut Tian
lan Konco cedek e enek masalah lan hubungane pedot. Naliko iku aku lan Tian ijek mbahas
tugas ing chat ,banjure iku Tian malah cerita tentang hubungane dhewek e karo koncone cedek
iku Yen cah e Kuwi uwes bedo ora koyo ndimik lan enek masalah liane. Banjur tanpo sengojo
Tian iku cerito-cerito luweh akeh aku namung iso ngekeki semangat. Seminggu sak wis e
kedadean iku Dhewek e ro Konco cedek e iku pedot hubungane. Soko iku aku mulai ana
semangat nyedek i Tian iku lan ketok e dhewek e enek roso karo aku. Naliko iku atiku rasane
ora karuan amaerga binggung piye carane ngungkapne roso tresno ku marang dhewek e,lan ana
waktu naliko iku aku ngungkapne roso tresno ku marang Tian iku. Sak wis e iku aku ora
nyongko bocah e gelem Karo aku atiku rasane seneng ora biso di bayangke lan hubunganku
Karo Tian iku kedadean Sampek sak Iki.
Aku dungo marang Gusti , mugo aku lan dhewek e bisa dadi siji lan biso nyatu sak lawase.
Liburan Sing Wes Dak Enteni
Dening : Melandre Rifki Sunarto

Preian SekolahOra kroso minggu ngarep wes


preian sekolah sing suwene ono seminggu, aku lan
keluargaku duweni rencana bakal dolan menyang
griyone kakungku kang ono ing deso tandan sari.
Desone kakungku terkenal ijek asri, kaline bening, lan
sawah-sawahe katon ijo royo-royo. Perjalanan teko
omahku menyang omae kakungku butuh wektu 4
jam.Mari sholat subuh aku wes semangat adus lan
nyiapne klambi ganti selama liburan ing kono. Gak lali
ibukku juga nyiapne bekal dige selama perjalanan. Akeh pemandangan kang apik amergo
perjalanan menyang omae kakungku ngelewati gunung lan hutan.Aku lan keluarga budal teko
omah jam 7 esuk numpak mobile bapak. Selama perjalanan aku lan bapak akeh crito tentang
pengalamane bapak pas jeg cilik nek omahe kakungku. Aku maleh duwe rencana pengen dolan
nek kali, sawah lan kebon e kakung.Ora kroso crito ngalor-ngidol, wayah jam 12 awan tibak e
ameh tekan omahe kakungku. Kakungku ketok wes siap ngenteni nek ngarep omah karo wajah
e seneng banget karo katekananku. Aku salah siji putune sing di sayang. Selama nek omahe
kakungku, aku di ajak dolan menyang kali, sawah lan kebon. Aku seneng iso liburan sekolah
nek desone kakungku.
Tepang Taun
Dening : Muamar Ridho Muzhid

Minggu wingi aku ulang tahun umur 11 tahun, ibukku duweni rencana gawe acara ulang tahun
nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing jumlahe ono 25. Aku seneng banget pas diaturi ibuk
ulang tahunku bakal dirayakno. Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas
klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon apik lan meriah.
Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai karo sing tak senengi. Dulur-
dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut. Konco-koncoku
podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku, pensi, tas, lepak lan sepatu. Acara kasebut
berjalan dengan meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.
KONCO SAKLAWASE
Dening : Muhammad Reza

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku
cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang

ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes

biasa dadi yo gak tak gowo ati.

“Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae,

nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq.
Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani

mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq

mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning

tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir

mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko

buku sek tak gowo tibo “buukkkk” ditabrak bocah cilik.

“Sepurane mas aku gak sengojo e'” “Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek
mlaku kui seng ati-ati ya dek” “Enggeh mas” Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah
pitu, yo koyo biasane aku melu pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo
biasane, sodiq kok gak ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske
bali sekolah maring omahe sodiq.

Tekan ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak ono
uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sodiq ora nek omah kono alias
pindah anyar. Bali seko omahe sodiq aku lagi kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora
neng kono wae? Yo kenopo kok sodiq gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku
dadi bingung dewe karo sodiq.

Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar.

1 jam luih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu

omahe sodiq batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak

lan kepenak saiki malah urip nek tempat sek kumuh lan sempit.
KONCO KUI BOLO
Dening : Muhammad Ma’ruf Al-Muzakki
Aku duweni kanca seng jenenge Parto, bocahe apik lan sopan.aku rumangsani beja
amarga Parto iku kanca sekelas.dina ganti dina khanti lumaku aku tambah tansaya reket
anggonku kekancan karo parto.saben dina guyon bareng ora peduli karo kahanan.

Kadadean Iki nganti aku kelas XI.nanging prakara iku bubar nalika Parto mutusake
pindah sekolah menyang Surabaya.bali sekolah aku menyang omahe Parto,teko omahe, Parto
wes siap-siap anggone budal," arep budal to koe? " pitakonku marang Parto seng wes siap-siap
arep pindah menyang Surabaya" Iyo wit sepurane aku orabisa bareng maneh karo
koe"wangsulane parto."iya orapapa,muga-muga awake dewe isa cetuk maneh yo to"panyaurane
Parto"iya Wit amin.saktenane aku yo ora pengen ningalake kowe karo kanca-kanca
liane.nanging piye maneh"."sing ngati-ngati ng kono yo","Iyo to"

Wiwit iku aku arang mlebu kelas amarga uripku kosong tanpa anane Parto.akeh kanca
nanging ora ana sing ngerteni kahanaku,ora kaya kancaku seng jenenge Parto.

Nalika aku kelas XII,aku nemu bocah sing watake podo karo Parto.bocah iku jenenge
Pardi.aku wiwit sregep mlebu kelas amarga aku sadar wes kelas telu lan ora oleh mikir babagan
seng ora perlu di pikirke sakjrone pikiranku.saka Parto kui mau aku Isa ngrubah sifatku,seng
maune bolosan maleh sregep sinau amarga saben ing sisihe Pardi aku ngroso koyo ning sisihe
Parto.sing gawe aku sregep sekolah.
Kena Tilang
Dening : Nanang Aru Hermawan

