You are on page 1of 16

LAKON GEGERE ALAS ANGKER

Adegan 1

(SEMEDINE JAKA NUR SIYO)

JNS semedi nang alas angker golek ilmu

“Ngger, sing lagi lelaku tapa brata wes titimangsane anggeniro badhar anggone lelaku, wus kebak
ngilmu kang sira tampa, mula saka iku wus wancine sira hangamalake sekabehing ngilmu kang
sira nduweni kanggo kabecikan lan uga hanumpas sekabehing tindak kang ala. Lan aja nganti
lipya purwaduksina anggenira urip ing bebrayan aja nganti duweni sipat milik gendong lali,
paringana tetulung marang wong kang nandang susah, paringana pepayung marang wong kang
kaudanan, paringana wot marang wong kang nandang kalunyon, lan aja nganti lali marang
pepunden lan sing hambaureksa ing ngendi wae papan panggonan.

Jns : “huaaaaaaaaaah…..

Jnc : “ onok opo rek bengok-bengok ngageti ae

Jns : “cak.., anggonku topo ning alas iki gak tau ayem tentrem mesti onok pepalang sing gawe
fokus topoku.

Jnc : “ dek nursiyo…, iku ngunu duduk pepalang.., ning iku ngunu pertanda oleh pitunjuk gawe
lakumu dek.

Jnt : naah iyo iku ngunu wangsit dek….. kudu mbok lakoni iku

Jns : “ iyo cak ning, pitunjuk iku ngongkon aku golek pangengeran

Jnt : “ la yo bener…. Anggonmu merguru nang kene wes suwe… ibarat ngilmu iku wes kebak,
mulo wes wancine ngamalno ilmu-ilmu iku

Jnc : ning ojok lali, awakdewe iki tunggal perguron, masio awakdewe duduk dulur cerr…ning
awkdewe nduwe sifat sabaya mukti sabaya pati

Jnt : ibarate oleh siji oleh kabeh, gak oleh siji gak oleh kabeh
Bopo guru : lo tibak e anak-anake bopo onok ning kene

Jnt,jns.jnc : nggeh bopo…

Bopo guru : ngger…. Anggonku goleki awakmu-awakmu kabeh, iku perkara impene bopo

Adegan 2

(OMAHE CARIK)

Pak Carik : oalah bendina seng jenenge berandal e dandang joyo kok gak mandek-mandek nggawe
ontran-ontran nang Desa Mojodadi, tung ngalor Dandang Joyo tung kidul Dandang joyo. Jane iku
aku kudu pie? Wes petang pendekar tak tekakno nang Desa Mojodadi gawe ngusir Dandang Joyo
sak berandalan e akeh matie timbang uripe.

Bu Carik : sampean iku lapoo se pak nggremeng dewe, mbokyo pisan-pisan iku nginguk Mukada
karo Mukadi yok opo kabare sehat opo gak, wes mangan opo gurung gak mendina ngurusi Desa
Mojodadi ae.

Pak Carik : buk Mukada Mukadi iku wes gede, arek iku tak kirim nang padepokan iku yo cek iso
mandiri ngangsu ilmu tumrap lan bekti karo Bopo gurune, mula Mukada karo Mukadi iku ojo
dikhawatirno. Seng luweh penting iki Desa Mojodadi opo maneh aku iki salah siji perangkat desa
nang Mojodadi.

Bu Carik : yo ngerti pak, ning kabare Mukada Mukadi dina iki wes titiwancine balik muleh nang
Desa Mojodadi, mula wes gak usah mikir abot-abot anak e dewe Mukada Mukadi bakal iso ngusir
Dandang Joyo sak berandal-berandalane.

Pak Carik : O iya, pinter buk sampean, opo maneh Pak Lurah nggawe sayembara sopo seng iso
ngusir Dandang Joyo sak berandalane didadekno Lurah ngganteni Lurah seng sak iki, bonuse
dirabekno karo anak e pak Lurah.

