You are on page 1of 4

PEMERINTAH KOTA KEDIRI

DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH DASAR NEGERI MOJOROTO 1
Jl. Jaksa Agung Suprapto No. 12 (0354) 777003 Kode Pos: 64112
E-Mail : armoga03@gmail.com NPSN : 20534604 NSS : 101105630125 NIS : 100017
KEDIRI

UJIAN SEKOLAH
SEKOLAH DASAR / MADRASAH IBTIDAIYAH
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

LEMBAR SOAL UTAMA


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari/Tanggal :
Waktu :
Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener !
1. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kadadeyane ......
a. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya
b. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene
manungsa
c. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya
d. Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 wayah 22.00
WIB
2. Sing ora klebu paugeran-paugeran pariwara yaiku ....
a. Iklan migunakake medhia massa kagem maringaken kabar
b. Migunakake sponsor kanggo narik kawigaten
c. Duweni sifat menehi informasi marang khalayak utawa masyarakat
d. Migunaake masyarakat kanggo mangerteni produk
3. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ......
a. Ukarane ngajak-ngajak c. Ukarane nyenengake
b. Ukarane mamerake d. Ukarane ngujuk-ngujuki
4. Ing ngisor iki ukara sing kalebu jinise pariwara/iklan yaiku .....
a. Ngundhuh wohing pakarti c. Lemah longsong mendhem ewonan omah
b. Gunakna banyu sacukupe ! d. Becik ketit, ala ketara
5. Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani .....
a. Guru lagu b. Guru wilangan c. Guru swara d. Guru gatra
6. Cacahe wanda saben gatra diarani .....
a. Guru lagu b. Guru wilangan c. Guru swara d. Guru gatra
7. Wewaton kang ora ana ing tembang macapat yaiku wewaton guru .....
a. Gatra b. Basa c. Wilangan d. Lagu
8. Ing ngisor iki kang kalebu jinise tembang macapat, kejaba ......
a. Campursari c. Megatruh
b. Maskumambang d. Pucung
9. Tembang Pangkur iku ana ...... gatra
a. 5 b. 6 c. 7 d. 8
10. Kang duweni watak luwes, ngresepake yaiku tembang .....
a. Asmaradana b. Megatruh c. Dhandanggula d. Maskumambang
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomor 11-14 !

Jam pitu mlebu sekolah

Kaya ngene rasane dadi murid

Wira-wiri saben esuk

Angundi kapinteran

Durung uwis lamun durung antuk kursus

Tanda tamat sinaune

Iku layang migunani

11. Miturut paugeran tembang ing dhuwur mujudake tembang ......


a. Kinanti b. Durma c. Pangkur d. Sinom
12. Tembang macapat ing dhuwur duweni watak .......
a. Seneng b. Mituturi c. Sedih d. Nantang

13. Guru wilangan lan guru lagune pada ing dhuwur yaiku ....
a. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i c. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8e, 8i
b. 12u, 6a, 8i, 12a d. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
14. Guru gatrane tembang ing dhuwur yaiku ...... gatra
a. 7 b. 5 c. 4 d. 6
15. Aku turu, menawa simbah .....
a. Bobok b. Gerah c. Sare d. Tilem
16. Ibu lunga menyang pasar. Menawa didadeke basa krama alus ....
a. Ibu lunga nang pasar c. Ibu tindhak menyang pasar
b. Ibu tindhak dhateng peken d. Ibu tidhakan pasar
17. Ani marang ibune benere nggunakake basa ......
a. Biasa b. Krama c. Desa d. Ngoko
18. Gunawan punika putra bapak Ngadino. Sing dicetak miring tegese ......
a. Bapak b. Anak c. Ponakan e. Putu
19. Tegese saloka jer basuki mawa beya .....
a. Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan
b. Amrih bisa sugih, butuh utangan
c. Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur
Amrih bisa seneng, butuh mangan enak
20. Tanggal 2 Mei iku dipengeti dina .......
a. Kartini c. Pendidikan Nasional
b. Kebangkitan Nasional d. Olahraga Nasional
21. Semboyan Ki Hajar Dewantara kang duweni teges pemimpin paring dorongan tumrap anak
dhidhike yaiku ......
a. Ing Ngarso Sung Tuladha c. Tut Wuri Handayani
b. Ing Madya Mangun Karsa d. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
22. Dina Kartini dipengeti saben tanggal .....
a. 2 Mei b. 20 Mei c. 21 Mei d. 21 April
23. R.A Kartini iku miyos ing kutha .....
a. Jepara b. Sala c. Rembang d. Ngayogyakarta
24. Frekuensi AM lan FM iku digunakake ing siyaran ......
a. Radhio b. Televisi c. Ariwarti d. Kalawarti
25. Piranti komunikasi tradhisional, yaiku ......
a. Telegram b. Telpon c. HP d. Kenthongan
26. Menawa adoh, manungsa iseh isa tetep sesrawung migunakake ........
a. Piranti komunikasi c. Andhong
b. Dhuwit d. Adu arep lan ketemu
27. Ing ngisor iki mufangate internet, kejaba ........
a. Sarana sesrawung c. Nggoleki informasi tartamtu
b. Gawe bubrahe tatanan d. Sarana nulisake ide lan pikiran
28. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku ...
a. Bocor malah enak c. Segara beldhes
b. Wong adol krambil dikepruki d. Sega sakepel dirubung tinggi
29. Kebo picak klebu cangkriman ........
a. Awujud pepindhan c. Sinawung ing tembang
b. Awujud blenderan d. Awujud wancahan
30. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane ......
a. Nanas b. Salak c. Sirsat d. Sirkaya
31. Ora mudhun-mudhun yen ora gawa mrica sakanthong, kalebu cangkriman .......
a. Awujud pepindhan c. Sinawung ing tembang
b. Awujud blenderan d. Awujud wancahan
32. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane ........
a. Andha b. Prau bocor c. Gendheng bocor d. Benik

