You are on page 1of 2

Bima Bungkus

Ing jaman mbiyen neng kerajan hastina wektu dipanggedheni karo prabu
pandu dewanata, dheweke nduweni bojo nduwe jeneng dewi kunti. Wektu
putra kapindho saka prabu pandu lair karo wujud bungkus. merga lair karo
wujud bungkus, mula prabu pandu njaluk tulung marang para kurawa kanggo
primen memecahkan bungkus iku. Para Kurawa pun nglakoni aba-aba saka
Prabu Pandu, ning nduweni pangarah ala kanggo mateni bayi kasebut wektu
bungkusnya pecah. Nanging merga bungkus keliwat angel kanggo pecah, mula
dibenke ngono wae tekan 8 taun kapungkur tekan arine janaka / arjuna lair.
Sakwise janaka dewasa, dheweke nemoni embah begawan abiyasa. Dheweke
narekne nasib mbake sing ing wujud bungkus isih durung pecah lan njaluk
tulung supaya mbake saka bungkusnya. embah begawan abiyasa njawabe
menawa tinggalake wae bayi iku ing wujud bungkus neng Lambar Mandalasa,
tekan tulungan dewa teka. Embah Begawan Abiyasa uga nggenahake menawa
sakwise mbake lair saka bungkus, dheweke arep dadi anak sing sakti
mandraguna lan wektu dewasa arep dadi satria utama. Ketekan bayi bungkus
iku nggawe gempar kabeh kerajan hastina. merga ora ana sing isa
memecahkan bungkus iku. mula Bathara Guru ngongkon gajah sena kanggo
memecahkan bayi bungkus iku.

Bacut terus gajah sena mecahke bayi bungkus tersebu. Wektu memecah
bungkus, gading gajah sena digenggam karo bayi bungkus.Sakwise
memecahkan bungkus iku gajah sena mati, ning kabeh kekuwatan lan
kesaktian gajah sena mlebu menyang bayi iku. Bayi iku diweh jeneng Bima lan
gading gajah iku dadi pusaka bayi tersebu, sing karan kuku pancanaka. Banjur
bathara guru ngongkon dewi umayi kanggo menehi pelajran urip kanggo bima
kaya tata cara urip, tata cara dadi agul-agul lan ngewehake klambi, gelang lan
kalung marang Bima. Sakwise metu saka bungkusnya Bima nemoni karo
Bathara Naradha. Dheweke njaluk tutur marang dheweke. Dheweke pitakon
sapa awake sabenere. Bathara Naradha pun njawab menawa dheweke yaiku
putra saka Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunti.

Samuel.P

XJ / 30

You might also like