You are on page 1of 6

PEMERINTAH KABUPATEN TEMANGGUNG

DINAS PENDIDIKAN, KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA


SD NEGERI 2 SANGGRAHAN KEC. KRANGGAN
PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2022/2023
MUPEL : BAHASA JAWA Hari, Tanggal :
KELAS : IV (Empat) Waktu :

I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C utawa D ing sangarepe pratelan kang bener!
Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-6!

Desa Banarawa lagi nganakake merti desa. Para warga padha mangsak daging.
Dumadakan Desa Banarawa katekanan bocah bajang kang rupane elek lan pregus aran Baru
Klinthing. Bocah bajang mau mara ana ing omahe Ki Juru Mathokan arep njaluk daging nanging
ora diwenehi karo Ki Juru Mathokan, malah Baru Klinthing disiya-siya lan ditundhung.
Si Bajang klithih-klithih lunga. Saben omah diparani, nanging ora ana sing gelem menehi
daging barang sairis. Si Bajang banjur marani omah bobrok, gedheg kang cagake wis padha
reyot. Sing manggon ing omah reyot iku wong wadon tuwa aran Mbok Lebak. Sanajan Mbok
Lebak uga kacingkrangan nanging atine loma, seneng tetulung marang liyan. Si Bajang dijak
mangan bareng.
Si Bajang pamit lan maturnuwun wus diparingi panganan. Sadurunge lunga Si Bajang
aweh pesen marang Mbok Lebak yen ana banjir bandang, Mbok Lebak dikon nunggang lesung
karo nggawa enthong.
Tanpa sabawa bocah bajang nancepake sada ing latar kanggo sayembara. Sapa sing bisa
mbedhol sada kui ateges wong kuwi pancen wong kang pinunjul. Para warga ora ana sing bisa
mbedhol sada, sadane kaya-kaya malah saya ambles. Sada banjur didudut dening Si Bajang.
Tilase dadi tuk kang gedhe banget wetuning banyu. Desa sakisine kaleban banyu dadi rawa.
Mung Mbok Lebak sing slamet. Klalon nunggang lesung welahan enthong. Panggonan iku
banjur kesuwur aran Rawa Pening

Kapethik saka buku “Aku Bisa Basa Jawa 4” kaca


55

1. Crita ing dhuwur kalebu jinising crita rakyat yaiku …


A. legendha
B. fabel
C. mite/mitos
D. sage

2. Irah-irahan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku ….


A. Dumadine Rawa Pening
B. Dumadine Desa Banarawa
C. Dumadine Baru Klinthing
D. Dumadine Kutha Semarang

3. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!


1) Crita kang ngrembaka ing masarakat.
2) Jenenge pangripta cetha.
3) Wose crita nyata
4) Asipat modern
Kang klebu titikane crita rakyat yaiku nomer ….
A. 4)
B. 3)
C. 2)
D. 1)

4. “Sanajan Mbok Lebak uga kacingkrangan nanging atine loma, …”


Adhedasar crita ing dhuwur, tembung loma nduweni teges ….
A. cethil
B. seneng peweh
C. jujur
D. goroh

5. Pitutur kang bisa dipethik saka wacan ing ndhuwur yaiku ….


A. supaya nganakake merti desa lan mangsak daging
B. supaya numpak lesung welahan enthong nalika ana banjir bandang
C. supaya seneng tetulung marang wong liya
D. supaya melu sayembara mbedhol sada kareben dadi wong sekti.

6. Crita ing ndhuwur asale saka ….


A. Jawa Timur
B. Jawa Tengah
C. Jawa Barat
D. Yogyakarta

7. Baru Klinthing yaiku ….


A. bocah cilik
B. pertapa
C. warga desa
D. wong wadon

8. Ing ngisor iki kang kalebu paraga (tokoh) crita ing ndhuwur yaiku ….
A. Ki Ajar Salokantara
B. Nyi Endang Kirana
C. Ki Ageng Pandanarang
D. Baru Klinthing

9. Tata kramane wong nampa peparing yaiku ngaturake tembung ….


A. pamit
B. nyuwun pangapunten
C. matur nuwun
D. sugeng enjang

10. Crita rakyat ora kedadeyan tumemen, mula diarani ….


….
A. kognitif
B. persuasif
C. argumentative
D. fiktif

11. Jinise tembang macapat iku cacahe ana ….


A. 9
B. 10
C. 11
D. 12

12. Tembang Gambuh iku kalebu tembang ….


A. campursari
B. dolanan
C. macapat
D. dangdut

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 13 – 15!
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang ora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan …
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos

13. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ….
A. becik
B. ala
C. kalantur
D. rukun

14. Tumindak ora jujur becike ….


A. disingkiri
B. dinut
C. ditiru
D. diugemi

15. Ngisor iki tuladha tumindak ora jujur yaiku ….


A. nulungi ananging njaluk opah
B. jalukan ora tahu peweh
C. seneng ngece karo kanca
D. njaplak nalika ulangan

16. Tembang Gambuh kadhapuk saka …gatra.


A. 4
B. 5
C. 6
D. 7

17. Ngisor iki ukara kang trep karo tembang Gambuh yaiku …
A. Dumadi saka papat gatra.
B. Gatra kapindho swara pungkasan suku.
C. Paugerane 7u, 10u, 12i, 8u, 8i
D. Cacahe guru lagu suku ana loro.

