You are on page 1of 29

KUMPULAN SOAL-SOAL LATIHAN BAHASA JAWA

1. Rusake Lingkungan Saka Rubedaning Alam


Akeh dhahuru kang njalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung
njeblug. Gunung njeblug mujudake salah sawijine aktivitas vulkanis melan dumadine gejala
alam. Kahanan iki ora ana sing bisa nyegah panjebluge gunung mau. Akibat mbledhose/
njebluge gunung bakal ngrusak lingkungan amarga gunung muntahake sawernane material
padhet sing nibane ing sawah, omah, alas lan apa wae sing ana sakupenge. Saliyane iku
lindhu lan siklonuga kalebu bencana alam sing ngrusak lingkungan.
Wacan kasebut kalebu jinise artikel yaiku ......
a. Artikel argumentasi
b. Artikel eksposisi
c. Artikel persuasif
d. Artikel preskriptif
e. Artikel predhiktif

2. Adi kuwi tegese luwih. Dene wiyata kuwi tegese sekolah. Dadi adiwiyata kuwi sekolah sing
luwih dibandhingake sekolah liyane. Apane sing luwih saka sekolah liyane? Jawabane:
kawigatene marang lingkungan. Yen sekolah-sekolah umume kawigatene disok marang PBM
(Proses Belajar Mengajar) lan kelengkapan sarana prasarana, supaya sukses ing ujian
nasional, sekolah adiwiyata kawigatene ditambahi kanggo nyaman lan lestarine lingkungan.
Paragraf ingdhuwur ide pokoke.....
a. Tegese adiwiyata
b. Wiyata kuwi sekolah
c. Kaluwihane sekolah
d. Kawigatene lingkungan sekolah
e. Lestarine lingkungan sekolah
3. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamisahane komponen kudu diselektif
kanthi bener. Amarga ana zat-zat sing mbebayani ing sajrone komponen elektronika sing
mbutuhaken penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane.

Ukara ing dhuwur cuplikan saka ..


a. pambuka
b. dudutan
c. isi
d. pambuka lan dudutan
e. deskripsi

4. Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa
disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase,
bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake
masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
a. Ekploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

5. Gatekna gambar wayang ing ngisor iki!

Tokoh wayang ing gambar ndhuwur kuwi kang dadi abdine


para satriya. Sapa ta asmane tokoh wayang kuwi?
a. Ramawijaya
b. Janaka
c. Kresna
d. Semar
e. Baladewa
6. Gatekna gambar wayang ing sisih tengen!
Putrane Dewi Kunthi saka titisan Bathara Bayu.
Sapa ta asmane tokoh wayang ing gambar?
a. Raden Werkudara
b. Raden Permadi
c. Raden Nakula
d. Raden Sadewa
e. Raden Puntadewa
7. Asmane tokoh wayang sakkeloron ing ngisor iki yaiku …

a. Raden Sadewa lan bima


b. Raden Werkudara lan bima
c. Raden Gatotkaca lan bima
d. Raden Yudhistiralan bima
e. Raden Nakula lan arimbi

8. Sajrone crita pewayangan antarane pandhawa lan kurawa iku nduweni sauwong guru
(tunggal guru). Nanging guru kasebut nalika dumadine perang bharatayuda ngrewangi
ing pihake kurawa. Sapa ta asmane guru kasebut …..
a. Arjuna
b. Sengkuni
c. Pandu Dewanata
d. Duryudana
e. Durna

9. Wacanen kanthi premati teks pacelathon ing ngisor iki!


Tertib lalu linta kudu ditegakake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan
sing dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Polisi : Geneya kok ora nganggo helm?
Joni : Helmku ilang, Pak.
Polisi : Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?
Joni : Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit kanggo bayar denda. Mesthi
mengko aku uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.
Polisi : Haaaa???
Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montore Joni kesebut kudu ditinggal.

Sing kalebu stuktur teks pacelathon babagan komplikasi ing ndhuwur, yaiku....
a. Polisi ngetokake surat tilang.
b. Motore Joni kudu ditinggal.
c. Joni ditilang.
d. Polisi nganakake operasi lalu lintas.
e. Tertib lalu lintas kudu ditegakake.

10. Paraga ing sajrone drama iku rena-rena arane. Apa wae paraga ing drama iku ….
a. Paraga Utama, Paraga Pembantu (Sampingan), Paraga Gegenep (Figuran)
b. Paraga Utama, Paraga Protagonis, Paraga Antagonis
c. Paraga Protagonis, Paraga Antagonis, Paraga Figuran
d. Paraga Antagonis, Paraga Pembantu (Sampingan), Paraga Gegenep (Figuran)
e. Paraga Utama, Paraga Pembantu (Sampingan), Paraga Protagonis

