You are on page 1of 9

‫‪Edisi : 019/Tahun III/ 2023‬‬ ‫‪12 Mei 2023 M / 22 Syawal 1444 H‬‬

‫‪HAKIKAT REJEKI‬‬
‫‪Dening: ust. A. Alfian Muzakki‬‬
‫‪Khutbah I‬‬
‫َ َ َ َ ُ َ ّ ْ َ ُ َ ّ ُ َ َ َ ّ َ ُ َ َّ ْ ُ ْ َ َ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ‬
‫ﷲ و�ﻰﻔ ‪ ،‬وأﺻ ِ� وأﺳ ِﻠﻢ ﻰﻠﻋ ﺳ ِﻴ ِﺪﻧﺎ �ﻤ ٍﺪ الﻤﺼﻄﻰﻔ ‪،‬‬ ‫اﺤﻟﻤﺪ ِ‬
‫ﺣ َﺪهُ‬ ‫َ َ ْ َ َ ْ ْ َ َ َ ْ َ ُ َ ْ َّ َ َّ ُ َ ْ‬ ‫َ ََ‬
‫آﻪﻟ وأﺻﺤﺎﺑِ ِﻪ أﻫ ِﻞ الﻮﻓﺎ‪ .‬أﺷﻬﺪ أن ﻻ � ِإﻻ اﷲ و‬ ‫وﻰﻠﻋ ِ ِ‬
‫ﻪﻟ‪َ ،‬وأَ ْﺷ َﻬ ُﺪ أَ َّن َﺳ ّﻴ َﺪﻧَﺎ ُ�َ َّﻤ ًﺪا َ�ﺒْ ُﺪ ُه َو َر ُﺳ ْﻮ ُﻪﻟُ‬ ‫ﻚ َُ‬ ‫َ َ ْ َ‬
‫ﺮﺷ�‬
‫ِ‬ ‫ﻻ ِ‬
‫ﺤﺒﻪ َو َﻣ ْﻦ ﺗَﺒ َﻌ ُﻬﻢْ‬ ‫َ َ ْ‬ ‫ُ َ َّ َ َ َ‬ ‫َ َّ ُ َّ َ ِّ َ َ‬
‫ِ‬ ‫آﻪﻟ وﺻ ِ ِ‬ ‫الﻠﻬﻢ ﺻﻞ ﻰﻠﻋ ﺳﻴﺪﻧﺎ �ﻤ ٍﺪ وﻰﻠﻋ ِ ِ‬
‫َ َ ْ ِّ ْ‬ ‫ﺣ َ‬ ‫ْ‬
‫ﻳ�‪.‬‬
‫ِ‬ ‫اﺪﻟ‬ ‫مِ‬‫ﻮ‬ ‫ﻳ‬ ‫ﻰﻟ‬ ‫إ‬
‫ٍ ِ‬ ‫ﺎن‬ ‫ﺴ‬ ‫ﺑِ ِﺈ‬
‫َ َّ ُ‬ ‫َ‬ ‫ُ ْ ْ ُ ْ َ َّ َ َ ْ‬ ‫َ َّ َ ْ ُ َ َ‬
‫ﷲ‪ ،‬ﻓﺎ�ﻘﻮا‬ ‫ﷲ‪ ،‬أو ِﺻﻴ�ﻢ و ِ�ﻳﺎي ﺑِﺘﻘﻮى ا ِ‬ ‫أﻣﺎ �ﻌﺪ؛ ِﻋﺒﺎد ا ِ‬
‫َ َ َ ُ ْ ُ َّ َّ َ َ ُ ْ ُّ ْ ُ ْ َ‬ ‫َ َ َّ ُ َ‬
‫اﷲ ﺣﻖ �ﻘﺎﺗِ ِﻪ وﻻ �ﻤﻮ�ﻦ ِإﻻ وأﻧﺘﻢ مﺴ ِﻠﻤﻮن‪ ,‬ﻗﺎل اﷲ‬
‫ُ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َّ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ َّ‬ ‫َ ُُْ‬
‫‪1‬‬ ‫اﺬﻟ�ﻦ ءاﻣﻨﻮا‬ ‫ﺎن الﺮ ِﺟﻴ ِﻢ‪ .‬ﻳﺎ أﻳﻬﺎ ِ‬ ‫ﷲ ِﻣﻦ الﺸﻴﻄ ِ‬ ‫ﺗﻌﺎﻰﻟ‪ :‬اﻋﻮذ ﺑِﺎ ِ‬
‫َ َ َّ ُ َ َ َ َ ُ ْ ُ َّ َّ َ َ ُ ْ ُّ ْ ُ ْ َ‬ ‫َّ ُ‬
‫ا�ﻘﻮا اﷲ ﺣﻖ �ﻘﺎﺗِ ِﻪ وﻻ �ﻤﻮ�ﻦ ِإﻻ وأﻧﺘﻢ مﺴ ِﻠﻤﻮن‪.‬‬
‫َّ َ َ ّٰ ْ ُ َ َ َ ْ َ ُ ُ ْ َ َ َّ َ‬ ‫َْ‬ ‫َ‬
‫َو َما م ِْن داۤبَّ ٍة ِ� ا�ر ِض ا ِ� � ا�ِ رِز�ها و�علم مستقرها‬ ‫ْ‬
‫َ ُ ْ َ ْ َ َ َ ُ ٌّ ْ ٰ ُّ ْ‬
‫� )ﻫﻮد‪(٦ :‬‬ ‫ب مب ِ ٍ‬ ‫ومستود�ها ۗ � ِ� كِت ٍ‬