18. Cacahe wanda saben sagatra diarani ….


A. guru gatra
B. guru lagu
C. guru sastra
D. guru wilangan

19. Guru wilangan tembang Gambuh gatra kapisan yaiku ….


A. 7
B. 8
C. 10
D. 12

20. Tibane swara pungkasan ing gatra katelu yaiku ….


A. a
B. i
C. u
D. o

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang bener!

Wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 21 – 25!


Dumadine Kutha Salatiga
Nalika samana Ki Ageng Pandhanarang didhawuhi Kanjeng Sunan Kalijaga tindak
menyang Tembayat. Rambawati, garwane Ki Ageng Pandhanarang, sedya nusul. Ki Ageng
Pandhanarang paring dhawuh marang Rambawati yen kepengin melu, ora kena nggawa raja brana.
Sing wigati yaiku golek sangu kanggo urip besuk ing akherat.
Rambawati ora nggatekake dhawuhe Ki Ageng Pandhanarang. Nalika Rambawati isih ana
mburi, dumadakan ana begal telu nggadhang laku, ngrampok raja branane Rambawati. Rambawati
kepeksa menehake raja branane amarga dheweke keweden. Rambawati banjur mlayu sipat kuping
karo bengok-bengok.
Rambawati nyritakake lelakon kang dialami marang Ki Ageng Pandhanarang. Ki Ageng
Pandhanarang mung mesem, banjur ngendhika “ Sajatine kuwi dudu salahmu dhewe. Kuwi salahe
wong telu, yaiku : aku, kowe lan kecu. Kanggo pengeling-eling papan iki tak jenengake Salahtiga.
Tembung Salahtiga suwe-suwe banjur owah dadi Salatiga.

21. Irah-irahan crita ing dhuwur yaiku ….


22. Kutha Salatiga iku manggon ing wewengkon ….
23. Tegese Raja Brana yaiku ….
24. Ki Ageng Pandhanarang mung mesem, banjur ngendhika “Sajatine kuwi dudu salahmu dhewe.
Kuwi salahe wong telu, yaiku ….
25. Watake Rambawati yaiku ….
Wacanen kanggo mangsuli pitakon nomer 26 – 30!
Iki pitutur luhur
Kudune wajib padha ditiru
Aja sembrana marang pitutur iki
Sekolah wajib sinau
Aja ngganti padha bodho
26. Tembang macapat ing ndhuwur kalebu tembang ….
27. Guru wilangan lan guru lagu gatra kapindho yaiku ….
28. Tembang kasebut ditujokake marang …
29. Kuwajibane bocah sekolah yaiku …
30. Bocah-bocah padha wajib sinau supaya ….
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cetha lan bener!
Wacanen teks kang irah-irahane “Dumadine Kutha Salatiga” kanggo mangsuli pitakon nomer 31- 32!
31. Aranana paraga kang ana ing crita “Dumadine Kutha Salatiga”!
Jawab: ………………………………………………………………………………………………

32. Apa wae piweling kang bisa kapundhut saka crita “Dumadine Kutha Salatiga”?
Jawab: ………………………………………………………………………………………………

33. Ararana 3 wae crita rakyat kang jinise legendha!


Jawab: ………………………………………………………………………………………………

34. Tembang Gambuh kaiket dening aturan. Aranana kang dadi titikane tembang Gambuh (guru gatra,
guru lagu lan guru wilangan)!
Jawab: ………………………………………………………………………………………………

35. Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!


a. jujur
b. becik
c. sinau

Jawab : …………………………………………………………………………………
KUNCI JAWABAN
I. PILIHAN GANDA

1. A 6. B 11. C 16. B
2. A 7. A 12. C 17. B
3. D 8. D 13. A 18. D
4. B 9. C 14. A 19. A
5. C 10. D 15. D 20. B

II. ISIAN SINGKAT


21. Dumadine Kutha Salatiga
22. Jawa Tengah
23. emas-emasan
24. aku, kowe lan kecu (Ki Ageng Pandhanarang, Rambawati lan kecu/begal)
25. seneng pamer, nggeyel (kebijaksananan guru)
26. Gambuh
27. 8u
28. bocah sekolah
29. sinau
30. ora bodho/pinter

III. URAIAN

31. Ki Ageng Pandhanarang


Rambawati
Kecu/begal

32. Supaya golek sangu kanggo urip besuk ing akherat


supaya ora pamer
(kebijaksanaan guru)

33. Dumadine Rawa Pening


Dumadine Kutha Salatiga
Asal-Usul kutha Semarang
(kebijaksanaan guru)

34. Guru gatra : 5 gatra


Guru wilangan lan guru lagu : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
35. (kebijaksanaan guru)
Pedoman Penilaian

1. Pilihan Ganda
Jawaban benar nilai 1
Jawaban salah nilai 0
Skor 20

2. Isian
Jawaban benar nilai 2
Jawaban benar kurang jelas 1
Jawaban salah nilai 0
Skor 20

3. Uraian
Jawaban diisi benar jelas nilai 3
Jawaban diisi benar kurang jelas 2
Jawaban diisi salah nilai 1
Jawaban tidak diisi nilai 0
Skor 15

Nilai Akhir

Jumlah perolehan skor


X100
Skor maksimal

You might also like