You are on page 1of 2

Tata Krama lan Unggah-Ungguh Basa

Tata ateges becike pangetrap mawa pranatan sing becik. Krama ateges pratingkah, patrap, tata pranatan kang becik,
subasita.
Dadi tata krama tegese sakabehe patrap, ucap, pratingkah/tumindak, solahbawa, tata pranatan kang becik, subasita.
Basa Indonesiane tingkah laku utawa sikap. Dene unggah-ungguh basa tegese cara nggunakake undha-usuk utawa tataran
tembung sing trep lan bener laras karo unggah-ungguh basane
Unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama.
Ngetrapke unggah-ungguh basa Jawa ateges nggunakake tataran tembung kanggo ndhapuk ukara miturut sapa sing
nggunakake lan manut wujude unggah-ungguh basa.
Tataran tembung kaperang dadi tembung ngoko, madya, krama lan tembung krama inggil.
Manut wujude unggah-ungguh basa kaperang dadi loro yaiku Basa Ngoko lan Basa Krama. Cethane mangkene:
1. BASA NGOKO
a. Basa Ngoko Lugu
Kabeh tembung nggunakake tembung tataran basa ngoko.
Kanggone:
1) Wong tuwa marang bocah/wong enom
2) Guru marang muride
3) Bocah karo kencane kang kulina banget
4) Bendara marang rewange

b. Basa Ngoko Alus utawa basa Ngoko Andhap

Tataran tembunge tembung basa ngoko, basa tembung krama, lan tataran tembung basa krama inggil.
Kanggone:
1) Bocah padha bpcah kang nembe kenal
2) Wong kang pangkate dhuwur marang sepadane
3) Wong sepuh marang wong enom kang pangkate luih dhuwur

2. BASA KRAMA
a. Basa Krama Lugu
Kabeh wujude tataran tembung basa krama, ora kecampuran basa ngoko lan krama inggil
Kanggone:
1) Bocah nalika mangsuli/diajak guneman wong tuwa
2) Wong kang durung raket banget
3) Wong tuwa karo wong tuwo

b. Basa Mudhakrama utawa Basa Krama Alus

Basa Krama Alus/Basa Krama Andhap/Basa Mudhakrama diarani basa Mudhakrama amarga sing nggunakake wong
mudha/enom utawa wong sing kalungguhane/drajate luwih cendhek karo wong tuwa utawa sing kalungguhane luwih
dhuwur. Tataran tembung sing digunakake, tataran tembung krama digunakake wong kapisan utawa awake dhewe
lan tembung liyane. Tembung krama inggil digunakake kanggo wong kapindho utawa wong tuwa.
Kanggone:
1) Wong enom karo wong tuwa
2) Murid marang gurune
3) Anak marang bapak/ibu

LATIHAN SOAL
1. Ngoko Lugu : Budhe tuku gula ½ kg karo beras 1 kg.
Ngoko Alus : Budhe mundhut gula ½ kg karo beras 1 kg
Krama Alus : Budhe mundhut gendhis ½ kg kalih wos 1 kg.

2. Ngoko Lugu : Ayo pak dipangan dhisik wae!

Ngoko Alus : Ayo pak didhahar dhisik wae!
Krama Alus : Mangga pak dipundhahar rumiyin kemawon!

3. Ngoko Lugu : Swarane kaya Wrekudara lagi nesu.

Ngoko Alus : Swantene kaya Wrekudara lagi duka.
Krama Alus : Swantenipun kados Wrekudara nembe duka.

4. Ngoko Lugu : Wetenge ibu esuk-esuk krasa lara, bubar mangan sega goreng pedhes banget.
Ngoko Alus : Wetenge ibu esuk-esuk krasa gerah, bubar dhahar sega goreng pedhes banget.
Krama Alus : Padharanipun ibu enjing-enjing kraos gerah, rampung dhahar sekul goreng pedhes sanget.

You might also like