You are on page 1of 10

Mbusak Fotomu sing Ayu

Dening Kamgatu Lukman

Telung dina Ate ora obah saka sofa kang mapan ing tengah ruwang tamu kontrakan (demonstrasi
waktu). mesam-mesem ngguya-ngguyu nggujengi HP klangenane.

Nyuda turu ora karana tirakat, nanging Gina kang ngrambah telenging ati jalari ilange hawa peteng,
hawa ngantuk, lan ngelih. Esem gemeske, tutur mranani ati, lan rai kang ora luntur saka awang-awange
wus padha khasiate karo sega telung piring.

Nalika Ate penekan ing langit-langit Teater Arena, Gina ora pindah saka panggon ngancani tumeka
rampung.

Saka ngisor Gina ngajak jagongan, senadyan rada bengak-bengok nanging iku dadi dina kang ngangeni.
Rasane telak pancen serak, nanging kepenak.

Ora amung kadadeyan ing Teater Arena kang jalari Ate ndomblong ing wengi iki (demonstrasi tempat),
isih akeh kadadeyan liyane kang ngethel nemplek ing pikir. Kayata kadadeyan kang Ate arani “mula
bukane lakon tresna”.

Dheweke tau cerita marang aku kepriye asale kenal Gina (persona 2). Miturut pangelingku kang
gampang lalen, Gina ndhisiki omong saka Whatsapp. (Persona 1)

Aku lali babagan apa kang jalari Gina miwiti, jane mono aku wus dicritani Ate komplit, cetha, katon
tanpa luput. (Persona 1)

Lelakon iku wiwit saka Pentas kethoprak cilik kang dianakne bocah-bocah jurusan. Kamangka Ate beda
jurusan, nanging wus piye meneh jenenge Ate. Gaweyan apa wae ing saben pentas, pentase sapa wae
mesthi ditandangi.

Kadhang kala aku gedheg-gedheg, bocah goblok apa dasare entheng tangan (persona 1). Ing pentas
kethoprak cilik-cilikan iku Ate nandangi gaweyan kaya adate.

Aku kerep nyawang Ate wira-wiri munggah-mudhun masang backdrop mbenakake lampu lan piranti
pentas kang pating cementhel. (Persona 1)

Miturut kandhane Ate, nalika aku thenguk-thenguk nyawang ruwete panitia pentas, ana rasa kang
ngrembaka ing tengahe swasana kang semruweng. (Persona 1) Kadhang kala aku rada gumun marang
lelakone iku, amung kaya mangkono, Ate wus seneng lan bisa kasmaran. (Persona 1)

Aku lan bocah liyane jane rada gumun, kok gampang temen Ate disebari winih rasa tresna. (Persona 1)
Dina-dinane kebak rasa bungah kapacak saka raine kang sumringah.

Dakpikir Ate isinan marang bocah wadon. Jebul babar blas. Samulihe saka gladi bersih Ate nggawa Gina
pit-pitan. Pamit marang kanca-kanca kanthi alesan “Golek mangan”.
kanca aku melu seneng kancaku bisa ngguya-ngguyu duwe lelipur ati. (Persona 1) Awit saka rampunge
pentas iku Ate luwih kerep metu bareng.

Pancen beda jurusan, katulung sak kelompok kesenian bocah loro iku bisa kerep awor bareng nalika ing
kampus. Ana babagan kang satemene pengin daktakokne, nanging aku ora kepenak marang Ate.

Awit pisanan metu saka kadadeyan “Golek mangan” iku. Ate lan Gina ora tau goncengan bareng. Embuh
wus tau apa durung, nanging aku durung tau weruh babar pisan. (Persona 1)

Aku lan kanca-kanca pengin weruh kepriye bentuke Ate (persona 1), bocah pesisir kang kenthel babagan
agama nggoncengakke bocah wadon. (Demonstrasi tempat)

Dheweke pancen plonga-plongo, nanging plonga-plongone iku katon beda, apa Ate iku “Sang Pemikir”
ah embuh apa ya mungkin. (Persona 2)

