You are on page 1of 11

NGAHAD PRAPASKAH I

26 Februari 2023

RITUS PAMBUKA
Tandha Salib-Salam
Pamartobat
Sembahyangan Pambuka :
I: Ayo padha munjuk
Gusti Allah Rama mahakuwasa sampun nitahaken
kawula saking siti dados manungsa mawi daging lan
rah, saha ngarsakaken kawula sami dedunung ing
donya ngriki. Mugi karsaa ngeneraken mripatung
manah kawula dhateng Panjenenganipun ingkang
paring priksa sinten Gusti punika, inggih Gusti Yesus
Kristus, Pangen saha Panuntun kawula, ingkang
sampun karsa mbuka margi nglangkungi ara-ara
samun nuju dhateng tanah prajanjian. Jer
Panjenenganipun punika Gusti tuwin lantaran
kawula…
U: Amin.
LITURGI SABDA

Waosan I – PD 2:7-9; 3:1-7


L. Pethikan saking Kitab Purwaning Dumadi
“Tumitahe manungsa sapisanan lan tumibane ing dosa”
Gusti Allah mangun manungsa saka lemah lan nyebul
irunge mawa napasing urip. Manungsa nuli dadi titah
urip. Gusti Allah banjur yasa taman ing Edon sisih wetan
lan manungsa titah Dalem dipapanake ing kono. Wit-
witan warna-warna dikarsakake tuwuh saka lemah,
kabeh sawra becik lan narik, wohe kena dipangan. Dene
witing urip tuwuh ing tengahe taman, samono witing
pangerti ala lan becik. Ana dene ula iku padha-padha
kewan dharat titahing Allah klebu sing julig dhewe. Ula
mau kandha marang wanita, “Andak Gusti Allah ora
ngandika: Kabeh wit-witan ing taman iki wohe kena
kopangan?” Wanita manguli. “Woh-wohan ing taman
kene kena dakpangan, nanging wohe wit sing ana ing
tengah taman dingandikakake mangkene, ‘Aja kopangan
apa kogepok woh iku, mundhak kowe mati.” Nanging ula
kandha, “Kowe babar pisan ora bakal mati. Gusti Allah
priksa, samangsa kopangan, mripatmu bakal tinarbuka
lan kowe banjur madhani Gusti Allah, ngerti ala lan
becik.” Disawang-sawang wohe wit mau kena dipangan
lan katone menginake, apa maneh wanita iku ketarik
anggone bisa duwe akal budi. Woh mau nuli dipethik lan
dipangan; sisihane sing ana ing kono diwenehi lan ya
banjur melu mangan. Sanalika mripate binuka lan padha
2
ngerti yen wuda. Nuli padha methik gegodhongan
minangka awer-awer.
L. Makaten Sabda Dalem Gusti
U. Sembah nuwun konjuk ing Gusti

Kidung Panglimbang
Reff:
03 3 3/6. 6 6/5. 3 2/ 3.../
Me-la-sa-na ka-wu-la, dhuh Gusti
0 3 3 3 / 6 6 6 6 / 7 7 5 5 / 3 . . . //
A-wit ka-wu-la sampun nglampahi do-sa

Ayat-ayat:
1. Melasana kawula, dhuh Gusti krana sih kawelasan
Dalem. Kalebura kalepatan kawula krana gunging sih
kamirahan Dalem kasucekna kawula saking
sakathahing kalepatan.
2. Awit kawula piyambak ngrumaosi lepat lan tansah
perang nglawan kadurakan kawula kalepatan, dhuh
Gusti. Lan sampun duraka wonten ingarsa Dalem.
3. Kadadosna murni malih kawula, dhuh Gusti saha
kaenggalna batos kawula mawi jiwa ingkang teguh
sampun ngantos kawula saking ngarsa Dalem
sampun ngantos roh Dalem ingkang suci oncat
saking kawula.

Waosan II - Rom 5:12-19


3
L. Pethikan saking Seratipun Rasul Paulus dhateng
umat ing Roma.
“Dosaku mula gedhe,
nanging sihing Allah ngungguli”
Para sadulur, kaya dene marga wong siji dosa mlebu ing
donya lan marga dosa iku pati ya teka, mangkono uga
pati nekani wong kabeh, awit kabeh padha nglakoni
dosa. Awit sadurunge ana angger, dosa wis ana ing
donya, nanging durung kapetung, awit angger durung
ana. Ewadene wiwit jamane Bapa Adam nganti jamane
Nabi Musa pati wis kuwasa, lan nguwasani kabeh sing
ora nglakoni dosa nerak angger kaa dene Adam, sing
dadi pepethane sing bakal rawuh: Nanging rumentahe
sing nugraha ora saukur karo tekane dosa. Ya bener
marga lupute wong siji kabeh wong nemahi pati, nanging
kaluwih agung sih nugrahaning Allah, sing karentahake
marang kabeh uwong karana wong siji, yaiku Gusti
Yesus Kristus. Peparing Dalem ngluwihi thukule dosa siji
mau. Awit pangadilaning dosa siji nibakake paukuman,
nanging rumentahe sih nugraha nutupi kaluputan pirang-
pirang, ngolehake kamardikan. Sebab yen nyata pati
bisa kuwasa marga lupute wong siji, ya kudu nyata yen
sing padha sih matumpa-tumpa sarta nugrahaning
kautaman, bakal bisa urip kaluwih mulya lan kuwasa
marga wong siji, yaiku Gusti Yesus Kristus. Mula lupute
wong siji nekakake paukuman marang wong kabeh;
nanging kautaman wong siji ngolehake kamardikaning
urip. Lan kaya dene marga wong siji sing mbangkang,
4
kabeh ditetepake dosa, mangkono uga warga wong siji
sing mbangun miturut kabeh ditetepake bener.
L. Makaten sabda Dalem Gusti
U. Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

