Professional Documents
Culture Documents
Ushollii Sunnatal Istikhooroti Rok'ataini Lillaahi Ta'aalaa
Ushollii Sunnatal Istikhooroti Rok'ataini Lillaahi Ta'aalaa
Artinya, “Aku berniat melaksanakan shalat sunnah istikharah dua rakaat karena Allah Ta’ala.”
Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki mau wayahe kelompok drama B.
Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng.
Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire Parman
mbalik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan
Jono ora ana ketok.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama B.
Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal
digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Jono : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe
piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Jono : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire kelompoke iso
nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang
paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi gampang
lan oleh hasil kan muasne.
Post : naskah drama basa jawa , naskah drama bahasa jawa bocah sekolah, naskah drama basa jawa
kang trep . . . .