You are on page 1of 5

‫شر ُْو ِر‬ ‫هلل ِمنْ ُ‬ ‫ِإنَّ ْال َح ْم َد هَّلِل ِ‪َ /‬نحْ َم ُدهُ ‪َ /‬و َنسْ َت ِع ْي ُن ُه‪َ /‬و

/‬و َنسْ َت ْغ ِف ُرهُ‪َ  /‬و َنع ُْو ُذ ِبا ِ‬


‫ُض َّل َل ُه‬ ‫ت َأعْ َمالِ َنا‪َ  /‬منْ َي ْه ِد ِه هللاُ َفالَ م ِ‬ ‫‪َ ‬أ ْنفُ ِس َنا ‪َ /‬و ِمنْ َس ِّيَئ ا ِ‬
‫ي َل ُه‬
‫‪َ  ‬و َمنْ يُضْ لِ ْل َفالَ َها ِد َ‬
‫ك َل ُه‬ ‫َأ ْش َه ُد َأنْ الَ ِا َل َه ِإالَّ هللاُ ‪َ /‬وحْ َدهُ الَ َش ِر ْي َ‬
‫َوَأ ْش َه ُد َأنَّ م َُح َّم ًدا َع ْب ُدهُ َو َرس ُْولُ ُه‬
‫ان‬ ‫س‬‫َ‬ ‫حْ‬ ‫ب‬ ‫م‬ ‫ه‬
‫ُ‬ ‫ع‬‫َ‬ ‫ب‬ ‫ت‬‫َ‬ ‫نْ‬ ‫م‬
‫َ‬ ‫و‬
‫َ‬ ‫ه‬‫ِ‬ ‫ب‬ ‫حْ‬ ‫ص‬
‫َ‬ ‫و‬ ‫َ‬ ‫ه‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ل‬‫ا‬‫ٰ‬ ‫ى‬ ‫ل‬‫ص ِّل َع ٰلى م َُح َّم ٍد ‪َ /‬و َع ٰ‬ ‫َ‬ ‫م‬ ‫ه‬
‫ُ‬ ‫ّ‬ ‫ل‬ ‫اَل ٰ‬
‫ِ‬ ‫ِِإ‬ ‫ْ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫َّ‬
‫ٰ‬
‫‪ِ.‬إلى َي ْو ِم ال ِّدي ِ‬
‫ْن‬
‫ص ْي ِنيْ َن ْف ِسىْ َوِإيَّا ُك ْم‬ ‫اضر ُْو َن َر ِح َم ُك ُم هللاُ‪ ،‬ا ُ ْو ِ‬ ‫َف َيا َأ ُّي َها ْال َح ِ‬
‫از ْال ُم َّتقُ ْو َن‪َ .‬قا َل هللاُ َت َعا َلى ‪َ :‬يا اَ ُّي َها الَّ ِذي َْن‬ ‫ِب َت ْق َوى ِ‬
‫هلل‪َ ،‬ف َق ْد َف َ‬
‫هللا َح َّق ُت َقا ِت ِه َوالَ َتم ُْو ُتنَّ ِإالَّ َواَ ْن ُت ْم مُسْ لِم ُْو َن‪َ .‬أمَّا‬
‫آ َم ُن ْوا ا َّتقُ ْوا َ‬
‫َبعْ ُد‬
Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati,

Ing wekdal ingkang mulyo meniko, monggo sami ningkataken ketakwaan utowo raos wedi
dateng Allah swt, arupi nglampahi sedoyo ingkang dipun perintah deneng Allah swt lan
ngadohi dateng sedoyo ingkang dipun larang Allah swt. Monggo ugi sami ningkataken
keimanan arupi ngencengake keyakinan dateng rukun iman ingkang enem enggeh puniko
iman dateng Allah, malaikat, kitab, utusan, dinten akhir, lan pestine Allah—ingkang sae
utowo olo. Mugi-mugi anggenipun nguataken iman lan takwa meniko, kito dipun catet
deneng malaikat-malaikat Allah, mlebet wonten kaum utowo golongan tiang ingkang
mukminin lan muttaqin. Amin.