11. Adhedhasar teks pacelathon kasebut,” ukara “Wonten, Pak. Punika lho kula badhe nyuwun pirsa
bab traktor, traktor punika punapa klebet satunggaling teknologi trep guna nggih?”
Ukara kang kacethak miring kasebut yen diowahi dadi ngoko andhap, yaiku…..
a. “Ana, Pak. Iki lho aku arep takon bab traktor, traktor iku apa kalebu salah
sawijining teknologi trep guna ya?”
b. “Ana, Pak. Iki lho aku arep taken bab traktor, traktor iku apa kalebu salah
sawijining teknologi trep guna ya?”
c. “Wonten, Pak. Niki lho kula badhe taken bab traktor, traktor niku menapa kalebu
salah satunggaling teknologi trep guna nggih?”
d. “Wonten, Pak. Punika lho kula badhe nyuwun pirsa bab traktor, traktor punika
punapa klebet satunggaling teknologi trep guna nggih?”
e. “Ana, Pak. Iki lho kula badhe taken bab traktor, traktor iku apa kalebu salah sawijining
teknologi trep guna nggih?”

12. Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik yaiku….


a. Tema, amanat, penafsiran, alur
b. Tema, amanat, penokohan, paraga, alur
c. Tema, dialog, penafsiran, alur, latar
d. Tema, amanat, latar, alur, paraga
e. Tema, biologi pangripta, penafsiran, alur

13. Sajrone unsur intrinsik drama, kang ngandharake lakune crita wiwitan nganti pungkasane
crita iku diarani …..
a. Paraga
b. Setting
c. Alur
d. Judhul
e. Tema

14. Aja padha ngina utawa ngremehake pepadhaning manungsa, ing atase cacing wae bisa
nggremet tekan pucuking gunung, apa maneh manungsa, mula ora kena diina. Iku
paribasane ....
a. Sapa salah bakal seleh
b. Ulat madhep ati karep
c. Sapa temen bakale tinemu
d. Giri lusi janma tan kena ingina
e. Rukun agawe santosa crah gawe bubrah
15. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga.....
a. He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang!
b. Sapa sing rumangsa salah, wis samesthine kudu gelem ngakoni salahe mau becike
banjur njaluk pangapura.
c. Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu
omah cet biru mau.
d. Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan uga sakiwa tengene,
nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya patung.
e. Pancen pantes yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes
luwes solah bawane.

16. Sinten ta ingkang pinangka suba manggala, kirabipun pinanganten sarimbit, nun inggih
panjenenganipun raka Mas Joko Sembada. Kang dikarepake sarimbit yaiku ....
a. Juru rias
b. Tiyang sepuhipun
c. Pinanganten sakloron
d. Putri dhomas
e. Pandhamping

17. Gatekna tembang macapat iki!


Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen angel angel kalangkung
Yen gampang luwih gampang
Tan kena tinumbanas arta
Tembang macapat kuwi mau arane ....
a. Dhandhanggula
b. Pangkur
c. Mijil
d. Asmaradana
e. Maskumambang

18. Semaken tembang ing ngisor iki!

Mangkono ngelmu kang nyata,

sanyatane mung weh reseping ati,

bungah ingaran cubluk,

sukeng tyas yen denina,

nora kaya si punggung anggung gumrunggung,

ugungan sadina dina,

aja mangkono wong urip.

Guru wilangan lan guru lagune gatra kalima tembang ing duwur yaiku … .

a. 8a
b. 11i
c. 7u
d. 12u
e. 8i
19. Gatekna tembang macapat iki!
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngilmu luhung
Tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
Tembang macapat kuwi mau arane ....
a. Dhandhanggula
b. Pangkur
c. Mijil
d. Asmaradana
e. Maskumambang

20. Gatekna tembang pucung iki!


Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha

Saka tembang Pucung kuwi, batangane tembang Pucung kuwi yaiku ....
a. Montor muluk
b. Tronton
c. Bis
d. Sepur
e. Kalung

21. Guru gatrane tembang macapat gambuh yaiku ....


a. 4 gatra
b. 5 gatra
c. 6 gatra
d. 7 gatra
e. 8 gatra

22. Gatekna tembang macapat iki!


Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ngilmu luhung

Tumrap ing tanah jawa


Agama ageming aji

Tembang macapat kuwi mau arane ....

a. Dhandhanggula
b. Pangkur
c. Mijil
d. Asmaradana
e. Maskumambang

23. Wacananen geguritan iki kanthi patitis!


Heh manungsa
Kepriye anggonira padha
Jejer dadi pangarsa
Gubernur, bupati, lan wali kutha
Geguritan ing ngisor iki aweh pitakonan babagan ....
a. Kaperluan
b. Rasa pangrasa
c. Pamikiran
d. Panguripan
e. Kuwajiban

24. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Tumindake siswa kang winasis,

Ora gampang kakehan guneman,

Kang tanpa ana gunane,

Uga sregep sinau,

Sregep maca kelawan nulis,

Ngerti ing tata krama,

Lan uga mituhu,

Mituhu marang pranatan,

dene marang guru kang tansah ngabekti,


Uga marang wong tuwa.

