You are on page 1of 3

1. Kenduren iku slametan sing lumrahe tujuane ….

A. nyenyuwun marang Gusti Allah


B. ketemu karo tangga teparo
C. ngraketake paseduluran
D. andum rejeki marang tangga
2. Sing mimpin donga nalika kenduren iku lumrahe disebut ….
A. kaum
B. naib
C. carik
D. modin
3. Kang ora disuwun dening warga nalika kendurenan yaiku ….
A. keslametan
B. lancare rejeki
C. kabagaswaran
D. kacilakan
4. Sawise didongani, ambeng padha dikedhapi, iku tandha pribadine warga kang ….
A. guyub
B. grapyak
C. andhap asor
D. prigel
5. Meh saben wulan, ing salah sawijining papan ing Jawa Tengah nganakake kendurenan,
iku tandha yen warga isih nguri-uri bab ….
A. tata krama
B. tata susila
C. budaya
D. upacara
6. Anggone kenduren dicepakake klasa, mula lungguhe sing becik ….
A. timpuh
B. slonjor
C. sila
D. jengkang
7. Candhi Borobudhur iku mapan ing kabupaten ….
A. Magelang
B. Sleman
C. Temanggung
D. Purworejo
8. Tataran Kamadhatu iku nggambarake jaman ….
A. sadurunge manungsa lair
B. bebarengane manungsa lair
C. sawise manungsa lair
D. sawise manungsa mati
9. Tataran kaping telu ing Candhi Borobudhur iku arane …
A. Kamadhatu
B. Rupadhatu
C. Arupadhatu
D. Dewadhatu
10. Reca sing mapan ing stupa Candhi Borobudhur iku reca ….
A. Bima
B. Werkudara
C. Dewa
D. Buddha
11. Serat Wulangreh iku anggitane ….
A. Susuhunan Pakubuwono IV
B. Susuhunan Pakubuwono V
C. Susuhunan Pakubuwono VI
D. Susuhunan Pakubuwono VII

Ambege kang wus utama,


tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit,
suka lila denina sapadha-padha.

12. Yen disemak kanthi temenan, pada tembang ing dhuwur nuduhake sipate wong sing ….
A. umuk
B. gumedhe
C. kemaki
D. andhap asor
13. Tumindak kaya sing disebutake ing pada tembang dhuwur kalebu tumindak sing ….
A. nistha
B. utama
C. prayoga
D. becik
14. Pintere den alingi, bodhone dinokok ngayun. Manut ukara kuwi sing dipapanake ing
ngarep yaiku ….
A. pintere
B. bodhone
C. ilmune
D. patrape

Ingsun uga tan mangkana,


balilu kang sun alingi,
kabisan sundekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.

15. Tembung ingsung iku padha karo ….


A. kowe
B. dheweke
C. piyambake
D. aku
16. Tingkah laku ing pada tembang iku tingkah laku sing disebut ….
A. lembah manah
B. umuk
C. andhap asor
D. luruh
17. Tembung ing pada tembang ing dhuwur sing tegese padha karo bodho yaiku ….
A. balilu
B. sujanmi
C. wasis
D. carita

Carita nggon ingsun nular,


wong tuwa kang momong dhingin,
akeh kang sugih carita,
sun rungokken rina wengi,
samengko maksih eling,
sawise diwasaningsun,
bapak kang paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata-krama ing pratingkah kang raharja.

18. Pituture wong tuwa nganti dewasa isih kelingan amarga ….


A. sinau kanthi temenan
B. pitutur dirungokke awan bengi
C. bapak sing mulang
D. ibu sing mituturi
19. Sing diwulangake bapak lan dituturake ibu yaiku ….
A. ilmu sing daktularake
B. carita kang maneka warna
C. pitutur sing apik
D. tatanan ing solah bawa

Wiwitan kang aprasapa,


Ki Ageng ing Tarub weling,
ing satedhak turunira,
tan rinilan nganggo keris,
miwah waos tan keni,
kang awak waja puniku,
lembu tan kena dhahar,
daginge lan ora keni,
angingua marang wong Wandhan tan kena.

20. Sing ora kalebu larangane Ki Ageng Tarub kanggo turune yaiku ….
A. ora kena nganggo keris
B. ora kena nganggo waja
C. kena mangan daging sapi
D. ora kena ngopeni wong wandhan

You might also like