Ning kampung Tinja ono uwong sing jenenge Pak


Budi. Pak Budi nduwe motor Ninja abang. Pak Budi
seneng banget nduwe motor kui. Nek numpak
motor mesti biyayakan. Serong kiri, serong kanan,
nabrak kandang pitik, nabrak jemuran, malah
tambah seneng.
“Bud, kowe ki mesti nek numpak motor kok
seneng biyayakan. Kowe ora wedi mati po piye??” ditakoni Pak Otong. “Rapopo ora ana polisi
dadine ora bakal ketahuan. Nek ketauan gari nyuap rampung”. Yowislah sak bahagiamu,” bales
Pak Otong.
Sesoke Pak Budi numpak ninja abang maneh. “Ah, bosen aku numpak motor ning
kampung. Saiki aku tak ning dalan gedhe ae”. Tiba-tiba Pak Otong teka.”Bud, kowe ameh
neng ngendi?? Ojo lali nggawa helm,stnk,karo SIM nek ana razia.” Jarene Pak Otong. “Tong,
kowe ki rasah sok sok ngandani. Aku iso ngebut. Nek ana tilang gari mlayu.” Bales Pak
Budi.”Kowe ki mesti angel nek dikandani. Yowes lah, ati-ati ojo biyayakan.” “Kowe ora sah
ngatur-ngatur.” bales Pak Budi.
Pas ning dalan, ndilalah ana tilang. “Hwarakadah, malah ana tilang. Mampus aku.” Pak
Budi panik. Banjur ndelok dompet. “Wah, piye iki duitku kok gari sewu.” Piye le nyogok ki??”
“Yowislah, tak ngebut sing banter ben ora kena tilang.”Pak Budi langsung tancep gas. Klakson
tengen kiwa. Nganti nubruk becak.”Woyy, nek numpak motor ati-ati” Pengendara liyane padha
mbengoki Pak Budi. “Sorry kesusu.” bales Pak Budi.
Gara-gara ngebut, Pak Budi ora ndelok ana lubang ning ngarepe. “Gedubrak, preng,
klontang. Miauuww.”Motor Pak Budi tiba nganti spione pecah, banne copot nganti kena
kucing. “Pak-pak panjenengan mboten menapa-menapa?”,Ditakoni pak polisi. “Aku rapopo.”
Jawab. Pak Budi. “Bapak wonten surat-surat kendaraan menapa mboten?
Nembe enten razia.”Takon Pak Polisi”Waduh suratku ketinggalan kabeh pak. Aku kudu
piye?”. “Kudu ditilang” Jawab e pak polisi. “Tenane” Omong e pak budi.” Tenanlah” Jawab e
Pak Polisi. “Nyo pak,dinggo sangu” Jawab pak budi karo ngei duit.”opo iki?” Jawab pak
polisi.”Iki dinggo sangu” Jawab e pak budi.”Maksute dinggo nyogok” jawab pak polisi.”iyo
pak”. “Wegah, koe wis ditilang karo nyogok ,ayo melu aku ning kantor polisi” Jawab pak
polisi.”Ojo pak” Jawab pak budi.”Kudu,koe uwis ditilang lan ameh nyogok aku’Jawab pak
polisi karo nggowo pak udi ning kantor polisi.
Ing kantor polisi, pak budi ditakoni karo pak polisi” Ngopo koe ngebut lan ra nggawa
STNK, SIM, lan liya-liyane?”. “Aku mau buru-buru, dadine lali nggawa surat-surat e” jawab
pak budi. “Dek e ameh nyogok kau” jawab pak polisi sing nilang pak budi. “Iki kudu di wei
hukuman sing abot,kena pasal-pasal UUD, melbu penjara wae”Omong e pak polisi sing
nakoni.”Ojo pak”jawab pak budi.”Mlebu!!!” jawab pak polisi.
Sesok e, pak budi disidang,lan entuk hukuman 10 taun ning penjara gara-gara ra nggawa
surat-surat kendaraan lan ameh nyogok pak polisi. Pak budi nyesel amarga dek e numpak
motor ngebut, lan ra nggawa surat kendaraan lan ameh nyogok pak polisi.
AkhirnenPak Budi wegah ngebut, wegah ra nggawa surat-surat kendaraan lan wegah
nyogok pak polisi maneh.
POTOMU TAAA
LIKA – LIKU TURNAMENT FUTSAL
Dening : Oktaviyan Sigit Adi Saputra

