You are on page 1of 6

PEMBUKAAN

ACARA MAULID AL-BARZANJI

Assalamualaikum wr.wb

Alhamdulillahi2 hirobbil alamin wassolatu wassalam ala asrofil ambiyai wal


mursalim sayyidina wamaulana muhammadin waala alihi wasahbihi wabarik
wassalim ajmain ammaba’du......

Dumateng syahbulbed ingkang kawulo hormati dumateng konco2 sedoyo


ingkang kawulo hormati ugi, sakderengipun waosan alberzanji di mulai
monggo kita sareng2 muji syukur wonten ing ngerso dalem ALLAH SWT
ingkang sampun maringi kinten2 nikmat hidayah lan inayah dumateng klo lan
panjenengan sedoyo sehinggo kula lan panjenengan saget bermujaah wonten
dalu meniko kulo matur nuwun sanget dumateng syahbulbed ingkang sampun
maringi papan lan panggenan sehinggo kulo lan panjenengan saget bermujaah
wonten ing dalu meniko lan mboten kesupen sholawat serta sala0 kulo
tujuaken dumateng nabi besar MUHAMMAD SAW ingkang kito ajeng2
syafaatipun mbenjang wonten ing yaumil kiyamah amin allahumma amin.....

Sakderengipun waosan alberjanji kito mulai monggo kito sareng2


maosan suratul fathihah ingkah fadilahipun sepindah kulo aturaken dumateng
nabi besar MUHAMMAD SAW ingkang kaping pindho kulo aturaken dumateng
pejuang2 agami islam ingkang kaping tigo kulo aturaken dumateng leluhuripun
kulo lan panjenengan sedoyo kususipun lluhur syahbulbed

ALANIYAH AL FATHIHAH.....................

Matur nuwun dumateng konco2 lan adik2 sedoyo ingkang sampun maos
suratul fathihah mugi2 kanti waosan al fathihah saget nglancaraken waosan al
barzanji dalu meniko

ALLAHUMMA SHOLLI ALA MUHAMMAD...............


PENUTUPAN

ACARA MAULID AL-BARZANJI

Matur nuwun dumateng konco2 sedoyo ingkang sampun maos al-berzanji


mugi2 kito sedoyo pikantuk safa’atipun rasulillah SAW amin allahumma
amin...saking kawulo pribadi mbok bilih enten klenta-klentu anggen kawulo
matur ,nyuwun pangapunten sak kathah-kathahipun

AKHIRUKALLAM WALLAHU FIQ WAMITORIQ WAL HIDAYAH


WASSALAMUALAIKUM WR WB

ACARA SAMBUTAN

Acara saklajengipun nggeh meniko mauidhoh khasanah ingkang dipun wastani


deneng ibu..............

Wedhal soho panggenan kulo aturaken

PENUTUP

Matur nuwun dumateng ibu..........ingkang sampun maringi mauidhoh


khasanah

Mugi2 kanti mauidhoh khasanah meniko saget nambah iman kito dumateng
ALLAH SWT

AMIN ALLAHUMMA AMIIN...


PEMBUKAAN

ACARA SELAPAN/PUPUT PUSER BAYI

Dumateng sederek ingkang kawulo hormati kulo lan panjenengan sami dipun
aturi rawuh wonten dalemipun.............

Sak perlu dipun suwuni waosan kalimat thoyibah inggih meniko bacaan maulid
al-berzanji kanti niat lan tujuan sepindah khormat mukhabah dumateng nabi
Muhammad SAW kaping kalih kulo tujuaken dumateng putranipun .............ing
dalu meniko netepi SELAPAN DINTEN/ PUPUT PUSERIPUN

Putra ingkang ke....

Ingkang lahir dinten .............tanggal...............

Kaparing asmo.......................

Mugio kanti asmo puniko mbarokahi dumateng putro meniko lan mugio dados
putro ingkah sholeh/sholehah

Taat dumateng tiang sepuhipun kekalih, taat dumateng allah ta’ala lan
migunani tumprap agama lan bangsanipun

AMIN ALLAHUMMA AMIN..............

Sak derengipun waosan al-berzanji kito mulai monggo kito sareng2 maos
suratul fatihah

ALANIYAH AL FATIHAH......

Matur nuwun dumateng konco2 sedoyo ingkang sampun maos suratul


fathihah mugi2 kanti waosan al fathihah meniko saget nglancaraken waosan al
berzanji dalu meniko

ALLAHUMMA SHOLLI ALA MUHAMMAD....................


PENUTUPAN

ACARA SELAPAN / PUPUT PUSER BAYI

Matur nuwun dumateng konco2 sedoyo ingkang sampun maos al berzanji

Mugi2 kanti waosan al berzanji meniko saget mbarokahi ingkang


putranipun.............

AMIN ALLAHUMMA AMIN....

Saking kawulo pribadi mbok bilih enten klenta klentu anggen kawulo matur
kulo nyuwun pangapunten sak kathah kathahipun..

Akhirukallam wallahufiq wamitoriq wal hidayah

Wassalamualaikum wr wb
PEMBUKAAN

ACARA ULANG TAHUN

Assalamualaikum wr wb

Alhamdulillah, alhamdulillahirobil alamin wabihi nastain wa ala umu riddunya


wattin,washollallahu ala syayidina wamaulana muhammadin wa ala alihi
washohbihi azmain

Walakhaula walakuwata illa billahil alayyil adzim amma ba’du

Dumateng syahbulbed ingkang kawulo hormati,dumateng konco2 sedoyo


ingkang kawulo hormati ugi,mboten kesupen sholawat serta salam kulo
aturaken dumateng junjungan kito nabi MUHAMMAD SAW ingkang kito ajeg2
syafa’atipun mbenjang ing yaumil kiyamah amin allahumma amin...

Kulo sak konco dipun aturi rawuh wonten dalemipun ......

Sakperlu disuwuni waosan kalimat thoyibab ingging meniko waosan al berzanji


dinten meniko tanggal....netepi dinten ulang tahun ipun adik......ingkang
kaping.......mugi kanti waosan al berzanji dados puta ingkang
sholeh/sholehah,taat dumateng tiang sesepuh ipun kekalih,taqwa dumateng
ALLAH ta’ala lan migunani tumrap agomo lan bangsanipun

amin allahumma amin...

sakderengipun waosan al berzanji kito mulai monggo kito sareng2 maos


suratul fathihah ingkang ganjaranipun sepindah kulo aturaken dumateng nabi
MUHAMMAD SAW, ingkang kaping kalih kulo aturaken dumateng leluhur kulo
lan leluhuripun konco2 sedoyo

ALANIYAH AL FATHIHAH......................

ALLAHUMMA SHOLLI ALA MUHAMMAD


PENUTUPAN

ACARA ULANG TAHUN

Sederek sedoyo ingkang kawulo hormati,sak derengipun acara kito tutup kulo
nyuwun pangapunten sak kathah kathahipun

Dumateng adik ...........ingkang sampun maringi pasugatan nopo


kemawon,mboten ngresepaken penggalih panjenengan sedoyo kulo nyuwun
agunging pangapunten

Monggo acara kito tutup kanti waosan alhamdulillahirobbil alamin

Saking kawulo pribadi mbok bilih enten klenta klentu anggen kawulo
matur,kulo nyuwun agunging pangapunten

Akhirukallam wallahufiq wamitoriq wal hidayah........wassalamualaikum wr.wb

You might also like