Bahasa Jawa Um 2021

You might also like

You are on page 1of 10

I.

Wenehana tandha “ping” (X) wangsulan kang bener ing aksara A, B, C, utawa D, ana ing lembar
jawab kang wis disediakake!

Dina iki dina sing nyenengake gawe Banu. Saiki dina pisan pasa. Kanggo Banu sasi
pasa yaiku sasi sing paling istimewa, amarga sasi iki sasi kang akeh kagiyatan ngibadah
bareng-bareng. Senajan pasa, Banu tetep ngrewangi ibune dodolan takjil ing latar omah.
Banu ora tau ngangluh anggone pasa. Sawijining dina, ana pengemis katon kengelihen ing
sebrang omahe Banu. Pengemis kuwi banjur mara ana ing papan panggonan Banu dodolan
takjil. Dekne pengen tuku wedang putih segelas ananging ora duwe duwit gawe bayar. Banu
ora tega banjur menehi wedang es buah lan takjilan liyane kanthi gratis. Pengemis ngrasa
bungah lan dongakake Banu kang apik. Banu uga ngrasa bungah amarga bisa tulung
tinulung.
1. Paraga utama crita ing dhuwur yaiku …
A. Banu
B. Ibu
C. Pengemis
D. Dekne
2. Papan panggonan kadadeyan crita ing dhuwur ana ing …
A. sasi pasa
B. latar omah
C. pekarangan
D. sebrang omah
3. Watake Banu ing crita kasebut yaiku ...
A. sabar
B. sumeh
C. jujur
D. loma
4. Pasulayan utawa konflik saka crita ing dhuwur yaiku ….

A. Banu seneng amarga saiki dina pisan sasi pasa

B. Banu tetep ngrewangi ibune dodolan takjil sanajan pasa

C. Pengemis pengen tuku wedang putih ananging ora duwe duit

D. Sasi pasa sasi paling istimewa


Pangetan Dina Sumpah Pemuda

Sumpah pemuda dipicu ing Kongres Pemuda II tanggal 28 Oktober 1928.


Kongres iki dirawuhi dening akeh peserta kayata Jong Java, Jong Sumatranen Bond,
Jong Celebes, lan liya-liyane. Salah sawijining tujuan Kongres Pemuda II yaiku kanggo
nguatake kesadaran nasional lan kesatuan Indonesia. Amarga Indonesia kalebu macem-
macem kelompok etnis lan budaya, mula perlu ana persatuan kanggo nglawan penjajah.
Ing kongres kasebut, para pemuda sarujuk kanggo mutusake telung janji, yaiku
bertumpah darah siji, siji bangsa, lan siji basa. Janji kasebut banjur diarani Sumpah
Pemuda. Mula saben tanggal 28 Oktober nganti saiki dipengeti dadi dina sumpah
pemuda. Intine, makna sumpah pemuda yaiku persatuan lan kesetaraan, tanpa preduli
saka macem-macem budaya sing ana ing Indonesia.Ing tengah-tengah akeh masalah ing
taun 2020, kayata pandemi COVID-19 kita minangka pemuda Indonesia kudu ngerti
tegese sumpah pemuda.Sawetara makna sumpah pemuda sing bisa ditindakake yaiku
nasionalisme lan tetep njaga manunggal bangsa, sanajan ing jaman kangelan.

5. Tema teks ing dhuwur yaiku …


A. perjuangan
B. politik
C. pendidikan
D. propaganda
6. Tembung sarujuk ana teks ing dhuwur iku padha tegese karo tembung …
A. sabar
B. sadhar
C. setya
D. setuju
7. Ukara pokok paragraf teks ing dhuwur yaiku ukara kaping …
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
8. Pitutur kang bisa dijupuk saka teks Pangetan Dina Sumpah Pemuda yaiku …
A. Sanajan wis merdhika kita ora prelu mengeti dina sumpah pemuda.
B. Sanajan beda budaya lan etnis kudu manunggal kanggo nglawan penjajah.
C. Pemuda sakiki ora prelu ngerti tegese sumpah pemuda.
D. Namung pemuda kang iso mengeti dina sumpah pemuda.
9. Tembung menawa dilatinake dadi …
A. sepata layar
B. sepatu lanyar
C. sepatu mayar
D. sepatu anyar

