You are on page 1of 3

Assalamualaikum wr wb.

Alhamdulillah nahmaduhu wa nasta’inuh, wa nastaghfiruh, wa na’udzu billahi min syuruuri


anfusinaa wamin sayyiaati a’maalinaa, mayyahdihillahu falaa mudhillalah, wa mayudhlil
falaa haa diya lah. Asyhadu alla illaha illallah wahdahu laa syariikalah wa asyhadu anna
muhammadan abduhu wa rosuuluh.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah engkang kulo hurmati.

Bapak Ibu Guru ingkang kulo hurmati ugi, sedoyo rencang lan hadirin engkang bahagia.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati!

Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur
dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng
kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken
kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.

Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken
anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho
nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh
sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan
Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :

Ingkang artosipun :

“He wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo
dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa”
(Al- Baqarah : 183).

Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti
gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir
miskin, lan sanes-sanesipun.

Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan

Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-
larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon,
ngrasani tiyang sanes, lan lmtu-hntunipun.

Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata
ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim.
Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.

Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ingkang artosipun
meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang
awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un utawi Wiro’i. Ingkang maksudipun bilih
tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi
perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara’.

No. Ill (huruf Mim) meniko saking kata Malakun ingkang artosipun ngeker, utawi
mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-
perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo matur,
manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan
ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai
ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng
ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :

Ingkang artosipun :

“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den
ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”

Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun
pangapunten lahir lan batin.

Wassalamualaikum wr wb.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh ten kelas niki. Pertami tami
monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah ingkang
maringi pinten pinten kenikmatan sainggo kita saged rawuh teng mriki.

Sholawat saha salam mugi katur dhumateng nabi Muhammad SAW, sumrambah dhateng
kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun.

KULTUM SINGKAT

Kultum Ramadhan Bahasa Jawa (Unsplash)

Parasederek, wonten ing kelas menika, badhe kawula aturaken babagan Lailatul Qodar,
setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Alloh SWT. Satunggaling malem
menika anugerah saking Alloh tumrap insane beriman ingkang bobotipun tanpa upami.

Kados ingkang sinebat wonten ing Al-qur’an surat Al-Qodar :1-5, wondene asbabun nuzul
utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar inggih punika midherek satunggaling
hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang
jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ingkang anggenipun ngibadah
wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun.
Lelampahan wau dipun leksanakaken ngantos 1000 sasi.

Tumunten lajeng Alloh nurunakensurat Al-Qodar ingkang negasaken bilih setunggal ndalu
malem Lailatul Qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.

Kangge ngadepi Malem Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toladan, sabuk dipun
kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah ngathahaken ngibadah. Ade
sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigang perangan
inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged
kagayuh dening para nabi lan rosul.

Kaping kalih, tingkatan cukup inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh
dening para ulama sufi. Kaping tigo, tingkatan awam, inggih punika tiyang awam ingkang
saged nggayuh kautaman lailatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun
nglaksanakaken dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun.

Kula raos cukup semanten pidato ingkang kawula aturaken. Menawi wonten kesalahan
kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

You might also like