Tok tok tok


"Assalamualaikum,aku mpun mantuk buk".
Ibuk bukak lawang " yongalah ngger-ngger yah mene kok lagek mule, bar ko ngendi ngeiki mau"
Ibuk ku moreng-moreng. Aku seneng futsal, saben bali sekolah aku mampir neng lapangan futsal karo
kanca-kancaku kanggo main futsal, bali mesti surup ngasi magrib.Seng marai ibuk ku moreng-moreng
ngandhani aku. sore kui aku oleh kabar saka mas rangga pelatih futsal ku menawa ana tournament futsal
antar sekolah ing akhir bulan iki. Dene aku karo kanca-kanca mau bibar rembukan ngenani latihan futsal
kanggo tournament lan persetujuane latihan futsal digae bar isya sampek jam 10 bengi ing lapangan
sekolahan. latihan dipimpin Mas Rangga karo Mas Ezza, Aku ditunjuk mas rangga seng kon dadi kiper
ing timku. Saben latihan aku budhal latihan karo kancaku jeneng e gunawan, tapi kebiasaane cah-cah
nyeluk e unto. aku pamit marang ibuk ku
"buk aku bidal latihan futsal riyen nggeh, assalamualaikum".
" Waalaikumssalam ojo muleh wengi-wengi lo le, ibuk gak enek bature"pesen ibuk ku.
Aku neng omah kur karo ibuk, bapaku kerjo durung muleh, ngeiki pas aku futsal ibuk dewean nek
omah. Aku budhal ngampiri gunawan. tekane lapangan mas rangga ndika mulai ngelatih, menei
materi,latihan fisik, kanca-kanca ku ya mulai latihan dewe-dewe, Aku seng kebagian dadi kiper diprivat
Mas Ezza pelatih kiperku suasana seng mendukung bengi kui aku isa nguasai tak tik sing diwei Mas
Ezza, anggone wes podo kesel latihan, banjur awakedewe leren ing pinggir lapangan karo rembukan
anggone urunan duit gae daftar. Aku pas kui durung gawa duit, tak janjeni sesuk. Sak tekane omah aku
ngomong marang ibuk
"buk kulo nyuwun artane 20.000 gae pendaftaran tournament futsal buk".
"iya le sesuk ya tak golek ne, saiki ibuk durung nyekel duite"ngendikane ibuk.
"Nggeh buk"
aku banjur leren ing kamar bare turu.
Wayah isuk arep budhal sekolah aku kepengen sarapan, tak delok neng mejo pawon ora ana lawuh,
ibuk teko
"Lee, Iki sangune tukua Sega ing sekolahan yaa, ibuk durung sempet masak" jare Ibuk.
Ing ndalan aku mikir "apa aku tak nglumpukne sangu sekolahku yaa gae urunan turnamen".
Saben dina Aku nglumpukne sangu sekolahku, Aku ngirit duit gae urunan kui, sampek genep duite
langsung tak ngehne Mas Rangga wayah latihan.
Akhir-akhir Iki omahku akeh penggawean amarga arep panen, Aku dijaluki tulung Ibuk Kon
ngrewangi ing sawah, mulih-mulih mesti magrib. Awakku kesel banget aku leyeh-leyeh ing kamar juk
juk keturon. Tangi-tangi Aku buka HP wes jam 10 bengi. Aku lali Iki mau enek latihan futsal. Aku
cekekal Tangi ngomong neng Ibuk
"Buk Buk kulo wau kok mboten njenengan gugah to bukkk?, Niki wau wonten latihan futsal wonten
sekolah" Aku nrocos neng ibuk.
"Ijin kan yo ora opo opo to Lee, lek trae awake kesel ke yo leren. Ora usah dipeksane mesakne awkmu
lek kok peksa. Lereno!" omonge Ibuk.
Aku langsung mlebu kamar maneh bajur lawange tak kunci. Aku njaluk sepura marang bocah-bocah
menawa aku ora bisa teka Iki mau.
Amarga akhir-akhir iki Aku ora bisa teka latihan amarga ngrewangi penggawean omah, bocah-bocah
pada nyemantakne Aku ing grub
"Jane seng ora tau teka kui niat melu lomba opo ora ta?!, apa ora mesakne kancane seng bendina
latihan!" pesan salah siji ne kancaku.
Banjur Mas Rangga ngirimi pesan "Turnamen sedilit engkas, latihan seng tenanan cah dijaga
kekompakan e muga-muga tim e awakdewe bisa dadi juara" (Mas Rangga).
"Enggeh Mass" sauran e bocah-bocah.
Aku bingung amarga ing omah Aku duwe tanggungan ngrewangi ibuk panen nangeng ing kanca-
kancaku Aku dituntut teko latihan terus .Aku bingung kudu pie . Turnamen futsal gari seminggu engkas
Aku wes mulai persiapan gae lomba kui.Pas arep budhal latihan aku jupuk sepatu ing rak, tak delok-
delok sepatuku kok jebol Aku eling kui ndisek kae sepatu bekas lim-liman gek saiki lim e uwis
cepot.Aku ngomong neng ibuk
"Buk Aku tumbasna sepatu anyar. Sepatuku mpun jebol. Wancine gantos Buk".
"Sepatu opo neh to le le le, Ibuk durung duwe duwit, bapak mu yo durung kirim, SPP mu yo durung
dibayar. Nek kanten rewangono ibuk panen sok mben kui, sabar "ndikane ibuk karo nelangsa.
Aku seng bar diuneni ibuk ngono Kuwi langsung budhal latihan kanthi ora semangat.
Waktuku gari sitik engkas Aku urung oleh gantine sepatu. Minggu isuk bar panen udan deres
Ibuku wes gak ono omah Aku lingguh-lingguh ing teras omah delok udan karo nyawang sepatu futsal
sing bagus banget ono HP karo kepikiran
"Kepriye carane Aku oleh duit akeh gawe tuku sepatu gek waktune gari sok mben kuwi, arghhhhhhh
bingungggg"
nek sirah mumet karo garuk-garuk sirahku. Juk-juk enek kardus nyodor ing ngarepku
"Taaaraaaaaa.... "
Aku kaget opo iki ? Ibuk ngomong
"iki le sepatu anyar soko ibuk"
Aku bingung kudu nyauri piye Aku mbrabak.
"Main sing tenanan ya le ben bapak karo Ibuk bangga. Iki saka olehe panen dek kae muga-muga iso
juara yo le latihan sing tenanan muga bisa sadi kiper sing hebat".
"Aamiin buk Aamiin matur suwun sanget nggih Buk"
Aku ora bisa omong apa-apa liane matur suwun Aku kudu gawe Ibuk bangga.
Sak tekane Wayah turnamen sekolahku isuk kuwi Aku lan konca-konca kumpul ing sekolahan
banjur budal ing GOR kota. Aku ngarep-ngarep ing pertandingan iki timku bisa menang lan mlebu final.
Alhamdulillah e dongaku kabul, tim sekolahku mlebu final.
"Pertandingan final SMA 1 Slahung VS SMA N Bakti sumonggo siap-siap ing lapangan"
suara saka MC panitia. Aku, Mas Rangga lan konca-konca donga disek.
"Main sing tenanan aja gupuh, fokus karo permainane, semangat "pesene Mas Rangga.
Aku lan kanca-kanca mlebu lapangan atiku dredeg amarga tim futsal saka SMAN Bakti dikenal lumayan
apik. Stadion di beki suporter saka SMAN Bakti. Sekolahanku ora ana supportere blas. Maine apik
banget, strategine apik Aku ketar-ketir Jogo gawang samar lek kebobolan tapi Alhamdulillah sak suene
pertandingan durung kebobolan. Timku durung bisa nembus pertahanan e lawan.
Sampek ing menit 25 tim ku bisa nge golne. Salah sak wijine kancaku sing nge golne jeneng e
hysam. Aku bersyukur banget amarga wektu ya arep entek Aku ngarep gawangku ora ngasi kebobolan.
"prit..... Prit.....Prittt...... "
Tanda pertandingan uwis bar. Tim ku menang kanti skor 1-0. Aku lan kanca-kancaku sujud syukur.
Sekolahan ku menang.
Sak tekane omah Aku matur suwun marang ibuk " Aku menang buk... Aku menang buk.... Matur
suwun, dongane lan sepatune" karo salim ibuk. Banjur ibuk ngomong
"Iya padha-padha le, ibuk bangga"
Isuk-isuk ing sekolahan anggone upacara bendera ana penyerahan piala ing Kepala Sekolah lan
disaksekne kanca-kanca lan Guru. Aku Bangga karo awakku. Aku lan kanca-kanca foto bareng Kepala
Sekolah.
"Cisssss..... "
Senyum kuwi ora palsu. Senyum ing foto kui ana kebanggaane dewe kanggo Aku.
WIWITANE TRESNO
Dening : Putri Eka A

Ing wayah dino aku ketemu wong lanang kang


nduweni praupan sing bagus. Naliko kedadeyan kui
aku ora kenal sopo wong kui.naliko saksuwene wektu
aku di whatsaap karo bocah kui.tibake bocah kui oleh
nomerku saka koncone.saka perkenalan singkat kui aku
mau dadi kenal luwih adoh karo bocah kui.seiring
mlakune wektu,aku karo bocahe saya cedak.

Seiring mlakune wektu sing aku lan dek e sopo


cedak,bocae nembak aku,bocah kui nembak aku lewat
whatsaap mergo podo senenge bocae tak tompo dadi
pacarku.bocah kui bedo banget karo bocah liane,bocae apik,tulus,lan gemati.mula saka kui aku
dadi kepincut amarha sikape dek e.