Ing jaman biyen ana kraton kang rajane Prabu Menak Prakosa. Kagungan putra kakung
arane Raden Banterang. Kesenengan Raden Banterang yaiku beburon ing alas. Nalika Raden
Banterang tekan alas pirsa wanita ayu lagi methik kembang. Wanita ayu iku asmane Putri Surati.
Dening Raden Banterang Putri Surati dipundhut garwa. Nuju sawijining dina, Putri Surati
ketemu Kangmase kang dikira wis seda. Kangmase Putri Surati arep mbales marang Raden
Banterang amarga wis nyedani ramane yaiku Raja Klungkung. Nanging Putri Surati ora kersa
ngrewangi lan tetep setya marang garwane. Kangmase Putri Surati banjur nemoni Raden
Banterang matur Manawa Putri Surati arep nyedani Raden Banterang. Raden Banterang duka
banget lan ndakwa Putri Surati ora bisa males budi lan ngendikane wis ora bisa dipercaya dening
garwane. Putri Surati banjur njegur kali. Sadurunge njegur kali, Putri Surati ngendika marang
garwane. Menawa sawise njegur mengko banyune kali ambune wangi, iku tegese Putri Surati ora
salah, nanging yen banyune kali mambu badheg tegese Putri Surati salah. Pranyata sawise
njegur, banyu kali mau ngganda wangi. Raden Banterang rumangsa getun banget. Mula wiwit
dina iku papan mau diarani Banyuwangi. Tekan sakiki kondhang dadi Kutha Banyuwangi.

10. Irah-irahan kang trep kanggo crita legenda ing dhuwur yaiku …
A. Sedane Putri Surati
B. Dumadine Putri Surati
C. Dumadine Raden Banterang
D. Dumadine Kutha Banyuwangi
11. Papan kang Putri Surati njegur ing kali tekan sakiki kondhang diarani …
A. Banyubiru
B. Banyuwangi
C. Banyuarum
D. Banyulaut
12. Watak kang duweni Raden Banterang yaiku …
A. brangasan lan groboh
B. sabar lan luhur budine
C. tegas lan adil
D. wicaksana lan tanggungjawab
13. Watak paraga kang bisa ditiru saka crita ing dhuwur yaiku …
A. dhendham
B. gampang nesu
C. setya marang janjine
D. seneng kandha bab kang ora sabenere

14. yen ditulis latin dadine …


A. segara budaya
B. negara budaya
C. nemara budaya
D. segara nyudaya

Sumangga kita sedaya ngaturaken puji sukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung ingkang
sampun maringaken sedaya nikmat lan kasarasan dhumateng kita sedaya saengga kita sedaya
saget kempal wonten ing adicara perpisahan sapunika.

15. Pratelan ing dhuwur minangka perangan sesorah bagean …


A. Salam pambuka
B. Wasana basa
C. Purwaka basa
D. Pangajeng-ajeng lan pangajak
16. Struktur sesorah kababar kaya mangkene :
1) Salam penutup
2) Purwaka basa
3) Wasana basa
4) Salam pambuka
5) Surasa basa
6) Pangajeng-ajeng lan pangajak

Urutan struktur sesorah kang trep yaiku …

A. 4-3-2-6-5-1
B. 4-2-5-6-3-1
C. 4-2-3-5-1-6
D. 4-2-6-5-3-1

Kanggo soal no. 17-19

Yana : “Kowe uwis garap PR Basa Jawa durung, Tir?”

Tirta : “Durung, aku ora mudeng. Aku nurun garapanmu ya?”

Yana : “Aja nurun, Tir. Mengko mundhak kowe ora ngerti apa-apa.”

Tirta : “Mosok dituruni kancane wae ora oleh, Yan?”


Yana : “Karepku ben kowe ya mengko mudheng. Ngene wae, piye yen digarap bareng wae?”

Tirta : “Ya oleh, ……….? “ (A)

Yana : “Piye yen ning omahku wae?”

