You are on page 1of 5

XII MIPA 3 – 25 – Muhammad Rafi Adyatma Rizqi – Tugas Latihan Soal Basa Jawa

NAMA : Muhammad Rafi Adyatma Rizqi

KELAS : XII MIPA 3

NO. ABSEN : 25

Latihan Soal!!

1. Urut –urutane prastawa ing crita drama saka wiwitan nganti pungkasan diarani ?

Wangsulan: Diarani alur, amarga pangerten e alur e dhewe yaiku urutan kedadeyan
kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganthi babak terakhir. Alur
diperangake:
 Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndadekake masalah-
masalah kang dilakoni paraga-paragane.
 Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
 Masalah utawa konflik, yaiku kedadeyan kang isine ngenani masalah-masalah
kang wiwit diadhepi paraga-paraga ing crita kasebut.
 Klimaks utawa puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi
paraga-paraga ing crita, yaiku kedadeyan kang isine nyeritakake kahanan para
paraga ing pungkasaning crita drama.

2. Wong sing mimpin lan ngatur lumakune crita drama diarani ?

Wangsulan: Diarani sutradara, yaiku wong sing ngarahake lan tanggung jawab
babagan perkara seni lan teknis ing pementasan drama.

3. Panggonan lan wektu dumadine crita drama diarani ?

Wangsulan: Panggonan lan wektu dumadine crita drama diarani setting.


Latar dibagi dadi telu yaiku:
 Latar wektu = yaiku wektu kang digambarake nalika paraga-paraga ngalami
kedadean-kedadean ing panggung.
 Latar panggonan = yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben
babake.
 Latar swasana = latar swasana diperangake dadi loro, yaiku:
XII MIPA 3 – 25 – Muhammad Rafi Adyatma Rizqi – Tugas Latihan Soal Basa Jawa

a) Swasana alam, kedadeyan ing sekitar paraga. Tuladhane: udan gerimis,


sworo jangkrik lagi ngerik (bengi).
b) Swasana ati, apa bae kang dirasake paraga, tuladha: murka, nesu, was-
was, seneng.
4. Drama yaiku ?

Wangsulan: Drama yaiku sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga
ing panggung lan ndhuweni pesen utawa amanat kang bisa kanggo tepa tuladha ing
urip bebrayan. Drama sisan iso diarani salah sawijine karya sastra sing ndhuweni
bageyan kanggo diperanake dening paraga aktor.

5. Gawea teks drama kanthi tema tresno minimal 4 paragraf !

Tresna Marang Bhumi Sabhatansa (SMA Negeri 7 Malang)

Wangsulan:
Ing sawijining dino, ana sekolah negri sing jenenge SMA Negeri 7 Malang.
Dino iki nunjuke taun ajaran anyar bagi para siswa. Kabeh podo semangat mlebu
sekolah, lan ana siji siswa anyar. Dheweke jenenge Danendra, pindahan saka Kutha
Magelang. Nanging, dheweke pangling lan bingung karo kahanan SMA Negeri 7 sing
sik tas dileboni iku.
Danendra: “Wah, sekolah e ketok wapik banget yo. Ijo royo-royo pisan,
nanging aku kudu nang endi iki yo? Kok sekolah e luas banget?”
Rafi: “Halo mas, sampeyan lagi golek apa?”
Danendra: “Oh halo mas, ora niki kan kula siswa anyar ndek kene. Nah,
nanging kula bingung kudu nang endi dhisik.”
Rafi: “Wealah awakmu toh siswa anyar kelas 12 sing jare wali kelasku tau
ngandhani iku. Santai ae mas, aja nyeluk aku karo celukan “mas”. Aku yo sak
pantaran karo awakmu. Oh iyo kene gurung kenalan yo, jenengku Rafi. Yen
jenengmu sopo?”
Danendra: “Jenengku Danendra, Fi. Salam kenal yo!”
Rafi: “Iyo, salam kenal sisan. Oh iyo awakmu ndek kelas endi lek oleh
ngerti?”
Danendra: “Kelas 12 MIPA 3, Fi. Awakmu ero nggak panggon e ndek endi?”
Rafi: “Lhoh, kene sak kelas lek ngunu. Muantap wis, ayo tak terno nang kelas
e. Menisan kenalan ambek arek-arek kelas.
XII MIPA 3 – 25 – Muhammad Rafi Adyatma Rizqi – Tugas Latihan Soal Basa Jawa

Sakwise Danendra kenalan karo Rafi, arek loro iku banjur menyang kelas 12
MIPA 3. Nanging ing tengah-tengah dalan, Danendra mandeg sedhela. Dheweke
ngroso ndredeg lan isin amerga Danendra ndhuwe firasat yen arek anyar sing
pindahan iku bakal digarai lan dijaili.
Rafi: “Lhoh, ana apa Ndra kok mandeg?”
Danendra: “Ngene Fi, jujur yo aku ngroso isin ketemu karo arek-arek ndek kelas.
Hehehe sepurane yo, jenenge arek anyar aku wedi dijaili karo kanca-kancamu.”
Rafi: “Ya Allah, pikirku ana apa. Wis talah santai ae, awakmu milih pindah ndek
Bhumi Sabhatansa iki wis pilihan sing paling tepak Ndra. Aku njamin awakmu yo
bakal betah ndek kene. Toh yo arek kelas 12 MIPA 3 iku arek-arek sing apik lan
saling ngregani.”
Danendra: “Iyo Fi, suwun yo wis ngeyakino aku. Tapi lek oleh ngerti Bhumi
Sabhatansa iku opo yo Fi?’
Rafi: “Bhumi Sabhatansa iku bagyan saka semboyan e sekolah SMAN 7 Malang,
Ndra. Yaiku Satya Bhakti Tansah Tresna.”
Danendra: “Wih, sangar yo semboyan e. Pantes sekolah e apik karo rindang.”
Rafi: “Ayo wis, lek ngunu awak e nang kelas dhisik. Kenalan karo arek-arek cek
padha enakan e.”