Pesen moral kang kinandhut jroning tembang macapat ing ndhuwur yaiku ….

a. Dadi murid aja kakehan ngomong, sregepa sinau, mituhu marang guru lan wong tuwa.
b. Dadi murid iku kudune pinter ngomong, sregep maca lan nulis amrih disenengi gurune.
c. Murid kuwi supaya seneng maca lan nulis kudune tansah nyuwun pangestu gurune.
d. Dadi guru iku kudune gelem nuturi marang muride supaya padha sregep olehe sinau.
e. Wong yen kakehan ngomong iku tandhane wong pinter mulane sregepa olehe sinau.

25. Titikane geguritan gagrag anyar yaiku.....


a. Ora kaiket paugeran tartamtu
b. Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
c. Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
d. Guru lagune pinathok
e. Isih ngugemi anane guru wilangan

26. Tembung “sun nggegurit” iku lumrahe tinemu ana ing ....
a. Tembang macapat
b. Tembang tengahan
c. Tembang gedhe
d. Geguritan jawa lawas
e. Geguritan jawa anyar

27. Gatekna kanthi setiti urut-urutane upacara adat panggih manten ing ngisor!
1) Balangan suruh
2) Wiji dadi
3) Pupuk
4) Timbangan
5) Sinduran
6) Kacar-kucur
7) Dhahar klimah
8) Mertui
9) Sungkeman
10) Kenduren/ Resepsi
Reroncene upacara adat Jawa nenikahan kang bener, yaiku….
a. 1-2-3-4-5-6-7-8-9-10
b. 1-2-3-5-4-6-7-8-9-10
c. 1-2-3-4-5-6-7-8-10-9
d. 1-2-5-6-4-3-8-7-9-10
e. 1-2-6-5-4-3-8-7-9-10

28. Nalika wanita sepisanan ngandhut antuk pitung wulan, dianakake upacara ritual kang
diarani ....
a. Sepasaran
b. Brokohan
c. Tingkeban
d. Mitoni
e. Tedhak siten

29. Tedhak siten utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur…..
a. Pitung wulan
b. Limang wulan
c. Telung wulan
d. Setaun
e. Sewulan

30. Ing ngisor iki ana ing tata adicarane manten, kajaba ....
a. Kacar kucur
b. Dulangan
c. Sinduran
d. Pasrah tampi
e. Brokohan

31. Ubarampe kang ana ing panghargyan temanten kang ngemu pralambang mugi-mugi
gesangipun tansah kenceng anggenipun mikir yaiku ....
a. Ron kluwih
b. Cengkir
c. Suket alang-alang
d. Kembang lan wohing kapas
e. Tebu wulung

32. Slendang werna abang putih sing disengkepake ana pundhake penganten sarimbit iku
diarani ....
a. Emban
b. Jarik
c. Sabuk
d. Setagen
e. Sinduran

33. Sawijine upacara adat sing tujuwane kanggo ngilangi mala sukerta tumrape bocah/wong
sing dianggep sukerta (upamane: bocah ontang-anting, bocah sendhang kaapit pancuran,
bocah kedhana-kedhini, lan sapanunggalane) diarani...
a. ruwatan
b. nyadran
c. bersih desa
d. suran
e. tulak balak

34. Tanggap wacana utawa pidhato iku diarani uga ....


a. Sesorah
b. Sesanti
c. Ceramah
d. Pituduh
e. Dhakwah

35. Sing kudune ora diendhani nalika nindhakake tanggap wacana ....
a. Asring kukur-kukur talingan
b. Asring ndelok mandhuwur
c. Asring ngobahake perangan awak
d. Ndingkluk terus
e. Nguwasani materi

36. Sajrone unsur intrinsik drama, kang ngandharake lakune crita wiwitan nganti pungkasane crita
iku diarani …..
a. Paraga
b. Setting
c. Alur
d. Judhul
e. Tema

37. Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakake endahing asil karyaning
para seniman, ananging kita uga bisa …
a. Ngundhakake gelar lan martabat
b. Ngundhakake gengsi lan prestasi
c. Ngundhakake drajat lan pangkat
d. Ngundhakake ilmu lan kawruh
e. Ngundhakake pangkat lan jabatan

38. “Ing dalu menika kula lan panjenengan sami mengeti wiyosipun panutan kula
panjenengan sedaya, Kanjeng Nabi Muhammad saw. Kaleresan ing wulan menika Wulan
Maulud, inggih menika wulan ingkang mulya lan agung. Jalaran wonten ing wulan
maulud menika kaleresan miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad saw utawi lairipun
Kanjeng Nabi. Wonten ing wulan menika .......................”.
Kasebut mujudake peranganing tanggap wacana babagan ....
a. Ngaturake puji syukur
b. Nyuwun donga pangestu
c. Panutuping tanggap wacana
d. Nyuwun ngapura
e. Wosing tanggap wacana
39. “ ..... kulawarga dhusun ngriki rumaos kecalan kadang ingkang saestu taksih
kabetahaken, nanging kados pundi malih, kodrat sampun ginarisaken saengga kula lan
panjenangan sedaya kedah lila legaawa nampi kasunyatan menika. Mugi-mugi perkawis
punika mboten andadosaken ringkihing iman kula lan panjenengan sedaya, satemah
kirang prayogi “
Pada kasebut mujudake gatining sedyane tanggap wacana ....
a. Pasrah lamaran
b. Pasrah penganten
c. Pindhah omah
d. Ngundhuh penganten
e. Caos bela sungkawa

