You are on page 1of 8

YUNG, TIDHOKNA UMAHÉ KAKI NINI

Dening Achmad Sultoni

Yung, tidhokna umahé kaki nini


Lawas pisan ati ora dégruyug pémutan
Ndadikna akéh bab urip sing ora kémutan
Sebabé sering nylingaki sing
neng awang-awang

Yung, tidhokna dalané kaki nini


Dalan-dalan sing désenengi Gusti
Merga neng jaman maju kaya saiki
Akéh wong-wong sing minggirna ati

Yung, tidhokna dalan bali


Dalan sing nggo liwat nang kaki nini
Jéré ramané Yung, akéh jeneng sing mabur
Sekang utéke menungsa, ngilangna
jeneng Gusti kang jembar
sing kudune luber neng lakuné

Yung, tidhokna dalan-dalan


Dalan sing udu mung nggo dolan
Dalan-dalan kanggo urip sing temenan
Udu mung dolanan

Yogyakarta, 2015
TANDUR PARI
Dening Daladi Ahmad

bismillah klawan nyebut asma Gusti Allah


siji mbaka siji sun ceblokake winih pari
ngetut larike garis kang wus pinesthi
kareben thukule bisa tharik-tharik
ora sungsang sarik pating besasik
kaya lakune wong-wong sing padha nyingkiri bebener
seneng nunjang palang mlumpat pager
mula uripe sarwa ora prenah uga ora pener

sun ceblokake winih pari klawan mlaku mundur


nyingkir lan ngungkuri rasa sangga runggi
sajangkah baka sajangkah ninggalke sing wus cumeblok
mripat lan ati madhep manteb nyawang mengarep
pratandha golong gilig gedhene pangarep-arep
mring sih kawelasane Gusti kang murbeng dumadi
paring taning rejeki marang kabeh titah ing salumahe bumi

kanthi mantra donga wala-wala kuwata


sumarah ingsun ing pangreksa Gusti kang Maha Prakosa
kanthi panyuwun sagung daya kupiya jalma ringkih puniki
mugya manggih ing kasembadane jangka lan sedya
satemah winih pari kang tinandur
bisa urip ngrembaka subur ijo royo-royo
katebihna saking sawernane ama

nalika tekane mangsa uli-uline pari kuning mentes


berkah lan mumpangati ing gesang bebrayan sesame

bismillah wala-wala kuwata


sun ceblokake winih pari ing lemah teles iki
kasedya nyadhong sih nugraha tuwuhe wiji-wiji rejeki

Sastra Monthit Magelang, 2021


RUNTAH DADI RUPIAH
Dening Eyang Nardi

Ati rasané trenyuh, weruh kota merah-meruh


kaya klambi ora tau déwasuh, lusuh kaya susuh
embuh, dénéng koh ora ana sing aruh-aruh
weruh kota merah-meruh, atiné dadi kesuh
apa énggané wis langka panggonan nggo lebuh.

neng kota runtah njeprah mambrah-mambrah


saben dina ora suda, malah terus tambah
ora tuwa ora bocah, ora babah ora nyonyah
man Sariman, yu Sarinah karo mbok Siah
mung mecucu, jéré pemréntah sing salah

Mbok aja padha nggolét sapa sing salah


aja ngenténi ndadak nganggo dépréntah
mayuh gemregah, kit bocah gutul si mbah
sikil jemangkah tangan obah, uteké polah
milih, milah, déolah, runtah dadi rupiah

Runtah déolah dadi rabuk tanduran


saka sayuran, woh-wohan lan pethétan
saben soré désapu ilang kabéh kotoran
élinga, keresikan sebagian saka iman

Runtah plastik déwalik dadi migunani


bisa mbantu kebutuhan ékonomi
ora kétang mung uyah karo trasi
sukur kena nggo tuku angkot karo taksi

Angger runtah wis ilang,


kotané padhang jingglang
énak angger désawang
kaya wong wis ora duwé utang

Purakerta, 28 Mei 2018


MANGSA PACOBAN
Dening Widyo Babahe Leksono

Iki jaman, jamane tambah saya ora karuwan,


critane simbah, rikala jamane, ya ora karuwan,
ngendikane simbah, urip kuwi pancen kebak pacoban.
“nggih leres mbah, saniki kathah tiyang ingkang pacebukan,
kathah ingkang kapusan, klendran
lali sakabehe kuwajiban.”

