You are on page 1of 3

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirobbil alamin wabihi nastaiu ala umuridunnya wadin


wasolatuwasalamu ala asrofil ambiyai walmursalin waala alihi wasohbihi ajmain ama
badu.

Dumateng ngarsanipun poro bapak poro ibu poro sepuh pinisepuh ingkang dhahat
kinurmatan.

Langkung-langkung dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang tansah kito tenggo-


tenggo maungidhoh khasanahipun ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah
Swt.

Lan ugi dumateng ngarsanipun Bpk..... ingkang kito hormati ugi. Lan ugi dumateng
sedoyo kadang mudo lan mudinipun ingkang kulo tresnani.

Hadirin wal hadirot rokhimakumullah.

Wonten kesempatan ingkang sae puniko monggo kito mboten kesupen ngunjukaken raos
pujo lan puji syukur kito wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang tansah paring sedoyo
kanikmatan-kanikmatanipun ingkang arupi kesarasan kawilujengan taufik hidayah soho
inayahipun sahinggo kulo lan panjenengan sami saged makempal manunggal wonten ing
majelis Halal Bi Halal wekdal dalu puniko kanti kawontenan sehat wal afiat.

Amin ya robal ngalamin.

Sholawat saha salam mugi tansah keparingaken dateng junjungan kito Nabiullah
Muhammad SAW ingkang tansah kito adhang-adhang syafa'atipun lan ugi ingkang
badhe nyafa'ati dumateng kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing yaumul
kiamah, amin Allahuma amin.

Hadirin wal hadirot rokhimakumullah. Wonten ing wekdal ingkang sae puniko, kulo
lan panjenengan sami nembe kemawon nindakaken Siam Romadhon pinoko Rukun
Islam ingkang kaping tigo, lan ugi dinten riyoyo fitri.

Poro bapak poro ibu ingkang dahat kinurmatan, kulo lan panjenengan puniko
mboten lepas saking kalepatan soho kekhilafan, awit saking puniko wonten ing
kesempatan ingkang sae puniko kito makempal wonten ing Majelis Halalbihalal,
majelis ingkang barokah puniko.

Lan mbok bilih anggen kulo nderekaken lampahing Adicoro Halalbihalal dalu puniko
temtu kathah kalepatan soho kekhilafan saestu kulo nyuwun agunging
pangampunten.

Lan minggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu puniko:
(ingkang kaping)

1. Pambuko

2. Sholawat Nabi
3. Sambutan Panitia

4. Ikrar Muda-Mudi

5. Panampi Ikrar

6. Istirahat

7. Tahlil

8. Hikmah Syawalan

9. Panutup

Mekaten menggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah wekdal dalu


puniko.

Poro bapak lan poro ibu, hadirin wal hadirot rokhimakumullah,

1. Pramilo monggo majelis wekdal dalu puniko kito bikak sesarengan kanthi waosan
Umul Qur'an. Liridhoillah wali syafa'ati rosulillah, al fatikhah...

- Kito aturaken sanget agunging panuwun dumateng poro bapak poro ibu ingkang
sampun kerso mbikak Majelis Halalbihalal dalu puniko, mugi-mugi kanti Surotul
Fatikhah kolo wau ndadosno lancaring adicoro wekdal dalu puniko.

2. Kito lumajengaken adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan sholawat
Nabi. Dumateng ... wekdal soho papan kito aturaken.

- Kito aturaken agunging panuwun dumateng ... ingkang sampun kerso mimpin
waosan sholawat nabi kolo wau, mugi-mugi kanti waosan sholawat nabi kolo wau
kulo lan panjenengan sami mbenjang wonten ing Yaumul Akhir pikantuk syafa'atipun
Nabiullah Muhammad SAW.

3. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko
sambutan panitia. Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.

4. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko
Ikrar Muda-Mudi. Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.

5. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko
Panampi Ikrar. Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.

6. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping enem inggih puniko
Istirahat.

7. Poro bapak poro ibu menggah adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko Tahlil.
Dumateng ... wekdal kulo soho papan kito aturaken.
8. Poro bapak poro ibu ingkan kulo hormati, menggah adicoro ingkang kaping wolu
inggih punika Hikmah Syawalan soho do'a panutupipun ing samangke kito
suwunaken dumateng Al Mukarom Bpk...

Ananging sakderengipun wekdal kito aturaken, mbok bilih anggen kulo nderekaken
acoro demi acoro temtu katah kalepatan soho kekhilafan saestu kulo kanti
handaping manah nyuwun agunging pangampunten.

Saking kulo,kulo pungkasi Wabilahi taufiq wal hidayah.

Wassalamualaikum wr.wb

You might also like