40. Basa krama lugu sing bener ....


a. Lik, sampeyan mengko sido mrene tah?
b. Nduk, ibu pundhutna gula rong kilo!
c. Kula mboten angsal ndherek kaliyan pakdhe.
d. Saben diutus sinau mesthi alasan wae.
e. Wekdhal ibu tindak, adhik mboten purun nedha.

41. “ Saiki bapak durung mulih saka kantor”, yen didadekake basa krama alus ....
a. Saiki bapak durung kondur saka kantor.
b. Samenika bapak dereng kondur saking kantor.
c. Saiki bapak dereng wangsul saking kantor.
d. Sakmenika bapak dereng wangsul saking kantor.
e. Samenika bapak ajeng wangsul saking kantor.

42. “Bapak mulih saka Jakarta nggawa klambi sepuluh”.


Ukara kasebut yen diowahi menyang ngoko alus yaiku ….
a. “Bapak kondur saka Jakarta nggawa klambi sepuluh”
b. “Bapak wangsul saking Jakarta ngasta rasukan sepuluh”
c. “Bapak kondur saka Jakarta ngasta klambi sepuluh”
d. “Bapak kondur saking Jakarta ngasta ageman sedasa”
e. “Bapak kondur saking Jakarta mbeta ageman sedasa”

43. “Pak, Panjenengan nitih apa yahmene kok wis rawuh”


Ukara kasebut yen diowahi menyang krama lugu kepriye ukarane?
a. “Pak, Panjenengan nitih menapa yahmenten kok sampun rawuh?”
b. “Pak, sampeyan nitih apa yehmenten kok sampun dugi”
c. “Pak, panjenengan numpak apa yahmene kok wis teka”
d. “Pak, sampeyan numpak apa yahmene kok wis rawuh”
e. “Pak, kowe numpak apa yahemene kok wis teka”

44. Basa kramane mata yaiku ...


a. Grana
b. Tutuk
c. Talingan
d. Paningal
e. Palarapan

45. Sawijine karya sastra Jawa gagrag anyar (modern) kang critane ringkes yen ditulis bisa 1-
5 kaca lan basa kang kepenak dimangerteni diarani .....
a. Cerkak
b. Cerbung
c. Tembang
d. Novel
e. Geguritan

46. Gatekna pethikan teks drama ing ngisor iki!


................
Suwardi : ”Gawe owah-owahan yen tumuju kabecikan kuwi apik. Nanging rancanganmu
kuwi yen takgagas-gagas ora arep gawe owah-owahan, ning malah arep gawe
rusak. Mulane wong-wong akeh sing padha ora sarujuk marang rancanganmu
kuwi.”
Sunoto : ”Jane karepe apa ta wong-wong kuwi. Arep digawekne pasar kok malah ra
gelem. Desane dhewe iki kinepung gunung. Yen arep nyang pasar ae kangelan,
kudu mubeng desa liyane. Mula arep dakgawekake pasar ben luwih gampang.
Para among tani ya luwih gampang olehe masarake asil panenane. Para warga
ya malih dadi gampang golek asil saben dinane.”
Suwardi : ”Yen perkara pasar ora dadi perkara. Nanging anggonmu arep ngrubuhake wit
asem buntung kuwi sing njalari wong-wong padha kebrongot atine.”
Sunoto : ”Geneya ta Kang, wong-wong kok padha ora setuju yen wit asem buntung kae
dakrubuhake. Sakjane wit asem kuwi ana apane?”
................

Saka pethikan teks drama ing ndhuwur wewatakane Sunoto yaiku ....

a. duwene kekarepan sing bakuh


b. karepe njaluk menange dhewe
c. srakah lan ora gelem disalahne
d. kepengin golek penake dhewe
e. ora duwe rasa tanggung jawab

47. “Pinuju wayah sore, Pak Dhukuh lenggahan ana ngarepan, pirsa putrane wis dandan
mlithit kaya pacakane cah sing wis dewasa nganggo kathok dawa. Mlebu metu kamare,
karo nyangklong tas isi buku. Ngerti bapakne lenggahan ijen ana ngarepan, Marno banjur
gage nyedhak karo alon matur”
Unsur cerkak sing bisa diandharake saka pethikan cerkak ing ndhuwur iku yaiku ....
a. latar wayah lan papan
b. tema lan amanat
c. latar wayah dan tema
d. Latar papan lan amanat
e. Latar papan lan tema

48. Wacanen kanthi premati teks pacelathon ing ngisor iki!


Tertib lalu linta kudu ditegakake. Dina iki polisi nganakake operasi ing dalan sing
dadi Kawasan Tertib Lalu Lintas.
Polisi : Geneya kok ora nganggo helm?

