You are on page 1of 2

MANGKU PUREL

Mangku Purel Neng Karaokean


Ndemek Pupu sampai munggah neng semeru
Mangku Purel dudu penggawean
Luweh penting Mikiro Masa depanmu

Kowe wes lali omah


Ora Uli Ulian
Senengane Dolan Neng Karaokean
Ngandengi Penyanyi
Ora Cukup Siji
Cekelane Botol
Polahe Koyo Wong Tolol

Ndang Balio Neng Omah


Bojomu Wes Ngenteni
Ora popo ora bakal di Seneni
Penting kowe jujur
Janji ra mbaleni
Gek ndang mapan turu
Sesok isuk senam pagi

Aku Wes nate kondo awakmu Uuuu


Ojo Terusan Begitu uye uye
Sumpaho Janji Karo Atimu
Siji
Loro
Telu

Mangku Purel Neng Karaokean


Ndemek Pupu sampai munggah neng semeru
Mangku Purel dudu penggawean
Luweh penting Mikiro Masa depanmu
SEKAPANGKU KAPANG

Sinten sinambat ing wewangi iki


Hamung siro yekti
Eseme kang manis madu
Duh, wong bagus

Tresno lir tirto gumanti dahono


Awit siro marang roso
Endah rumembyak rekmamu
Dadyo angenku saben dalu.

Wengi kadyo setro


Kegowo lungane baskoro
Peteng tanpo condro
Tanpo kartiko

Lumayu ing awang-awang hanggayuh lintang


Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan
Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Sak jroning ati iki, kangmas, ngugemi janji

Ha-ah-ha
Ha-ah-ha
Ha-ah-ha-ah
Ha-ah-ah-ha

Wengi kadyo setro


Kegowo lungane baskoro
Peteng tanpo condro
Tanpo kartiko, ho-oh

Lumayu ing awang-awang anggayuh lintang


Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan
Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Sak jroning ati iki, kangmas, ngugemi janji

Nadyan datan andarbeni


Bakal tak ruki suci sejati
Duh, maruto kandakno
Saktemene aku isih tresno

You might also like