Sulastri : mangga pak buk di unjuk wedang e, niki ngomongke nopo to pak buk? Kok sapa seng
kate dirabekno? Aku ta buk? Sopo calone?

Bu Carik : kon iku arek wingi sore kok wani-wanine ngrungokno omongan e pak mbokmu
Sulastri : gak ngono eh buk, aku iki yo wes gede umurku y owes 21 tahun wes wayah e buk aku
iku rabi.

Pak Carik : Husshh seng luweh bener iku cacak-cacakmu disek, lek wes cacak-cacakmu rabi baru
kon nduk.

JNS, JNT, JNC teka nang omah e Pak Carik

Jnt : kulanuwun

Jnc : monggo

Pak Carik : gak ngono se, seng ndue omah iku jane sopo? Seng kulanuwun kono seng
nyumanggakno kok malah kowe,

Jnc : ngapunten pak

Bu Carik : yo gak popo, manga pinarak arek ganteng.

Pak Carik : wong telu iki sopo jenenge kok moro-moro mertamu nang omahku?

Jnt : tepangaken pak kula Joko Nur Tirta niki cacak kula Joko Nur Cahyo seng niki adhikula Joko
Nur Siyo

Pak Carik : perlumu nang kene ono opo?

Jns : kula badhe pados ngengeran pak

Pak carik : berarti wong telu iki kabeh podo golek ngengeran?

All Joko : nggih leres

Pak Carik : mapan kebeneran, nang desa Mojodadi iki lagi gawat kaliwat-liwat butuh pendekar
gawe njaga tapel wates alas angker ning desa Mojodadi, ning aku butuhe mung siji. Se nduk kiro-
kiro seng pantes tak trimo gawenjaga paregolan tapel wates iku sopo?

Sulastri : yoiku lo pak arek seng nganteng dewe, klambine mencorong mencereng mesti iku pak
wonge sekti.

Bu Carik : ya bener iku pak seng diomongne Lastri, ketokane arek iku cocok gawe njaga paregolan
tapel wates neng alas angker desa Mojodadi iki.
Pak Carik : yowes lak ngono, bojoku karo anakku milih seng jenenge Joko Nur Siyo gawe njogo
paregolan.

Jnt : lo mboten saget pak, kula pun diparingi palilah kalih Bopo Guru, paribasane sabaya mukti
sabaya pati

Jnc : ditrima siji diterima kabeh lek gak ditrima siji gak diterima kabeh pak

Pak Carik : ooo dadi koyo ngono, berarti arek telu iki tunggal perguron

Jns : nggih pak, kula dinten niki angsal palilah saking Bopo guru diutus mudun dateng Desa
Mojodadi mados ngengeran, ning pesene Bopo sabaya mukti sabaya pati pak.

Pak Carik : yo wes nak ngono gak popo arek telu iki tak trima kabeh, dina iki awakmu langsungo
moro nang paregolan tapel wates alas angker Mojodadi, ning ana siji pesen paribasane wong njero
gak oleh metu, wong njobo gak oleh melbu tanpo tapak astane pak carik.

All Joko : nggih pak

Jnt : kula nyuwun pamit bidhal teng paregolan (all joko budhal nang paregolan)

Pak Carik : waduh buk, aku lali ngomongi, dino iki Mukada Mukadi arep muleh nang Desa
Mojodadi, wah ciloko iki buk, tak tututane arek telu iku buk.

Sulatri : buk aku tak ngetutno bapak, melok mas ngganteng mau

Adegan 3

(NANG PAREGOLAN)

Jnt : oalah mudun tekopadepokan dikongkon nggolek ngengeran entuk e malah muk dikon dadi
satpam, mbokyo nggolek penggawean seng kelas titik, wong kene iki yo pendekar minimal e dadi
polisi, dadi tentara ngono lo, makane polisi jaman sak iki kok podo nembak sak kancane dewe,
ngono iku perkarane polisi ora sakti ngilmue mung titik

Jnc : cangkemu To, mbokyo dadi pendekar iku ojo mung iso ngritik ning kek ono conto. Masio
dadi satpam iku penggawean seng halal timbang dadi pejabat senengane nggawe peraturan ning
ora jluntrung nang rakyat e
Jnt : yo bener wingi aku ndelok media sosial iso e pejabat iku lo nguruki petani iku nandur pari
maju, lakyo pekok se, nang ndi-ndi iku nandur pari lak yo mundur, lak maju iku yo jeneng e nandur
keributan

Jnc : kok iso maju nandur keributan iku karepmu opo To?

