You are on page 1of 2

Pambagyaharja

Nama:dimas sauki rahman


Kelas:X DPIB A
No absen:10

Assaiamu‘alaikum warohmatullahi wabarokatu


ingkang satuhu kinurmatan Bapak Pembina basa Jawi ingkang kinurmatan minangka ketua
kelas saha wakil ketua kelas saha rencang-rencang ingkang bingah.
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah
subhanahu wa ta'ala, ingkang sampun paring pinten-pinten nikmat, satemah kita saged
makempal wonten ing papan ingkang mulya ing int.
Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad
shollallah 'alaihi wa sallam, dumateng keluarga, sahabat, ahli warisipun, saha mugi-mugi kito
sedoyo ingkang wonten ing mriki angsal syafaatipun ing yaumul qiyamah.
Isi: Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka
syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng
hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah
wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten
papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara. Sumangga sinartan
ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke saget
pinaringan gancar, rancak sepen ing rubeda

Minangka puputing atur, sanadyan pahargyan punika ing tebih saderengipun sampun
rinantam, ewa semanten taksih wonten kekiranganipun inggih awit saking rupeg lan
cupeting kawontenan ingkang sarwa prasaja, lugas datanpa pepaes, miwah boja krama
ingkang boten saged anuju prana, anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang
mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kawula hanampi menggah kerawuhan
panjenengan sami, mawantu-wantu panjenenganipun adhimas Masruri nyenyadhang
lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula ingkang piniji mangarsa
ngabyantara para tamu, hambok bilih wonten kirang subasita, anggen kawula magut wicara,
hangrakit basa kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura. Akhiru kalam billahi
taufik wal hidayah,
Wassalamu 'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
Sumber:gogel
Link: https://jatimulyo.kec-petanahan.kebumenkab.go.id/index.php/web/artikel/117/927

You might also like