Awit mau Ate isih wae durung lunga saka sofa, malah sansaya jembar eseme. Kadhang kala aku krungu
swara guyune. (Persona 1) Apa dheweke lagi telfonan marang Gina ya? (Persona 2)

Ahh ora mungkin. Krungu dheweke lekas ngguyu (persona 2), aku kepingin nyedhak. (Persona 1)
Nanging durung sida aku ngadeg saka kasur ing jero kamar (demonstrasi tempat), swara guyu mau wus
mandheg meneh. (Persona 1)

Daksawang saka kadohan meneh, sajak raine Ate tenanan banget namatake HP-ne. Swara guyu iku wus
rampung, aku wurung nyedhak (persona 1). Esem jembar mau malih mengkeret.

Rupane Ate kang kaya mangkono ndadekake kelingan lakon tresnane nalika ing sawijining pentas
mahasiswa anyar.

Pancen wengi iku peteng (demonstrasi waktu), lampu kang padhang amung lampu sorot tumuju ing
panggung. Tribun penonton (demonstrasi tempat) tetep peteng (demonstrasi waktu), nanging yen
kanggo nyawang raine kanca-kanca isih bisa.

Menawa ana kanca kang teka langsung celuk-celuk, supaya bisa nonton bareng sakpanggon. Wengi iku
(demonstrasi waktu) aku ora nonton bareng kanca-kanca, aku manggon rada ngisor let rong undak-
undakan tribun. (Persona 1)

Saka panggonku lingguh pisan-pindho aku nyawang sapa kang teka, durung tutug mripatku mubeng.
(Persona 1) Kena ngapa wengi iku Ate nonton bareng kanca-kanca.

Kaya ana bab kang ora lumrah, ana ngendi Gina wengi iku. Durung sida aku munggah nyedhak lan takon,
wus krungu kanca-kanca ngece. (Persona 1)

“Ealah Te Te kaya mangkono kok isih wae mbok openi”. Wus cetha lagi ana perkara kang gayeng, aku lan
kanca-kanca pancen seneng nggodha Ate. (Persona 1)
Plonga-plongo ora bisa nesu. Krungu-krungu wengi iku Ate wus ngajak Gina nonton sapanggon. Nanging
Gina arep nonton karo kanca-kancane. (Persona 3)

Kanggoku perkara iku lumrah lan ora prelu dipikir nemen. (Persona 1);Jebul ora gara-gara bab iku, Gina
kang pamit arep nonton bareng kanca-kancane malah nonton dhewe ing seberang. Adoh saka
lingguhane Ate lan kanca-kanca.

Senadyan peteng, rai tetep bisa diarani. Lha terus apa perkarane yen Gina nonton dhewe? Ora jumbuh
karo pamite?.

Senadyan plonga-plongo lan isih ajar pacaran, Ate ora sakleg. Kang jalari kasigar-sigar atine, nalika
weruh ana bocah lanang ngerti-ngerti lungguh ing sandhinge Gina.

Kanca-kanca malah oleh rong tontonan. Siji tontonan bocah kang lagi pentas ing panggung, nomer loro
polahe Gina ing sebrang karo bocah lanang iku.

Jane mono Gerald lan Ate iku wus padha kenale, cetha kerep pentas bareng mosok ya ora kenal. Kanca-
kanca kang lingguh ing sakupenge Ate amung bisa ngguyu tanpa swara lan nutup lambe semu ngece.

Pancen gayeng lakon tresnane Ate. Dakpikir wengi iku dadi pungkasaning cerita lakon tresnane Ate.
Jebul dina-dina sawise iku Ate isih metu bareng ing salah sawijining café. (Gramatikal tempat)

Embuh arep ngrembug apa bocah loro iku, paling ya amung pacaran kaya lumrahe bocah. Nanging aku
ora percaya yen amung ketemu pacaran.

Cetha-cetha wengi iku samulihe saka café rupane Ate layu kaya tanduran kang kesiram duduh mie
panas.

Aku metu saka kamar jejer lungguh ing sofa ngajak jagongan Ate. (Persona 1) Ora tega nyawang raine
kang sansaya kucel. Jane mono menawa rame akeh kancamu, malah tambah ditanggap. (Persona 2)

“Piye? Gorengke ndhog?” guyonan lawas kang isih wae dianggo.