‫‪Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,‬‬
‫‪Ing salebeting gesang menika saben‬‬
‫‪tiyang nindakaken pakaryan ingkang maneka‬‬
‫‪warna kagem nggayuh rejeki. Menapa‬‬
‫?‪saestunipun rejeki menika‬‬
‫‪Umumipun‬‬ ‫‪kita‬‬ ‫‪tansah‬‬ ‫‪maknani‬‬
‫‪minangka kasiling nyambut damel ingkang‬‬
wujud bandha donya utawi arta. Kamangka,
tembung rejeki dipun pendhet asalipun
saking Basa Arab “rizqun’ ingkang suraosipun
minangka “sedaya perkawis ingkang saget
dipun pendhet manfaat utawi pigunanipun.
Kanthi mekaten, pramila rejeki
wujudipun mboten namung arta bandha,
nanging sedaya ingkang wonten lan dipun
gadhahi dening manungsa ingkang saget dipu
pendhet manfaat pagunanipun, kadosdene :
wekdal, ngelmu, kesehatan, ketrampilan,
kulawarga, masyarakat, kamardhikan,
katentreman lan sanes-sanesipun.
Sedaya menika minangka
kanugrahanipun Allaj ingkang saget dipun
raosaken titah ing ndonya kanthi wilangan
ingkang tanpa bates. Pramila Allah ngendika
ing Al-Qur’an :
ٌ ‫ا� ﻟَ َﻐ ُﻔ‬
ٌ‫ﻮر َّرﺣﻴﻢ‬ َ ُ ْ ُ َ ّ َ َ ْ ْ ُّ ُ َ َ
َ ّ ‫ﻮﻫﺎ إ َّن‬
ِ ِ ‫ا� ﻻ ﺤﺗﺼ‬
ِ ‫و ِ�ن �ﻌﺪوا ﻧِﻌﻤﺔ‬
2 ﴾١٨﴿
“Lan menawa sira ngetung-etung ni`mat
Allah, yekti sira ora bakal bisa ngetung akehe,.
Satemene gusti Allah yekti Maha paring
Pangapura lan Welas asih.” (Qs an Nahl: 18)
Awit saking menika, sumangga kita sageta
pinter-pinter anggenipun ngaturaken raos
syukur, jalaran kita asring ‘nembe
ngraosaken minangka rejeki’ nalikanipun
perkawis menika suda utawi ical.
Nalika kita nandhang sakit, kita nembe
emut nikmatipun badan sehat ingkang
minangka rejeki ingkang ageng sanget.
