You are on page 1of 7

‫هلل ِمنْ‬

‫وذ ِبا ِ‬‫إنَّ ْال َحمْدَ هَّلِل ِ َنحْ َم ُدهُ َو َنسْ َت ِعي ُن ُه َو َن ْس َت ْغ ِف ُرهُ َو َن ُع ُ‬
‫ُض َّل‬ ‫ت َأعْ َمالِ َنا َمنْ َي ْه ِد هللاُ َفاَل م ِ‬ ‫ُور َأ ْنفُ ِس َنا َو ِمنْ َس ِّيَئ ا ِ‬ ‫شر ِ‬ ‫ُ‬
‫ي َل ُه‬ ‫‪َ ,‬ل ُه َو َمنْ يُضْ لِ ْل َفاَل َها ِد َ‬
‫يك َل ُه ‪َ ,‬وَأ ْش َه ُد َأنَّ‬‫َوَأ ْش َه ُد َأنْ اَل إ َل َه إاَّل هللاُ َوحْ دَ هُ اَل َش ِر َ‬
‫‪.‬م َُح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َرسُولُ ُه‬
Jamaah Jumat ingkang minulyo
Mangga para sedherek, kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah
SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan
datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten
ing salebeting iman lan Islam. Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan
kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun
umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres. Mugi-mugi kita sedaya kagolong
ewoning para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken
dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun. Mangga kita sami tansah berjuang lan
beramal kados dene ingkang sampun kagarisaken dening Allah SWT wonten
syare’at agami Islam. Sampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang
saking tuntunan agami ingkang suci supados gesang kita pikantuk rahmat sarta
pangayomaning Allah SWT, wilujeng tentrem lan manggih kabegjan fid dun yaw
al akhirah. Sampun dipun sebataken wonten ing Al Qur’an :

‫َأاَل ِإنَّ َأ ْولِ َيا َء هَّللا ِ اَل َخ ْوفٌ َع َلي ِْه ْم َواَل ُه ْم َيحْ َز ُنون‬
Ingkang jawinipun : “Elinga, satemene wong-wong kang dikasihi dening Allah iku
ora ana rasa kuwatir tumrape wong-wong mau lan ora sedhih.”( Q.S. Yunus : 62)
Para sedherek hadlirin ingkang minulya.
Manawi kita setitekaken kawontenan gesangipun manungsa ing donya punika
kenging kita umpamakaken kados dene tiyang kekesahan ingkang tebih nyabrang
segoro ingkang kebak ombak nuju dateng pantai bahagia ingkang dipun idham-
idhamaken, wonten ing margi wonten prahara lan angin ageng ingkang nggegirisi,
sahingga manawi musafir kala wau boten ngatos-atos mesthi praunipun badhe
kandhas lan kerem wonten ing tengahing samudro pungkasanipun boten saged
dumugi tujuan ingkang dipun idam-idamaken.  Mila, jalaran manungsa punika
boten aneh manawi kathah idaman-idamanipun manungsa ingkang boten saged
kadumugi boten sedaya ingkang dipun kajengaken dening manungsa mesthi
kaleksanan boten sedaya ikhtiyaring manungsa ugi mesthi kasil.
Punapa sebabipun para sedherek. Inggih jalaran sak inggiling manungsa taksih
wonten dzat ingkang kuwaos ingkang nemtokaken sedaya samukawis ing donya
punika, inggih punika Allah SWT. Jalaran miturut ajaran Islam donya punika
wonten ing panguwaosipun Allah, manungsa boten saged uwal saking
panguwaosing Allah SWT. Awit saking punika para sedherek. Kanthi
perjuanganing munungsa, manungsa dipun wajibaken dening agami ikhtiyar nebihi
kejahatan lan kemungkaran. Sampun ngantos manungsa nekat anglampahi bab-bab
ingkang boten sae jalaran ingkang makaten punika boten cocok kaliyan fitrahing
manungsa.
Para sedherek ingkang minulya. Manungsa kepengin pinter kedah berjuang
ngupados ngelmu, kepingin sandhang tedha kedah ngetog kekiyatan ngupados
sandhang tedha kanthi margi ingkang halal boten kenging ngalamun namung
ngajeng-ajeng dhawahing emas saking langit. Jalaran saestunipun langit boten
badhe jawah emas lan perak. Para sedherek dipun sebataken wonten ing Al
Qur’an :