“Telek !” Ate Semaur lan durung leren milihi foto ing galeri HP.

“Raimu kok sajak mangkel, kucel, kesel ngono. Apa kudu dakkumbah?” (persona 2)

“Ndhasmu… (persona 2)” ora ana semaur utawa tutur kang apik lan pener kaya lumrahe pacelathon.

Sansaya wengi tambah suwung lan ora ana swara kang gegirisi. Bocah gegojegan wus rada suda. Aku
miwiti takon ngenani sesambungane Ate karo Gina. (Persona 1)

Aku ora nyangka jebul reroncening cerita wus pungkas. Aku rada ngguyu, nanging ora tega. (Persona 1)
Ate miwiti cerita, nanging ora age-age blaka “rampung” gara-gara apa.

Nalika sore ngancik wayah latihan, Gina pamit marang Ate ora bisa melu jalaran lara. Ate percaya, arep
ora percaya piye. Sing ngeterake periksa ya Ate dhewe.
Nalika adzan maghrib (gramatikal waktu) ana Whatsapp saka kancane (persona 3) “Iki piye ta? Gina
malah karo Gerald neng kene, kok ora karo kowe?” (persona 2)

Krungu pitakon kancane ing sore iku Ate isih bisa ngempet ing panggon latihan. Nanging sawise mulih
aku ora weruh piye wujude Ate. (Persona 1)

“Lha kowe ngonangi Gina metu karo Gerald wus ping pira?”( persona 2) Aku kang sithik-sithik ngorek
INGPO. (Persona 1)

“Ya ora amung ping pisan ta. Dheweke iku ancen kerep metu karo Gerald. (Persona 3) Kayata nalika
pamit metu karo kancane, iku satemene metu karo Gerald. Nanging aku meneng”

“Halah rasah sok tegar, nangis ya nangis wae”

Durung mandheg dekne nduduli HP milihi foto. (Persona 2) Pancen akeh foto-fotone dekne nalika isih
karo Gina.

Jane mono amung pirang sasi, nanging fotone wus ngebaki galeri.

Embuh iku foto bareng utawa foto selfie kang sengaja dikirim ing Ate. Ora amung dikirim ing Ate thok,
Gina uga tau gawe Story Whatsapp foto bareng Ate.

Embuh iku dikirim ing kabeh kontak Whatsapp utawa amung dikirim ing Ate aku ora ngerti. Jalaran aku
jeleh nyawang polahe Ate kang ora bisa diajak jagongan gayeng, aku nekat takon. (Persona 1)

“Jane awit mau ki ngapa? Golek foto apa? Kok kaya angel ketemu”

“Horok sapa sing goleki foto?” semaure rada sengol kemaki.

“Banjur ngapa mbuka galeri ora rampung-rampung?”

“Aku iki lagi mbusaki foto-fotone Gina” (Persona 1)

“Kabeh?”

“Ora kabeh, ana sak foto sing sengaja ora dakbusak”

“Endi nonton? Kena ngapa…” Durung tutug anggonku ngomong, dheweke nduduhi fotone.

Sanalika aku dadi kelingan tengah wengi embuh tanggal pira. (Persona 1) Ate gawe Story “Selamat ulang
tahun” kang dipacak fotone Gina. Nanging aku ora nyangka, jebul gayeng tenan lelakon tresnane.
(Persona 1) Foto kang diweruhke aku menehi candhakan.

“Kena ngapa ora kokbusak?” Aku nutukne pitakon.

“Amarga foto-foto ayune dekne iku amung marai kumat rasa kangenku (persona 2). Nanging yen foto iki
sing daksimpen, malah kaya dene pêpéling IKI LHO SING NGLARANI”
Fotone Gina dirangkul Gerald ing salah sawijining wengi nalika Ate ngucapke “Selamat ulang tahun”.

