You are on page 1of 7

WIRTHA PARWA

Jejer Wiratha

Mtsw: iii... Seta... Putraku ngger, kaya ngenteni silemeng palwa gabus
kumambange watu item nggonku nganti anti sira kulup, kang ngupadi
jago nandhingi marang pamanmu rajamala jago saka kéncapura. Apa
wes oleh gawe ngger?

Seta: Adhuh Kanjeng Rama jimat pepundhen kula. Estonipun waleh


waleh punapa anggen kula anjajah desa milangkori njalak paningal
ngupadi jago, awit pangestu paduka kula sampun angsal damel

Mtsw: Ooo... Wes entuk?

Seta: Sampun Rama...

Mtsw: Jago saka ngendi?

Seta: Punika jago saking pejagalan, dedamelipun sabiantu dados jagal


mahesa lan lembu tuwin pados kajeng obong dateng wana. Dene
naminipun Bilawa inggih Jagal Balawa

Mtsw: Coba aku tak weruh kaya ngapa ta bocah e

Seta: Nun inggih ngestokaken dhawuh rama. Heh  Balawa, Balawa


srepeg- suwuk ada-ada

Bremara rèh manguswa

myung ambrengengeng

Kadi karunaning kaswa sih Oo...


Aneng marga amalatkung

Risang ganda wastratmaja

Lengleng lalu hangulati Oo..

Mtsw: Eee.. Ya Jagad Dewa Bathara. Seta... apa iki sing arane Jagal
Bilawa

Seta: Inggih tiyang punika ingkang nami Jagal Abilawa Kanjeng Rama

Mtsw: Waa ladalah... Hmmm ning jagad iki kok ana manungsa warna
warna. Ana manungsa kok munggah sitinggil binaturata mak jleg nganti
horeg. mangka nganggo sandhangan lulang macan sabuk an kulit ula
kalungan siung beruang rambut e modhal madhul sajak ora kopen. He...
Balawa.... Balawa

Blwa: Hmmmmm  (dhog)

Mtsw: Wahhhh lindhu lindhu

Blwa: Matswapati ratu gustiku, ana dhawuhmu apa nimbali aku

Mtsw: Sira dak timbali saprelu sun dadekake jago saka kasepuhan
nandhingi marang Rajamala. Koe wani apa ora?

Blwa: Haaa... yen adon adon iki ujube mung ngge seneng seneng gedhe
ne mok ge ajang ngabotohan aku ra sudi. nanging yen ana pigunaning
tumrap karaharjan lan kamulyaning Negara Wiratha aku saguh
nyendikani dhawuhmu

Mtsw: Balawa... Mangertiya slameting nagara lan lestarining


nggoningsun jumeneng nata gumantung marang kridhamu ana ing
kentheng kawat janget cinencang. Yen koe menang lulus raharja
bebrayan wiratha lan keprabon ingsun, nanging yen nganti koe kalah
bebrayan bakal kebak panandhang para kawula bakal nandhang
sengsara. Amarga Wiratha bakal kapurba manungsa kang darbe watak
angkara budi candhala, kang sinandhang dening kincaka lan sak
wadyabalane
ada-ada

Kagyat risang kapirangu

Rinangkul kinempit kempit

Dhuh sang retnaning bawana Oo...

Blwa: Hiii.... Yen ngono aku saguh dadi jago. Jiwa lan ragaku bakal dak
udhokake kangge bebela nusa lan bangsa. Banjur kapan adon adon iki
diwiwiti

Mtsw: Ya dina iki uga Bilawa, mengko wanci bedhug tengane adu jago
bakal diwiwiti

Blwa: Yen ngono aku njaluk pangestu supaya bisa lebda ing karya

Mtsw: Ya dak pangestoni, muga lanang juritmu lan bisa nggawe


kuncaraning nagara.
bedhol

Gandane kang kembang gadhung

Kalawan kembang menur...

Enggal ingkang cinarita gelise kang munggel kawi kawuwusa kocapppp.


Kang nedheng pepe wonten pinggiring sendhang solahe sang Rajamala
gebyar gebyar mencorong kaya lintang panjerina
Knca: Kadangipun kakang yayi Rajamala. apa wes samapta lahir
batinmu anggonmu bakal ngadhepi jago saka kasepuhan.

Kcrp: Ya yayi Rajamala, aja pisan pisan si adhi nyangga entheng marang
wong wong wiratha.