Tirta : “Oke. Aku tak mara omahmu sakiki.”

17. Sing dirembug ing pacelathon dhuwur yaiku babagan ….


A. PR Basa Jawa
B. Kagiyatan Sekolah
C. Ulangan Basa Jawa
D. Pelajaran ing Sekolah
18. Yen digatekake pacelathon ing dhuwur, amanat kang bisa dijupuk yaiku ….
A. Aja seneng nurun garapan kancane
B. Aja bantu kanca kang kasusahan
C. Gelem nuruni marang kancane
D. Aja gelem garap PR bareng
19. Isine ceceg (A) ing teks pacelathon ing dhuwur kang trep yaiku ….
A. arep kapan?
B. arep apa?
C. arep neng ngendi?
D. arep piye?

Segara
Tirta dadi duwekmu
Aneka ulam urip ing papanmu
Segara, kowe bisa dadi panguripan
Dadi papan panggonan manungsa
golek panganan
Kang aran nelayan
Nanging sakiki anggonmu susah
Dirusak amarga sampah
Segara, kowe bisa dadi kematian
Murka amarga tumindhake durjana
Tsunami nuwuhake pralaya

20. Dasanamane tembung “Tirta” yaiku …


A. angin
B. geni
C. banyu
D. lemah
21. Tembung kosok balenen “susah” yaiku …
A. dhuhkita
B. cidra
C. sabar
D. seneng
22. Piweling kang bisa kajupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku …
A. Segara bisa dadi sumber kematian
B. Perintah kanggo aja buwang sampah sembarangan
C. Perintah kanggo jaga segara saka durjana
D. Tsunami kang medheni gawe segara murka

23. Tembung menawa dilatinake dadi …


A. ngayu negara
B. banyu sengsara
C. banyu negara
D. banyu segara
Kinanthi
Upamane wong lumaku
Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kesandhung padhas
Babak bundhas anemahi
24. Nitik andharan kasebut, Kinanthi iku guru gatrane ana …
A. enem
B. pitu
C. wolu
D. sanga
25. Tembang Kinanthi kasebut gatra 3 guru lagune yaiku …
A. u
B. i
C. a
D. h
26. Kosok balene saka tembung “apes” yaiku ….
A. lara
B. tiba
C. gela
D. beja
27. Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong iku kasebut …
A. Pandhawa
B. Bambangan
C. Punakawan
D. Embanan
28. Gambar iki nuduhake paraga kang jenenge …

A. Petruk
B. Gareng
C. Bagong
D. Semar

29. Raden Arjuna yaiku kastriyane saka ….


A. Pringgondani
B. Madukara
C. Jodhipati
D. Bumi Retawu
30. Aku …. gula ing warunge Mbok Bayan.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku …
A. tuku
B. tumbas
C. mundhut
D. mendhet
31. Ibu saweg … sekul kaliyan tahu.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku …
A. dhahar
B. nedha
C. mangan
D. maem
Siswa : “Nuwun sewu, badhe … (A) Bu.”
Guru : “Ya Nak, kowe arep takon apa?”
Siswa : “Niki bu, tembung irigasi tegesipun punapa nggeh Bu?”
Guru : “……….” (B)
Siswa : “Owalah kados ngoten, nggeh Bu. Matur suwun wangsulanipun.”
32. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg (A) pacelathon ing dhuwur yaiku ….
A. rawuh
B. tanglet
C. taken
D. takon
33. Ukara wangsulan kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg (B) pacelathon ing dhuwur yaiku …
A. Coba pikiren dewe ndisek!
B. Lha kowe ki babagan irigasi wae ora ngerti.
C. Irigasi yaiku obahe pedunung saka siji daerah menyang daerah liyane.
D. Irigasi yaiku upaya sing ditindakake manungsa kanggo ngilekake banyu tetanen.