Dheweke nduwe cara dewe kanggo mbuktekake yen tenanan kanggo nglakoni hubungan
iki.masio aku isih sekolah wonge bakal siap nunggu sak lulusku.aku lan dheweke wes nduwe
komitmen,bakal bareng bareng terus masio opo wae masalahe.bakal dilakoni bareng bareng.

Nanging yen hubungan mesti ana lika likune.masalah iku mesti ana.pas dina iku aku lan
dek e sempet nduwe masalah yaiku kesalahpahaman perkoro wong lanang liya.aku lan dek e
sempet pisah.saka masalah kuu aku sing pingin nguwisi hubungane,karo abot atine dek e gelem
ora gelem nuruti opo panjalukanku,akhire aku lan dek e bubar.tapi masio adewene wes ra
nduweni hubungan opo opo adewene tetep komunikasian.masalah urung sampe tekonkene
wae,pas wes bubar aku cedak karo bocah lanang.masio aku cedak karo lanang lio,aku ra
mandek mikirne bocae amarga adewene bubar mergo kepekso.lan seiring mlakune wektu aku
lan dek e komunikasian njajal ndandani hubungan kang wes bubar iku mau,aku lan dek e
nggawe perjanjian.aku lan dek e sepakat kanggo ndandani hubungan iki lan pungkasane nganti
saiki iseh bareng bareng.

Saka masalah kui tak dadekne pelajaran.aku lan dheweke bendino padu nanging sepakat
ora bakal mbubarne hubungan nanging masalahe.lan akhire aku lan dheweke wis bareng yaiku
sak suwene arep mlaku 2 tahun iki.bisa di eleng eleng saben hubungan mesti ana wae masalah
nanging mesti ana dalane yaiku masalah sing dirampungke dudu hubungane.
Dolan Menyang Prambanan
Dening : Reychald Hashena Adjie

Nalika aku isih cilik aku tau dolan ing


Prambanan karo bapak lan ibukku.Aku ning
jogja amarga ana acara ing jogja.Aku budhal
ning jogja isuk-isuk. Amargi isih ngantuk aku
lanjut turu ing dalan.Tangi-tangi uwis ning
Prambanan aku ditangikne karo
ibukku.Perasaanku delok Prambanan kui
seneng amarga iso delok patung lan candi
akeh.
Sak wise ndelok candi aku nerusake perjalanan menyang papan tujuwan.Sabenere
alesanku ning jogja pengin nekani adicara nikahan konco bapakku.Adiacarane ing
gedhong,emane amarga aku lawase ing perjalanan maca buku aku dadi mabuk nalika tekan
ditujuan.Amarga iku aku dadi ora bisa nikmati adiacarane.Rasane sirahku mumet lan mung
pengen cepet-cepet turu.Dadine aku mung turu ing mobil lawase adiacara kedadeyan.
Sawise adicarane rampung aku lan bapak ibukku melu karo koncone bapakku ning omahe.
Setiba ning omahe koncone bapakku,bapakku lan ibukku kandha karo koncone bapakku. Dene
aku nerusake turu ing sofa sinambi nunggu bapak lan ibukku rampung kandha nanging
dumadakan aku kawangun amarga aku ngrasakke perutku mual.Banjur aku wutah ing got
cedhak Kono amarga aku ora ngerti ing endi papan kulahe ing endi.Sawise aku wutah aku
langsung dikerok karo ibukku migunakake lengkayu pethak.Amarga ngerokine keras banget
aku nganti nangis.
Sawise kedadeyan iku kabeh sakeluarga luweh milih kanggo cepet-cepet mulih. Sawise
ibu karo bapakku pamit padha koncone bapakku sakabehe langsung mlebu mobil.Ing mobil
awake dhewe ora nganggo ac amarga bapakku ngomong mengko aku iso tambah mual.Ing
perjalanan dumadakan udan gemerot dadine awake dhewe kapeksa nutup jendela lan ngunakne
ac.Awal e aku apik-apik wae lan njajal kanggo turu maneh. Selang pirang menit banjur aku
wutah maneh.
Wutah kang iki luwih parah saka kang wau amarga aku wutah tekan papat pindo.Sing tak
rasakne wayah iku yaiku pusing pisan lan tengorokanku lara. Amarga iku aku dhesak bapakku
kanggo ngebut. Amarga ana perbaikan dalan, dalane dadi macet.Amarga aku wis frustasi pisan
akhire aku nangis.Dumadakan bapakku ndue ide kanggo mampir maneh ing Prambanan.Awak
dhewe ra mlebu ing Prambanan amarga iseh udan.Dadine awak dhewe mampir ing warung
adolan wedhang ronde.Awak dhewe mesen telung porsi sinambi nunggu pesenan bapakku
lunga menyang apotik kanggo tuku obat.Sawise ngombe wedhang ronde lan obat sing
ditukokne bapakku awakku dadi rodok mendingan. Bar kui awak dhewe langsung ngelanjutne
perjalanan.Aku turu ning mobil nganti tekan omah aku di kontangi kon pindah ning kasur bar
kui aku turu ning kasur.Turu ku Dadi penak banget.Sesokke aku wes Mari lan iso balik sekolah
maneh.
Liburan menyang candi Borobudur
Dening : Ricky Rohmad Fauzi