Joni : Helmku ilang, Pak.

Polisi : Yen ilang, pilih tuku helm apa bayar denda ing kene?

Joni : Yen tuku helm aku gak duwe dhuwit kanggo bayar denda. Mesthi

mengko aku uga kudu bayar denda merga ora duwe SIM.

Polisi : Haaaa???

Polisi banjur ngetokake surat tilang. Montore Joni kesebut kudu ditinggal.

Sing kalebu stuktur teks pacelathon babagan komplikasi ing ndhuwur, yaiku....
a. Polisi ngetokake surat tilang.
b. Motore Joni kudu ditinggal.
c. Joni ditilang.
d. Polisi nganakake operasi lalu lintas.
Tertib lalu lintas kudu ditegakake

49. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran ....
a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor.
b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor.
c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor.
d. teks anekdot drajate pada wae yen kabandhing karo teks humor.
e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok.

50. Saka wacan anekdot ing ngisor iki perangan sing lucu yaiku .....
a. Nalika lagi ngawas Ujian Kenaikan Kelas, guru nggatekake salah siji murid sing
mripate katon abang lan bola-bali angop merga ngantuk. Lembar jawaban ing meja
murid iku isih katon resik durung ditulisi apa-apa, kejaba jeneng lan nomer ujiane.
Guru banjur nyedhak karo takon, “Sirahmu kok theklak-thekluk, ngantuk ya?”
b. “Ngapunten pak, wau dalu kula mboten saged tilem,” jawabe murid tanpa tidha-
tidha.
“Yen mengkono, ujianmu diundur minggu ngarep wae!” Pak guru duka karo
mentheleng.
c. Mak gragap, murid iku kaget jalaran ora nyangka yen pak guru bakal ngendika
mengkono. Kanthi diwanek-wanekake murid nyuwun pirsa marang guru, “Kenging
menapa kok mekaten?
d. “Hla ... yen turu sing ora mbutuhake pikiran wae kowe ora bisa, apanmaneh nggarap
ujian? Mesthi tambah ora bisa!”
“Ha...???”, murid iku mlongo ora bisa ngomong apa-apa.
e. ”Yen ora gelem nyingkrih dakobrak-abrik gubug iki!” muni mangkonokaro nyaut
kendhi sing dibuntel gombal sing wiwit mau dipondhong emak. Sajake pawongan
gedhe dhuwur sing lagake kaya penjaga ketertiban iku wis ngincer celengane emak
sasuwene iki.

Setitekna pethikan cerkak ngisor iki!

Sakawit Rukmini kepengin menyang Pasar Baru Porong. Nanging embuh kena apa niyate
diwurungake. Tekan tanggul lumpur Lapindo, Rukmini ngongkon supir angkot ngedhegake
montore. Rukmini mudhun, sawise bayar ongkose banjur nyabrang dalan nuju tanggul. Karo
unjal ambegan gedhe Rukmini ngunggahi tanggul sing saya dhuwur mau. Ing dhuwur akeh
wong kang padha nonton lumpur Lapindo sing saiki dadi objek wisata. Saka dhuwur tanggul
panyawange Rukmini diuncalake adoh ngubengi tanggul banjur nyawang desa Siring sing
wis kleleb lendut. Desane wis ilang kleleb, nanging kenangan ing omahe katon cetha wela-
wela ing atine kaya kemambang ing sandhuwure lendut. Ing omah kuwi dheweke miwit urip
bebarengan karo Ibrahim nagnti pinaringan momongan sing gantheng kaya bapake.
Meneng-meneng eluhe
51. Amanat kang kinandhut sajrone pethikan cerkak kasebut, yaiku….
a. Lapindho Brantas wis gawe gela warga sidoarjo
b. Saben perkara utawa musibah iku wis dadi kersane Gusti Allah, mula kita kudu tansah sabar,
ikhlas lan ngupaya.
c. Warga Lapindo Brantas padha seneng amarga wis digawekna objek wisata.
d. Dadi maungsa aja srakah lan gumedhe mundhak dadi cilaka.
e. Sapa sing salah bakale seleh

52. Pesen moral kang disampekake pangripta marang pamaca sajrone pethikan cerkak kasebut,
yaiku….
a. Warga Lapindo Brantas padha seneng amarga wis digawekna objek wisata
b. Dadi maungsa aja srakah lan gumedhe mundhak dadi cilaka.
c. Sapa sing salah bakale seleh
d. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
e. Aja kladuk anggone ngrantes sawijining lelakon

53. Mawa ditulis ing aksara latin yaiku......

a. Taun 1987
b. Taun 1967
c. Taun 1956
d. Taun 1959
e. Taun 1947

54. Tulisan aksara Jawa ing ngisor iki yen diowahi menyang latin yaiku ….

a. Pandhawa iku cacahe ana lima, salah sijine ana sing arane Puntadewa.
b. Punta dhewa mujudake sing paling mbarep saka limang sedulure.
c. Ing donyane pedhalangan Arjuna dadi panengahe pandhawa. Arjuna kuwi adhine
Puntadewa.
d. Ing donyane wayang Arjuna iku kalebu panengahe pandhawa. Arjuna uga bisa diarani
Permadi.
e. Ing pewayangan Arjuna iku mujudake sedereke Pandhawa. Arjuna Uga diarani
Puntadewa.