Jnt : iku lo cak, arek nom-noman dek wingilak demo perkoro undang-undang e lakok pejabat iku
maju kabeh dodol rai nang masyarakat, padahal seng ngae undang-undang i yo deke dewe lo cak.

Jns : wes cak cak sampean iku ngrememeng nko lak di tembak teko mburi ciloko sampean.

Jnt : gak ngono cung, ngeneki salah siji aspirasi ne masyarakat

Jns : iyo cak aku ngerti, sak iki iku kene ndue kewajiban njaga paregolan yok opo carane berandal-
berandal iku gak melbu maneh nang Desa Mojodadi.

(Mukada Mukadi mudun saka padepokan)

Jnt : stop mandek

Jnc : onok arek nom-noman loro melbu metu alas angker katene nangndi?

Mukada : opo gak kliru seng sak jane takok koyo ngono iku aku uduk awakmu.

Jnt : lo… lo lo lo lo aku nang kene iki ndue kewajiban saka pak Carik njojo paregolan, paribasane
wong njobo ndak iso mebu wong njero ndak iso metu tanpa tapak astane Pak Carik.

Mukadi : wooo arek telu iki gak ngerti sopoawake dewe cak

Jnc : lo kon iku sopo?

Mukada : hehehe gak onok siji loro pawongan seng koyok aku, ya iki Mukada bledeke Mojodadi

Mukadi : rungokno kupingmu, gak onok siji loro pawongan seng pating mencorong mencereng yo
iki Mukadi gluduke Mojodadi

Jnc : gak onok siji loro pendekar sekti ya iku Joko Nur Cahyo udane Mojodadi

Jnt : gak onok siji loro pendekar ya iku Joko Nur Tirto banjire Mojodadi

Jns : gak ngono se cak, sampean iku malah udane, banjire, mbokyo seng biasa, gak usahsesumbar
seng koyo ngono iku.
Mukadi : ojo kakean cangkem kon dewe sopo?

Jns : aku Joko Nur Siyo kak, aku nang kene entuk ngengeran soko pak Carik dikongkon njogo
paregolan

Mukada : wong dadi gedibal e Carik ae kok wani-wanine nyegatMukada karo Mukadi

Mukadi : he rungokno aku karo cacakku iki anak e Pak Carik, dadi bukaken paregolan iki aku tak
mbalek nang Desa Mojodadi, aku wes kangen karo bapak lan ibuku

Jns : gak iso cak, bah iku anak e Pak Carik, bah iku anak e Pak Lurah Mojodadi nek gak onok
tapak astane Pak Carik gak iso melbu nang Desa Mojodadi.

Mukada : nek aku mekso melbu?!

Jns : yo sepurane cak aku dadi palangmu dewe

Mukadi : diangkrek cangkemu

Jns : heh cak, sak piro-piro ilmumu aku ora mundur majuo… bumi tak sembadani, ngamuko tak
kembari

Mukada : hahahahahaha tibakno nyowomu ki akeh. Yo majuo

(Mukada Mukadi gelut karo Joko Nur Siyo)

(Mukada Mukadi kalah terus Pak Carik metu )

Pak Carik : he ojo mbok terusno iku anakku

Jns : ngapunten Pak Carik kula mboten ngertos lek lare nem loro niki anak e njenengan, pokok e
kula tanggung jawab kalian pesene panjenengan, wong njero gak oleh metu wong njobo gak oleh
melbu