Iki jaman, jamane tambah saya ora karuwan,


padha nglali tatanan, ninggalke paugeran,
tibane padha regejegan
ngaku bener, nyalahke liyan,
sing kliru digugu, sing bener kateter
tatanan lan paugeran mung kanggo tenger lan dolanan

Iki jaman, jamane tambah saya ora karuwan


Simbah isih ngeyel, iki jamane pacoban,
kudu diadhepi kanthi teteging ati,
kudu dilakoni kanthi laku sing premati.
(pancen bener simbah, Permadi ya Janaka,
suka laku pasa lan tapa,
entuk-entukane mboyong putri lan wanita).

“Pancen bocah saiki, angel dituturi…”

Semarang, 20 September 2012


IKI UPAMA!
Dening Asti Pradnya Ratri

Lair cenger diseteli lagu nge-rap


Laku sajangkah, basa manca wis diambah
Wis doyan sega, hamburger sing sumadya

Ana dhakonan, betengan, uga benthikan


Dicawisi Barbie, Naruto, Batman, lan Sinchan
Jare mono kareben ora keri ing jaman lan peradhaban

Kulit sawo mateng


Irung pesek
Dedeg sedhengan
Mripat coklat
Lha kok ngowahi padatan
Kena wae sinau manca kanggo pengalaman
Nanging ... iki lho pangananmu
Rasakna dhisik... mamahen mbaka sithik!!!

Sawangen galo!
Bulene fasih aksara Jawa apadene Bedhaya
Gamelan keprungu ing negara Paman Sam
Lha nek kabeh diusungimrana,
Awake dhewe duwe apa??
Yen ora kokrukti... bakalae kowe nangis nggegirisi
Banjur arep keklamben apa
Yen kembenmu wis ora rupa?

Upama...
Iyaaa... iki isih ukara upama
Lan muga-muga pancen amung pangangen ala.

GURIT KACA BENGGALA


Dening Iman Budhi Santosa

Ing ngarep kaca benggala

saparipolahmu lan saparipolahku

kabeh kasat mata

bakal mangejawantah, katon wewentehan

ora kena disaru siku. Abang tetep abang

biru ora owah dadi klawu

ora bisa ngapusi

jaragan ayang-ayang suthik nyimpen wewadi

Nanging ing kaca benggala

swaramu swaraku ora bakal keprungu

gegebenganing urip, katresnan kang ndhelik

urube mung melik-melik, ora bakal kadenangan

ora mletik kaya geni sing madhangi

sapa sejatine kowe aku sasuwene iki

Mula wacanen gurit iki

jaragan pangimpen lan ayang-ayangmu

manunggal dadi ukara lan pasemon

wiwit kang gatra cetha wela-wela

nganti kangsinamudana kinemulan panyakrabawa

Ing kene aku dudu aku, kowe dudu kowe

isine mung cathetaning ati

antarane sing romya-romya, cetha kawistara

kang bakal kalakon, uga kang kadaluwarsa

DOLANAN
Dening Parpal Purwanto

Nalikane padhang bulan

Mbah kakung ngajak dolanan

Gegojekan ing plataran

Njlembreng klasa karo nyawang lintang

“Kae sawangen lintang waluku

Sing biyen tansah ngancani aku

Gobak sodor nganti parak wengi.”

Mbah putri nuli imbal

“Nalikane padhang bulan

Bocah wadon ora ketinggalan

Ambyur ing plataran

Sarbiyah, dhelikan utawa gacaran.”

Saiki kabeh dolanan kari crita

Awit platarane wis sepi bera

Ora ana bocah lan kumlebate

Padha karem ing kamar dolanan hape

Saiki dolanan wis munggah youtube

Sing nonton para wong tuwa karo ngelus dhadha

Awit bocah-bocah malah seneng nembang bojo loro

Utawa nonton kartun lego sing gawe ati mlongo

Pojok gurit: 01022022

BUMI TAMAN SARI


Dening Ucik Fuadiyah
Parak esuk dakjangkahake laku, mithati dalan gumelar
Bagaskara jumedhul ing bang wetan mratandhani wektu
Wektu kang bakal lumaku sakambane tlatah, lemah tumpah rah

Bumiku, hya bumimu, mitraku


Bumi kang nyekseni dumadine pembarisan ing negeri loh jinawi
Bumi kang dumadi saka warna-warnine kembang, banyu segara, lan
alas wana

Bumi iki
Dudu putih, dudu abang, dudu ireng
Dudu kuning, dudu ijo, apadene biru

Bumi iki ginambar saka warna putih, abang, ireng, kuning, ijo, lan biru
Bumi kang lair ora mung saka gaman, dolanan, lan jejogedan
Bumi kang cinipta saka ilining banyu getih lan kringet pra prawira

Sawangen kanthi premati lan tliti


Apa tega yen saiki sang bumi wus goreh lan sayah?
Ana ngendi dununge bumi kang gemah ripah?
Bumi taman sari, aja pisan kogawe congkrah lan derdah

You might also like