Ora kroso minggu ngarep wayah prei sekolah, aku lan


kanca-kancaku plesiran menyang Yogyakarta. Saka Sala,
aku numpak sepur. Mlaku-mlaku menyang Jogja, obyek
wisata Keraton lan Malioboro dadi panggonan sing wajib
ditekani. Loro panggonan wisata kasebut wis dadi ikone
Yogyakarta kang wis kondhang tekan mancanegara.
Nanging, kurang manteb rasane yen ora nerusake plesirane
menyang Candhi Borobudur
Sakjane Candhi Borobudur iki kalebu wilayah Jawa Tengah. Nanging Yogyakarta luwih
cedhak ketimbang saka Semarang. Mulane aku lan kanca-kancaku langsung wae nyewa montor
travel kanggo dolan menyang candhi Buddha paling gedhe sakdonya iku.akhire tekan ing
komplakes Candhi Borobudur. 
Sakwise montore dipakirke, aku lan kanca-kancaku banjur mlaku ngliwati dalan menyang
candhi. Akeh bakul panganan lan omben-omben. Ana uga bakul topi lan tukang sewa payung.  
Menawa arep mlebu kompleks Candhi Borobudur, awakedhewe kudu mbayar tiket
Rp30.000,- / wong. Awakedhewe uga ora oleh nggawa panganan kaya sega bungkus jalaran
bisa gawe reget kompleks wisata candhi. Yen nggawa omben-omben ora apa-apa. Pas mlebu,
ana perugas sing bakal mriksa para wisatawan. Yen konangan nggawa panganan sing dilarang,
kudu nitipke ana ing panggonan nitip tas.
Ing areal taman sakiwa tengene Candhi Barabudur, tak delok akeh anak-anak sing seneng
banget numpak gajah lan ana uga sing numpak jaran. Dene aku terus mlaku menyang candhi.
Lumayan kesel mlaku, ngliwati undhak-undhakan sing dhuwur. 
Akhire aku tekan ing Candhi Borobudur. Saka candhine, aku bisa nyawang pemandangan
ing sakiwa tengene. Aku bisa nyawang Gunung Merapi. Pas mlaku munggah Candhi
Borobudur, aku bisa ndelok relief kang nyritakake Buddha Gautama. Awakedhewe kudu mlaku
mubeng supaya bisa ngerti critane relief kasebut. Awakedhewe uga bisa ndelok arca-arca kang
ana ing candhi iki. 
Sakwise laku ngubengi Candhi Borobudur pancen gawe kesel, akhire tekan panggonan
dhuwur dhewe kang ana stupane. Saka kono, aku bisa nyawang endahing pemandangan kang
asri. 
Wis katog ing candhi, aku lan kanca-kancaku banjur mudhun. Ing sakpinggirie dalan
metu saka Candhi Borobudur akeh wong dodolan oleh-oleh. Nanging, aku lan kanca-kancaku
ora ana sing kepengin mergane pengin cepet bali menyang Yogyakarta maneh lan nginep ing
kana rong dina maneh.
Tresno Jalaran Soko Kulino
Dening: Risky Melly Lailia

Tresnoku sing di jalari amarga kahanan lan ati. Wiwitane cerito,


aku kepethuk bocah lanang ing media sosialku kanthi ora tak
sengaja. Jenenge Dimas. Dheweke ngajak aku kenalan lan menehi
pitakon ngenani kegiatan saben dinaku.
Saya suwe, aku karo Dimas saya cedhak. Salah sawijining dina
dheweke ngomong yen arep ngajak aku dolan menyang pantai
sing ana ing kutha Pacitan. Ing pungkasan, dina sing di
rencanakake wes teka. Dimas moro ing omahku kanthi niat
marani lan pamit marang wong tuwaku.
Sak wise pamit, aku karo Dimas banjur budhal. Ing dalan aku meneng wae. Sampek akhire
dheweke sing ngajak omong-omongan dhisik. Sak durunge mulih, aku di ajak mampir tuku
oleh-oleh gawe sing ning omah. Sak wise kedadean kuwi aku karo Dimas nduweni niat bakal
nerusne hubungan sing tenanan. Wong tuwaku lan wong tuwane Dimas padha menehi
dukungan amarga jarak omah sing cedhak amung bedha desa ora nganti 5 menit wae wis teka.
Ora kerasa hubungan sing tak duweni iki suwine wis 3,5 taun. Awal taun 2022 Dimas pamit
kerja ing Kalimantan. Sampek suwine 9 sasi, komunikasi isih lancar tanpa ana masalah lan rasa
curiga marang dheweke. Salah sawijining dina, Dimas menehi kabar lewat kancane yen HPne
rusak.

Suwene seminggu, Dimas isih ngabari ananging ora saben dina. Moro-moro Dimas ilang ngono
wae tanpa menehi kabar marang aku.
Sampek suwene sesasi rasa sabarku gawe nunggu dheweke. Aku nduweni kepinginan supaya
ora kelingan wae. Aku milih dolanan game gawe ngisi wektu luangku. Ing jero game ora
disengaja aku ketemu karo bocah lanang sing jenenge Irhas. Dheweke ngajak kenalan lan
dolanan game saben dina yen ana wektu senggang. Saya suwe aku nduweni rasa seneng marang
dheweke. Ora tak kira Irhas ya nduweni rasa seneng marang aku. Nanging aku isih mikir-mikir
amarga kelingan yen aku isih nduweni hubungan karo Dimas masio wis ora jelas. Sak jane aku
ora bisa ngadoh saka Irhas ananging dheweke terlalu ora mungkin kanggo tak duweni.
Mula saka kene aku sadar yen setia kuwi penting banget masio ing akhire gawe lara ati,
nanging ana hikmah sing biso di jukuk saka kabeh pengalaman lan ngerti kepriye carane
ngregani pasangan.
Kesuksesanku Nalika Weruh Wong Tuaku Seneng
Dening : Robi Slamet Budi Santoso

Sukses kuwi sing di idam-idamne saben wong ing donya


iki ananging kadang sukses kuwi ora mesti enthuke pujian,
ora mesti di kenal dening wong okeh, ora mesti entuk
penghargaan, lan kadankhala ora cocok karo sing di
karepake dalan lan pikiran.
Kanggoku sukses yaiku nalika ndeleng wong-wong
sing ana sekitar terluwihe wong tuaku rumangsa seneng, ora mung golek pujian apresiasi,
popularitas lan liyane. Sukses nalika aku bisa nggawe wong tuaku seneng amarga aku bisa
nggawe wong tuaku ngguyu, lan ndheleng wong sing tak tresnani bungah utamane wong
tua,kulawarga lan kanca-kanca.
Aku seneng ndheleng wong tuaku seneng senajan aku mung bisa menehi rasa seneng
setitik ing cara aku senadyan ing menehi kebungahan aku kudu gelem ngorbanake kekarepanku
dewe.
Kanggo akeh uwong bisa uga sukses minangka tujuan utama kanggo nggayuh tujuan, ing
lapangan kerja, asmara, lan liya-liyane. Sing penting kanggo sawentarane wong ana sing
nganggep sukses minangka perkara sing ora perlu di omongne.
Dadi amanat sing bisa dijupuk saka cerita kasebut yaiku, kesuksesan kuwi ora kudu golek
pujian, apresiasi, popularitas lan liyane, lan kabeh uwong bisa sing bakal ngrasakake
kesuksesan yen di lakoni kanthi tenanan.

