You are on page 1of 12

BAHASA JAWA

MULTIPLE CHOICE

1. Salebeting bageyan artikel ana bab kang ngandharake pokok pikiran utama dadi pokok pikiran
penunjang diarani.....
A. Pambuka
B. Isi
C. Panutup
D. Irah-rahan
E. Dudutan

2. Karangan kang isine ngeyakinake uga ngajak para pemaos diarani ...

A. Narasi

B. Eksposisi

C. Persuasi

D. Deskripsi

E. Argumentasi

3. “Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil orane
manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau
gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil
kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.” Wacan ing dhuwur kalebu artikel ...
A. Deskripsi
B. Argumentasi
C. Eksposisi
D. Narasi
E. Persuasi
4. Unsur intrinsik ing cariyos wayang, paraga kang dadi punjering cerita yaiku ...
A. Paraga Antagonis
B. Paraga sampingan
C. Paraga protagonis
D. Paraga Pembantu
E. Paraga utama

5. Perang Baratayuda iku perang ngudi Adil lan Bener, Baratayuda iku perange ...
A. Ngastina lan Mandura
B. Kurawa lan Punakawan
C. Ngamarta lan Ngalengka
D. Pandhawa lan Kurawa
E. Wiratha karo Dwarawati

6. Wacanen kanthi permati!


Dewi Trijatha
Nalika Dewi Shinta dicolong dening Prabu Dasamuka lan dikunjara ing Taman Soka, dheweke
dikancani Dewi Trijatha, ana wadone Gunawan Wibisana. Gunawan Wibisana kuwi anake Prabu
Dasamuka. Dewi Trijatha iki saben dina nglipur lan ngayomi Dwi Shinta saka godha lan parape
Prabu Dasamuka kang kurang ajar. Saben arep ngganggu, dewi Tijatha mesthi mbelani kanthi
tenanan lan njaga supaya Dewi Shinta bisa tetep kajaga kasuciane. Dheweke mesthi ngalang-
alangi niyate Dasamuka kang kepengin ngrebut kasucene Dewi Shinta nalika dikunjara ing Taman
Soka. Menawa diemataken kanthi premati sipate Prabu Dasamuka kuwi kepriye ....
A. Eman lan wicaksana
B. Seneng ngapusi
C. Srakah lan Culika
D. Tuhu ing janji
E. Setia
7. Ukara-ukara ing ngisor iki sing mujudake tuladhane basa lisan yaiku ....
A. Kowe kuwi ya aja kakehan ngomong!
B. Aku rumangsa kuwatir marang nasibe anakmu
C. Aku sik panggah rung isa paham karo omonganmu
D. Muga-muga apa sing kok pengini bisa kasembadan
E. Aku ora pengin kowe kuwi lara nemen.

8. Ukara ing ngisor iki kang kalebu krama alus, yaiku...


A. Rama nembe wangsul saking kantor.
B. Eyang midhangetaken tembang-tembang campursari.
C. Rama ningali ringgit purwo wonten Balai dhusun.
D. Eyang mirengaken tetembungan.
E. Kula dhek wingi tumbas buku wonten Toko Gramedia.

9. Sakjane wingi sore dhik Riski njaluk ... (ditukokne) buku gambar dening ibu, nanging wektu kuwi ibu
pas durung ... (duwe) dhuwit, mulane saiki aku ... (dikongkon) nukokake buku gambar ing toko.
A. dipundhutake; kagungan; diutus
B. ditumbasake; gadhah; ngutus
C. dipunpundhutake; kagungan; ngengken
D. dipuntumbasaken; gadhah; ngutus
E. ditumbasaken; gadhah; dikongkon

10. Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga, yaiku….
A. Anggenipun rawuh sampun sawetawis
B. Wektune mung sadhela banget
C. Isine laying aku wis ngerti sakabehe
D. Kekarone kinanthi manjing ing sasana rinengga
E. Ing wayah esuk lintang panjer

11. Tuladhane tembung saroja yaiku….


A. Putih memplak, mukti wibawa, gagah prakosa
B. Ajur mumur, sekti mandraguna, manca warna
C. Kolik Priya priyagung Anjani putra, edi peni
D. Rambute ngelar kumbang, jembar segarane
E. Mudha mudhi, baya pakewuh, dawa tangane

12.Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku….


A. Sapa sing salah kudu ngalah
B. Yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula sing ati-ati
C. Tangane bocah iku dawa sisih, cacat wiwit cilik
D. Bocah kuwi pancen gedhe ndase, mula didohi kancane
E. Polatane katon sumringah bareng krungu kabar kahanan bojone

13. Bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku....
A. Teks sastra akeh nggunakake tembung entar lan simbol-simbol dene teks non sastra
nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).
B. Teks sastra akeh nggunakake tembung denotasi lan simbol-simbol dene teks non sastra
nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).
C. Teks sastra akeh nggunakake tembung kang multi tafsir dene teks non sastra nggunakake
tembung kang ditegesi sapa wae padha.
D. Teks sastra akeh nggunakake basa resmi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake
basa ora resmi.
E. Teks sastra rakitane tembunge lumrah wae dene teks non sastra rakitane tembunge nuwuhake
wirama (musikalitas).

