You are on page 1of 4

PENILAIAN HARIAN II

SEKOLAH DASAR TAHUN PELAJARAN 2022/2023


SD HJ ISRIATI BAITURRAHMAN 2

MUATAN PELAJARAN : BAHASA JAWA


HARI/TANGGAL : .... / ..... Februari 2023
Kelas : V ( Lima)
Waktu : 70 menit

A. Kompetensi Dasar
K.D : 3.7 Memahami cerita legendha

Wacanen Cerita Legenda iki kanthi setiti kanggo mangsuli pitakon nomer 1-5!
Rawa Pening
Kacarita, ing Desa banarawa duwe adat nganakake memetri desaing saben tau, yaiku
nganakake slmetan supaya wong desa Banarawa padha slamet. Kanggo memetri desa iku ana
syarate , yaiku kudu nganggo daging kewan saka alas
Wong-wong ing desa Banarawa padha goelk kewan menyang alas. Biasane sedhelok bae
wis bisa entuk kidang utawa kewan alas sing bisa dipangan daginge. Nanging dina kuwi aneh.
Wis meh sedina muput wong-wong mau durung nemu kewan siji-sijia. Ki juru Mathokan,
lurahe desa Banarawa ngajak wong-wong padaha leren dhisik.
Sajrone ngaso iku salah sijine wong ana sing lungguh ana ing wit kang rubuh. Wong kuwi
ngowo gaman arupa peso belati. Peso belathi kuwi banjur ditancepake ana ing wit kang
dilungguhi.
Wong kuwi banjur kaget banget amarga saka wit kang ditancepi peso, metu banyune
abang. Dheweke banjur bengok-bengok. Kanaca-kancane padha krungu, nuli nyedhaki. Wong-
wong mau kepingin weruh asale banyu abang mau.
Bareng diwaspadakakebanyu abang iku mau jebule getih ula. Dadi wit seng dienggo
lungguhan kuwi mau jebule awake ula. Sanalika ula kuwi banjur dipateni. Daginge ula banjur
dirajang-rajang padha digawa mulih. Daging ula iku arep kanggo sarat memetri desa.
Upacara memetri desa wis kawiwitan. Desa Banarawa rame banget. Minangka
panglipure para tamu memetri desa.
Nalika samana ana Bocah Bajang teka amarang desa Banarawa. Bocah Bajang mau
sejatine membane ula sing padha dipateni ana ing alas . ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru
Linting. Ula kang lagi tapa arep gegayuh kamulyaning urip. Nalika weruh yen daginge ula wis
mateng cumawis. Bocah bajang marani Ki Juru Mathokan.
“ Kula nuwun”, Bocah Bajang ngatuake salam.
“He, Sapa Kowe?” Pitakone Ki Juru Mathokan.
“ Kula Baru Klinting. Kula badhe nyuwun daging sawer. Sekedhik kemawon,” kandhane bocah
Bajang
“Kowe ora melu rekasa, arep njaluk daging?sing rekasa bae durung ngrasakke. Kana lunga! Gek
ambune awakmu ya ora enak Kaya ngene Lunga!” jawabe Ki Juru Mathokan, karo sengol.
“iya , bocah ora genah. Enggal, lunga sing adoh!” aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru
Mathokan.
Bocah bajang banjur lungo. Si Bajang tekan omahe mbok randha. Mboh randha iku uripe
rekasa . sanajan uripe rekasa, mbok randha iku luhur budine. Mbok Randha kuwi seneng
tetulung marang sapa bae. Mula tekane si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah bajang diwnehi
sega lan daging iwak ula. Sawise mangan. Bocah Bajang mau pamitan marang mbok Randha.
“Mbok, kulo nyuwun pamit. Kula gadah weling sekedhik. Mangke badhe wonten bena
bandhang. Mila kula suwu simbok nyawisaken lesung. Mangke simbok minggah lesung. Mugi
tansah manggih wilujeng.”baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.
Baru Klinting lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista
memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing plataran . baru Klinting banjur
nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake.
“sapa seng rumangasa gagah lan kuwat, age bedholen sada sing tak tancepake iki!”
panantange Baru Klinting
Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora ana sing bisa bocah-boca sadesa padha
rame. Wong-wong tua banjur padha krungu lan teka ana ing platarane Ki juru Maathokan.
Kabeh wong padha njajal karosane siji-siji. Nanging uga ora ana sing bisa mbedhol sada sing
ditancepake Baru Klinting. Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba mbedhol sada lanang.
Sada Lanang tetep ora bisa dibedhol.
Gandheng wis ora ono sing kuwat, Baru Klinting mbedol sada lanag mau. Sada Lanang
klakon kebedhol. Sanalika tilas tancepane sada lanang mau metu banyune mulak-mulak gedhe.
Saya suwe banyune kuwi saya gedhe banjur ngeleb desa Banarawa. Wong-wong ing banarawa
padha mati klelep. Mung mbok Randha sing bisa slamet amarga numpak lesung kaya sing
diwelingake baru Klinting.Desa Banarwa ilang amarga dadi rawa. Rawa iku banjur katelah, Rawa
pening, kang dumunung ana ing kukuban Ambarawa.
I. Pilihen jawaban kang trep!
1. Desa Banarawa, Ki Juru Mathokan lan Baru Klinting iku papan lan jeneng kang ana
sambung rapete karo legenda....
A. Kutha Semarang C. Laut Kidul
B. Rawa Pening D. Demak Bintoro
2. apa sejatine Bocah Bajang kuwi?
A. Pertapa sekti C. Ula Baru klinting
B. Naga pati D. Ula Kobra
3. Apa kang digoleki wong-wong Des banarawa menyang alas?
A. Duwit C. kewan alas
B. Emas D. inten
4. Sapa lurahe Desa Banarawa?
A. Ki juru Mertani C. Ki Ageng Selo
B. Ki Juru Mathokan D. Ki Ageng Pandan Arang
5. Ana Ing ngedi papane Desa Banarawa kuwi?
A. Semarang C. Ambarawa
B. Salatiga D. Magelang
Wacan ngisor iki wacanen kanthi setiti !
Kangga njawab nomer 6 - 10
Sendang Sani

