You are on page 1of 5

ANALISIS TEMBANG MACAPAT

"DHANDHANGGULA-GAMBUH"

Disusun oleh :
Kelompok 2

1. DewI Ramadhanti (09)


2. Fanny Nur Fadilah (13)
3. Irbah Artha Firstana (19)
4. Kernelia Maryam R.S.P (20)
5. Pratiwi Nindya Ningrum (28)
6. Rizqy Restu A.W.U (30)
7. Siti Diajeng Indah H. (32)

SMA NEGERI 1 CERME


TAHUN PELAJARAN 2022-2023
TEMBANG MACAPAT DHANDHANGGULA

Pra sedulur apa sira lali,


Saka ngendi sira kedadeyan,
Sarine bumi asale,
Dikandhut dening ibu,
Sangang wulan rinten lawan ratri,
Direwangi tirakat,
Lan uga nyenyuwun,
Sawuse nang alam ndonya,
Diopeni rina wengi tanpa risi,
Mula padha bekita.

Gladhen
1. Jlentrehna struktur teks tembang Dhandhanggula ing dhuwur!
2. Jlentrehna unsure kebasaan sing tinemu ing teks tembang Dhandhanggula ing
dhuwur!
3. Critakna maneh isine lan pesan moral saka tembang Dhandhanggula ing
dhuwur!

Wangsulan
1. Struktur teks Dhandhanggula
a. Paugerane tembang macapat Dhandhanggula :
1) Guru gatra : 10
2) Guru lagu : 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7
3) Guru wilangan: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
b. Watak tembang macapat Dhandhanggula :
Ngresepake, luwes, mathuk kanggo crita sedhih lan asmara.
c. Laras : Laras Pelog Pathet Nem
2. Unsur kebasaan teks Dhandhanggula
a. Nggunakake tembang kawi, tuladha :
- Tembung sira ateges kowe
- Tembung rinten ateges siyang
- Tembung ratri ateges dalu
- Tembung rina ateges dina

b. Nggunakake dasanama, tuladha :


- Sira padha tegese karo kowe, sampeyan, panjenengan
- Rina padha tegese karo rinten, siyang, awan
- Lali padha tegese karo supe, limput, limut, kalipyan
- Sedulur padha tegese karo kadang, kadeyan, sanak, wandawa,
sentana, wangsa, warga
- Bumi padha tegese karo mandhala, dharana, maetala, buwana,
basundara, basundari, pratyana, kisma, pertiwi, pratiwi, pratala, siti,
tanah, bawana, bantala, jagad.
- Ibu padha tegese karo biyung, biyang, rena, wibi, umi, indhung,
puyengan,
- Becik padha tegese karo adi, adya, ayu, sae, tama, ajêng, yogya,
darma, arja, pênêt, santa, pelag, suba, tulyasri, yoga.

3. Isine tembang Dhandhanggula:


Nyeritakake perjuanganipun ibu hamil 9 wulan, ngeramut anake
kanthi tirakat lan nyuwun mugi diparingi kasuksesan ing alam dunya.
Mulane, kita kudu berbakti marang wongtuwa utamane ibu merga
perjuanipun kita biso urip mulya nganti saniki.
Pesan moral dhandhanggula :
Kita kudu berbakti marang wongtuwa utamane ibu merga
perjuanipun kita biso urip mulya nganti saniki.
TEMBANG MACAPAT GAMBUH

Sekar gambuh ping catur,


Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadalu warsa kapatuh,
Katutuh pan dadi awon. 

Gladhen
1. Jlentrehna struktur teks tembang Gambuh ing dhuwur!
2. Jlentrehna unsure kebasaan sing tinemu ing teks tembang Gambuh ing
dhuwur!
3. Critakna maneh isine lan pesan moral saka tembang Gambuh ing dhuwur!

Wangsulan
1. Struktur teks Gambuh
a. Paugerane tembang macapat Gambuh :
1) Guru gatra :5
2) Guru lagu : 7,10,12,8,8
3) Guru wilangan: u, u, i, u, o
b. Watak tembang macapat Gambuh : Sumanak sumadulur, mathuk
pinangka aweh wewarah kang asipat sereng
c. Laras : laras pelog pathet barang

2. Unsur kebasaan teks Gambuh


a. Nggunakake dasanama, tuladha :
- Sekar : kembang, sari, puspa, puspita, kusuma, kumala, padma.
- Catur : papat, sekawan
- Cinatur : diaturake, diomongi, atur, batur
- Kalantur : keblablasen
3. Isine tembang Gambuh :
Nyeritakake pakulinan sing keblablasan lan ora bias ditulungi
meneh. Pakulilan kuwi iso gawe cilaka. Mulane kita yen nduweni polah
ala aja diterusake, apa meneh nganti dadi pakulinan. Mergane pakulinan
ala kuwi bias gawe cilaka.
Pesan moral tembang Gambuh :
Kita yen nduweni polah ala aja diterusake, apa meneh nganti dadi
pakulinan. Mergane pakulinan ala kuwi bias gawe cilaka.

You might also like