14. Aksara Jawa kang sengaja direka utawa digawe kanggo nulis tembung manca kang dicethakake,
luwih-luwih tembung kang asal saka basa Arab, yaiku….
A. Carakan
B. Rekan
C. Swara
D. Angka
E. Murda

15.Ing ngisor iki kang kalebu aksara Murda, yaiku ...

A.

B.

C.

D.

E.

16. //sekar Gambuh ping catur/kang cinatur polah kang kalantur/tanpa tutur katula-tula katali/kadaluwarsa
kapatuh/katutuh pan dadi awon// Pranyatan kang bener mungguh Tembang Gambuh ing dhuwur
yaiku….
A. ing sapada dumadi saka 6 gatra lan 58 wanda
B. nggunakake tembung-tembung kawi ping, dadi, awon, polah.
C. ana sengkalan kang unine kadaluwarsa kapatuh
D. nggunakake purwakanthi sastra k, l, t, r
E. guru wilangan lan guru lagune : 8u, 12u, 12i, 8u, 8o

17. Gatekna tembang macapat iki: Pamedhare wasitaning ati// Cumanthaka aniru pujangga// Dahat
mudha ing batine// Nanging kedah ginunggung// Datan wruh yen akeh ngesemi// Ameksa
angrumpaka// Basa kang kalantur// Tutur kang katula-tula// Tinalaten rinuruh kalawan ririh// Mrih
padhanging sasmita. Yen ditulis guru wilangane lan guru lagune saka teks tembang macapat ing
ndhuwur yaiku.....
A. 10i, 9a, 7e, 7m, 9i,7o,6l. 8n, 12i, 7a
B. 10i, 9a, 9e, 7u, 9i,7a, 6u, 8a, 12i, 7a
C. 10i, 9a, 8e, 6u, 9i,7a, 6u, 7n, 12i, 7a
D. 10i, 10a, 8e, 7m, 9i,7o, 6l, 8a, 12i, 7a
E. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
18. Rumpakane basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape nggunakake kagunan swara diarani
….
A. Geguritan
B. Parikan
C. Tembang
D. Gancaran
E. Campursari

19. //jinejer neng wedhatama/mrih tan kemba kembenganing pambudi/mangka nadyan tuwa pikun/yen tan
mikani rasa/yekti sepi asepa lir sepah samun/samangsane pakumpulan/gonyak-ganyuk nglelingsemi.
Pethikan ing dhuwur jenenge tembang ….
A. Pangkur
B. Asmaradana
C. Sinom
D. Gambuh
E. Dhandhanggula

20. Tembang macapat sing watake sengsem, nduweni rasa tresna marang liyan kanggo medharake
rasa katresnan, kasmaran, lan gandrung diarani tembang ….
A. Durma
B. Pucung
C. Megatruh
D. Asmaradana
E. Maskumambang

21. Gedhang raja setangkep ing acara lamaran duweni teges ...
A. Bisa dadi jejodho
B. Raja kang wis siap bale somah (berumah tangga) karo putri
C. Ora bedak-bedakake anak kaliyan mantu
D. Keluarga kekalih bisa dadi satunggal
E. Tanggung jawabe wong tuwo wis diganti garwane

22. Para rawuh ingkang kinurmatan, mangga kula dherekaken monjukaken puji syukur dhateng
ngarsanipun Allah, ingkang tansah paring nikmat dhumateng kita sami saengga saget makempal
silaturahmi rahayu wilujeng nirsambikala. Pethikan sesorah kasebut mujudake perangane ...
sesorah
A. Panutup
B. Surasa / Isi
C. Simpulan
D. Pambuka
E. Pangajab

23. Yen sesorah iku basane kudu komunikatif tegese ...


A. Basane ngoko kabeh
B. Basane krama inggil
C. Basane bisa gampang ditampa karo sing ngrungokake
D. Basane kedhaton
E. Basane kawi

24.Khotbah iku sawijining jinis sesorah kang surasane ngenani kapitayan utawa agama, kang
dimirengake dening wong akeh. Kanggo kang nggrungokake ana bab-bab kang isa dipahami,
kajaba...
A. Sapa sing ngendika
B. Ana ing ngendi
C. Kapan ditindakake
D. Bayarane pira
E. Apa sing dirembug
25.Ing ngisor iki sing kalebu unsur-unsur intrinsik ing sajroning cerkak, yaiku ....
A. Tema, amanat, dialog, penokohan, alur.
B. Tema, amanat, isi, penokohan, latar.
C. Tema, amanat, penokohan, alur, latar.
D. Tema, amanat, sudut pandang, dialog, alur.
E. Tema, penokohan, dudutan, alur.

