You are on page 1of 3

Tuladha sapala pasrah manten jalu

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu


Kaliwijengan, rahmat serta berkahipun Allah mugi tansah
tumanduk dateng panjenengan dalah kula sedaya
Kula Nuwun, Para pini sepuh lan para sesepuh sarta para kadang
Ingkang kula kurmati, sumangga kula dherekaken ngaturaken Puji
syukur dateng Allah ingkang maha welas lan asih, ingkang
sampun kepareng paring kanugrahan dhateng kula sedaya tetela
panjenengan lan kula sedaya saged makempal ing kalenggahan
punika kanthi kawontenan sehat wal afiat lan boten kirang
setunggal punopo

Kula kapiji matur dening Bapak


………………………………………………………………
kinen matur :
1. Ngaturaken wilujeng rawuh dateng para tamu sedaya ing
kalenggahan wiwahan/ pahargyan ingkang winengku deneng
Bapak…………………………………………………………
Ingkang ing kalenggahan punika mengku hajat prasaja inggih
punika mahargya suta hambayangkari siwi ( Mantu ) Putra
putrinipun
………………………………………………………………
Ingkang sampun jinatu krama kakung pun bagus
……………………………………………………………….
Putra jalu saking panjenganipun Bapak/Ibu
……………………………………………………………
Wingking saking
…………………………………………………………………

2. Nyuwun pangampunten dateng sedaya para tamu dene kula lan


para ingkang among tamu anggenipun nampi rawuh
panjenengan pinanggih kirang suba sita wiwit gupuh, aruh, sarta
lungguh ingkang pinanggih kirang prayogi satemah boten
mranani dateng panjenengan sedaya para tamu saestu
panjenengan kersa paring pangapunten

3. Atur kula salajengipun bilih kadang kula ( Sepuh/ Anem )


Bapak/Ibu……………………………………
Ing kalenggahanipun menika menggko hajad prasaja kados
ingkang sampun kasebat ing ngajeng
Gumelaring hajad mantu ing dinten puniki ingkang kawenggku
dening Bapak/Ibu………………
Tebeh sampun karancang, celak sampun katata sarta rinakit
paradene dumugi kenthining damel pari pakso pinanggih cacat
lan kujiwa satemah boten mranani penggalih panjenengan
kanthi punika nyuwun pangapunten

4. Salajengipun katur para tamu kakung putri inggkang kula


kurmati keparenga nglajengaken lenggah kanthi jenjem lan
jinem datan pegat paring padunga lan pangestu dateng putra
ingkang kawiwaha mugi jejer mangka kula warga ingkang
keleresan ing dunya prapteng delahan punapa ingkang jinangka
teka lan ingkang kaesthi dadi, sinambi ngedhapi sugata ingkang
saged ugi kirang miraos ingkang sampun lan badhe kaaturaken
lumantar kadang pramuladi.
5. Para tamu kakung putri ingkang kula kurmati, deneng rawuh
penjenengan sedaya ing kalenggahan punika boten namung
nglangke, sedaya paring pisumbang panjenengan ingkang
awujud punapa kewala ingkang tetela damel enthenging
ingkang hamengku gati saestu ngaturaken panuwun mugi-mugi
paring pisumbang panenengan kasebat kaserat dening Gusti
Allah mangka amal ibadah panjenengan satemah pikantuk leliru
ganjaran saking Gusti Allah ingkang satraju malah kepara
langkung

6. Kula ingkang kapiji matur, jejer kula manungsa sapala ingakng


tebih saking sampurna, dene atur kula pinanggih cacat sarto
kuciwa para tamu kresoa paring pangapunten
Panutuping atur kula mugi dinirgakna ingkang yuswa hayu
rahayu ingkang sami pinanggih, nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatu

You might also like