Rjma: Hahaha... kakangmas boten sah kuwatir, kakang mas boten sah
sumelang. Kula kinten jagad punika boten wonten ingkang saged
nandhingi marang kasektenipun Rajamala. Mbok nyambata Dewa ing
kayangan Rajamala ra bakal gigrig ra bakal mundur sejangkah. Ning
ampun lali yen kula cilik lara gedhene tumekeng pati ampun lali mang
cemplungke wonten Sendhang Watari. Sing penting, musuh kula boten
trahing Sapta Arga.

knca: Bagus... Bebasan suwe mijet wohing ranti anggone bakal


njongkeng Negara Wiratha. Mula kang mangkono ayo padha budhal
dina iki.
srepeg - sampak (gantos sampak rajamala teka)

ada-ada

Ridhu mawur mangawur-awur wurahan tengaraning ngajurit

Gong maguru gangsa

Tetekaya butula wor panjriting turanggesthi, myang dwaja kang kekitir

Rekatak ingkang dwaja

Dwaja lelayu sebit Oo...


Knca: Heh Seta... Wus wancine adon adon kudu enggal diwiwiti. Ndi
jagomu Seta

Seta: Dhuh kanjeng paman. Estonipun jago saking kasepuhan ingkang


wonten wingking kula punika paman

Knca: Wee ladalah yayi Rajamala. Koe wani apa ora?

Rjma: Hahaha.... Ra wani sing diwedeni apa, senadyanta gedhe nanging


gombong glemboh glemboh

Blwa: Waa... Dublak tungkak cangkemu

Rjma: Waaa nesu

Knca: Seta... Gandheng iki mujutake ngabotohan mula kudu ana


totohane

Seta: Nggih paman kula sampun pinaringan purba wasesa saking


Kanjeng Rama. Lajeng totohanipun punapa paman?

Knca: Sing didu kuwi dudu jago bopongan ning jago manungsa.
Kalamun mas pricis raja brana wae ora cucuk, mula kudu bur manuk

Seta: Bur manuk punika tegesipun punapa?

Knca: Kalamun jago saka kanoman kalah, Kadipaten Kencapura bakal


dak aturake marang kakang Prabu Durgandana nanging yen jago mu
sing kalah, kakang Matswapati lan sak anak anak e kudu minggat saka
Negara Wiratha. Negara Wiratha dadi panguwasaku
ada-ada (seta methentheng)

Dhadha muntab lir kinetap

Duka yayah sinipi


Jaja bang mawinga-winga Ee...

Seta: Paman Kincaka, cetha wéla wéla yen sampean nedyo merong
kampuh jingga

Knca: Mbuh ra idhep. Koe arep apa hem?

Blwa: Waa... Raden Seta. Aja tidha tidha rasamu, mara gage adon adon
enggal diwiwiti

Seta: Ya.. Ya.. Balawa, inggih paman, kula ndherek sakerso paduka
paman

Knca: Bagus... Yen ngono aja kesuen jago ne ben enggal tarung ana
blabar kawat janget kinencang

Rjma: Klakon modar koe Balawa

Balawa: Ganjur pecah sirahmu

Rajamala mati kaping pindho gantos adegan wrehatnala

Semar: Eee... Ndara menawi njenenganipun boten cawe cawe, perang


punika boten saged rampung rampung

Wrha: Karepmu pie kakang Semar

Semar: Mang lepasaken Kyai Bramastra supaya enggal tumpes angkara


ing Bumi Wiratha
sampak (sendang kobong rajamala mati)
Knca: Wah Rajamala... Heh jagone kalah botohe maju. (sampak) balawa
balawa...
(kayon karo salindri)

Knca: Wah sapa iki. Heh nduk nduk. dekk

Sldri: Menawi dangu kaliyan kula pun Salindri

Knca: Salindri... ayu mu tumpuk undhung ket pucuk rambut nganti


dlamak an sikil ora ana cacat e. waa wong ayu... mara gage ndhuk wong
ayu manuta marang panjenengan ingsun dadi putri selir ana ing
Kadipaten Kencapura

Sldri: Boten... amargi kula sampun gadhah garwa

KncA: Woo wes nduwe bojo... la banjur bojomu ki wong ngendi

Sldri: Garwa kula inggih punika awujud gandarwa

Knca: loh gendruwo... wong wedok ayu ayu nduwe bojo gendruwo ki
pie. Luwih becik manuta karo aku ayo dak boyong mring Kadipaten
Kencapura

Sldri: Boten

Knca: Ayoh manut, manuta karo aku dekk


sampak (didugang diseret)

You might also like