Pak Carik : ya aku ngerti ancen iki salahku, aku gak ngomongi nek anakku Mukada Mukadi iku
bali muleh teko padepokan

Pak Carik : Le Mukada Mukadi sokor awakmu gak keno opo-opo, sepuranono Joko nur Siyo
mergane arek iku ga ngerti opo-opo
Mukada : nggih pak, ning sampean iku dadi Carik yo kudu seng ngati-ati seng waspodo, nggolek
anak buah iku seng isok dicekel ogak koyok arek loro iko mung ngomong tok

Jnt : cangkemu kon musuh adiku Joko Nur Siyo ae kalah ndahneo musuh aku.

Pak Carik : wes wes ojo ngae gegeran nang kene, sak iki awakmu le MukadaMukadi balio nang
omah temonono ibumu sek, aku tak nang pendopo kelurahan ngomongke sayembara.

Mukada Mukadi : nggih pak

(Mukada Mukadi bali muleh, Pak Carik budhal nyang pendopo kelurahan)

Jnt : waduh cak, kok iku mau pak Carik ngomongke sayembara, sayembara opo cak?

Jnc : dapak aku ngerti, wong awake dewe medun nang Desa Mojodadi bareng wong telu, kok
awakmu takok aku

Jns : wes cak, ayo adewe mbalek mergawe njogo paregolan, ndak usah ngurusi perkoro sayembara
disek, seng penting awake dewe tanggung jawab njogo paregolan tapel wates alasangker Desa
Mojodadi.

Adegan 4

(PENDHAPA KELURAHAN)

Bu Lurah : hoalah ndue bojo pejabat iku gampang-gampang susah. Mergane awake dewekudu iso
njogo image nang masyarakat. Opo maneh sakiki akeh kabar nang desa-desa kemalingan,
penculikan anak, lan gangster-gangster nag ndindi.

Bu Lurah : iki mau bojoku jarene metu diluk nguwasno masyarakate kok sampek sak iki gak
muleh-muleh, mosok yo dobacok karo gangster-gangster?

Pak Lurah : he ngono, seneng nek bojone dibacok karo gangster?

Bu Lurah : yogak ngono pak, aku ngeneki jenenge khawatir karo sampean

Pak Lurah : gak usah khawatir buk, aku iki mantan pendekar, dadi nag ndindi dihormati karo
diajeni
Bu Lurah : lak sampean mantan pendekar kenopo kok gak sampean ae seng ngusir Dandang Joyo
sak berandalane? Gak usah atek saembara-sayembaraan.

Pak Lurah : buk mbokyo sampean iki ndelok umure bojomu iki lo, pendekar yo pendekar nek
musuk pendekar nom-noman sektine pitung menungso punjul pitung sapi opo yo ngatasi? Ngerti
dewe wingi pendekar nom-noman papat ae gak ngatasi musuh Dandang Joyo sak berandalane, opo
maneh aku.

(Sundari teko karo wajah bingung)

Bu Lurah : gak ngono se nduk, awakmu tangi turu moro rene wajahmu kok sawangane bingung,
linglung

Pak Lurah : Heh kon iku ditakoni ibukmu malah mbidek ae

Sundari : iku pak, kula mantun ngimpi

Bu Lurah : ngimpi opo se nduk?

Sundari : kula ngimpi ketemu arek nom-noman ngganteng, putih, dedegke apik, pendekar pak

Pak Lurah : terus maringono?

Sundari : arek nom-noman iku pak mari ngalahno Dandang Joyo sak berandalane.

Bu Lurah : hah? Gak mungkin, wong iku mung ngimpi, ngimpi iku bunga tidur gak mungkin iso
dadi kenyataan nduk.

Sundari : loh temenan buk, iku koyok kenyataan buk, terus arek nom iku menangno saymbara e
bapak terus rabi karo aku buk.

