You are on page 1of 2

AKAD NIKAH KARATON SURAKARTA

Wali: “Kakang Pengulu Tapsir Anom! Panjenengan kula sraya aningkahaken anak kula R.Aj. Sri
Kusumaningrum lawan bocah RM. Sigit Hadiprawiro putranipun KRMT Purwonegoro.”

Pengulu: “Inggih” (Pengulu lanjeng maos Khutbah Nikah, istighfar, syahadat):

‫بسم اهلل الرمحن الرحيم‬


‫بسم اهلل واحلمد هلل والصالة والسالم على رسول اهلل صلى اهلل عليه وسلم‬
‫أصيكم عباد اهلل ونفسي بتقوى اهلل على ما امر اهلل به من امساك مبعروف او تصريح بإحسان‬

Awit ingkang asma Allah ingkang maha murah tur maha asih. Awit ingkang asma Allah,
sakèhing pangalêmbana iku konjuk ing Allah. Rahmating Allah lan salaming Allah iku muga
kaparingna marang Kangjêng Rasulullah. Gusti Allah muga paringa rahmat lan salam
marang Kangjêng Rasulullah. E para kawulaning Allah, lan e awak ingsun dhewe! Ingsun
pitutur ing sira kabèh, padha wêdia ing Allah. anêtêpi sabarang kang wus diparentahake
dening Allah kaya ta amêngku bojo kalawan bênêr bêcik, utawa amêgat kalawan bêcik aris.

‫اقول قويل هذا واستغفر اهلل العظيم يل ولكم ولوالدينا وملشاخينا ولسائر املسلمني واملسلمات واملؤمنني‬
‫واملؤمنات فاستغفروه انه هو التواب الرحيم‬
Istighfar x 3, syahadat x 3 dipun terokaken manten jaler + hadirin

Pengulu: “Ingsun aningkahake R.Aj Sri Kusumaningrum putrine KRMT Tandhanagara ing
sira RM. Sigit Hadiprawira, kalawan maskawin salaka putih bobot satail.”

Penganten Jaler: “Kula tarima, anggèn sampeyan ningkahakên R.Aj Sri Kusumaningrum
putrinipun estri KRMT Tandhanagara, ing kula kalayan maskawin salaka pêthak wawrat
satail.”
Pengulu lajeng donga:

‫بارك اهلل لكما اللهم الف بينهماكما الفت بني املاء والطني اللهم طول عمرمها وصحح اجسادمها‬
‫ونور قلوهبما وثبت إمياهنما و احسن اعماهلما وإىل اخلري أقرهبما وعن الشرأبعدمها واقض حوائجهما‬
‫يف الدين والدنيا واألخرة برمحتك يا أرحم الرامحني‬

Gusti Allah muga paring bêrkah marang sira pangantèn sakaloron. Duh Allah! Tuwan mugi
angêmpalna pangantèn sajodho punika, kados anggèn Tuwan angêmpalakên toya kalihan
êndhut. Dhuh Allah! Tuwan mugi amanjangna ngumuripun pangantèn sajodho punika lan
mugi anyarasna badan wadhagipun pangantèn sajodho punika lan mugi amadhangna
manahipun pangantèn sajodho punika lan mugi anêtêpna kapêrcayanipun pangantèn
sajodho punika lan mugi anyaèkna kalakuanipun pangantèn sajodho punika lan mugi
angathahna rêjêkinipun pangantèn sajodho punika lan pangantèn sajodho punika mugi
Tuwan cêlakakên dhatêng kasaenan lan pangantèn sajodho punika mugi Tuwan têbihakên
saking piawon lan mugi Tuwan amaringana sadaya kabêtahanipun pangantèn sajodho
punika kabêtahan ing bab agama, lan kabêtahan tumrap ing donya, punapadene kabêtahan
tumrap ing akherat kêlampahanipun ingkang makatên wau sadaya, asarana rahmat Tuwan,
dhuh asih-asihing para asih.

Taklik Tholaq: Pangulu sasampuning andonga lajêng andhawuhakên janji dalêm makatên:
“Ki Pangantèn RM. Sigit Hadiprawira! Pakênira tômpa janji dalêm Sampeyan Dalêm
Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan; samangsane pakênira nambang marang rabi pakênira
R.Aj Sri Kusumaningrum têgêse nambang: ora ngingoni, utawa ora ngomahi, utawa ora
ngêsihi marang rabi pakênira R.Aj Sri Kusumaningrum, utawa pakênira aninggala rabi
pakênira R.Aj Sri Kusumaningrum pitung sasi laku dharatan utawa rong taun nyabrang
sêgara, kang liyane anglakoni ayahan dalêm, tan trimane rabi pakênira R.Aj Sri
Kusumaningrum nganti raphak ing pangulu, môngka runtuha talak pakênira siji marang rabi
pakênira R.Aj Sri Kusumaningrum.”
Manten Jaler: “Inggih”
Akad Nikah sampun rampung.

You might also like