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo,

Golongan tiang mukmin (tiang ingkang iman) lan muttaqin (tiang ingkang takwa) meniko,
miturut Allah swt, inggih puniko golongan ingkang bade dipun tulung lan dipun
panggenakan wonten ing papan palenggahan ingkang sae. Tiang iman lan takwa ugi bade
tansah dipun sukani dalan saking sedoyo keruwetan gesang wonten ing alam dunyo.
Golongan ingkang saget terus nguataken iman lan takwa ugi bade dipun sukani rezeki
saking arah ingkang dipun mboten nyono-nyono.

Meniko sampun dipun tegesaken deneng Allah swt wonten ing Al-Qur’an surat ath-Thalaq
ayat 2:

‫َو َمنْ َّي َّت ِق هّٰللا َ َيجْ َع ْل لَّ ٗه َم ْخ َرجً ا‬


Ayat meniko negesaken dateng sinten mawon ingkang takwa utowo wedi dateng Allah swt,
moko tiang niku bade dipun gampangake dalanipun saking perkoro ingkang angel. Ayat
meniko lajeng dipun terasaken kalian ayat selajengipun inggih puniko ayat ketigo:

‫ْث اَل َيحْ َتسِ ۗبُ َو َمنْ َّي َت َو َّك ْل َع َلى هّٰللا ِ َفه َُو َحسْ ب ُٗۗه اِنَّ هّٰللا َ َبالِ ُغ اَمْ ِر ٖۗه َق ْد َج َع َل‬
ُ ‫َّو َيرْ ُز ْق ُه ِمنْ َحي‬
‫هّٰللا ُ لِ ُك ِّل َشيْ ٍء َق ْدرً ا‬
Artosipun : “Allah paring rezeki marang wong iku soko kang ora kiniro-iro. Sing sopo
sumarah pasrah ing Allah, panjenengaNe (Allah) bakal anyukupi marang dheweke.
Mangertio sanyoto Allah iku mesthi angleksonoake prekoroNe, Allah andamel samubarang
iku wus kanthi papestheNe”.

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo


Saking kalih ayat Al-Quran meniko sampun jelas, dene Allah swt ngajaraken dateng kito
sedoyo supados yakin dene sedoyo wonteng ing alam dunio meniko wonten ing
kuosonipun Allah. Kito mboteng angsal cilik ati lan was-was dateng rezeki nopo ingkang
bade dipun cepeng dateng kito wonten ing dinten mbenjang. Sedoyo sampun dipun toto
lan atur deneng Allah lan kito namung dipun perintah makaryo utowo usaha kalian dipun
iringi dungo dateng Allah swt. Menawi raos pasrah meniko kito lampahi kanthi ikhlas,
lajeng dipun iringi raos iman lan taqwa, insyaallah, Allah swt tansah maringi rezeki saking
dalan utowo arah ingkang mboten dipun dugo-dugo.

Perlu kito renungi lan sadari ugi, naminipun rezeki saking Allah swt meniko mboten
anamung rezeki ingkang wujud dhahir utowo arupi bondo. Ananging, rezeki ugi katah
ingkang wujud bathin kados raos sehat, wekdal sempet lan sapinunggalipun sedoyo.
Rezeki utowo nikmat ingkang mboten saget kito etang setunggal-setunggalipun meniko
kedah dipun kito syukuri supados Allah mangke tansah nambahi nikmat dateng kito
sedoyo. Ampun kito mlebet wonten ing golonganipun tiang ingkang dipun wales olo utowo
dipun laknat kranten mboten saget syukur dateng nopo ingkang dipun paringaken dateng
kito sedoyo.

Allah swt sampun dawuh wonten ing Qur’an surat Ibrahim ayat pitu:

‫َوا ِْذ َتا َ َّذ َن َر ُّب ُك ْم َل ِٕىنْ َش َكرْ ُت ْم اَل َ ِزيْدَ َّن ُك ْم َو َل ِٕىنْ َك َفرْ ُت ْم اِنَّ َع َذ ِابيْ َل َش ِد ْي ٌد‬
Artosipun: “lan elingno, nalikone Pengeran iro paring sumurup ono ing kitab: ‘Saktemene
menowo siro podo syukur, yekti Ingsung nambahi nikmat marang siro, dene yen siro kafir,
satemene siksan Ingsun iku sayekti banget lorone”.