Pak Lurah : wes wes ojo dipikir nemen-nemen iku ngono mung ngimpi dadi ojo diarep-arep
temenan, yo muga-muga nek pancen enek pendekar nom-noman seng teko maneh nang Mojodadi
yaiku bener-bener iso ngalahno Dandang Joyo sak berandalane.

(Pak Carik teko)

Pak Carik : kulanuwun

Bu Lurah : looo pak carik, monggo monggo pak Carik pinarak


Pak Lurah : wonten wegati nopo Pak Carik? Ujug-ujug tanpo kabar moro-moro nang pendapa
kelurahan.

Pak Carik : ngenten Gus Lurah, niki perkoro anak kula

Bu Lurah : wonten napa pak Carik anake sampean?

Pak Carik : kula badhe laporan, niki wonten sangkut paute perkoro sayembara Gus Lurah

Pak Lurah : perkarene nopo pak kaliyan sayembara?

Pak Carik : kula badhe tanglet menawi sayembara niku napa tasik berlaku? Lan napa leres ganjaran
saking sayembara niku dados Lurah nang Mojodadi plus dadi garwa e anak e panjenengan?

Pak Lurah : lo yo jek terus to… awakmu yo ngerti dewe, patang pendekar moro nang Desa
Mojodadi kalah kabeh karo brandalan e Dandang Joyo, sampek sak iki gurung onok seng isok
menangno sayembara iki. Lan ojo kuatir perkoro gajarane iku pancen temenan ndiko ngerti dewe
umurku y owes tuwa wayah e ono penggantine.

Pak Carik : nah niki Gus Lurah, mapan kebeneran anak kula Mukada Mukadi sampun mudun
saking padepokan, sakmenika badhe kula utus tumut sayembara

Bu Lurah :lo ya sokor no Gus Carik, nek anake sampean wes mudun teko padepokan sak iki wes
gausah dikhawatirno lak wes enek Mukada Mukadi Desa Mojodadi yo bakal aman.

Pak Lurah : gurung mesti lo Buk, mergo awake dewe gurung ngerti sejatine Mukada Mukadi iku
sektine sepiro. Opo maneh disangkut pautno karo ngimpene anakmu sundari iku opo yo wes bener?

Sundari : nggih buk, leres sanjange bapak kudu dibuktekno disek nek pancen cak Mukada Mukadi
iku sekti ne ngalah-ngalahi Dandang Joyo

Pak Carik : nggih pun Gus lek ngoten kula tak bali wangsunl ngomongi anakku Mukada Mukadi
gawe nyiapke melu sayembara

Gus Lurah : ya Carik muga-muga opo seng dadi lakune anakmu Mukada Mukadi iku nemokne
dalan, menangno sayembara ngalahno dandang Joyo sak brandalane

Pak Carik : nggih gus Lurah pangestune (pak Carik muleh)


Pak Lurah : wes buk, nduk anakku Sundari, sak iki awake dewe karek ngenteni, onone Mukada
Mukadi mugo-mugo iso ngayem tentremno Desa Mojodadi

Bu Lurah : iya pak, ayo wes awake dewe istirahat

Adegan 5

(NANG PAREGOLAN TAPEL WATES ALAS ANGKER DESA MOJODADI)

(Parni, Surti, Yanti melbu keos diuber berandal)

Parni : ojo cak ojo cak

Yanti : he iki bondo ndonyaku siji-sijine cak ojo dijupuk

Brandal 1 : wes manuto

Brandal 2 : lek kon kon kabeh gak gelem manut malah tak edel-edel kabeh klambimu

Surti : iyo cak gak popo cak

Parni : lambemu sur, kon seneng aku gak

Berandal 2 : wong nang ndonya iku seng digoleki enak karo gak enak, lek pingin uripmu enak
manuto karo aku.