~ CUTHEL ~
Salma foto
AKU KANGEN
Dening : Salma Azzahra Anindya Sayekti

Kahanan wayah sore iku srengenge wiwit ngalih rina wengi. Aku nyawang langit sing mulai
ireng , sedhela elingku bali menyang dolanan. lelakon
10 taun kepungkur sing tansah tak lakoni lan ora iso
dilalekne.
Kenangan sing tansah ngeling eling naliko dina dinaku
sepi ,malah ngimpi bisa bali maneh ing wektu iku,
wektu kabeh seneng tanpa beban, ngguyu tanpa
dipikirne kajaba mung dolanan. Dino dinoku seneng
banget naliko iku, Kabeh dak lakoni kanthi seneng.
Kadhang kadhang dolanan ing kali, ing sawah, lan
dolanan tradhisional liyane. Amargo sibuk dolanan
aku lali mulih lan di dukani wong tuwoku.
Saiki, nalika saya tuwa, urip wiwit beda. Saben taun
teknologi wiwit berkembang, ninggalake jaman sing
biyen ora ngerti babagan teknologi. Biyen mung
dolanan bareng, nanging kabeh mau diganti gadget. Sapa sing ora duwe gadget? Saben uwong
saiki ora duwe gadget, mesthi kabeh duwe. Jaman sing sansaya canggih ndadekake teknologi
berkembang kanthi cepet sing sadurunge gadget mung digunakake kanggo nelpon, nanging
saiki bisa ngakses media sosial, bisnis lan uga main game online. Bocah-bocah jaman saiki
ketertarikan karo game online nganti ora ngerti yen dolanan jaman biyen pancen seneng banget
tanpa gadget.

Saben dina akeh kedadean, urip diwasa sing ora tau tak pengeni, dina-dina sing kebak
beban pikiran sing ora ana enteke, nggawe sirahku pengin njeblug yen dipikir-pikir, diwiwiti
saka kulawarga, kanca, asmara lan masalah sekolah nggawe aku lara kabeh iki. .
Rasa kangen sing jero meksa aku bali menyang wektu iku, wektu ora mikir apa-apa, kajaba
mung dolanan karo kanca-kanca. Nanging, ora ana rasane aku bali menyang jaman semana,
saiki mung aku lan kangen.
Dadi pungkasanane ana ing cerita iki yaiku, aku kelingan dina dina sing ora ono beban. Kejaba
mung dolanan karo kanca kanca, wektu durung ono gadget. Nanging saiki aku tetep bersyukur
mergo iseh semangat nglakoni urip saben dina arepo akeh beban pikirian ora ono enteke,
sampek sirahku njebluk. Yo ora opo opo, Aku mung kangen..
KEKANCAN SAK LAWASE
Dening : Septian Priskilawati

Jenengku Septian , aku nduwe konco kang jenenge


Luviana . Ingkang jaman sak mana bocah iku seng gaweane
ngancani aku awet sekolah kelas siji SMP . Luviana iku
uwonge apikan yo setia kawan . Biasane bocah e ngundang
aku tukang ngantukan , tapi aku ora nduwe roso nesu nek di
undang ngono kui amarga wes biasa dadi gak tak gowo ati
Duwar ........ Itik - itik suwarane Luviana ngageti aku sangka mburi bangku . Kowe lho
jhan ngaget - ngageti aku wae , nek aku jantungan piye lak yo tratapan . Awakmu apa gelem
tanggung jawab .
Ngapurane aku ora sengaja Sep , lha awakmu cah e ngantukan ae . Kae uwes bel masuk ,
selak di seneni mengko karo bapak ibu guru . Sak uwis e iku aku lan Luviana mlebu kelas
bareng – bareng .
Bel sekolah uwes di muni ' ke , koyo biasane aku karo Luviana bali bareng - bareng .
Nanging tekan setengah perjalanan aku karo Luviana kapisah amergo Luviana lagi arep mampir
mareng tukang jahitan jipuk klambine ibuke . Akhire aku Bali dewean , la teko - teko buku sek
tak gowo tibo “ Buukkkkkkkk ” ditabrak bocah cilik .
“ Sepurane mbak aku gak sengojo e “
“ Yo ra popo dek mung buku seng gigal , mulakno nek mlaku kui seng ati – ati ya dek “
“ Engeeh mbak “
Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu , yo koyo biasane aku melu pelajaran
Bapak guru lan Bu guru . Nanging kok dino Iki ora koyo biasane , Luviana kok gak ketok
sedino kie , dadekake khawatir maring pikiran aku , aku mutusake bali sekolah maring omahe .
Tekan ngarep omahe Mbak Sari yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak
ono uwong . Terus
akhire aku takon marang Mbak Sari , jebule Luviana ora nek omah kono alias nang gone
Pak De ne . Bali seko omahe Luviana aku lagi kepikiran loh kenopo kok gak pamitan . Yo
kenopo kok Luviana gak omong Karo aku dipik sak durung e nang omahe Pak De ne ? Kan aku
koncone ? Malah aku dadi bingung dewe karo Luvi .
Nalika wayah minggu esuk aku pamitan marang Ibuk arep nang omahe Luviana .
Setengah jam perjalanan songko omah ku teko omah e Luviana . 1 jam luweh aku ngenteni
nang ngarep omah e Luviana . Aku muter – muter ngubengi omah e . Aku kaget tekan ngarep
omah e , Luviana teko ambi bapak ibuk e diterke mobil .
“Kreeek” lawang mobil e dibukak enek wong seng metu ko mobil yaiku Pak De ne
Luviana seng mudun dipik songko mobil . Kabeh seng nang jero mobil podo mudun . Aku
seng pas nang ngarep e mobil langsung nangis nang ngarep mobil amarga reti Luviana seng sui
gak ketoro nang omah lagi mulih . Kowe nandi ae sui gak sekolah ? Kabeh podo nakokne .
Arep nandi - nandi gak pamitan dipik . Ngapurane nek aku gak omong – omong nek ape nang
omah e Pak De , soal e dadakan ale omong Bapak dadi langsung budal rono . Ora apa – apa
penting awakmu uwes mulih . Luviana bar iku ngejak aku mlebu nang omah e .
“ Assalamualaikum “ Aku kang ngucapne salam nang ngarep omah e Luviana.
“ Waalaikumsalam “ balas Bapak ibuk e Luviana seng mlebu omah dipik .
Ora basa – basi aku ambi Luviana langsung ngajak aku mlebu marang omahe. Luviana
banjir cerito marang kabeh seng dilakoni pas nang omah e Pak De ne . Ibuk e Luviana metu
songko jobo jipuk i barang – barang seng ana nang mobil .Bar iku ibuk e lungguh nang siseh ku
wonge jipukake oleh-oleh songko omah e Pak De ne . Aku seneng banget diweneh i oleh –
oleh seng kabeh isine enak – enak .
Gak usah sedih Sep aku jek tetep nang kene dadi koncone wm . Aku yo gak bakal golek
konco maneh wes cukup wm ae Sep wm seng ngerti kabeh opo anane aku seng wes reti
keluarga ku . Pokok e Kowe konco seng paling apik ngo aku . Suwun Sep wm wes ngolek i aku
sampek koyo ngono roso kekancan e adewe . Omongane Luviana seng wes ngawe ati ku tenang
lan gak sedih maneh .
“ Alhamdulillah Lup aku bersyukur banget marang Gusti Allah , soal e Allah wes
ngewenehi konco koyo awakmu.
“ Ngene wae Sep adewe ngawe perjanjian yen adewe kui bakal selalu bareng – bareng ora
bakal kapisah masio adewe adoh amergo jarak .
“ Siap ...... Janji kekancan sak lawase lup “
Sak sore iku aku guyonan ae ambi Luviana sampek gak keroso wes soyo peteng , aku
langsung pamitan marang Bapak Ibuk e Luviana . Nopo nduk atek ndang - ndang mulih gak
nginep ngone Luviana ae wes peteng nduk . Mboten buk mangke ibuk teng griyo golek i
mawon . Oalah iya wes nek ngono nduk ati - ati nang dalan iku mau oleh – oleh e ojo lali
digawa . Engeeh buk kulo pamit wangsul rumiyen . Iya nduk alon - alon ae ale numpak motor .
Aku pamit mulih dipik Lup , iya sep ati – ati nang dalan ko gek cetuk medi . Lah kowe ki
ngeden – ngeden i aku ae . Wes – wes gak usah padu ndang mulih nduk pumpung urung
peteng . Engeeh buk , Kulo pamit wangsul buk pak .
“Assalamualaikum “
“ Waalaikumsalam “ balas keluarga ne Luviana.
Aku sampek omah jek kebayang - bayang omongan e Luviana seng wes ngawe aku
bangga nduweni konco seapik wonge .