ِ ‫ض َوا ْب َت ُغوا ِمنْ َفضْ ِل هَّللا‬ ِ ْ‫صاَل ةُ َفا ْن َت ِشرُوا ِفي اَأْلر‬
َّ ‫ت ال‬ ِ ُ‫َفِإ َذا ق‬
ِ ‫ض َي‬
َ ‫َو ْاذ ُكرُوا هَّللا َ َك ِثيرً ا َل َعلَّ ُك ْم ُت ْفلِح‬
‫ُون‬
 Ingkang jawinipun : “Samangsa wis rampung shalat mula banjur padha
sumebaro kowe kabeh ana ing bumi lan padha goleka anugerah rizkining Allah
lan kowe kabeh akeh anggone eling marang Allah SWT. supaya kowe kabeh oleh
kabegjan.” (Q.S. Al Jumu’ah )

‫َّن هَّللا َ اَل يُ َغيِّ ُر َما بِقَ ْو ٍم َحتَّ ٰى يُ َغيِّرُوا َما ِبَأ ْنفُ ِس ِه ْم‬
Ingkang jawinipun : “Satemene Allah ora bakal ngowahi apa kang disandhang
dening sawijining kaum sahingga kaum mau ngreka daya ngrobah apa kang wis di
alami mau.” (Q.S. Al Ro’du :11)
Wal hasil para sedherek. Manungsa dipun wajibaken ikhtiyar wonten ing
ikhtiyar para manungsa samiya tansah enget dateng Allah SWT tegesipun enget
bilih “Boten wonten ingkang saged ngalang-ngalangi punapa ingkang paduka
paringaken, lan boten wonten ingkang saged maringi punapa ingkang paduka
alang-alangi”.
 Sedaya naming gumantung Allah piyambak. Manawi usahaning manungsa
punika saged kadumugen punika hakekatipun saking keparengipun Pangeran,
tegesipun atas kamirahaning Allah ugi. Sebab para sedherek, manawi Allah dereng
marengaken kadumugen sedyanipun temtu boten saged kelampahan.
Kajawi punika para sedherek. Salebetipun ikhtiyar sampun ngantos wonten raos
putus asa utawi nglokro saking rahmating Allah ingkang Maha Kuwaos. Manawi
usaha kaping sepisan dereng kasil saged ugi usaha kita dereng trep mila sasaged-
saged ngudiya usaha malih sebab sinten mangertos para sedherek manawi Allah
sampun nakdiraken Insya Allah badhe Kabul jalaran Allah Maha Pengasih lan
Penyayang. saksampunipun kito iktiyar, kito kedah tawakkal lan do'a dumateng
Alloh supados punopo ingkang kito karepakan saget kagayuh.
 Kasebat wonten ing salah satunggaling kitab, dipun terangaken ingkang
maksudipun mekaten “Bilih kangge nggayuh Al Falah “ utawi kabegjan ingkang
sejatos wonten ing donya lan akherat manungsa wonten ing gesangipun kedah
nindakaken sewelas perkawis, inggih punika :
Satunggal. Manungsa samiya “zuhud” wonten ing donya sampun ngantos
kapusan dening pambujuking kadonyan; mendhem kadonyan sahingga
piyambakipun nyupekaken sedaya-sedayanipun, supe dating Allah SWT.
Nabi Muhammad SAW nate ngendika kasebat wonten Hadits Bukhari :