Embuh kena ngapa Gina luwih milih kerep ketemu Gerald tinimbang Ate. Apa jalaran padha “G” ne.
Amarga GG iku GOOD GAME?*

Dening Kamgatu Lukman. Tiyang Mardika. Universitas Sebelas Maret Surakarta. Instagram
@kamgatu.lukman

Rampung

Pengacuan persona

Data 1 : Miturut pangelingku kang gampang lalen,

Data 2 : Aku lali babagan apa kang jalari Gina miwiti,

Data 3 : Dheweke tau cerita marang aku kepriye asale kenal Gina

Data 4 : Jane mono menawa rame akeh kancamu, malah tambah ditanggap.

Data 5 : Nanging Gina arep nonton karo kanca-kancane.

Data 1 lan data 2 ing tembung pangelingku lan aku menika kalebu persona pertama yaiku kata ganti
saka tokoh Ate kang dadi persona pertama ing crikak kasebut. Ing data 3 lan data 4 ana tembung
dheweke lan kancamu menika kalebu persona kapindo. Lan ing data 5 ana tembung kancane menika
kalebu persona katelu.

Pengacuan demonstrasi

Data 1 : Telung dina Ate ora obah saka sofa kang mapan ing tengah ruwang tamu kontrakan.

Data 2 : Pancen wengi iku peteng, lampu kang padhang amung lampu sorot tumuju ing panggung.

Data 3 : Nalika adzan maghrib ana Whatsapp saka kancane.

Data 4 : Ora amung kadadeyan ing Teater Arena kang jalari Ate ndomblong ing wengi iki.

Data 5 : Nanging durung sida aku ngadeg saka kasur ing jero kamar.

Data 6 : Tribun penonton tetep peteng, nanging yen kanggo nyawang raine kanca-kanca isih bisa.

Data 1, data 2, lan data 3 ing tembung telung dina, wengi iku peteng, adzan Maghrib menika kalebu
demonstrasi wektu (temporal). Ing data 4, data 5, lan data 6 ana tembung Teater Arena, ing jero kamar,
tribun penonton menika kalebu demonstrasi panggon (lokasional).

Pengacuan komparatif (perbandingan)


Data 1 : “Amarga foto-foto ayune dekne iku amung marai kumat rasa kangenku. Nanging yen foto iki
sing daksimpen, malah kaya dene pêpéling IKI LHO SING NGLARANI”

Data 1 ana tembung kaya menika kalebu pengacuan komparatif (perbandingan). Tembung kaya mau
mbandingake kahanan atine kang seneng amarga nyawang poto-poto ayune kang bisa marai kumat
kangen banjur dibandingke kaliyan kahanan kang ora seneng amarga pernah nglarani atine.

Penyulihan (Subtitusi)

Subtitusi nominal

Data 1 : Aku lan kanca-kanca pengin weruh kepriye bentuke Ate, bocah pesisir kang kenthel babagan
agama nggoncengakke bocah wadon.

Data 1 ing tembung bocah pesisir menika kanggo ganti tembung aran saka Ate.

Subtitusi verbal

Data 1 : Esem gemeske, tutur mranani ati, lan rai kang ora luntur saka awang-awange wus padha
khasiate karo sega telung piring.

Data 2 : Miturut pangelingku kang gampang lalen, Gina ndhisiki omong saka Whatsapp.

Data 3 : Kadhang kala aku gedheg-gedheg, bocah goblok apa dasare entheng tangan.

Data 4 : Dheweke pancen plonga-plongo, nanging plonga-plongone iku katon beda, apa Ate iku “Sang
Pemikir” ah embuh apa ya mungkin.

Data 1 tembung esem gemesake kalebu subtitusi verbal saka satuan lingual "senyum kang paling manis."
Data 3 tembung omong kalebu subtitusi verbal saka satuan lingual "ujar/omongan." Data 3 lan data 4
tembung gedheg-gedheg lan plonga-plongo kalebu subtitusi verbal saka satuan lingual "bingung utawa
kakean pikiran."

Subtitusi frasal

Subtitusi klausal

Pelepasan (ellipsis)

Data 1 : “Aku iki lagi mbusaki foto-fotone Gina."

Data 2 : Nanging yen foto iki sing daksimpen, malah kaya dene pêpéling IKI LHO SING NGLARANI."