Mula sangka kadadeyan kasebut kita bisa nyimpulakake kekancan utawa paseduluran
minangka istilah sing nggambarake prilaku kerja sama lan gotong royong antarane loro utawa
luwih entitas sosial. Artikel iki fokus ing pengeret unik hubungan interpersonal. Ing pangertèn
iki, istilah “persahabatan” nggambarake hubungan sing nglibatake kawruh, rasa hormat, tresno
lan perasaan. Kanca-kanca bakal nampani ngarsane lan nuduhake kesetiaan marang siji liyane,
asring nganti titik altruisme.

Piweling ( pesen ) utawa piwulang saka cerkak kasebut yaiku

 Karo konco iku kudu rukun


 Milih konco seng ngajak kebecikan
 Yen kekancan cedhak ora kena gampang nesu
 Yen geguyon sewajar e wae
 Karo konco kudu tansah setya , apik lan njaga paseduluran
KATRESNAN KANG NYATANE
Dening : Trisa Ramanda Widiyati

Wayah sore aku tangi turu langsung banjur mbukak hp ati rasabw sumringah ngerti eseme
sing lucu lewat ngarepku,saka kui pandangan tanpo arah lan atiku ngroso seneng,aku ngroso
nyaman sing tak cetukne tanpo kesengojo.
Kasebut kajulukan perdi wiwitane ketemu amargo iseng lan aku nuruti pikiran.nalika tak
sawang-sawang ati rasane sumringah aku kekancan karo nalika kajulukan sing dak sebut saben
ndino amargo kulino yaiku bocil,aku ngrasakne tingkah lakune sing aneh mbukak hp sumringah
bruntal mergo aplikasi.
Kawulo kui aku langsung semonto
"cie sing sumringah mergo ndelok hp enek kejadian sing unik opo cil"
Bocil lansung bodo amat lan mbalek koyo sawise seiring mlakune wektu aku kepo
pengen ngrasakne ben ing ati ngroso iso seneng
Banjur sesok e aku iseng gabut niru gaya kain e bocil
Detik detik kejadian aku kegowo perasaan amargo aplikasi kasebut lansung berkelanjutan
jalaran awalan kulino dadi tresno,seiring mlakune wektu aku ngroso nyenengne ati,4 wulan
mlaku dewe²,saka iku wis males ngenal wong anyar,banjur iku.aku nglakoni babagan sing ora
mikir ing ngarepan arep kepriye maneh.
Aku ngenal wong anyar langsung banjur dadi bahan gabutmu sasuwene pitunh wulan
mlaku critaku karo wong sing menurutku ora apik kanggoku,amargo aku pernah diweling
babagan tresno koyoto anak ke 1 karo anak ke 3 rabakal iso dadi siji tiwas dilanggar ono hal
sing ora dipengenne dadi kenyataan
Wong sing tak maksud kasebut jeneng adit saben ndino padu aku males njalani lan
perjuanganku ora pernah diregani mung nuruti ego dewe
Podo-podo cegah ngalah lan dadi kalahan.mulo kejadian iku aku pileh ngalah .ora ono
tresno sing sifat e tulus ,akh ndue roso sadar diri mending dadi awakdewe tanpo nglibatne wong
lio,soyo dipekso ujuj-ujuge marai loro.mulo wayah iku aku wiwiti nutup ati tanpo mbukak ing
wong anyar
Dino esuk aku tangi turu padang ing ngarep mripatku cuacane ono notip pesan saka
meyyi kancaku sing aku kenal awal melbu SMA sampek sakiki,susah seneng bareng-bareng
pait legine kahanan dilakoni tanpo ngeluh ing ati
banjur kui vn wa isine
"sol"
"aku iki nganggo akun game masku,trus umpomo nomermu tak wehne masku
pie,mengko sewayah-wayah takone ning kowe,misal ngene masku arep main,aku mending
metu game terus rabakalan iso ngegame AFK dadine".
"kepriye maksudmu ruh dewe to kancamu iki wong e
ora mudengan"
"berarti lek umpomo takon chat aku?yo siap ae
"loss rapopo sol posisine masku yo dewee"

Semenjak kejadian iku tanpo disengojo aku lan mas e meyyi podo-podo ono roso seiring
mlakune wektu amargo terusan chatan ngroso nyaman lan seneng
Tabuh 00:00 aku ulang tahun umur beranjak 18 taun posisi telponan Karo mas e meyyi
mulo kui mas e meyyi ngungkapne perasaan.
Aneh iku wektu singkat tapi ati secepet kui iso yakin ing ati.
Bukan kok malah aku secepet iku nglalekne crito sing wis kepungkur nalika cerito loro
dilanjut cetuk manungso sing gawe atiku tentrem pas iku aku ngrumongso opo mungkin takdir
terbaik sing uwes direncanakne gusti kanggoku ono makna,kado boneka sing pernah diwehne
ing aku nalika dino ultahku lewat paket,amargo mas e meyyi kerjo ojo jogja
Niat lan tekad sing gawe atiku bungah lan syukur dicetukne wong sing tulus lan
bermakna ing urepku.
Mulo kejadianku saka awal sing seneng iso ngrasakne kebahagiaan masio sedela terus di
lanjut bubaran kenal adit dadi cerito loro banjur kui akhir kisah e karo mas e meyyi sing
nentukne arti katresnan nyatane , gawe sumringah ati lan iso ngrasakne tulus e tresno
#tresno kui dudu tentang sepiro megah e lan sepiro bondo sing iso gawe seneng tapi
menurut atiku tresno iku ngenani iso ngrasakne bungah nyatane saka kesederhanaan,mulo kui
ojo pernah ngeculne emas demi nyenengne,nanging pungkasane sedhela
Artine Kekancanan
Dening : Viska Egy Nova Kharisma