Jawinipun : “Manawa salah sawiji saka kowe kabeh weruh wong kang
diluwihake dening Allah ana ing bab bandha lan pribadhine supaya enggal
ndelenga marang wong kang sangisore.” (Bukhari)
Boten sanes inggih punika kanthi ningali dateng tiyang ingkang sangandhapipun
punika, manungsa badhe tansah syukur dateng Allah SWT, jiwanipun badhe
tentrem dipun tebihaken saking sifat kethawa lan tamak.
Kalih. Manungsa samiya rajin ngibadah sarta maos Al Qur’an kanthi ngangen-
angen maknanipun lajeng dipun lampahi. Sebab pancen saestunipun Al Qur’an
estu-estu dados pitedah tumrap tiyang ingkang taqwa dating Allah SWT.
Tiga. Sekedhik pangandikanipun wonten prekawis ingkang boten perlu, boten
pantes, lan boten sopan.
Sekawan. Nebihi saking bab-bab ingkang haram lan syubhat sahingga perkawis
ingkang dereng terang halal lan haramipun sae dipun tebihi supados badhanipun
resik saking dosa.
Gangsal. Nindakaken shalat gangsal wekdal kanthi khusyu’ sebab shalat
ingkang khusyu’ saged ngiyataken jiwa lan nebihaken manungsa saking tumindak
kemungkaran.
Enem. Anggadhahana budi pekerti luhur remen srawung kaliyan tiyang-tiyang
ingkang saleh jalaran piyambakipun kepengin ugi dados tiyang saleh.
Pitu. Tangkepipun sopan lan andhap asor boten nate ngumukaken sarira sedaya
sedayanipun sarwa sederhana.
8. Kebak raos katresnan (mahabbah) dating sesamining mukmin boten remen
paben lan memengsahan.
9.      Berjuang kanthi saestu ingkang supados gesangipun migunani
dating sedoyo kemawon
  10. Mangertosi kanthi saestu lan yakin dating wontenipun pejah ngathah-
ngathahaken ngamal ingkang badhe kabekta sowan ngadhep wonten ing
ngarsaning Allah Akhiripun pejahipun wonten ing “Husnul Khotimah” pejah
ingkang sae, pungkasan ingkang sae.
Insya Allah kanthi makaten manungsa enggal saged wangsul dating margi ingkang
leres nyingkiri perkawis ingkang boten sae lan mangga kita nyuwun wonten
ngarsaning Allah SWT mugi-mugi gesang kita dipun jembaraken dening Allah
SWT saget ngamalaken tuntunan agami kanthi sasae-saenipun mugi-mugi gesang
kita manfaat maslahat fid dun ya wal akhirah. 

‫اع ِني َوِإيَّا ُك ْم ِب َما‬َ ‫ك هللاُ لِي َو َل ُك ْم ِفي ْالقُرْ َأ ِن ْال َك ِري ِْم َو َن َف‬ َ ‫ار‬
َ ‫َب‬
‫ َو َت َقبَّا َل هللا ِم ِّني َو ِم ْن ُك ْم‬،‫ِف ْي ِه ِم َن اَأْل َي ِة َو ِذ ْك ِر ْال َح ِكيْم‬
‫ول َق ْو َلي َه َذالِي َو َل ُك ْم‬ ِ ُ‫ َأق‬،‫الس ِم ْي ُع ْال َعلِ ْي ُم‬
َّ ‫ِتاَل َو َت ُه ِإ َّن ُه ه َُو‬
،‫ت‬ ِ ‫ت َو ْال ُم ْؤ ِمي َْن َو ْالمُْؤ ِم َن ا‬ ِ ‫ين َو ْالم ُْس لِ َما‬َ ‫َولِ َس اِئ ِر ْالم ُْس لِ ِم‬
‫ُهللا ِإ َّن ُه ه َُو ْال َغفُ ْو ُر الرَّ ِح ْي ُم‬
َ ‫ َواسْ َت ْغ ِفر‬.
‫هللا‪َ ،‬والَ َح ْو َل َوالَ قُوَّ َة ِإالَّ‬ ‫صالَةُ َوال َّسالَ ُم َع َلى َرس ُْو ِل ِ‬ ‫ْل َح ْم ُد هَّلِل ِ َوال َّ‬
‫ك َل ُه َوَأ ْش َه ُد َأنَّ م َُح َّم ًدا‬‫هلل‪َ  .‬وَأ ْش َه ُد َأنْ الَ ِإ َل َه ِإالَّ هللا َوحْ َدهُ الَ َش ِر ْي َ‬ ‫ِبا ِ‬
‫ِّك م َُح َّم ٍد َو َع َلى‬
‫اركْ َع َلى َن ِبي َ‬ ‫ص ِّل َو َس لِّ ْم َو َب ِ‬ ‫َع ْب ُدهُ َو َر ُس ْولُ ُه‪ .‬اَللَّ ُه َّم َ‬
‫اش َر ْالم ُْس لِ ِمي َْن َأرْ َش دَ ُك ُم هللاُ‬ ‫آلِ ِه َو َمنْ َت ِب َع هُدَ اهُ ِإ َلى َي ْو ِم ْال ِق َيا َم ِة‪َ  .‬م َع ِ‬
‫هللا‪َ ،‬أمَّا َبعْ ُد؛‬
‫َّاي ِب َت ْق َوى ِ‬ ‫ص ْي ُك ْم َوِإي َ‬ ‫ُأ ْو ِ‬

