You are on page 1of 2

UH Pawarta

1. Teks kang menehi kabar anyar utawa kedadeyan sing lagi dumadi ana sawijining panggonan diarani ….
A. sesorah B. pawarta C. pariwara D. wara-wara E. pranatacara
2. Pawarta duwe telu struktur kang ginayutan, saengga dadi teks kang winangun, struktur teks pawarta kang
kaandharake ing ngisor iki ….
A. sumber pawarta, prastawa, lan orientasi pawarta
B. orientasi pawarta, prastawa, lan sumber pawarta
C. prastawa, sumber pawarta, lan orientasi pawarta
D. prastawa, orientasi pawarta, lan sumber pawarta
E. sumber pawarta, orientasi pawarta, lan prastawa
3. Salah siji unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku unsur what kang nduweni teges ….
A. nyebutake wektu kedadeyan
B. isine pratelan kang bisa mangsuli pitakon apa
C. isine deskripsi jangkep ngenani papan kedadeyan
D. awujud alesan utawa latar belakang dumadine prastawa
E. katrangan ngenani wong-wong kang ana gegayutan ing prastawa
4. Ngisor iki kang nuduhake tegese unsur pawarta where yaiku ….
A. nyebutake wektu kedadeyan
B. isine pratelan kang bisa mangsuli pitakon apa
C. isine deskripsi isine deskripsi jangkep ngenani papan kedadeyan
D. awujud alesan utawa latar belakang dumadine prastawa
E. katrangan ngenani wong-wong kang ana gegayutan ing prastawa
5. Ngisor iki kang nuduhake tegese unsur pawarta why yaiku ….
A. nyebutake wektu kedadeyan
B. isine pratelan kang bisa mangsuli pitakon apa
C. isine deskripsi isine deskripsi jangkep ngenani papan kedadeyan
D. awujud alesan utawa latar belakang dumadine prastawa
E. katrangan ngenani wong-wong kang ana gegayutan ing prastawa
6. Ngisor iki kang nuduhake tegese unsur pawarta when yaiku ….
A. nyebutake wektu kedadeyan
B. isine pratelan kang bisa mangsuli pitakon apa
C. isine deskripsi isine deskripsi jangkep ngenani papan kedadeyan
D. awujud alesan utawa latar belakang dumadine prastawa
E. katrangan ngenani wong-wong kang ana gegayutan ing prastawa
7. Ngisor iki kang nuduhake teges unsur pawarta who yaiku ….
A. nyebutake wektu kedadeyan
B. isine pratelan kang bisa mangsuli pitakon apa
C. isine deskripsi isine deskripsi jangkep ngenani papan kedadeyan
D. awujud alesan utawa latar belakang dumadine prastawa
E. katrangan ngenani wong-wong kang ana gegayutan ing prastawa
8. Sajrone teks pawarta tamtu ana ukara kang dianggep wigati, ukara iki mau diarani pokok isi. Carane nemtokake
pokok isi sajrone teks pawarta yaiku ….
A. mung disawang D. dimangerteni kronologi kedadeyan
B. mung diwaca wae E. maca dhisik banjur digoleki ukara pokoke
C. dirakit dadi ukara anyar
9. Pawarta iku kudu akurat, tegese ….
A. cetha D. data utawa informasi kudu trep
B. tumemen E. pawarta kang digiyarake kudu unik
C. bahasane baku
10. Pawarta iku kudu objektif, tegese ….
A. cermat lan tliti data-datane
B. pawarta dijangkepi rerangken wektu lan kronologi kedadeyan
C. pawarta kang digiyarake tumemen, tanpa dipengaruhi pandhangan utawa opini pribadhi
D. informasi kang ditulis kudu trep, kayata jeneng wong, jabatan, papan kedadeyan, wektu, lan sapanunggalane
E. cara giyarake kudu beda karo liyane, dikemas kanthi tembung-tembung kang narik kawigaten pamaca, lan
nuwuhake rasa kepengin ngerti
Teks Pawarta kanggo soal no 11-15.
Bantul, www.jogja.tv – Kasilipun Desa Panggungharjo, Sewon, Bantul ing babagan pengelolaan dana
desa kangge karaharjan masarakat, nampi kawigatosan saking Menteri Desa dan Pembangunan Daerah
Tertinggal, dinten Jemuah (20/1) siyang Menteri Desa nindakaken sidak dhateng Panggungharjo, kangge ningali
langsung cak-cakaning dana desal an system pertanggung jawaban.
Awit ngleresi tanggal kalihdasa, rawuhipun Menteri Desa Pembangunan Daerah Tertinggal lan
Transmigrasi, dipun pangayubagya dening Bregodo Wiro Tamtomo lan Langensari. Saben tanggal 20 staf
Kelurahan Desa Panggungharjo, tansah ngangge busana adat kangge mengeti Keistimewaan Yogyakarta.
Elokipun malih, Menteri Desa ugi kepareng tumut upacara bendera dhateng plataran kalurahan ingkang dipun
gelar kanthi satataning adat budaya Jawa.
Menteri Desa Pembangunan Daerah Tertinggal dan Transmigrasi nelakaken sengaja boten suka cecala
anggenipun badhe dhateng punika awit badhe ningali kanthi langsung cak-cakaning dana desa ing Kabupaten
Bantul, mliginipun dhateng Panggungharjo. Bab punika awit ing Kabupaten Bantul, serapan dana desa taun 2016
kapengker ngantos 98 persen. Bab punika dados pawartos ingkang ngremenaken tumrap kementerian awit kanthi
serapan kados mekaten, pramila dados titikan bilih pambangun daerah saged mindhak. Sinaosa mekaten, saben
lampah pambangunan, desa dipunkedah tanggel jawab ingkang salajengipun dipunbiwarakaken dhateng
masyarakat lumantar baliho utawi surat terbuka. (Anang Zainudin)
11. Pokok isi paragraph kapisan yaiku ….
A. Kasilipun Desa Panggungharjo, Sewon, Bantul ing babagan pengelolaan dana desa kanggo karaharjan
masarakat.
B. Desa Panggungharjo, Sewon, Bantul katekan Menteri Desa dan Pembangunan Daerah Tertinggal.
C. Menteri Desa dan Pembangunan Daerah Tertinggal nganakake sidak ing Panggungharjo.
D. Cak-cakaning dana desal an system pertanggungjawaban.
E. Dina Jemuah (20/1) siyang Menteri Desa sidak.
12. Saben tanggal 20, staf Kelurahan Desa Panggungharjo tansah nganggo ….
A. batik D. klambi korpri
B. busana adat E. kaos olahraga
C. klambi dinas
13. Jalarane kementerian seneng yaiku ….
A. pambangunan ing Desa Panggungharjo, Sewon, Bantul kanthi rancag
B. serapan dana desa Kabupaten Bantul taun 2016 nganti 98 persen
C. saben pembangunan dileksanakake kanthi tanggung jawab
D. dana desa tepat sasaran kanggo raharjane masarakat
E. pambangunan ditujokake marang masarakat
14. Menteri Desa Pembangunan Daerah Tertinggal dan Transmigrasi nelakaken sengaja mboten suka cecala
anggenipun badhe dhateng punika awit badhe ningali kanthi langsung cak-cakaning dana desa ing Kabupaten
Bantul. Ukara kasebut klebu wangsulan saka pitakon ….
A. where B. when C. who D. what E. how
15. Dinten Jemuah (20/1) siyang Mentri Desa nindakaken sidak dhateng Panggungharjo. Ukara kasebut klebu
wangsulan saka pitakon ….
A. where B. when C. who D. what E. how
16. Ngisor iki paugeran basa sajrone pawarta, kajaba ….
A. ringkes B. komunikatif C. subjektif D. padet E. narik kawigaten
17. Ing ngisor iki kang bisa dadi sumber pawarta prastawa kacilakan, kajaba ….
A. tukang becak B. saksi mata C. CCTV D. kurban E. pulisi
18. Nulis pawarta bab pasarean, becike golek informasi menyang ….
A. mbah dukun B. juru kunci C. dhanyang D. internet E. Pak RT
19. Teks pawarta kudu menehi pengaruh marang masarakat minangka panyemak. Sawise mangerteni titikane teks
pawarta banjur bisa nulis wartane. Supaya luwih manteb anggone nulis mau, becike teks anggitanmu disunting
luwih dhisik. Babagan kang prelu disunting yaiku ….
A. ejaan D. ejaan lan diksi
B. wirasa E. ejaan, diksi, lan tanda wacan
C. wiraga
20. Panulisan pawarta ora kena ngemot opini panulis, mula diarani ….
A. unik B. actual C. factual D. objektif E. subjektif

You might also like