(Ketiga Joko teko bareng-bareng)

Jnt : he culno, …

Jnc : ojo mbok terus-terusno lakumu cak

Brandal 1 : ra usah melu-melu kon, sampek kon melu-melu tak edel-edel raimu

Jns : yo cak aku gak bakal melu-melu ning culno arek wedok telu iku

Brandal 2 : dangkrek wani-wanine kon ngomong ngono

Brandal 1 : paribasane kriwikan dadi grojogan cung, timbang perkoro iki tambah gede luweh becik
awakmu ngalih ko kene
Jns : cak nek sampean gak gelem ngeculno arek telu iku dino iki aku dadi pepalang e riko-riko
kabeh

Brandal 1 : dangkrek, tambah nglunjak ae cangkeme

Jnc : majuo, sak njoged mu tak kendangi

(Joko Nur Siyo gelud karo brandal-brandal, brandal-brandal kalah langsung ngalih mergo
keweden)

Parni : cak suwun yo cak

Surti : iya cak suwun wes nulungi kene, sampean kok ngantengmen to cak

Yanti : suwun yo cak wes nulungi aku kabeh, ning sampean seng ngati-ati ya cak, brandal-brandal
iku anak buahe Dandang Joyo

Jnt : sopo iku Dandang Joyo

Parni : Dandang Joyo iku pendekar sektine pitung menungso punjul pitung sapi, ning senengane
nyolong, maling, ngrampok, nyulik, nang Desa Mojodadi iki cak

Jnc : wo berarti seng diomongno Pak Carik pawongan-pawongan anak buah e Dandang Joyo

Surti : iyo cak bener

Jns : sampean sampean kabeh sak iki ra usah kuatir, sak iki enek au karo cacak-cacakku nang kene
seng bakal njogo Desa Mojodadi, perkoro Dandang Joyo engko aku seng bakal ngadepi.

Parni : iya cak suwun ya cak

Yanti : tapi sampean yo kudu ati-ati cak, Dandang Joyo iku ra iso dikalahno wes patang pendekar
mati neng tangane Dandang Joyo. Tapi aku ngerti pangapesane Dandang Joyo cak

Jnc : opo pangapesane yuk?

Yanti : pangapesane iku cak, Dandang Joyo bakal kalah nek digepuk karo pupus gedang peng telu.

Jns : iyo yuk suwun, sampean wes ndudoi pangapesane Dandang Joyo.

(ndak suwe Dandang Joyo karo brandalane nggruduk Joko Nur Siyo sak kancane)
Dandang Joyo : ooo iki bedenggek-bedenggek telu iki ta seng ngrusak sandhang pangan e awake
dewe?

All brandal : nggih juragan

Dandang Joyo : sopo jenengmu?

Jnc : aku Joko Nur Cahyo, iki adikku Joko Nur Siyo karo Joko Nur Tirto

Dandang Joyo : tekomu rene nang Desa Mojodadi enek keperluan opo? Sampek wani-wanine
ngrusak sandhang panganku.

Jns : aku mrene nggolek ngengeran nang Desa Mojodadi, maringono ketemu Pak Carik dikeki
enggawean njogo paregolan tapel wates alas angker Mojodadi

Dandang Joyo : ooo berarti kon kon kabeh iku kongkon-kongkonane Carik Mojodadi

Jns : iyo cak, aku nang ken endue tanggung jawab njogo ayem tentrem e Desa Mojodadi, sopo
seng wani-wani nyenggol Desa Mojodadi aku bakal dadi pepalange.

Dandang Joyo : hahahaha paribasane ngombrowolo glandang carang teko pucuk perkoro gedhe
seng mburi, cung kon tak omongi tinimbange awakmu mati nang alas angker iki luweh becik
awakmu ngaliho teko kene.

