You are on page 1of 1

KEPIYE

dening: Wahlin

Lha kepiye....
ora tak gagas,
kang gawe ati panas
ora tak gugu,
kang nggrentes ing kalbu
yen tak turuti,
ora ana winates kabeh iki

Lha kepiye....
kuping loro,
lathi sakjagad raya
gathuk tular,
sansaya ambabar
kang seneng ,
ora ndadeke spaneng
kang gething,
perkara sithiik dak eling-eling

nanging kepiye....
iki kang sinebut urip
gelem yo dilakoni
ora gelem urung dadi wanci
sumelehke kabeh
marang kersane Gusti kang
murbeng dumadi

You might also like