Nalika awal mlebu SMP, aku durung duwe konco ing


sekolahan. Nalika jaman MPLS aku kenalan karo konco –
konco ing sekolahan. Aku kenalan karo koncoku jenenge
lidya lan anisa. Nanging aku ora sak kelas mbi anisa, nanging
mbi lidya aku sak kelas. Ing SMP nate sak bangku, bangku
ana ing ngarep dewe. Lidya iku cahe menakan lan dheweke
dijak omong. Nanging aku ora sak kelas karo anisa tetep iso
omongan pas istirahat.
Ing jaman semono aku mbi lidya konco. Aku kerep
omong – omongan karo dheweke. Awak dewe kerep
mgomongake babagan tugas, liane tugas aku ngomong ne
babagan kocak utowo random ben ora jenuh. Awak dewe
nalikane wektu istirahat dikek ning kantin bare awak dewe
ning perpustakaan moco – moco buku utawa garap tugas.
Salah sawijine dino ana sekolahanku diadakne lomba.
Lidya melu lomba nggawe geguritan, geguritan iku apik lan dheweke oleh juara ing lomba iku.
Aku melu seneng dheweke mergane oleh juara. Dheweke ngampi mripate berkaca – kaca
mergane oleh juara iku .
Kekancanan iku ora sing dikarepne awak dewe kadang – kadang apik utowo enek
reruwetane. Misale ana bedane usulan utowo pamikirane dheweke. Nanging masalah iku
dadekne luwih mikir carane nyampekne reruwetane iku lan awak dewe malih bisa dewasa
babagan nyampekne reruwetane iku.
Sak sawise lulus SMP, aku karo lidya ora sak sekolahan. Nanging ora sekolah ing
sekolahan podo aku iso chattingan karo dheweke, awak dewe kerep bahas topik akeh kayadane
nalika waktu MPLS awak dewe kanggo daring utowo online ana ing ngomah amarga covid –
19.
Wektu covid iku aku daring ana ngomah. Ana ing ngomah awak dewe tetep semangat
golek ilmu. Sekolahane bedo ora ngalangi awak dewe ora ketemu, kadang awak dewe jajian
utowo dolan bareng.
Mula saka kedadean kasebut aku ngerti tegese persahabatan lan sahabat iku panggonan
suka lan duka, sahabat iku bisa dadi panggonan awak dewe cerita lan bagi sedih awak dewe .

CUTHEL
MANDEKING TRESNA
Dening: Widya Nur Mahmudah

Pranyoto awakmu mikir, perpisahan minangka akhir sangka


cerita sing nate sdewe lakoni bebarengan. Sepurane,aku durung bisa
ngelalrkne kahanan iku ing jaman semono.

Ngelarakake banget wektu iku nalika awakmu ngomong bubar


ing ngarepku.bebarengan kui harga diriku mudun.ing atiku mikir,
perkoro opo sampek awakmu ninggalne aku? Jujur wae aku durung
bisa nrima kahanane sing kaya mangkono.keputusanmu sing
sepihak,tanpa ngewehi sing jelas marang aku.

Pranyoto awakmu sakwise awakmu ngomong


pedot,sakkabehe bakal rampung.awakmu iso aman aman wae.Tapi
awakmu nate mikir,amarga ucapanmu aku kelaran?ahh... egomu duwur.Awakmu wis ora
peduli.

Ah... banyu mataku netes,netesi pipiku. Emboh apa sing nggae awakmu lungoSangka
perpisahan kui, aku kangelan mbukak atiku kanggo wong liyo.dino-dinoku kebak kuciwo lan
aku durung bisa nrima kedadeyan wektu iku.punapa sliramu ngetokne aku mlaku dewe?

Sak jujure aku uwis ngikhlasne sliramu lungo,ananging aku isek ngarepake yen
sawijinjng dina sliramu mbalek karo aku.

Jaman semono, sliramu nate cerita babagan endahe tresna.ananging, sakkabehe kui ora
mengerteni blas.
Ananging wiwit perpisahan kui,aku ora mangerteni yen ora selawase tresna kui endah.koyo
sing mbok ceritakne nang aku.

Aku sing mbiyen tai ngrlukis tresna bebarengan imajinasinu ngizinne sliramu lunga,tanpo
perlu melodi tresna saka aku.Saiki aku pingin terus mlaku dewe tanpa mikul sewe
kangen.ananging babagan cerita sjng tau awakedewe lukis bebarengan iku,bene cerita kui
abadi.amaga saka cerita kui aku mengerteni
yen apa artine tresna lan tatu.

Iku uga kisah mandeking cerita tresnaku...


BOLOS SEKOLAH
Dening : Yudha Ferdiansyah

Sawijining dino aku karo konco-koncoku budal


jam 06.45 isuk sak tekone sekolah aku kasep karo
koncoku banjur aku dikon menyang ruang piket
dikon moco utowo apalan al-Qur'an nanging aku
karo konco koncoku okeh sing ora apal nanging
sing marai aku di kon latian ngaji aku langsung
mlebu kelas nanging aku dikongkon njaluk surat
ijen mlebu kelas disek.aku karo koncokh dadak mubeng golek guru piket disek.
Sawise cetuk kalih guru piket aku banjur langsung mlebu menyang kelas aku di takoni guru
ku"nyapo yahmene lagi teko" aku jawab"mbangkong bu" lan guru ku nyauri "la tangimu jam
piro" aku jawab "jam setengah 7 bu" banjur aku langsung dikon lingguh menyang lan melu
pelajaran ora sui bel istirahat ing kelas uwes muni banjur aku bukak hp sawise bukak hp let sui
ono pesan mlebu "koncoku podo ngajak mbolos sekolah aku iseh bingung yen arep mbolos
karo koncoku nanging aku ora gowo tas amargo aku budal uwes kawanen.sawise mlaku budal
bolos lan aku mbolos uwes enek 2 jan banjur aku tekok konco sing ono neng kelas enek sing
ngulang opo ora amargo aku arep mbalek menyang kelas maneh njupuk tas banjur aku muleh.
Aku karo koncoku sido muleh aku teki omah banjur gantu klambi lan aku maem sawise sampe
maem aku langsung turu

Mula saka kedadean iku bisa kadudut yen mbolos ora marai pinter malah tansoyi gawe rugi
lan masa delan kuwi nentokake awak dhewe

You might also like