Jnc : cak paribasan duren musuh timun riko durene aku timune, mustahil aku menang ning teteg
atiku karo tanggung jawabku tetep tak lakoni

Dandang Joyo : berarti lek koyo ngono omonganmu berarti wani barek ah,

Jns : sak jentikan kuku paribasane aku ga bakal mundur cak

Dandang Joyo : hehehe diangkrek cangkemu

(brandal sak Dandang Joyo gelut karo poro Joko. Pertama poro Joko kalah terus dilanjut Joko
Nur Siyo musuh brandal, brandale kalah, Joko Nur Siyo musuh Dandang Joyo)

Dandang Joyo : gak onok siji loro wong seng wani golek perkoro karo seng jenenge Dandang
Joyo, lakok dino iki ono pawongan seng jeneng e Joko Nur Siyo wani-wanie dadi pepalange
Dandang Joyo hehehe
Jns : cak aku mung nglaksanakno tugas tanggung jawab ku ngayem tentremno Desa Mojodadi

Dandang Joyo : wes ga usah kakean cangkem lek kon barek wani, Dandang Joyo seng sektine
pitung menungso punjul pitung sapi, majuo …

Jns : paribasane budi tak sembadani ngamuk o tak kembari cak

(Joko Nur Siyo karo Dandang Joyo ngadu ilmu, Dandang Joyo digepuk karo pupuse gedang lan
langsung kalah)

Jnt : dek gak popo ta awakmu?

Jns : iyo cak aku gak popo, Dandang Joyo wes kalah barek aku mergo aku wesdiomongi barek
Yanti sak kancane nek pangapesane Dandang Joyo iku di gepuk karo pupus gedang peng telu

Jnc : yo wes dek syukur lak ngono awakmu gak opo-opo

Parni : cak sampean gak popo ta cak?

Yanti : syukur cak sampean iso ngalahno Dandang Joyo

Surti : iyo cak syukur nek sampean iso ngalahne Dandang Joyo, berarti sak iki Desa Mojodadi wes
aman ayem tentrem ono sampean nang kene

Jns : iyo yuk, iki ngono yo mergo sampean omongi pengapesane Dandang Joyo, nek gak sampean
omongi gak ngerti kedadean opo seng bakal kelakon.

(Mukada Mukadi teko)

Mukada : iki ono opo kok rame neng kene?

Parni : loh Cak Mukada sampean kok enek nang kene? Sampean kate nangndi cak?

Surti : Cak Mukadi rek tambang ngguanteng tabah gagah

Mukadi : wes gak usah ngrayu-ngrayu koyo ngono, aku mlaku nang alas angker Mojodadi iki ono
perlune.

Yanti : ono perlu opo cak sampean nang kene cak?

Mukadi : aku kate nggoleki Dandang Joyo sak brandalane, kate menangno sayembara lurah
Mojodadi
Surti : lo cak sampean telat,

Parni : iyo cak, Dandang Joyo sak brandalane wes dikalahne karo Joko Nur Siyo.

Mukada : seng temen kon lak ngomong, arek jek wingi sore ae sampek iso ngalahne Dandang Joyo

Mukadi : buktine opo lek Joko Nur Siyo iso ngalahne Dandang Joyo?

Jnt : iki, Joko Nur Siyo nggowo pusaka e Dandang Joyo

Mukada : ck mosok, se aku tak takok Joko Nur Siyo dewe

Mukadi : Jok opo bener awakmu mari ngalahno Dandang Joyo sak brandalane?

Jns : iyo cak bener opo seng diomongno cacakku karo arek-arek wedok iku. Buktine aku sak iki
nggowo pusakane Dandang Joyo

(Mukada Mukadi nggawe kekarepan seng licik)

Mukadi : cak nek pancen Joko Nur Siyo ngalahne Dandang Joyo lan buktine iku bener,berarti
adewe gak isok menangno sayembara dadi lurah nang Mojodadi cak.

Mukada :bener omonganmu, nek ngono pusaka Dandang Joyo seng nang Joko Nur Siyo ayo
direbut digowo mlayu nang pendopo kelurahan.