Wekdal wonten bencana alam kita nandhang
kuwatos lan ajrih, nembe emut nikmatipun
rejeki wujud raos aman lan ayem tentrem lan
sanes-sanesipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Satunggaling ulama ageng ing Mesir,
Syekh Al Mutawalli As-Sya'rawi ngendika
bilih rejeki menika wonten werni sekawan
inggih menika:
ْ ِّ َ َ َ ََْ َُ ُ َ
‫ﺎت الﺮز ِق‬
ِ ‫الﻤﺎل ﻫﻮ أد� درﺟ‬
1.Arta bandha (Maal), minangka rejeki
ingkang paling asor
ْ ِّ َ َ َ َ ْ َ َُ َ
‫ﺎت الﺮز ِق‬
ِ ‫و اﻟﻌﺎ ِ�ﻴﺔ أﻰﻠﻋ درﺟ‬
2.Afiyah (sehat lahir batos), minangka rejeki
igkang paling inggil (ageng)
ْ ِّ َ ْ ُ َ ْ َ َ ْ َ ُ َ َ
ِ ‫و ﺻﻼح اﻷ�ﻨﺎ ِء أﻓﻀﻞ أﻧﻮ‬
‫اع الﺮز ِق‬
3.Putra ingkang sholeh (shalihu abna)
minangka rejeki ingkang paling utami
3
ْ ِّ ُ َ َ َ ُ َ َ َ َ ِّ َ َ
‫و ِرﺿﺎ رب اﻟﻌﺎل ِﻤ� �ﻬﻮ �ﻤﺎم الﺮز ِق‬
4.Pikantuk ridha Allah minangka rejeki
ingkang paling sampurna.
Kadangkala kita langkung nengenaken ing
arta bandha tinimbang werni tiga sanesipun,
malah ngantos mboten perduli : menapa to
dipun gayuh kanthi lampah ingkang halal
utawi haram !
Perkawis menika dipun ngendika-aken
dening Rasulullah SAW ing satuggaling hadits
saking al-Bukhari lumantar Abu Hurairah r.a.:
َ ُ ْ َ َ َ َ َ ْ َ ُ َ ٌ َ َ َ َ َْ
‫ﺎس زﻣﺎن ﻻ �ﺒ ِﺎﻲﻟ الﻤ ْﺮ ُء ﻣﺎ أﺧﺬ ِﻣﻨﻪ أ ِﻣ َﻦ‬ ّ ‫ﻳﺄﻲﺗ ﻰﻠﻋ‬
ِ َ‫اﻨﻟ‬ ِ
َْ َ ْ ْ َ َ َ ْ
ِ‫اﺤﻟﻼ ِل أم ِﻣﻦ اﺤﻟﺮام‬
“Bakal teka ing umat manungsa anane
sawijing jaman (nalika) pawongan wis ora
perduli maneh saka ngendi dheweke nnduweni
bandha, opo saka dalan kang halal utawa
haram.” [HR. al-Bukhari].
Hadits menika ngemutaken, ing bab
kadospundi kawontenan tiyang ing akhir
zaman, piyambakipun sampun mboten
perduli ing kados pundi lampahipun pikantuk
arta bandha, menapa kanthi lampah halal
utawi haram. Mboten perduli ing bab sae-
utawi awon, ingkang penting bandha saget
dipun gayuh.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Allah sampun paring pemut amrih kita
nyingkiri lampah ingkang bathil (lepat), lan
supados namung ngupadi kanthi lampahing
4 rejeki ingkang halal:
َّ َْ ْ ُ َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ َ ُ َ َ َّ َ ُّ َ َ
ِ ‫اﺬﻟﻳﻦ آﻣﻨﻮا ﻻ ﺗﺄ�ﻠﻮا أمﻮاﻟ�ﻢ ﺑيﻨ�ﻢ ﺑِﺎﺒﻟ‬
‫ﺎﻃ ِﻞ ِإﻻ‬ ِ ‫ﻳﺎ ��ﻬﺎ‬
ُ ْ
ْ‫�ﻢ‬ َ َ ْ َ ًَ َ َ ُ َ ْ َ
‫اض ِﻣﻨ‬
ٍ ‫أن ﺗ�ﻮن ِﺠﺗﺎرة �ﻦ ﺗﺮ‬
“He wong kang padha iman, sira ojo padha
memangan arta bandha ing antarane sira
kanthi laku kang bathil, kejaba tindakna
kanthi laku dedagangan kang dilambari rasa
lega lilaning ati ing antarane sira” [Quran An-
Nisa: 29]
Kejawi menika, ing kasunyatan
