You are on page 1of 1

Tulung pitulung tanpa pamrih

Esuk sing cerah, Bu Nayla, garwa ne Pak RT, badhe tindak peken. Bu Nayla kuwi wong sing ceria, wong sing ditemoni
ing saben dalan mesthi ditimbali. Lajeng wonten tengahipun dalan, dheweke ketemu tanggane dewe.

Bu Niha : Eh Bu Nayla badhe tindak pundi?


Bu Nayla : Badhe tindak peken bu
Bu Niha : Wah, kulo nggih ajeng ting peken, sareng mawon.

Ibuk-ibuk kui banjur padha menyang pasar bebarengan. Ing tengah dalan karo omong-omongan, wong loro mau ora
ngreti yen saka kadohan ana wong enom nyawang tase Bu Niha.

Bu Nayla : Eh Bu Niha, saiki akeh maling sing keliaran


Bu Niha : Nggih bu, wingi niko sederekke kulo dicegat maling nalika ajeng menyang peken.
Bu Nayla : Wah, marai was-was nggih bu. Apa padha ora nduwe gawean?
Bu Niha : Bu Nayla ki piye, jenenge rampog yo------
Wong loro : EH EH EH EHHH

Pranyata nom-noman sing mau nyawang tas e Bu Niha kuwi minangka maling sing digoleki warga. Bu Nayla lan Bu
Niha banjur bengok-bengok njaluk. Nanging sayange maling kuwi luwih unggul. Bocah sekolah sing lagi mlaku mulih,
krungu bengok-bengok, banjur nulungi.

Alberta : Eh clar clar, ana maling, ayo nulungi


Clara : Ning ngendi?
Alberta: Kae, ayo dicedhaki
-----------------------------------------------------------------------------
Alberta : Wonten nopo bu?
Bu Nayla : Ana maling mbak!!! iku maling mlayu!!!
Clara : Ayo dioyak

Sayange, nalika ngoyak maling kasebut, cah sekolah seng nulungi mau kelangan jejak.

Clara : Lha malinge endi? cepet banget mlayu ne


Alberta : (psstt psstt)
Clara : (manthuk-manthuk) HAYOLOO! Akhire ketemu. Cepet balekke tas kui!
Farel : Wegah!!!

Cah sekolah lan maling e kui banjur rebutan tas e bu Niha. Nalika wis sui sing rebutan, akhire maling kuwi digebuki
banjur digawa ning ibuk-ibuke mau.

Alberta: Bu, niki malinge pun dicekel, ajeng diapakke nggih?


Bu Niha : Pasrahke pak RT wae
Alberta : Oh nggih pun, niki tas e bu
Bu Niha : Wah matur nuwun wis nulungi, iki dek gawe tumbas jajan nggih
Clara : Mboten usah bu, kita ikhlas
Bu Nayla : Ora apa-apa, tampa wae, kanggo jajan
Clara : Ampun bu, mboten usah
Bu Niha : Nggih pun, matur suwun sanget nggih

You might also like