‫بِتَ ْق َوى هَّللا ِ َوقَا َل هَّللا ُ تَ َعالَى فِ ْي ِكتَابِ ِه ْال َك ِري ِْم‪ :‬يَآَأيُّهَا‪ g‬الَّ ِذي َْن‬
‫ق تُقَاتِ ِه َوالَ تَ ُم ْوتُ َّن ِإالَّ َوَأ ْنتُ ْم ُم ْسلِ ُم ْو َن‬
‫َءا َمنُ ْوا اتَّقُ ْوا هَّللا َ َح َّ‬
‫صلِّ َعلَى ُم َح َّم ٍ‪g‬د َو َعلَى آلِ ِه‬ ‫ْال َح ْم ُد هَّلِل ِ َربِّ ْال َعالَ ِمي َْن‪ g،‬اللَّهُ َّم َ‬
‫َوَأصْ َحابِ ِه َأجْ َم ِعي َْن‬
‫ت َو ْال ُمْؤ ِمنِي َْن‬
‫اللَّهُ َّم ا ْغفِرْ لِ ْل ُم ْسلِمي َْن َو ْال ُم ْسلِ َما ِ‬
‫ت ِإنَّ َ‬
‫ك‬ ‫ت اَْألحْ يَا ِء ِم ْنهُ ْم َواَْأل ْم َوا ِ‬
‫وال ُمْؤ ِمنَا ِ‬‫ْ‬
‫اض َي‬‫ت فَيَاقَ ِ‬ ‫َس ِم ْي ٌع قَ ِريْبٌ ُم ِج ْيبُ ال َّد ْع َوا ِ‬
‫ْال َحا َجا ِ‬
‫ت‪.‬‬
‫َربَّنَا آتِنَا فِي ال ُّد ْنيَا َح َسنَةً َوفِي اَْأل ِخ َر ِة َح َسنَةً‬
‫ار‪.‬‬
‫ِ‬ ‫َّ‬ ‫ن‬‫ال‬ ‫اب‬
‫َ‬ ‫َ‬
‫ذ‬ ‫َوقِنَا َع‬
‫ك َربِّ ْال ِع‪َّ ggg‬ز ِة َع َّما يَ ِ‬
‫ص‪ggg‬فُ ْو َن َو َس‪ggg‬الَ ٌم َعلَى‬ ‫ان َربِّ َ‬ ‫ُس‪ْ ggg‬ب َح َ‬
‫ْال ُمرْ َسلِي َْن َو ْال َح ْم ُد هَّلِل ِ َربِّ ْال َعالَ ِميْنَ‬

You might also like