padintenan gesang kita manggihi wontenipun
tiyang kadospundi lampahipun ngupadi
rejeki lan mblanja-aken arta bandha,
kaperang wonten sekawan werni:
1. Caranipun ngupadi halal, lajeng dipun
gina-aken kagem nyekapi betahing
gesang ingkang halal
2. Caranipun ngupadi halal, nanging dipun
agem kangge tumindak ingkang haram
3. Caranipun ngupadi haram, lan dipun
maksud kangge nyekapi gesang ingkang
halal
4. Caranipun ngupadi haram, lan dipun
gina-aken kangge nuruti hawa nepsu
utawi tumindak haram
Saestu, kita samesthinipun mbudidaya
milih lampah cara sepisan, inggih ngupadi
kanthi cara halal lan dipun gina-aken kangge
nyekapi perkawis ingkang halal ugi.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing satunggal hadits dipun riwayataken ,
bilih ing dinten kiamat mbenjang saben
5 tiyang bakal dipun pundhuti tanggel jawab
ing perkawis arta bandhanipu, saking pundi
piyambakipun pikantuk bandha lan sampun
dipun agem kangge menapa:
َ‫ﺎﻣﺔ َﺣ َّﻰﺘ � ُ ْﺴﺄَ َل َ� ْﻦ ُ� ُﻤﺮه �ﻴﻤﺎ‬َ َ‫ول ﻗَ َﺪ َﻣﺎ َ�ﺒْﺪ ﻳَ ْﻮ َم اﻟْﻘﻴ‬
ُ َُ َ
‫ﻻ ﺗﺰ‬
ِ ِِ ِ ِ ٍ
َُ َ َ ْ َ َْ ْ َ ْ َ َ َََ َ ْ ْ َ َ ُ ََْ
‫ﺎﻪﻟ ِﻣﻦ أ�ﻦ اﻛتﺴﺒﻪ‬ ِ ِ ‫ و�ﻦ ﻣ‬،‫ و�ﻦ ِﻋﻠ ِﻤ ِﻪ ِ�ﻴﻢ �ﻌﻞ‬،‫أ�ﻨﺎه‬
ََْ َ ْ ْ َ َ ُ َ ََْ َ َ
‫ و�ﻦ ِﺟﺴ ِﻤ ِﻪ ِ�ﻴﻢ أﺑﻼه‬،‫و ِ�ﻴﻢ أ�ﻔﻘﻪ‬
“Sikil sawijining kawula ora bakal mingset
ing dina kiamat, sahingga dheweke ditakoni :
perkara umur, wis entek kanggo ngapa,
perkara ngelmu, wis ngamal tumindak apa;
ing perkara bandha, saka ngendi dheweke
deduwen lan diblanja-ake kanggo ngapa, lan
perkara badan wadage, wis kanggo tumindak
apa wae dguna-ake.” (HR. at-Tirmidzi, ad-
Darimi, lan al-Baihaqi)
Allah paing nugraha rezeki tumrah sedaya
kawulanipun ingkang purun mbudidaya.
Rezeki ingkang Allah paringaken mboten
namung ing papan tertemtu, nanging waradin
ngebaki sa-ngalam ndonya. Kados
pangendikanipun Allah ing al-Quran surat Al-
Mulk ayat 15:
ً َُ َ ْ َْ ُ ُ َ َ َ َ
ْ َ‫و� ف‬
َ‫ام ُشوا � َم َناكِبها‬ َّ َ ُ
ِ ِ ‫هو ا�ِي جعل ل�م ا�رض ذل‬
ُّ ْ َ
ُ‫الن ُشور‬ ْ ْ ُُ َ
ِ‫و�وا مِن رِزقِهِ ۖ ��ه‬
“Panjenengane Allah kang wis ndadek-ake
kanggo sira anane bumi supaya diambah,
mangka padha tekanono ing sakabehing
papan, lan panganen saperangan rejeki
peparinge Allah. Lan mung ing ngersane Allah
6 sira kabeh bakal dikumpulake (bali).”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Perkawis ingkang saestu perlu dipun
emut lan dipun yakini, inggih menika bilih
saestunipun Allah sampun paring jaminan
rejeki ing sedaya kawulanipun, lan babar
pisan mboten bakal ‘kijolan’ utawi ