You are on page 1of 2

TALQIN JENAZAH

Heee…. Ibu/Bapak/Mbah …………Saiki siro wes mati, lan saiki siro wes
ngalih marang ngalam kubur, yo iku ngalam barzah, Siro ojo nganti lali
perkoro kang siro sungkemi naliko siro pisah karo kito kabeh, iyo iku
nyekseni yen temen ora ono pengeran kang haq, kajobo Gusti Allah
tangala, lan nyekseni yen Nabi Muhammad iku utusane Gusti Allah
tangala,

Heee…. Ibu/Bapak/Mbah ………… Sing ngati-ngati yen siro ditakoni


malaikat Loro kang di pasrahi nyubo marang siro, Siro ojo kaget lan ojo
getir, ngertio sak temene kang bakal nakoni siro iku iyo podo makhluk.e
Allah,

Heee…. Ibu/Bapak/Mbah ………… Yen malaikat loro mengkono takon


marang siro, Sopo Pengeranmu, Opo Agamamu, Sopo Nabimu, Opo
Iktiqodmu, Lan opo kang siro sungkemi naliko siro mati, Yen siro ditakoni
koyo mengkono, Jawab.o.

Pengeranku Iku Gusti Allah, Yen ditakoni kaping pindo, Jawab.o maneh,
Gusti Allah tangala iku pengeranku, Yen ditakoni kaping telune, Iyo iku
pitakon kang pungkasan, Siro jawab kang teges, Ojo Getir lan ojo kuatir,
Gusti Allah iku pengeranku, Agama Islam iku Agamaku, Nabi Muhammad
Iku Nabiku, Kitab Qur’an iku panutanku, Sholat sembahyang iku
kewajibanku, Wong Islam kabeh iku sedulurku, Nabi Ibrohim iku prasasat
bapakku, Aku urip lan mati netepi ucapan

You might also like