You are on page 1of 2

Tata Krama lan Unggah-Ungguh Basa

Tata ateges becike pangetrap mawa pranatan sing becik. Krama ateges pratingkah, patrap, tata
pranatan kang becik, subasita.
Dadi tata krama tegese sakabehe patrap, ucap, pratingkah/tumindak, solahbawa, tata pranatan kang
becik, subasita. Basa Indonesiane tingkah laku utawa sikap. Dene unggah-ungguh basa tegese cara
nggunakake undha-usuk utawa tataran tembung sing trep lan bener laras karo unggah-ungguh basane
Unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama.
Ngetrapke unggah-ungguh basa Jawa ateges nggunakake tataran tembung kanggo ndhapuk ukara
miturut sapa sing nggunakake lan manut wujude unggah-ungguh basa.
Tataran tembung kaperang dadi tembung ngoko, madya, krama lan tembung krama inggil.
Manut wujude unggah-ungguh basa kaperang dadi loro yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Cethane
mangkene:
1. BASA NGOKO
a. Basa Ngoko Lugu
Kabeh tembung nggunakake tembung tataran basa ngoko.
Tuladha:
1) Kowe sesuk ana ngomah?
2) Mengko sore, aku arep tuku buku ing Gramedia.
3) Ibu aku arep pamit arep mara ana ing omahe Bu Guru, arep nyilih buku.

b. Basa Ngoko Alus utawa basa Ngoko Andhap

Tataran tembunge tembung basa ngoko, basa tembung krama, lan tataran tembung basa krama
inggil.
Tuladha:
1) Ibu, apa sesuk ana dalem?
2) Mengko sore, Bapak arep menyang toko buku Gramedia.
3) Ibu aku pamit arep sowan ing daleme Bu Guru, arep ngampil buku.

2. BASA KRAMA
a. Basa Krama Lugu
Kabeh wujude tataran tembung basa krama. Biasane digunakake basa ing desa, ing pasar-pasar
Tuladha:
1) Sampeyan mang mriki sedhela!
2) Sampeyan benjang teng griya?
3) Gadhahan sampeyan niki mangke ajeng kula dugekaken teng griya sampeyan, Pak

b. Basa Mudhakrama utawa Basa Krama Alus

Basa Krama Alus/Basa Krama Andhap/Basa Mudhakrama diarani basa Mudhakrama amarga sing
nggunakake wong mudha/enom utawa wong sing kalungguhane/drajate luwih cendhek karo wong
tuwa utawa sing ka- lungguhane luwih dhuwur. Tataran tembung sing digunakake tataran tembung
krama digunakake wong kapisan utawa awake dhewe lan tembung liyane. Tembung krama inggil
digunakake kanggo wong kapindho utawa wong tuwa.
Tuladha:
1) Ibu saha Bapak benjang wonten dalem?
2) Ibu, kula pamit badhe sowan wonten dalemipun Bu Guru, badhe ngampil buku.
3) Kagungan panjenengan menika, mangke badhe kula sowanaken wonten dalem panjenengan, Pak.

You might also like