You are on page 1of 2

ULANGAN TENGAH SEMESTER I

KABUPATEN NGAWI
TAHUN PELAJARAN 2015/2016

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama / No. Absen : ………………………..


Hari/Tanggal : ……………………. Kelas : 4 (Empat)
Waktu : ……………………. Nilai : ………………………..

I. Wenehana tenger ping (X) ing a, b, c, utawa d kang paling bener!

PIKNIK MENYANG “TAMAN SAFARI”


Waktu iku dina sabtu, bocah-bocah kelas 4 piknik menyang Taman Safari. Bapak Kepala
Sekolah, Bu Guru, lan wong tuwane bocah-bocah uga melu tindak mrana. Budhale numpak
bis pariwisata.
Taman Safari iku papane adhem yaiku ing Prigen, Kabupaten Pasuruan.kewan-kewane akeh
tur urip bebas utawa liar ing alam bebas. Kewane akeh banget, kayata, jerapah, macan, singa,
kidang, sapi, lan sapiturute.
1. Taman Safari papan wisata ing Kabupaten.........
a. Prigen b. Malang c. Pasuruan d. Kediri
2. Bocah-bocah kelas 4 piknik menyang...........
a. Taman Bunga b. Taman Safari c. Taman Bacana d. Taman Kota
3. Kedadean kang nate dialami kasebut............
a. Pawarta b. Kabar c. Pengalaman d. Wara-wara
4. Sandangan wulu (................) unine...............
a. I b. U c. E d. O
5. Aku maca buku, yen Bapak .............. koran.
a. Sare b. Siram c. Dahar d. Maos
6. Bu guru kandha yen sesuk ulangan. Tembung kandha kang bener.................
a. Matur b. Ngomong c. Ngucap d. Ngendika
7. Unggah ungguh basa krama iku cacahe ana................
a. 4 b. 3 c. 2 d. 1
8. Geguritan ing basa Indonesia diarani...........
a. Crita b. Puisi c. Dongeng d. Wacana
9. Semar mendem, madu mangsa, raja kaya kalebu tembung...............
a. Saroja b. Camboran wutuh c. Tripurusa d. Dwilingga
10. Ing prapatan ana lampu bangjo. Bangjo asale saka tembung.............
a. Kuning lan ijo b. Biru lan ijo c. Abang lan ijo d. Ireng lan ijo
11. Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara andharan yaiku...................
a. Kapan Bapak tindak Solo? c. Bapak tindak menyang ngendi?
b. Sapa sing tindak menyang Solo? d. Bapak tindak Solo dinten sabtu.
12. Pira regane sepatu iki? ( satus ewu ). Yen didadekne ukara andharan yaiku................
a. Regane sepatu iki pira? c. Apa sing regane satus ewu?
b. Sepatu iki regane satus ewu. d. Pira regane sepatu iki?
13. ................ daleme bulikmu? Tembung pitakon kang bener.............
a. Ing ngendi b. Sapa c. Kapan d. Pira
14. [topibiru aksara jawa iki unine...............
a. Kopi baru b. Topi biru c. Abang biru d. Roti bolu
15. Sepedhahe apa wes (dandan) Bapak? Tembung jero kurung kang bener...............
a. Dak dandani b. Kok dandani c. Didandani d. Dandanana
16. Kriwikan dadi............... Bacutane paribasan ing nduwur yaiku ............
a. Grojogan b. Sendang c. Kolam d. Bengawan
17. Wong kang gaweane nggarap sawah diarani................
a. Blantik b. Nelayan c. Blandong d. Tani
18. Ing dino Idhul Adha umat Islam nyembelih kewan Qurban. Kewan sing iso di qurbanke
yaiku.......
a. Jaran b. Kebo c. Sapi d. Kucing
19. Mangsa panas diarani mangsa.............
a. Ketiga b. Rendheng c. Laboh d. Garing
20. Supaya tanduran bisa lemu becike...............
a. Dirabuk b. Dipacul c. Dibubuti d. Dipanen
21. Wit pari arane................
a. Debhok b. Damen c. Rendheng d. Jompong
22. Isi pelem arane..............
a. Pelok b. Pongge c. Klungsu d. Kwaci
23. Bagas nulis nganggo polpen. Tembung nganggo tegese.................
a. Alat b. Supaya c. Sebab d. Migunaake
24. pri aksara jawa iki wacane................
a. topi b. ratu c. pari d. sapu
25. Ing pegunungan hawane adhem. Adhem kosokbaline................
a. Anyep b. Anget c. Panas d. Njekut

II. Isenana ceceg - ceceg ing ngisor iki kanthi bener!


1. Pengalaman iku kedadean kang nate................
2. Yen kepingin diajeni wong, kudu ............. wong luweh disik.
3. Simbah nembe ................. wedang kopi susu.
4. Putrane Pak Darma lima lanang kabeh, mula diarani................
5. Unggah ungguh basa kanggo patrape wong tuwa nganggo basa................
6. Adhik sampun tilem, Ibu dereng................
7. Ani bocah sregep. Kosok baline sregep yaiku...............
8. Sepatune lagi ( semir ). Tembung jero kurung kang bener...............
9. Sandhangan taling tarung ( m...... 2 ) unine.................
10. [so[to aksara jawa iku yen di waca latin..............

III.Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


1. Bapak lunga menyang Surabaya numpak sepur. Salinen nganggo basa krama alus!
Wangsulan : …………………………………………………………………………
2. Gawea ukara pitakon nganggo tembung “kapan”!
Wangsulan : …………………………………………………………………………
3. Gawea ukara nganggo tembung “di garap”!
Wangsulan : …………………………………………………………………………
4. Sebutna 3 tembung camboran wancahan!
Wangsulan : …………………………………………………………………………
5. Lina tuku soto.
Salinen ukara ing duwur nganggo aksara jawa!
Wangsulan : …………………………………………………………………………

You might also like