Kanggo soal no. 34

1) Lebokake ing gelas blender bareng banyu mateng lan gula sakcukupe.
2) Oncekana pelem banjur iris dadi cilik-cilik
3) Jus mangga wis siap dinikmati.
4) Yen wis rampung, tuangake menyang gelas banjur tambahake es serut.
5) Campurake kabeh bahan banjur diblender.
34. Urutan tata carane gawe jus pelem kang bener yaiku …
A. 5-2-4-1-3
B. 2-1-5-4-3
C. 1-5-4-2-3
D. 2-5-1-4-3
35. Ukara kang trep kanggo gambar ing ngisor iki yaiku …

A. Saben seminggu pisan, murid-murid padha


nglaksanakake upacara.
B. Saben dina Senin, para murid padha nglaksanakake
pawai
C. Saben seminggu pisan, murid-murid padha
nglaksanakake kerja bakti
D. Saben dina kamardhikaan, para murid padha
nglaksanakake upacara
II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
36. Gawenen ukara saka tembung ing ngisor iki nganggo basa krama alus!
a. sare
b. tanglet
c. tindak
37. Tulisen aksara Jawa ing ngisor iki nganggo tulisan latin!
38. Gatekna cerkak ing ngisor iki!
Sawijining dina ana bocah jenenge Danar. Danar iki bocah seneng jajan. Sanajan seneng
jajan, Danar iku bocah sing cruwek. Ibune maringi weling supaya aja jajan sembarangan lan
aja lali basuh tangan yen arep mangan. Nalika arep mangan, Danar kelingan piweling ibune.
Ananging, Danar ora ngendahke weling kasebut. Sak uwise mangan Danar krasa mules uga
muntah-muntah kanthi lemes, banjur dipriksakake ing klinik. Kanyata, Danar lara diare
amarga ora jaga keresikan kayata jajan sembarangan lan ora basuh tangan disek. Danar
ngrasa getun amarga ora nganut karo piwelinge ibune. Mula, awit sakiki Danar seneng jaga
keresikan awak lan panganan.
Tulisen ringkesan crita ing dhuwur kang trep!

39. Jlentrehna isine layang ing ngisor iki!

Temanggung, 28 Februari 2021


Kanggo kancaku,
Puspaning Arum
Ing Semarang.
Salam Kangen…
Kanthi layang iki aku menehi kabar, Manawa aku lan kaluwargaku ginanjar Gusti
ing keslametan lan bagas waras. Dak jaluk sliramu sakaluwarga uga pinarigan
keslametan lan bagas waras.
Bakune layangku iki, aku ngabari mengko ing dina prei semesteran rama, ibu lan
aku arep sowan eyang menyang Semarang. Aku sengaja ndherek jalaran aku kepengin
dolan menyang Lawang Sewu. Yen ana longgar wektu mbesuk dak jaluk kowe gelem
ngancani aku.
Wasana cukup semene kabar saka aku, mengko ketemu ing dina prei semesteran.
Kancamu,

Ambarwati

40. Apa piwulang kang bisa dijupuk saka geguritan ing ngisor iki?

Enom tuwa jaler estri,


Kabeh padha kerja bakti,
Kreteg rusak didandani,
Gotong royong saeka kapti.
Pakaryan abot bisa purna,
Amarga bareng tumandang karya.
KUNCI JAWABAN

1. A 8. B 15. C 22. B 29. B


2. B 9. D 16. B 23. D 30. A
3. D 10. D 17. A 24. A 31. A
4. C 11. B 18. A 25. C 32. B
5. A 12. A 19. C 26. D 33. D
6. D 13. C 20. C 27. C 34. B
7. A 14. B 21. D 28. D 35. C

36. a. Sare : Bapak sare wanci sanga dalu.


b. Tanglet : Nuwun sewu badhe tanglet dalemipun Bu Gati pundi nggih?
c. Tindak : Ibu tindak wonten peken.
37. Aku tuku payung larang warna abang
38. Danar bocah cruwek lan ora nurut kandhanane ibune. Mula, Danar dadi lara
diare.
39. Ambar arep menyang Semarang sowan eyang lan dolan ana ing Lawang Sewu.
Ambar jaluk Puspa ngancani ing Lawang Sewu yen Puspa duwe wektu longgar.
40. Kabeh gawean dadi enteng yen digarap bareng-bareng.

You might also like