Kidung Cecala
3 / 6 6 5 6 / 3 . . 3 / 5 . 6 6 / 3 3 2 . / 1 2 . / 3 . . //
Padha martobata, a-wit kratoning Allah wus cepak

Ayat:
Manungsa iku uripe ora mung saka pangan. Nanging saka
sakehing sabda, kang mijil saka tutuking Pangeran.
Waosan Injil Mat 4:1-11
I. Pethikan Injil Suci anggitané Santo Mateus
U. Linuhurna Gusti.
“Gusti pasa patang puluh dina lan kagodha”
Nalika samana Gusti Yesus tinuntun Roh tindak
menyang ara-ara samun supaya digodha setan. Patang
puluh dina patang puluh bengi Gusti anggene pasa, nuli
kraos luwe. Si panggodha nuli teka lan matur, “Manawi
Panjenengan estu Putraning Allah, kula aturi dhawuh
dhateng sela punika supados dados roti.” Gusti paring
wangsulan, “Wis tinulis; Manungsa uripe ora mung
ssaka roti bae, nanging saka sakehe sabda kang mijil
saka tutuking Allah.” Gusti nuli sinambut menyang kutha
suci lan dipapanake ing wuwunge padaleman suci. Si
panggoda matur, “Manawi Panjenengan estu Putraning
5
Allah, kula aturi anjlog, awit sampun sinerat: Menggah
ing Panjenenganipun Pangeran dhawuh dhateng para
malaekat nyanggi Panjenenganipun wonten ing asta,
sampun ngantos pada Dalem kesandhung sela.” Gusti
Yesus ngandika, “Ugi tinulis: Aja nyoba Pangeran
Allahmu.” Gusti nuli sinambut menyang gunung sing
dhuwur bangen lan setan nedahake sakehe kraton ing
donya sakamulyane pisa, banjur matur, Sadaya punika
kula caosaken, manawi Panjenengan sujud nembah
kula.” Gusti ngandika, “Minggata setan! Awit wis tinulis:
Nembaha marang Pangeran lan mung Panjenengane
kang kudu kosuwitani.” Setan nuli ninggal Gusti; dene
para malaekat Dalem banjur padha sowan ngladosi.
I: Mangkono Sabda Dalem Gusti
U: Pinuji Sang Kristus

Homili
Syahadat (Kawula Pitados)
( Dumugi ayat ingkang kacetak miring, kita sumungkem )
Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Mahakuwasa,
Ingkang nitahaken bumi langit. Saha ing Gusti Yesus
Kristus, Putra Dalem ontang-anting, Pangeran kawula.
Ingkang kagarba dening kuwasaning Hyang Roh Suci,
miyos saking Ibu Kenya Maria.
Ingkang nandhang sangsara, nalika jamanipun Pontius
Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarèkaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun
wungu saking seda. Mekrad dhateng swarga, pinarak
6
ing satengen Dalem Allah, Rama Sang Mahakuwasa.
Saking ngriku badhe rawuh, ngadili para tiyang gesang
utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci,
Pasamuan Katulik ingkang suci. Lan panunggiling para
Suci. Pangapuntening dosa. Tangining badan. Saha
gesang langgeng. Amin