Sakwise Rafi ngeyakino Danendra gawe kenalan karo arek-arek kelas.


Dheweke gelem lan melu Rafi nang kelas 12 MIPA 3. Akhir e arek loro iku sampek
ndek njero kelas.
Rafi: “Assalamualaikum rek! Njaluk digatekne sedhela ya. Iki awak e ono
dhulur anyar ndek kelas iki. Monggo Ndra tepangno awakmu marang arek-
arek.”
Arek-arek kelas: “Waalaikumussalam, monggo!”
Danendra: “Halo rek, tepangaken jenengku Danendra Nayaka Passadhi. Iso
diceluk Danendra. Aku asal e saka Kutha Magelang. Sakdurunge pindah ning
SMAN 7 Malang, aku sekolah ing SMAN 3 Magelang. Salam kenal yo!”
Arek-arek kelas: “Halo Danendra, salam kenal sisan yo. Pokok ojo ngroso
panik lek ndek kene, kabeh sing ndek kelas iki wis koyo sakdhuluran.”
Danendra: “Iyo rek, suwun yo pangerten e.”
Rafi: “Nahh, piye enakan toh arek-arek kelas? Santai ae wis, dinikmati wae.”
XII MIPA 3 – 25 – Muhammad Rafi Adyatma Rizqi – Tugas Latihan Soal Basa Jawa

Danendra: “Alhamdulillah, iyo Fi. Bener jaremu, aku yo ndhuweni komitmen


bakal nggowo jeneng SMAN 7 Malang iki ana ing dalan sing apik.”
Rafi: “Nah ngono sip! Oh iyo iki ana kenalan kanca-kanca sing cedek karo
bangku ku. Awakmu lungguh o karo aku ae.”
Danendra: “Oh iyo Fi, siap.”
Rafi: “Nah, sing kocomotoan iki jenenge Candra Bintang Putra Permana. Iso
diceluk Bintang. Arek iki macak koyok komandan, nanging tak akoni
kepemimpinan e wapik Ndra.”
Bintang: “Halo, salam kenal yo Ndra. Aku Bintang, tak dudui siji hal perkoro
Rafi iki. Arek e seneng ngenyekan, tapi yoopo-yoopo arek e apikan kok.”
Rafi: “Woo… opo ae Tang, ana tamu anyar iki lho, aja ngisin-ngisini
awakmu.”
Bintang: “Iyo-iyo Fi rame ae awakmu iku, tak guyang banyu suwe-suwe.”
Danendra: “Hahahaha.”
Rafi: “Nah sebelah e Bintang iki ono sing jenenge “Duo Yan”. Nanging ojo
salah paham yo, alesan iso disebut “Duo Yan” iki arek-arek e jenenge Adrian
karo Ian. Nah, arek loro iki jago pol ndek olahraga. Salah sawijining e
olahraga basket.”
Adrian: “Halo Danendra salam kenal yo, aku Adrian!”
Ian: “Halo sam! Salam kenal sisan yo, aku Ian!”
Danendra: “Iyo rek, suwun yo wis nrimo aku dadi kancamu.”
Bintang: “Halah santai wae.”
Ian: “Oh iyo rek, aku tas didudui pak guru lek kene dimeluno lomba antar
sekolah. Nah lomba e iku lomba basket. Piye? Di gas mawon?”
Bintang: “Ayo An, Bismillah iso nggowo jeneng e SMAN 7 Malang sisan.”
Rafi: “Nah lek ngono awak e sing tenanan latihan e, mugo-mugo oleh hasil
sing apik rek. Oiyo, awakmu melu o sisan Ndra. Lumayan iki gawe prestasi
tambahan.”
Danendra: “Ayo Fi, aku melu.”

Akhir e Rafi, Ian, Bintang, Danendra lan Adrian iso nyabet gelar juara 1 ing lomba
basket sak Kutha Malang iku. Arek-arek iki iso nggowo jeneng SMAN 7 Malang nang
XII MIPA 3 – 25 – Muhammad Rafi Adyatma Rizqi – Tugas Latihan Soal Basa Jawa

prestasi sing luwih apik lan diselingi usaha karo doa sing temenan. Seserahan hadiah
langsung diarahke karo kepala sekolah SMA Negeri 7 Malang.

Pak Kepala Sekolah: “Slamet yo le, suwun sing akeh sisan wis iso mbanggano jeneng
sekolah. Mugo-mugo tresna mu karo SMAN 7 Malang dibales karo Gusti Allah.”

Rafi: “Matur nuwun Pak, inggih sami-sami. Awak dhewe niki yo njaga kekompakan
lan tali kanca an supaya ora pedhot silaturahmi.”

Pak Kepala Sekolah: “Nah ngono a le, apik prinsip mu. Yowis dijogo kanca an e yo!”

Bintang: “Siap Pak!”

Danendra, Ian lan Adrian: “Inggih Pak.”

Arek-arek iku banjur dadi kanca sing apik lan saling ngewangi. Danendra sakdurunge
arek anyar sing gak yakin iso berbaur, saiki dadi arek sing berprestasi ndek SMAN 7 Malang.
Dheweke janji bakal terus nggowo jeneng e SMAN 7 Malang lan tansah tresna marang
sekolah e, sing gak liyo podo ndhuweni semboyan “Satya Bhakti Tansah Tresna”.

You might also like