33. Batangane “Ontong gedhang” cangkrimane, Pak Demang klambi abang .....
a. Disuduk manthuk-manthuk c. Rupamu kaya kranjang
b. Disawang malah ilang d. Penggaweane saba blumbang
Wacanen sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 34-36 !

Assalamualaikum Wr. Wb
Nuwun,
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa, para perangkat desa, lan warga
masyarakat ingkang dipun mulyakaken, langkung rumiyin mangsa kula lan
panjenengan aturaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos
ingkang maringi kanikmatan lan kasarasan dhumateng kula lan panjenengan.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedik babagan gotong-royong. Gotong-
royong punika gawean kang dilakokake bareng-bareng kanthi adhil. Gotong-
royong ugi saged ngraketake rasa kakaluargaan saindenge anggota masyarakat.
Gotong-royong ampun ngantos ical saking diri kula lan panjenengan. Amargi
samenika sampun kathah tiyang ingkang luwih mentingaken kepentingan
piyambak. Kedadosan punika bebarengan kaliyan mlebetipun kabudhayan saking
kilen ingkang luwih ngutamakake individualisme. Kula lan panjenengan sadaya
anggenipun dados generasi penerus ingkang dipun pangajeng-ajeng dening tiyang
sepuh supados saged ningkatake rasa kesatuan lan persatuan negara, mula kedah
nguri-nguri punapa kemawon ingkang dados kabudayaning bangsa, kadosa
babagan gotong-royong punika.
Kula kinten cekap semanten kemawon anggenipun kula matur, menawi wonten
kaluputanipun kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb

34. Sesorah ing dhuwur ngandharake bab ...........


a. Pendidikan b. Kesehatan c. Kejujuran d. Gotong-royong
35. Sesorah ing dhuwur katujokake marang .........
a. Kepala sekolah lan guru
b. Murid-murid sekolah
c. Perangkat desa lan warga masyarakat
d. Anggota karang taruna
36. Kang kasebut uluk salam yaiku ........
a. Nuwun
b. Para perangkat desa lan warga masyarakat ingkang dipun mulyaaken
c. Langkung rumiyen mangga kita aturaken raos sukur dhumateng Gusti Ingkang Maha
Kuwaos ingkang maringi kenikmatan lan kesarasan dhumateng kula lan panjenengan
sedaya.
d. Wonten mriki kula badhe ngandharake sekedhik babagan gotong royong
37. Gatekna wacan ing ngisor iki !
Assalamualaikum Wr. Wb
Salam kasugengan sastra karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya.
Aamiin
Ukara kasebut klebu perangan sesorah kang diarani .....
a. Salam pambuka c.Wasana basa
b. Surasa basa d. Salam panutup

38. Ukara “kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten klentunipun nyuwun
pangapunten”, kasebut ......
a. Purwaka c. Uluk salam utawa salam pambuka
b. Isi utawa wigatining atur d. Panutup
39. Gatekna prakara ing ngisor iki !
1) Solah bawa kang lumrah, tatag, lan ora kaku
2) Tangan asring nyekeli mikropon
3) Deleng marang wong kang diajak guneman
4) Gandhang swarane lan gunemane
5) Asring nggunakake tembung “e”
Kang kalebu bab wigati nalika pidhato yaiku nomer ....
a. 1), 2), lan 3)
b. 1), 2), lan 4)
c. 1), 3), lan 4)
d. 3), 4), lan 5)
40. Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ......
a. Ukara b. Cengkorongan c. Dudutan d. Gagasan baku

You might also like