Panyuwunan Umum
I. Ing mangsa prihatin lan pamartobat iki ayo padha
ngaturake panyuwunan ana ingarsa Dalem Allah,
Rama ing swarga:
L. Gusti, mugi pangandika saha tuladhanipun Sri Paus
saha para uskup nggigah semangat nggegesang
saha mekaraken kapitadosan kawula. Kawula sami
nyuwun...
U. Dhuh Gusti, midhangetna pasambat kawula.
L. Gusti, mugi karsaa mberkahi para muridipun Putra
Dalem, amrih samia setya ngugemi kapitadosan
saha sampun ngantos silo margi gebyaring
kadonyan. Kawula sami nyuwun...
U. Dhuh Gusti, midhangetna pasambat kawula.
L. Gusti, mugi karsaa mberkahi ingkang sami nandhang
prihatos, amrih sageda ndherek Sang Kristus
mertapa ing ara-ara samun mawi kaprihatosanipun.
Kawula sami nyuwun...
7
U. Dhuh Gusti, midhangetna pasambat kawula.
L. Gusti, keparenga ing mangsa prapaskah punika
kawula sami sabar lan tlatos ngladosi sesami kados
Sang Kristus. Kawula sami nyuwun...
U. Dhuh Gusti, midhangetna pasambat kawula.
L: Kangge ujub kita piyambak-piyambak….ening
sawatawis… Kawula sami nyuwun..
U. Dhuh Gusti, midhangetna pasambat kawula.
I: Gusti Allah, Rama mahaasih, gesang kawula subur
lan wonten aosipun awit saking berkahing
pangabdinipun Putra Dalem kinasih. Mugi karsaa
tansah nedahaken margi ingkang kedah kawula
tempuh, ingkang boten remeng-remeng peteng,
nanging kasunaran pepadhang Dalem, inggih Sang
Kristus, Gusti tuwin lantaran kawula.
U. Amin.
LITURGI EKARISTI
Cecawis Pisungsung
I: Padha nyenyuwuna, para sadulur, amrih caosan iki
pantes tinampia déning Allah Rama kang
Mahakuwasa.
U: Mugi caosan lantaran astanipun rama imam katampia
ing Gusti, amrih luhur tuwin mulyaning asma Dalem,

8
amrih migunanana tumrap kawula sadaya, saha
Pasamuwan Dalem ing saindenging buwana.
Sembahyangan Cecawis Pisungsung
I Gusti Allah, Rama mahasuci, mugi karsaa nampi roti
anggur punika minangka pepenget bilih gesang
kawula dereng saged kacekapan mawi rejeki nanging
taksih mbetahaken sabda Dalem, rejekining gesang
sejati, inggih Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem tuwin
lantaran kawula.
U. Amin
Sembahyangan Bakda Komuni
I: Ayo padha munjuk: .. ening sawatawis..
Gusti Allah, Rama sumbering agesang, kawula
munjuk sembah sewu nuwun, dene sampun
pinaringan gesang, saha pinaringan papan wonten
ing Gusti Yesus, Sadherek kawula nunggil Rama.
Mugi karana sabdanipun kawula sami gesang saha
karana berkahing Roh Dalem samia dados putra-
putra Dalem. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
U: Amin

RITUS PANUTUP
Berkah lan Pangutusan - Kidung Panutup

PENGUMUMAN PAROKI

9
CALON MANTEN
Pengumuman Yang Ketiga:
- Johan Andre Prasetyo dari Lingk. St. Gregorius Maguwo
dengan Fany Faradila Yasmin dari Condongcatur, Depok,
Sleman.
Pengumuman Yang Kedua:
- Caecilia Bekti Riyantiarsih dari Lingk. St. Paulus Jarakan
dengan Lukas Aries Cahya Kristy dari Paroki HSP Maria
Tak Bercela Kumetiran.
Pengumuman Yang Pertama:
- Susana Dwi Setyaning Asmara dari Lingk. Santo Yusup
Pondok Berbah dengan Yakobus Cahyo Jalu Angga
Setiawan dari Ngadirojo, Wonogiri.
- Nikolas Yanuarko Setiawan dari Lingk. St. Skolastika
Karangmojo dengan Fransisca Centani Cendana dari
Gereja Mawar Sharon.
Yang mengetahui halangan perkawinan mereka wajib lapor
Romo Paroki

KOLEKTE PAROKI
GEREJA KOLEKTE I KOLEKTE II
Kalasan 15.220.500 8.242.000
Berbah 2.628.800 1.880.000
Temanggal 2.972.700 1.981.800
Manisrenggo 424.000 435.000

Kolekte Online: 1.010.345


Sumbangan Pembangunan: 8.795.110
Kolekte Misa Lingk/Keluarga (UNTUK SEMINARI)
10
- L. Yohanes Rasul, Wil. Robertus Belarminus: 571.000
- L. Yohanes Rasul, Wil. Robertus Belarminus: 433.000
- L. St. Bernadette, Wil. Johanes De Brito: 310.000
- L. St. Yusuf Kringinan, Wil. Johanes Paulus II: 390.000
- L. Timotius Glondong, Wil. Johanes Paulus II: 700.000

KOLEKTE STASI
Gereja Maguwo:
Kolekte I: 4.251.000 Kolekte II: 2.548.700
Kolekte Misa Rabu Abu
Kolekte I: 4.853.400 Kolekte II: 2.372.400

LAIN-LAIN

JADWAL KPHB (Katekese Persiapan Hidup Berkeluarga)


PAROKI KALASAN 2023
BULAN: MARET MEI JULI SEPT NOV
TANGGAL 20-23 22-25 24-27 18-21 20-23
Pelaksanaan Pkl 17.00 - 20.30

PERSEMBAHAN
QRIS KALASAN QRIS MAGUWO

11

You might also like