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

Moko niku, anggenipun mbahas rezeki wonten ing dunyo meniko ampun namung dipun
etang model matematika mawon. Rezeki meniko mboten setunggal ditambah setunggal
dadosipun kalih. Nanging setunggal ditambah setunggal saget dados kalih, tigo, sewelas
lan ugi saget dados nol. Sedoyo niku sampun dipun atur deneng Allah swt. Kito namung
kedah ikhtiar nglakoni kalian tawakkal pasrah lan ndungo mugi Allah pinaringan rezeki
ingkang barakah dateng kito sedoyo.

Meniko katah contoh wonten ing lingkungan kito sedoyo arupi tiang ingkang nyambut
damel mboten ningali wekdal. Mulai enjing dumugi ndalu, dumugi enjing malih, nanging
anggenipun nyambut damel mboten ngasilaken ingkang katah lan nyekapi dateng nopo
ingkang dipun kersaaken. Naging sakwangsulipun, katah tiang ingkang nyambut damelipun
santai, mboten ngoyo, saget ibadah kalian tenang, nanging rezekinipun lancar lan katah.
Keluarganipun ugi sami sehat, ayem, lan anteng sedoyo.

Niki-niki dados renungan kito sedoyo, dene nyambut damel pados rezeki niki kedah dipun
niati kangge sangu ngibadah. Ampun saksampunipun kita nyambut damel lan angsal
rezeki, kito malah mboten nindaaken kewajiban ibadah alias ninggalaken ingkang dados
pokoke gesang wonten ing alam dunio.

Rasulullah sampun dawuh wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken saking  Imam
Tirmidzi:

‫ َل ْو اَ َّن ُك ْم‬:‫صلَّى هللاُ َع َل ْي ِه َو َسلَّ َم َيقُو ُل‬َ ‫هللا‬


ِ ‫ت َرسُو َل‬ ُ ْ‫ َس ِمع‬:‫َعنْ ُع َم َر َرضِ َي هللاُ َع ْن ُه َقا َل‬
‫ َت ْغ ُدو ِخ َماصًا َو َترُو ُح ِب َطا ًنا‬,‫الطي َْر‬ َّ ‫هللا َح َّق َت َو ُّكلِ ِه َل َر َز َق ُك ْم َك َما َيرْ ُز ُق‬ َ ُ‫ َت َت َو َّكل‬.
ِ ‫ون َع َلى‬
Hadits meniko ngengetaken dateng kito sedoyo bilih menawi kito tawakkal, yekti Allah
bakal paring rizeki dateng kito kados Allah nyukani rezeki dateng manuk. Manuk meniko
mboten gadah raos was-was nopo rezeki dinten meniko. Manuk namung tandang makaryo
wiwit enjing dugi sonten. Bidal medal kalihan weteng ngeleh, nanging saget wangsul
kalihan weteng wareg angsal rezeki saking Allah swt.

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang kawulo hormati

Saking nopo ingkang sampun dipun terangaken meniko, monggo sami noto ati lan
mbagusi niat gesang wonten ing alam dunyo meniko. Kito dipun damel deneng Allah swt
wonten ing dunyo meniko anamung kangge ibadah nyembah dateng Allah swt. Lan
sampun dados kapesten, dene kito ampun supe sedoyo wonten ing dunyo meniko sampun
dipun kersaaken Allah swt.