26. Pokok masalahe crita utawa lelandhesane crita arane......


A. Amanat
B. Tema
C. Paraga
D. Penokohan
E. Alur

27.Crita sing cerkak, ringkes, lan duweni kesan sing lucu diarani....
A. Geguritan
B. Drama
C. Cerkak
D. Anekdot
E. Sesorah

28.Anekdot iku digawe kanthi tujuan kanggo......


A. Gegojegan
B. Bedhekan
C. Nyindir/ngritik
D. Lelucon
E. Cekakan

29. Urut-urutan struktur teks ing teks anekdot sing bener, yaiku ....
A. Orientasi- abstraksi- krisis- reaksi- koda
B. Abstraksi- orientasi- reaksi- krisis- koda
C. Abstraksi- orientasi- krisis- reaksi- koda
D. Krisis- abstraksi- orientasi- reaksi- koda
E. Orientasi- reaksi- krisis- abstraksi- koda
30. Struktur teks anekdot sing diarani reaksi, yaiku ....
A. Perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita.
B. Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepiye prastawa kasebut dumadi,
biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan panggonan.
C. Perangan kepiye carane pangripta ngrampungake prakara kang dumadi ing perangan krisis,
bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon.
D. Perangan pungkasane crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa ing sajroning crita.
E. Perangan ing purwakane paragraf kang gunane kanggo menehi gambarab isine teks.

31.Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggo ....


A. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang pertahanan lan keamanan.
B. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang kesenian, budaya, lan hiburan.
C. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan.
D. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan tekhnologi.
E. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ekonomi, agama lan kepercayaan.

32.Tatakrama, adat sopan santun, tata susila nalika ngginakake basa Jawa, diarani.....
A. Solah bawa
B. Unggah-ungguh basa
C. Tata krama
D. Subasita
E. Sopan santun

33. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran......
A. Ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
B. Pangganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
C. Bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae.
D. Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae.
E. Beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.

34.Ing ngisor iki kang kalebu bab-bab kang gegayutan kaliyan unggah-ungguh basa yaiku....
A. Umur, tata krama, subasita, pangkat, peprenah
B. Yuswa, umur, peprenah, subasita, pitepangan enggal
C. Yuswa, derajat semat, pitepangan enggal, paseduluran, katurunan
D. Pitepangan enggal, katurunan, tindhak tandhuk, peprenah ing paseduluran, umur
E. Drajat, katurunan, umur, solah bawa, peprenah ing paseduluran

35. Aku dikongkon Bapak supaya menehake layang marang Pak Guru. Krama aluse ukara ing dhuwur
yaiku......
A. Kula dikengken Bapak supados nyaosaken layang dhateng Pak Guru.
B. Kula dipunaturi Bapak supados nyaosaken serat dhateng Pak Guru.
C. Kula dipundhawuhi Bapak supados maringaken serat dhateng Pak guru.
D. Kula dipundhawuhi Bapak supados ngaturaken serat dhateng Pak Guru.
E. Kula dipunutus Bapak supados nyaosaken serat dhateng Pak Guru.

36. Panjenengan yen kersa ora usah kondur saiki. Ukara kasebut migunakake basa....
A. Ngoko lugu
B. Ngoko alus
C. Krama madya
D. Krama lugu
E. Krama alus

37. Titikane crita ludruk yaiku ….


A. Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur.
B. Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah.
C. Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik.
D. Critane kapethik saka babad tanah Jawa.
E. Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata.
38.Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku ….
A. tari srimpi
B. tari merak
C. tari remo
D. tari gambyong
E. tari kreasi

39. Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani….
A. jejer (orientasi)
B. pasulayan (komplikasi)
C. pangudhare prakara (resolusi)
D. pungkasaning crita (kodha)
E. owahing crita (revolusi)

40.Umume, sandhiwara migunakake alur....


A. maju
B. flash back
C. campuran
D. mundur
E. wolak-walik

41. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang
dumadine ora saben dina. Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju duweni kawigaten
gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga
akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global).
Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negatif
tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake
pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe. Tulisen saakeh-akehe
informasi sing bisa kokngerteni saka artikel ing ndhuwur nggunakake basamu dhewe!
42. Miturut panemumu apa bedane antarane pranatacara karo pamedharsabda!
43. Jelasna kepriye penganggone basa ngoko lugu, lan wenehana tuladha loro wae!
44. Gawea ukara kanthi ngecakake unggah-ungguh basa sing trep nalika awakmu telat mlebu kelas.
Apa sing kudu kokucapake marang Bapak/ibu Guru sing lagi mulang ing kelasmu nalikane kowe
telat mlebu kelas!
45. Tulisen nganggo aksara Jawa : Zenuri lagi bagi zakat fitrah 357 bungkus!

You might also like