55. Mawa ditulis ing aksara latin yaiku......

a. Taun 1987
b. Taun 1967
c. Taun 1956
d. Taun 1959
e. Taun 1947

56. “Ibu tindak peken mundhut gendhis.” yen ditulis ing aksara jawa dadi ....

a. ?bpkW=sulZsTts\,
b. ?aibutinFkPekenM|nD|tGenDis\,
c. ?adikus[rn[nTo[sHvJi=.
d. ?bpkNe[mB[km[wonHfus\,

57. Kang kalebu Kurawa yaiku…..

a. abimvu
b. fu/yufn
c. p]buslY
d. asWtm
e. wibi[so[no

58. Tembung kang tegese ora salugune yaiku ….

a. [anT/
b. g/b
c. fsnm
d. c[mBorn\
e. ki]y
59. Adhedhasar pethikan teks ing ndhuwur, ing ngisor iki coba pasangake ukara kang ngandhut
sanepa kasebut tumrap tegese sanepa kang trep!

Ukara Sanepa Tegese sanepa


A Pasuryane kang abang dluwang tan 1 Awake lemu banget
saya ngetarani yen Kinanthi lagi lara.
B Amarga Kinanthi saiki awake kuru 2 Sesrawungane raket banget
semangka.
C Kamangka awake kinanthi mbiyen 3 Kulite putih banget
lemu biting.
D Pakulitane Kinanthi saika uga beda, 4 Awake kuru banget
kulite ireng mori.
E Kinanthi lan kanca-kancane saklas iku 5 Lemune bunder banget
sesrawungane renggang gula, kumepyur
pulut.

6 Cahyane pucet banget

Adhedhasar tabel ing ndhuwur tembung kang kacethak kandel sajrone ukara sanepa pasangake
karo tegese sanepa kang trep!
a. A3, B5, C1, D6, E2
b. A6, B4, C5, D3, E2
c. A6, B5, C4, D3, E2
d. A6, B1, C4, D3, E2
e. A3, B1, C5, D6, E2

60. Adhedhasar tabel ing ngisor iki pasangake ukara kasebut tumrap sanepane!
Ukara Sanepa
A Pancen pawongan iku omongane 1 Playune banter bekicot
atos banget.
B Bocah iku playune rindhik banget 2 Rambute ireng rambut jagung
mula yen ana lomba mlayu ora tau
gelem melu.
C Mbak Ratri putrane Pak Juki iku 3 Omongane empung watu
eseme manis banget.
D Dandi iku playune banter banget 4 Suwe mijet wohing ranti
mula dheweke yen melu lomba
mlayu mesthi menang.
E Turune adhiku amung sedhela banget. 5 Eseme pahit madu
6 Playune lonjong botor
a. A3, B1, C5, D6, E4
b. A4, B2, C2, D6, E1
c. A3, B6, C5, D1, E4
d. A4, B1, C3, D6, E1
e. A1, B2, C5, D6, E3

Dadi manungsa iku kuda sing andhap asor marang sapa bae supaya urip tansah
ayem tentrem. Apa maneh sipat kang andhap asor iku kalebu watak kang becik. Watak
becik kaya mangkono iku kudu digethok tularake marang putra-putri lan anak putu kita.
Aja nganti ngerti tanggane tuku meja kursi anyar sesuke golek utangan kanggo tuku meja
kursi. Kamangka meja kursi sing ana ing omah isih apik tur isih bisa digunakake. Bab
kaya mangkono iku kurang apik amarga katon banget nuduhake rasa kurang syukur
tumrap apa sing wis kita duweni. Tuwa lan enom kudu ngerti babagan tumindak andhap
asor amarga sajrone nilai-nilai pancasila uga kinandhut bab kasebut.

61. Adhedhasar teks wacan ing ndhuwur coba pasangana jinise tembung camboran lan
tuladhane!

Tuladha Jinis Tembung Camboran


A Andhap asor 1 Rerangkep Determinatif
B Putra-putri 2 Bali swara
C Meja kursi 3 Tembung saroja
D Tuwa enom 4 Yogyaswara
E Pancasila 5 Kosok balen
6 Tembung Nunggal misah

a. A3, B4, C6, D5, E2


b. A3, B5, C6, D4, E2
c. A2, B4, C5, D1, E3
d. A1, B2, C3, D4, E5
e. A2, B4, C5, D5, E2

Wacanen kanthi patitis! Kanggo soal no.44-48!