‫ َو َن َف َع ِنيْ َوِإيَّا ُك ْم ِب َما ِف ْي ِه‬،‫ك هللاُ لِيْ َو َل ُك ْم ِفيْ ْالقُرْ َأ ِن ْال َك ِري ِْم‬ َ ‫ار‬َ ‫َب‬
ِ ‫ِم َن اَأْل َيا‬
ِّ ‫ت َو‬
‫ل هللاُ ِم ِّنيْ َو ِم ْن ُك ْم ِتالَ َو َت ُه ِإ َّن ُه‬Pَ ‫ َو َت َق َّب‬،‫الذ ْك ِر ْال َح ِكي ِْم‬
‫ر الرَّ ِح ْي ُم‬Pُ ‫ َواسْ َت ْغ ِفر ُْوهُ ِإ َّن ُه ه َُو ْال َغفُ ْو‬،‫ه َُو ال َّس ِم ْي ُع ْال َعلِي ِْم‬.
‫ش َه ُد‬ ‫لح ْم ُد هَّلِل ِ َر ِّب ا ْل َعا َل ِم ْينَ ‪َ ،‬و ِب ِه َن ْس َت ِع ْينُ َع َلى ُأ ُم ْو ِر ال ُّد ْن َيا َوال ِّد ْي ِن‪َ ،‬أ ْ‬ ‫ْا َ‬
‫س ْولُ ُه‬ ‫ش َه ُد َأنَّ ُم َح َّمدًا َع ْب ُدهُ َو َر ُ‬ ‫ش ِر ْي َك َل ُه وَأ ْ‬ ‫َأنْ الَِإل َه ِإالَّهَّللا ُ َو ْح َدهُ الَ َ‬
‫اب ِه َأ ْج َم ِع ْينَ ‪َ ،‬أ َّما َب ْع ُد‪َ :‬ف َيا عِ َبادَ‬ ‫ص َح ِ‬ ‫صل ِّ َع َلى ُم َح َّم ٍد َو َع َلى آلِ ِه َوَأ ْ‬ ‫ال َّل ُه َّم َ‬
‫اب ِه ا ْل َك ِر ْي ِم‪:‬‬ ‫ص ْي ُك ْم َو َن ْف ِس ْي ِب َت ْق َوى هَّللا ِ َو َق ال َ هَّللا ُ َت َع ا َلى ف ِْي ِك َت ِ‬ ‫هَّللا ِ ُأ ْو ِ‬
‫َيآَأ ُّي َها ا َّل ِذ ْينَ َءا َم ُن ْوا ا َّتقُ ْوا هَّللا َ َح َّق ُت َقا ِت ِه َوالَ َت ُم ْو ُتنَّ ِإالَّ َوَأ ْن ُت ْم ُم ْسلِ ُم ْونَ‬
‫ص َحابِ ِه‬ ‫ص ِّل َعلَى ُم َح َّم ٍد َو َعلَى آلِ ِه َوَأ ْ‬ ‫لح ْم ُد هَّلِل ِ َر ِّب ا ْل َعالَ ِم ْي َن‪ ،‬اللَّ ُه َّم َ‬ ‫ْا َ‬
‫‪َ.‬أ ْج َم ِع ْي َن‬
‫ت ْاَأل ْحيَا ِء‬ ‫ت َوا ْل ُمْؤ ِمنِ ْي َن وا ْل ُمْؤ ِمنَا ِ‬ ‫سلِ َما ِ‬ ‫سلِم ْي َن َوا ْل ُم ْ‬ ‫اللَّ ُه َّم ا ْغفِ ْر لِ ْل ُم ْ‬
‫ت‬
‫اجا ِ‬ ‫اض َي ا ْل َح َ‬ ‫ت فَيَاقَ ِ‬ ‫ب ال َّد ْع َوا ِ‬ ‫ب ُم ِج ْي ُ‬‫س ِم ْي ٌع قَ ِر ْي ٌ‬ ‫ت ِإنَّ َك َ‬ ‫‪ِ .‬م ْن ُه ْم َو ْاَأل ْم َوا ِ‬
‫اس ًعا َو َع َمالً ُمتَقَبَّالً‬ ‫سَئلُ َك ِع ْل ًما نَفِ ًعا َو ِر ْزقًا َو ِ‬ ‫‪.‬اللَّ ُه َّم ِإنَّا نَ ْ‬
‫اب النَّا ِر‬ ‫سنَةً َوقِنَا َع َذ َ‬ ‫سنَةً َوفِي ْاَأل ِخ َر ِة َح َ‬ ‫‪َ .‬ربَّنَا آتِنَا فِي ال ُّد ْنيَا َح َ‬
‫سلِ ْي َن َوا ْل َح ْم ُد‬ ‫سالَ ٌم َعلَى ا ْل ُم ْر َ‬ ‫صفُ ْو َن َو َ‬ ‫ان َربِّ َك َر ِّب ا ْل ِع َّز ِة َع َّما يَ ِ‬ ‫س ْب َح َ‬ ‫ُ‬
‫هَّلِل ِ َر ِّب ا ْل َعالَ ِم ْي َن‬

You might also like