You are on page 1of 1

Assalamuallaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah hirobil ‘alamin assolatuwasalamu ‘ala sayidina muhammadin wa


‘ala alihi washobihi ajma’in, amma ba’du

Poro alim ingkang tansah kawulo hormati, menggah safuah soho pitedahipun
poro pini sepuh ingkang tansah kawulo bekteni

Sepindah sumonggo kawulo lan panjenengan sami ngaturaken puji syukur


dumateng ngarso dalem gusti ingkang moho agung Allah SWT ingkang
sampun paring pinten karohmatan kawilujengan soho hidayahipun dumateng
kawula lan panjenengan sami, sehinggo kawulo lan panjenengan sami saget
ngawontenaken rutinan yasinan kanthi mboten wonten alangan setunggal
punopo, aminn.

Sholawat serto salam mugi tetep kalimpahaken dumateng junjungan kito


kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbekto kito umatipun saking
jaman jahiliyah dumugi jaman islamiah, inggih puniko jaman ingkang kito
alami sak meniko.

Ingkang sak lajengipun kulo lan panjenengan sami diaturi rawuh wonten dalem
mriki inggih puniko disuwuni pandonganipun ingkang sae saking lantaran maos
surat yaasin soho tahlil. Bilih manfaatipun kito hidiyaken dumateng junjungan
kito Nabi Muhammad SAW sak garwo sak putro sak penderekipun lan
hidiyahaken dumateng sedoyo leluhuripun IBU…. Ingkang saking jaler ugi
saking istri wonten pundi kemawon lan umumipun dumateng leluhuripun
kawulo lan panjenengan sami

Sarehne wekdal sampun sauntawis dalu, sumonggo amalan ing dalu puniko
inggal kito awiti. Bab bilalipun kawulo aturaken ingkang kajibah. Mekaten
ingkang saget kawulo aturaken, akhiripun…..

Wassalamu’allaikum Wr. Wb.

You might also like