Dolanan Komputer
Malem minggu ing wayah bengi udakara jam wolunan, sawijining kulawarga
dumadi saka bapak, ibu lan anak telu. Pembarepe aran Eko Pambudi, sekolah ing SMA
kelas XII. Panggulune aran Dwi Satriyani, sekolah ing SMA kelas X lan wuragile aran Tri
Jatmiko, isih SMP kelas VII.
Bapak (1) : Dwi…Dwi…! Kawit mau kok ngutheg komputer wae.
Lha sinaune kapan?
Dwi (1) : Niki Iho, Pak! Reminipun asyik sanget!

Ibu (1) : Lha iya, mbukak komputer kok dolanan remi. Mesthine rak
nyianu program apa gladhen gawe laporan?
Tri (1) : Asyik! Mbak Dwi kalah, Bu. Aku menang! Aku menang ping
pindho!
A
Ibu (2) : Iki maneh, coba anak lanang iki Pak! Bal-balan kok ing
jero omah!
B
Eko (1) : Bu, Pak Guru, bakat punika kedah dipunkembangaken
kersanipun dados super! Milanipun kedah latihan terus.
Bapak (2) : Ayo gek ndang leren dolanane!
Eko (2) : Bapak! Niki malem minggu Iho. Rumirin bapak nate menawi
liburan pareng dolanan.
Bapak (3) : E, lya. Iki malem minggu ya. Bapak jan lali tenan iki mau.
Ibu (3) : D malem minggu ngono, nanging rak ya ora terus bal-balan
ing
jero omah, Le!
E
Eko (3) : Inggih Bu, niki balipun enggal kula simpen gudhang.
Tri (2) : Asyik, maringono nyante karo aku ya, Mas. Dolanan reminan apa

playstationan?

62. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” ukara “Iki maneh,
coba ……. anak lanang iki Pak! Bal-balan kok ing jero omah!”
Ukara kang kacethak miring kasebut supaya dadi ukara kang jangkep, miturutmu tembung
kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut, yaiku…..
(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)
a. Delengen
b. Tingalana
c. Pirsanana
d. Pirsani
e. Delengana

63. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” ukara “Bu, …… Pak
Guru, bakat punika kedah dipunkembangaken kersanipun dados super!” Milanipun kedah
latihan terus.
Ukara kang kacethak miring kasebut supaya dadi ukara kang jangkep, miturutmu tembung
kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut, yaiku…..
(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)
a. Sanjangipun
b. Dhawuhipun
c. Ngendhikane
d. Dhawuhe
e. Ngendikanipun

64. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” ukara “Bapak! Niki
malem minggu Iho. Rumirin bapak nate……….menawi liburan pareng dolanan.”
Ukara kang kacethak miring kasebut supaya dadi ukara kang jangkep, miturutmu tembung
kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut, yaiku…..
(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)
a. Dhawuh
b. Sanjang
c. Nyanjangi
d. Ngendika
e. Kandha
65. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” ukara “…………
malem minggu ngono, nanging rak ya ora terus bal-balan ing jero omah, Le!”
Ukara kang kacethak miring kasebut supaya dadi ukara kang jangkep, miturutmu tembung
kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut, yaiku…..

(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)


a. Senaosa
b. Senaosipun
c. Senajan
d. Masia
e. Senaos

66. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” ukara “Inggih Bu, niki
balipun enggal kula simpen …….. gudhang.”
Ukara kang kacethak miring kasebut supaya dadi ukara kang jangkep, miturutmu tembung
kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg kasebut, yaiku…..
a. Ing
b. Dhateng
c. Ana
d. Ana ing
e. Saking

67. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” Bapak nggunakake
unggah-ungguh basa, yaiku….
Unggah-Ungguh Basa Bener Salah
Ngoko wantah (1) (1)
Ngoko alus (2) (2)
Ngoko lugu (3) (3)
Krama lugu (4) (4)
Krama alus (5) (5)

(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)


a. (1) bener, (2) salah, (3) bener, (4) salah, (5) salah
b. (1) salah, (2) bener (3) salah, (4) salah, (5) bener
c. (1) bener, (2) bener, (3) bener, (4) salah, (5) salah
d. (5) salah, (4) salah, (3) bener, (2) salah, (1) bener
e. (5) salah, (4) salah, (3) bener, (2) bener, (1) bener

68. Adhedhasar teks pacelathon kanthi irah-irahan “Dolanan Komputer,” Ibu nggunakake
unggah-ungguh basa, yaiku….

Unggah-Ungguh Basa Bener Salah


Ngoko wantah (1) (1)
Ngoko alus (2) (2)
Ngoko lugu (3) (3)
Krama lugu (4) (4)
Krama alus (5) (5)

(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)

a. (1) bener, (2) bener, (3) bener, (4) salah, (5) salah
b. (1) salah, (2) bener, (3) salah (4) bener, (5) bener
c. (5) salah, (4) salah, (3) bener, (2) bener, (1) bener
d. (5) bener, (4) bener, (3) salah, (2) bener, (1) salah
e. (1) salah, (2) salah, (3) salah (4) bener, (5) bener

69. Basa rinengga iku basa kang dipaes, direngga, utawa didandani amrih katon endah lan apik.
Ing ngisor iki kang kalebu jinise basa rinengga, yaiku….
(Awakmu bisa milih jawaban luwih saka siji)
a. Saloka
b. Tembung saroja
c. Bebasan
d. Geguritan
e. Tembang macapat

70. Tegese aksara jawa


a. aja seneng tumindhak nista
b. aja seneng tumindhak nistha
c. ojo seneng tumindhak nista
d. aja seneng tumindak nistha
e. ojo seneng tumindhak nistha
71. Gatekna pethilan teks geguritan ing ngisor iki!

