You are on page 1of 2

LEMBAR KERJA 2.

A. TUJUAN
1. Mengidentifikasi kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat pada Serat Wulangreh
pupuh Dhandhanggula.
2. Mengajukan dan menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan tembang Dhandhanggula.

B. AKTIVITAS
1. Gawea kelompok kang anggotane 5-6.
2. Wacanen tembang Dhandhanggula ing ngisor iki kanthi premati, banjur golekana informasi kang
kamot ing sa-njerone tembang.

1) Pamedare wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging
kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur,
turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.

2) Sasmitaning ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang
ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning
rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

3) Jroning Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar-susur,
yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.

4) Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta
kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus
amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

3. Negesi tembung angel:


Golekana 10 tembung angel kang ana ing tembang Dhandhanggula 4 pada ing dhuwur, banjur
golekana tegese tembung angel mau!

NO TEMBUNG TEGESE
pamedhare ngandhakake, ngomongake, pamulange
pujangga Sastrawan, pengarang
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
Serat Wulangreh menika yasanipun swargi Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV nata ing
Kraton Surakarta Adiningrat kang kondhang ngagem jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun
Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama
Khalifatullah IV (dipunwaos: ingkang jumeneng kaping sekawan). Nalika taksih timur,
panjenengan dalem kaparingan asma Raden Mas Subadya, putranipun swargi Sinuhun
Pakubuwana III ingkang seda 1788. Panjenengan dalem wiyos ing surya kaping 2 September
1768. Lajeng jumeneng nata wiwit 29 November 1788. Nalika ngasta pusaraning praja ing kraton
Surakarta, panjenengan dalem ugi asring sinebat Sunan Bagus, awit taksih nem anggenipun
jumeneng nata ugi bagus pasuryanipun. Panjenenganipun seda ing surya kaping 1 Oktober 1820.
Naskah Serat Wulangreh ingkang asli samenika taksih karumat wonten Museum Radya
Pustaka ing Surakarta. Wulang ateges piwulang utawi pitutur, dene reh ateges margi, laku, utawi
tuntunan. Dados Wulangreh ateges pitutur ingkang nedahaken dhateng margining kamulyan.
Serat wulangreh menika ngemu 13 pupuh, nun inggih: Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16
pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 16 pada, Maskumambang 30 pada, Dudukwuluh/Megatruh 17
pada, Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22 pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada,
Sinom 33 pada, Girisa 25 pada.
Dudutanipun saking serat menika nun inggih bilih pangarsa/ pemimpin sejati inggih menika
ingkang sepi ing sipat loyo, lemer, genjah, angrong pasanakan, nyumur gumiling, ambuntut arit,
adigang, adigung, tuwin adiguna. Sejatining pemimpin menika kedah kandel ing sipat jujur, sepi
ing pamrih, sregep ngibadah, sarta satuhu tulus ngabdi saha ngupadi murih tentreming bebrayan
agung.

4. Mangsuli pitakonan-pitakonan kang magepokan karo serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula!


1) Serat Wulangreh menika anggitanipun....
Wangsulan : ................................................................................................................................

2) Serat Wulangreh taksih wonten lan kasimpen wonten ing....


Wangsulan : ................................................................................................................................

3) Serat Wulangreh iku ana...pupuh.


Wangsulan : ................................................................................................................................

4) Titikane tembang Dhandhanggula sapada ana...gatra


Wangsulan : ................................................................................................................................

5) Guru lagu lan guru wilangane tembang Dhandhanggula, yaiku....


Wangsulan : ................................................................................................................................

5. Presentasikan asil kerjamu ning kelas, supaya oleh panyaruwe saka kanca-kancamu lan/atau
bapak/ibu guru.

C. SUMBER REFERENSI
1. MARSUDI BASA LAN SASTRA JAWA Piwulang Basa Jawa Muatan Lokal Wajib Jawa Tengah.
Kanggo SMP/MTs Kelas IX. Karangan Priyantono, dan Sawukir. Penerbit Erlangga.
2. KAMUS BAHASA JAWA. Karangan S.A. MANGUNSUWITO. Penerbit. YRAMA
WIDYA: BANDUNG.
3. SERAT WULANGREH. Karangan KGPH. PAKUBUANA IV.
4. SERAT WEDHATAMA. Karangan RANGGA WARSITO

You might also like