Data 1 tembung iki kang kaserat sawise tembung aku luwih becik diilangi amarga menika pemborosan
tembung. Data 2 tembung sing menika saget diilangi wae sahingga dadi ukara "Nanging yen foto iki
daksimoen, malah kaya dene pepeling IKI LHI SING NGLARANI."

Konjungsi sebab-akibat
Data 1 : Nalika Ate penekan ing langit-langit Teater Arena, Gina ora pindah saka panggon ngancani
tumeka rampung.

Data 2 : Kayata kadadeyan kang Ate arani “mula bukane lakon tresna."

Data 3 : “Amarga foto-foto ayune dekne iku amung marai kumat rasa kangenku. Nanging yen foto iki
sing daksimpen, malah kaya dene pêpéling IKI LHO SING NGLARANI."

Data 1, data 2, lan data 3 ing tembung nalika, mula, lan amarga menika kalebu konjungsi sebab-akibat
(kausalitas) amarga nduweni fungsi kanggo nuduhake sebab-akibat.

Konjungsi pertentangan

Data 1 : Nyuda turu ora karana tirakat, nanging Gina kang ngrambah telenging ati jalari ilange hawa
peteng, hawa ngantuk, lan ngelih.

Data 2 : Saka ngisor Gina ngajak jagongan, senadyan rada bengak-bengok nanging iku dadi dina kang
ngangeni. Rasane telak pancen serak, nanging kepenak.

Data 1 lan data 2 ing tembung nanging lab senadyan menika kalebu konjungsi pertentangan amarga
nentang kaliyan apa kang wis diucapaje sadurunge.

Konjungsi kelebihan

Data 1 : Awit mau Ate isih wae durung lunga saka sofa, malah sansaya jembar eseme.

Data 1 ing tembung malah menika kalebu konjungsi kelebihan amarga ngelebih-lebihake omongan kang
ora padha kaliyan kedadeyan sebenere.

Perkecualian

Konsensif

Tujuan

Data 1 : Menawa ana kanca kang teka langsung celuk-celuk, supaya bisa nonton bareng sakpanggon.

Data 2 : Tribun penonton tetep peteng, nanging yen kanggo nyawang raine kanca-kanca isih bisa.

Data 1 lan data 2 ing tembung supaya kanggo menika kalebu konjungsi tujuan amarga duweni fungsi
kanggo nuduhake maksud lan ancas saka sawijining acara utawa tindakan.

Penambahan

Data 1 : Aku kerep nyawang Ate wira-wiri munggah-mudhun masang backdrop mbenakake lampu lan
piranti pentas kang pating cementhel.
Data 2 : Embuh iku foto bareng utawa foto selfie kang sengaja dikirim ing Ate. Ora amung dikirim ing Ate
thok, Gina uga tau gawe Story Whatsapp foto bareng Ate.

Data 3 : Esem gemeske, tutur mranani ati, lan rai kang ora luntur saka awang-awange wus padha
khasiate karo sega telung piring.

Data 1, data 2, lan data 3 menika duweni fungsi kanggo nuduhake konjungsi panambahan (aditif). Baba
iki diduduhake ana ing tembung lan, uga, lan karo.

Pilihan

Data 1 : “Ndhasmu…” ora ana semaur utawa tutur kang apik lan pener kaya lumrahe pacelathon.

Data 1 menika duweni fungsi kanggo nuduhake konjungsi pilihan. Bab iki diduduhake ana ing tembung
utawa.

Harapan

Data 1 : Tribun penonton tetep peteng, nanging yen kanggo nyawang raine kanca-kanca isih bisa.

Data 1 menika duweni fungsi kanggo nuduhake konjungsi harapan. Bab iki diduduhake ana ing tembung
kanggo.

Urutan

Data 1 : “Banjur ngapa mbuka galeri ora rampung-rampung?”

Data 2 : Senadyan peteng, rai tetep bisa diarani. Lha terus apa perkarane yen Gina nonton dhewe? Ora
jumbuh karo pamite?

Data 1 lan data 2 menika duweni fungsi kanggo nuduhake konjungsi urutan. Bab iki diduduhake ana ing
tembung banjur lan terus.