Dhuh Gusti Paringana kula kesabaran


Kanggo nerusake panguripan
Ngalor ngidul sampun kula lakoni
Jakarta Surabaya sampun kula liwati
Ora ana wangsulan sing mesthi

Tema kang kagambarake jroning geguritan ing ndhuwur yaiku ....


a. Pasrah lan nyeyuwunmarang Gusti
b. Gegayuhan kang tansah gagal
c. Wong kang wis ora duwe pepenginan
d. Angele golek pangayomane Gusti
e. Pengarep-arep sing ora bisa klakon

72. Aku lagi mangan, dene adhik turu nalika Ibu mulih seka pasar.
Ngoko lugu ing dhuwur yen diowahi dadi karma alus …
a. Aku lagi mangan, dene adhik turu nalika Ibu kondur seka pasar
b. Kula nembe nedha, dene adhik tilem nalika Ibu kondur saking peken
c. Kula nembe nedha, dene adhik tilem nalika Ibu wangsul saking peken
d. Kula nembe nedha, dene adhik sare nalika Ibu kondur saking peken
e. Aku lagi nedha, dene adhik tilem nalika Ibu wnagsul saking peken
73. Kowe ketemu Bu Tutik ing apotik lagi tuku obat. Kepriye pitakonmu sing bener marang
Bu Tutik?
a. “Mundhut obat kagem sinten, Bu?”
b. “Tumbas obat kagem sinten, Bu?”
c. “Badhe tindak pundi, Bu?”
d. “Halo Bu, sugeng enjing, tumas apa Bu?”
e. “Regine obat pinten Bu?”

74. Kowe diutus Pak Fajar menehake layang marang Pak Ali. Kepriye olehmu ngomong
marang Pak Ali?
a. “Pak, kula diutus Pak Fajar maringaken serat punika dhateng panjenengan.”
b. “Pak, mangga niki serat saking kanca sampeyan Pak Fajar.”
c. “Pak kula dipunutus Pak Fajar ngaturaken serat punika dhumateng panjenengan.”
d. “Niki lho Pak serat panjenengan.”
e. “Pak, kula dikengken Pak Fajar maringne serat punika kanggo sampeyan.”

75. Salah sijine bab-bab sing ora digatekake nalika nulis teks drama yaiku …
a. Nemtokake cacahing wong sing nonton
b. Nemtokake paraga, latar, lan pamawasane pangripta
c. Nemtokake alur utawa plot crita
d. Gawe warangka crita, apa kang bakal dumadi, kapan kedadeyane, lan geneya bisa
dumadi
e. Gawe naskah pungkasan lan siap kanggo dipentasake

76. Miturutku bocah nom-noman ing jaman saiki padha seneng tumindak sakarepe dhewe.
Padha ora nganggeri apa kuwi unggah-ungguh lan tata krama. Tuladhane, nalika
cecaturan karo wong sing luwih tuwa ora tau Basa. Aku minangka winasis ing SMK Sore
rumangsa isin yen nindakake patrap kang kaya mangkono.
Teks ing ndhuwur kalebu wacana jinis apa!
a. Narasi
b. Eksposisi
c. Deskripsi
d. Argumentasi
e. Persuasi

77. Pagelaran utawa tontonan kang digelar ana ing ndhuwur panggung lan pagelaran kasebut
ditindakake dening paraga diarani….
a. Pagelaran Seni Pertunjukan
b. Pagelaran Tari
c. Pagelaran Musik
d. Pagelaran Wayang
e. Pagelaran drama

78. Ing ngisor iki kang kalebu panganggone ngoko lugu, yaiku….
a. Kanggo rembugan marang wong sing luwih dhuwur pangkate.
b. Kanggo rembugan antarane murid marang guru
c. Kanggo rembugan ing acara resmi
d. Kanggo rembugan marang wong sing luwih tuwa.
e. Eyang marang putune

79. Bapak kesah dhateng Madiun nitih sepur.


Tembung kang ora bener yaiku tembung….
a. Kesah
b. Dhateng
c. Nitih
d. Sepur
e. Bapak

80. Karangan cekak kang awujud gancaran (prosa) kang nyritakake sak klebatan lelakuning urip
paraga, lan isine lumrahe mung 1000 tembung awujud struktur karya sastra arupa….
a. Novel
b. Geguritan
c. Drama
d. Cerita Sambung
e. Cerita Cekak

You might also like