You are on page 1of 3

Judul : Anak Kolong

Penulis : Mty Anggoro

Adegan 1 Wayah bedhug tengange , ana pemulung loro rumangsa bungah atine
sinambi ngetung dhuwit mulih menyang gubuge.
Ayu : “Enak tenan ....”
Desi : “Yen ben dina ngene iki wahhh ... jaaann ....”
Ayu : “Edan tenan ....”
Desi : “Lho, kok edan ...?”
Ayu : “Ya, edan ... mosok ben dina wong kon ngrongsok barange? Ora
mungkin ta?”
Desi : “Ya mungkin wae?”
Ayu : “Wis ... wis ... ngomong sing mungkin – mungkin wae!”
Desi : “Contone?”
Ayu : “Mak ... iki dhuwite, Maaak!”
Ayu : “Luwe, Mak!” (arep mlebu gubug dicegat bocah njur ngrebut dhuwite).
Desi : (arep mlebu gubug) “mangaaaannnn .....” (ora sida).
Bocah : “Mandheg! Kene! Kene, endi asile!” (ngrebut dhuwite).
Ayu+Desi : “Aja-aja ...! Penak tenan kowe!”
Bocah : “Kene! Oleh ra?”
Ayu : “Ora gelem kangelan kok gelem penake. Enak tenan!”
Desi : “Ora gelem ngalih iki tampanana!” (Muni ngono karo nendhang, sakala
bocah lanang glangsaran, bocah loro nyekethem dhuwit kang bisa dislametake,
banjur dilebokake celengan kaya biyasane).
Koor : “Matur nuwun Gusti ....” (padha nyekel wetenge banjur mbengok).
Koor : “Maaaak ... luwe Maaak ... mangaaaaaan ....”(Bocah loro umek ana
njero gubug, sedhela maneh banjur mangan telaptelep)

Adegan 2 Ana pengamen loro katon seneng – seneng ngetung dhuwit oleh –
olehane
Eka : (Nyanyi – nyanyi sinambi ngetung dhuwit ). “Wadhuuuh ... akeh banget
!!!! Weh ... weh .... Bingung ngetung ....”
Pinah : “Kene, taketunge!” (karo ngrebut) “Dhasar ra tau mangan sekolah!”
Eka : “Nyooooh ..., sing tau mangan sekolah!”
Pinah : “Sekolahe mbahmu apa?”(lelorone ngguyu cekakakan).
“Alhamdulillaaaah ... rejeki nomplok! Ngimpi apa sewengi?”
Eka : “La wong ya tanggal nom?”
Pinah : “Ya, wong – wong rung patek butuh dhuwit!”
Eka : (sinambi ngetung). “Mak ... dhuwite uuuuakeh, Maaak!”
Pinah : “Maaak ... setor!!” (nggoleki emak menyang mburi, weruh kancane
mangan ana pojokan , banjur mbengok). “Mangaaannn!!”
Eka : (ndeleng Pinah mlayu menyang gubug, Eka melu mlayu). “Serbuuuu!!”
(ana gubug nesu – nesu amarga lawuhe kari thithik).
Adegan 3 Pengamen Lan Pemulung Tukaran Rebutan Panganan.
Pinah : (ngroyok lawuhe kancane). “Peh, enak tenan ....!”
Eka : “Enak tenan ...! Enaaak, ....!” (spontan Ayu lan Desi nesu – nesu)
Ayu : “He, aja lecetan ya!”
Desi : “Balekna! Balekna!”
Pinah : “Balekna, balekna? Lha wong wis dileg kongkon mbalekne! Kon mutah,
piye?”
Ayu : “Awas, ya! Awas, kowe ya ...!”

Adegan 4 Bocah Asongan Teka Nanging Ora Bisa Misah


Ijah : “Hoe ... ngisin – ngisin! Gerang – gerang rebutan panganan! Ra isin ta
dideleng wong akeh ? Kana ! Kana!”
Eka : “Kana – kana , piye?”

Pinah : “Ora ngerti prekarane kok kana – kana!?”


Ijah : “Ya wis ... ta, mbok ya wis, yen wis dipangan ya wis!”
Pinah : “Bener! Wis dipangan ki ya wis!”
Pinah : “Mosok dikongkon muntah?”
Ijah : “Mbok ya aja kaya wong sing gak tau mangan!” (Ijah Rumangsa Ra Bisa
Misah Bocah – Bocah Kang Padha Tukaran, Banjur Klepat Metu).
Ijah : “Walaaah ... dipisah ra kena, dituturi ra nggugu, ya wis!” (klepat banjur
emak teka)

Adegan 5 Emak Nuturi Bocah – Bocah Lan Nyaritakake Asal – Usule Biyen
Emak : “Ana apa ta? He, ana apa?” (kabeh ora nggubris malah tukaran meneh).
Emak : “Jah, kancane dha tukaran kok ra mbokpisah, piye ta Jah?”
Ijah : “Percuma, Mak!”
Emak : “He, ana apa ta? Ya wis, yen ra kena dituturi, dakminggat!”
Koor : “Maaaak!” (kabeh nubruk emak).
Emak : “Ya, wis ....” (emak njegreg).
Emak : “Ya wis, bocah – bocah ... kowe aja sok aji mumpung! Emak seneng
ndeleng kowe sregep nyambut gawe, kaya – kaya sesuk ora bakal mati.
Nanging, isih ana kewajiban utama kang isih kudu koktindakake.”
Koor : “Maaakk ....” (kabeh ngrungket emake).
Emak : “Sejatine kowe kuwi anake sapa, ora penting. Sing penting tugasmu
ndongakake, muga – muga wong tuwamu diparingi apura Gusti Allah, sih urip
apa dene wis mati ....”
Koor : “Maaak ....” (kabeh rumangsa getun).
Emak : “Emak seneng ndeleng kowe kabeh sregep lan rukun. Ngetus kringet
trutusan turut lurung. Amarga kringete dhewe mono luwih seger tinimbang
nyecep kringete wong liya.”
Koor : “Maaakkk ....” (kabeh njaluk salaman karo emak).

Emak : “Sadhar yen duwe salah kuwi luwih penting tinimbang mung ngajak
salaman wae!”
Koor : “Maaak ... sepurane ya maaakk ....”
Emak : “Ya wis, kae ... upa – upa sing kececeran kae jumputana, yen
kokpangan kanthi rasa syukur bakal akeh mupangate. Kana ... ora sah nangis
terus ... mesema ... amarga mesem iku nuwuhake kedamaian, ngguyu bisa
nuwuhake bahagia”

You might also like