Mukadi : ayo cak ayok

(Mukadi nggrayu Joko Nur Siyo)

Mukadi : mosok yo bener iku pusaka e Dandang Joyo? Se ndelok. Dandang Joyo iki sektine pitung
menungso punjul pitung sapi mosok yo kalah karo pendekar seng sektas wingi sore

Mukada : Di, ojo koyok ngono omonganmu, ngeneki Joko Nur Siyo ancen sekti nglah-ngalahi
Dandang Joyo, kudune awake dewe iku matur suwun nang Joko Nur Siyo

Mukadi : suwun yo Jok wes iso ngalahno Dandang Joyo lan iso ngayem tentremno Desa Mojodadi

(Mukada Mukadi nggowo mlayu pusake Dandang Joyo)

Jns : lho pusakaku digowo mlayu cak Mukada Mukadi cak


Jnc : iki kelicikane Mukada Mukadi pancen apik gae menangno sayembara dee nggowo mlayu
pusakae Dandang Joyo soko tangane Joko Nur Siyo.

Jnt : wes gak sah kesuwen cak, ayo diuber cak

(poro Joko langsung nguber Mukada Mukadi ditutno karo arek wedok telu)

Adegan 6

(NANG ALAS ANGKER)

Jns : cak Mukada Mukadi ojo mbok terusno nggonmu mlayu

Mukada : hahahahaha Joko Nur Siyo, aku ngerti nek kon seng ngalahne Dandang Joyo san
brandalane neng kon ora pantes menangno sayembara nang Desa Mojodadi iki

Mukadi : yo mergane kon iku duduk asli masyarakat e wong Mojodadi, awakmu nang kene iki
mung wong teko wong nggolek ngengeran rasengaja ketemu Dandang Joyo sak brandalane

Jnc : cak Mukada Mukadi, gak onok perkoro Joko Nur Siyo duduk wong asli Desa Mojodadi, ning
iki perkoro sopo seng ngalahno Dandang Joyo karo nggowo bukti neng pendopo kelurahan.

Mukadi : aku gak ngurus sopo seng isok ngalahno karo seng iso ngusir Dandang Joyo sak
brandalane, sak iki karek didelok sopo seng nggowo bukti pusakae Dandang Joyo

Jns : cak Mukada Mukadi abote atiku nggawe perkoro karo sampean cak, ning sampean sak iki
nggawe loro atine Joko Nur Siyo. Mulo dino iki disekseni alas angker nang Desa Mojodadi Joko
Nur Siyo sak iki dadi musuh e Mukada Mukadi.

Mukada : hahahaha suwe-suwe omongan mu kok ngabangno kuping se? nek kon pance wani karo
aku maju. Depono Mukada bledeke Mojodadi

Jns : sang jakngkah aku gak bakal mundur cak

(Mukada Mukadi karo Joko Nur Siyo gelud, Mukada Mukadi kalah Joko Nur Siyo kate mateni
Mukada Mukadi. Bopo Guru teko)

Bopo Guru : ojo mbok terusno lakumu cung Joko Nur Siyo!
Jnc, Jnt : lho Bopo Guru

(Joko Nur Tirto lan Joko Nur Cahyo misahne Joko Nur Siyo karo Mukada Mukadi)

Bopo Guru : iki sejatine ono perkoro opo? Kok sampek Joko Nur Siyo katene mateni Mukada karo
Mukadi

Jnt : niki Bopo, Mukada Mukadi ngrebut bukti pusaka ngalahne Dandang Joyo, kamongko sejatine
seng iso ngalahno Dandang Joyo iku Joko Nur Siyo

Bopo Guru : opo bener Mukada Mukadi?

Mukada : mboten Bopo, sejatine seng iso ngalahne Dandang Joyo sak brandalane iku aku, buktine
pusakane Dandang Joyo ono nang aku.

Bopo Guru : wes ngger, ojo sarujuk karo omongmu, aku ngerti sopo sejatine seng isok ngalahno
Dandang Joyo sak brandalane neng alas angker Desa Mojodadi iki. Mukada Mukadi kon kon
kabeh karo Joko Nur Siyo, Joko Nur Tirto lan Joko Nur Cahyo iku mono tunggal seperguron,
mung perkoro semene nggawe geger seduluran. Elingo karo omongane Bopo saboyo mukti saboyo
pati

You might also like