Kanjeng Sunan Kalijaga lan Ki Rangga sarta para santrinepada nuju padepokan Sunan Muria. Nalika wanci
Dhuhur, Kanjeng Sunan Kalijaga ngajak leren ing sakngisore wit gedhe, banjuar dhawuh marang Ki Rangga supaya
golek banyu kanggo wudhu. Ki Rangga lan kancane padha bingung amarga ing papan kono garing ora ana banyune.

Weruh murid-muride padha bingung. Sunan Kalijaga karo mesem ngendika,”Ki Rangga, becikke awakke
dhewe nyenyuwun marang Alloh. Muga-muga saka wit iku ana sumber banyu sing mili. Nanging elinga, kadadeyan
apa bae ing kene, kuwi kersane Alloh. Aja padha lali yen ana kedadeyan apa bae, enggal kabarna aku ing sak
mburine grumbul iki!” ature Kanjeng Sunan Kalijaga.

Ki Rangga lan kanca-kancane padha nunggu wit kuwi nganti keturon. Bareng tangi klambine padha teles
kabeh amarga panggonan mau wis kebak banyu. Saking senenge Ki Rangga lan kanca-kancane padha lali karo
welinge Kanjeng Sunan Kalijaga. Ki Rangga lan kanca-kancane padha ciblon.

Pirsa pokale Ki Rangga, Kanjeng Sunan Kalijaga ketrucut ngendika”Ki Rangga isih eling karo welingku ? Apa
bae kedadeyan ing kene kabarna marang aku . ora malah langen kaya bulus”.

Sanalika Ki Rangga lan kanca-kancane dadi bulus. Kanjeng Sunan Kalijaga ora sida wudhu amarga banyune wis reget
kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani Sendang Sani saka kadadeyan Kanjeng Sunan
Kalijaga kang murungake niate wudhu amerga disisani utawa didhiskki Ki Rangga. Papane kurang luwih telung
kilometer sisih lor kutha Pati.

6. Irah-irahane wacan ing dhuwur yaiku...


A. Kanjeng Sunan Kalijaga C. Ki Rangga
B. Sendang Sani D. Kanjeng Sunan Muria
7. Crita ing dhuwur kalebu...
A. Legenda C. dongeng
B. Cerbung D. Fabel
8. sunan kalijaga lan pandhereke nagso ana ing ...
A. sapinggire sendang C. sendang sani
B. ngisor wit gede D. Pinggir desa
9. Kanjeng Sunan Kalijaga ora kersa nganggo banyu kuwi amarga...
A. Banyune asat C. Banyune enthek
B. Banyune reget D. Banyune kari sithik
10. Tembung langen ana ing wacan mau padha karo basa Indonesia , yaiku ...
A. Mandi C. renang
B. Nyelam D. Berlayar

II. Isinana kanthi jawaban kang benar!


11. watake mbok randha ing crita legendha Rawa pening yaiku....
12. mbok randha nganggo ..... kanggo nyelametake awake
13. tumindhake ki Rangga sing ndadekake Sunan Kalijaga duka yaiku....
14. sendang Sani ana ing wewengkon tlatah...
15. panggonan sing garing kuwi panggonan sing ....

III. wangsulanan pitakon kanthi wangsulan kang trep!


16. Apa wae tuladha kang ana sakjroning cerita ‘sendang Sani’ ?
17. Sebutna sapa wae jenenge tokoh kang ana ing crita dumadine Rawa Pening lan kepriye
watake ?

You might also like