You are on page 1of 1

Kethek lan Bulus

Sawijine dina Kethek ngajak Blusur plesir. Ora lali padha nggawa sangu. Sawentara suwe mlaku,
Kethek ngajak Bulus leren. Kethek lan Bulus ngaso sangisore wit.

“Sangumu dipangan bareng dhisik, ya, Lus?” akone Kethek marang Bulus.

“Mengko yen sangumu wis entek, kari mangan sanguku.” Kandhane Kethek. Bulus manut.

Kewan loro iku banjur telap-telep mangan. Sanguine Bulus entek dipangan bareng. Sawise
mangan banjur nerusake laku. Tekan papan sing dituju panase sumelet. Kewan loro mau banjur
ngaso.

“Ayo saiki genti sangumu dipangan bareng.” Pangajake Bulus.

“Aja! Sanguku arep tak pangan dhewe.” Sumaure Kethek.

Kethek menek wit banjur mangan sangune dhewekan. Bulus ora diwenehi.

Sawise mangan Kethek mudhun maneh. Nalika angin sumilir, Kethek ngantuk banjur keturon.
Bulus ngrasa ngelak dan luwe banget. “Ssst, cepet lungo saka kene! Anak tukang mbedhag!”
Bulus krungu swara lirih.

Bareng ditolek jebul manuk Derkuku. Bulus banjur gedhampal-gedhampal umpetan. Sauntara
iku, Kethek sing keturon ora ngerti yen ana bilahi. Dheweke kecekel tukang mbedhag banjur
digawa lunga.

You might also like