Perlawanan

Data 1 : Nyuda turu ora karana tirakat, nanging Gina kang ngrambah telenging ati jalari ilange hawa
peteng, hawa ngantuk, lan ngelih.

Data 1 menika duweni fungsi kanggo nuduhake konjungsi perlawanan. Bab iki diduduhake ana ing
tembung nanging.

Waktu

Data 1 : Jebul dina-dina sawise iku Ate isih metu bareng ing salah sawijining cafe.

Data 2 : Pinangka kanca aku melu seneng kancaku bisa ngguya-ngguyu duwe lelipur ati. Awit saka
rampunge pentas iku Ate luwih kerep metu bareng.
Data 1 lan data 2 menika kalebu fungsi konjungsi waktu. Bab iki diduduhake ana ing tembung Sakwise
kan rampunge.

Syarat

Data 1 : Menawa ana kanca kang teka langsung celuk-celuk, supaya bisa nonton bareng sakpanggon.

Data 2 : Senadyan peteng, rai tetep bisa diarani. Lha terus apa perkarane yen Gina nonton dhewe? Ora
jumbuh karo pamite?

Data 1 lan data 2 menika kalebu konjungsi syarat. Bab iki diduduhake ana ing tembung menawa lan yen.

Cara

Data 1 : Dakpikir Ate isinan marang bocah wadon. Jebul babar blas. Samulihe saka gladi bersih Ate
nggawa Gina pit-pitan. Pamit marang kanca-kanca kanthi alesan “Golek mangan."

Data 1 menika kalebu konjungsi cara. Bab iki diduduhake ana ing tembung kanthi.

Makna Lain

Repetisi epizeuksis

Data 1 : Mesam-mesem ngguya-ngguyu nggujengi HP klangenane.

Data 2 : Esem gemeske, tutur mranani ati, lan rai kang ora luntur saka awang-awange wus padha
khasiate karo sega telung piring.

Data 3 : Nalika Ate penekan ing langit-langit Teater Arena, Gina ora pindah saka panggon ngancani
tumeka rampung.

Data 4 : Lelakon iku wiwit saka Pentas kethoprak cilik kang dianakne bocah-bocah jurusan.

Data 5 : Kadhang kala aku gedheg-gedheg, bocah goblok apa dasare entheng tanga.

Data 1 menika nekanake saka tembung ngguyu kanthi isin. Data 2 menika nekanake saka tembung
awange. Data 3 menika nekanake saka tembung langit. Data 4 menika nekanake saka tembung bocah.
Data 5 menika nekanake saka tembung gedheg utawa ora nyangka.

Repetisi tautotes

Data 1 : Daksawang saka kadohan meneh, sajak raine Ate tenanan banget namatake HP-ne. Swara guyu
iku wus rampung, aku wurung nyedhak.

Data 1 menika duweni fungsi kanggo nuduhake repetisi tautotes. Bab iki diduduhake ana ing tembung
tenanan banget.
Repetisi utuh

Repetisi anafora

Repetisi epistrofa

Repetisi simplok

Repetisi epanalepsis

Repetisi anadiplosis

Sinonim Morfem bebas dengan Morfem terikat

Data 1 : Pinangka kanca aku melu seneng kancaku bisa ngguya-ngguyu duwe lelipur ati.

Data 1 menika kalebu sinomin bebas dengan Morfem terikat amarga tembung aku menika dibaleni ana
ing tembung kancaku kang asale saka tembung kanca aku.

Sinonim tembung kaliyan tembung

Sinonim tembung kaliyan frasa utawa frasa

Sinonim frasa kaliyan frasaa

Sinonim klausa/ukara kaliyan klausa/ukara

Konteks

1. “Ya ora amung ping pisan ta. Dheweke iku ancen kerep metu karo Gerald. (Persona 3) Kayata nalika
pamit metu karo kancane, iku satemene metu karo Gerald. Nanging aku meneng”

Penafsiran saka persoalan kasebat menika penutur kancane dene minta tutur menika Ate dadi peraga
utama utawa tokoh utama ing crikak kasebut.

2. Telung dina Ate ora obah saka sofa kang mapan ing tengah ruwang tamu kontrakan

You might also like