You are on page 1of 2

Katur para rawuh Ajang Kompetensi Seni dan Olahraga Madrasah (AKSIOMA) Kabupaten Banyumas warsa

2022
Assalamualaikum.Wr.Wb

Alhamdulillah Hirabbil 'alamin, Wassolatuwassalam Mu'ala Asrofil Ambya Iwar Mursalin Wa'ala Alihi
Washoh bihi ajmangin amma ba'du.

Ingkang pantes sinungkeman Bapak/Ibu Dewan Juri Lomba Pidato basa jawi. Bapak saha Ibu dwija
pengamping lomba ingkang satuhu minulyeng budi. Boten supe para kadang peserta lomba ingkang kula
tresnani.

Minangka purwakaning atur mangga sesarengan ngaturaken puja-puji sukur dhumateng ngersanipun Gusti
Allah SWT, ingkang sampun maringi Rahmat kaliyan Hidayahipun, satemah kula kaliyan panjenengan saged
rawuh wonten papan menika kanthi kasarasan ugi kawilujengan.

Sholawat kaliyan salam ugi kaaturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang saestu
dipunantu-antu syafa'atipun mbenjang wonten dinten pinungkasan. Allahuma Aamin Aamin Yarobbal
'alamin.

Atur panuwun kadherekaken dhumateng Bapak/Ibu saha para rawuh sekaliyan ingkang sampun paring
kalodhangan, mila kula samenika saged jumeneng wonten ngriki saperlu ndherek Lomba Pidato Bahasa
Jawa wonten adicara Ajang Kompetensi Seni dan Olahraga Madrasah (AKSIOMA) Kabupaten Banyumas
warsa 2022.

Bapak/Ibu dewan juri ingkang minulya,

Wonten ngriki, kula badhe ngaturaken sesorah ingkang ngrembag babagan "Mangun Generasi Enem
ingkang Nggadhahi Akhlaqul Karimah, Cerdas, kaliyan Saras".

Generasi enem menika generasi ingkang dipunkersakaken saged nglajengaken gesang bebrayan kanthi
lelakon ingkang sae wonten kaluwargi piyambak, ngantos dumugi bebrayaning agung dados warga negari
Indonesia. Pramila ndadosaken generasi enggal ingkang sae, menika kedah mahami, mbudidaya, ugi
mados ngelmu kangge sangu wonten gesangipun. Semangat ugi tansah enget pituturipun tiyang sepuh
kaliyan boten supe dhumateng larangan agami.

Insya Allah menawi ngoten generasi enem saged ngatos-atos wonten sesrawungan, andhap asor, njagi
tindak-tanduk, ugi lisanipun.

Bapak saha ibu ingkang kawula bekteni,


wonten ngriki kula badhe atur Sekar Macapat Mijil Laras Pelog Pathet Nem.

DEDALANE GUNO LAWAN SEKTI.


KUDU ANDHAP ASOR.
WANI NGALAH LUHUR WEKASANE.
TUMUNGKULA YEN DIPUNDUKANI.
BAPANG DEN SIMPANGI.
ANA CATUR MUNGKUR.

Ingkang gancaranipun proses kagem kamulyan ugi kasektenipun tiyang gesang, menika kedah nggadhahi
sipat prasaja lembah manah, kersa ngalah, saingga dados tiyang ingkang dipunmulyakaken kaliyan tiyang
sanes. Boten ndengak utawi jawal menawi dipungendikani napa malih dipundukani tiyang sepuh,
nyingkiraken raos boten sae wonten manah, ugi nebihi saking pacelathon, guneman, utawi wicanten
ingkang boten endah.

Mugiya Sekar Mijil menika saged ndadosaken pedhoman dening generasi enem. Tansah andhap asor
dhateng sinten kemawon, ugi tansah tumungkul sakumpami pikantuk pitedah.

Sedaya bukti menawi generasi enem menika nggadahi akhlak utawi kapribaden ingkang sae. Kados inggih
menika, akhlaqul karimah ingkang sampun dipuntuladhakaken dening Nabi Muhammad SAW, ugi
temtukemawon tansah jujur, amanah, cerdas, saha saged dipunpitados. Kados dene ulul amri, lan mesti
kemawon saged damel begjanipun kaluargi lan negarinipun, saged dados pemimpin ingkang sae, ingkang
boten damel kamaksiatan. Kados dene cinitra wonten HR.Bukhari:
‫ِإنَّ َما بُ ِع ْث ُ ُأل‬
ِ َ‫َار َم اَأل ْخال‬
ِ‫ق‬ ِ ‫ت تَ ِّم َم َمك‬

Wonten kalodhangan mekaten kula ngajak para kadang siswa-siswi ugi sedaya kemawon ingkang rawuh
menika, mangga sami sareng mujudaken Negari Indonesia dados praja ingkang baldatun thoyibatun
warobbun ghofur, gemah ripah loh jinawi, kanthi anggadhahi sipat, sikap, saha manah ingkang cinitra
wonten generasi berakhlaqul karimah, cerdas, lan saras

Cekap semanten, hambok bilih kathah galap gangsuling atur, kirang subasita tuwin tata krami, kula
nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wallahulmu'afiq illa aqwamitariq


Wassallamualaikum Wr.Wb.
Hayu rahayu niskala satuhu
Nuwun

You might also like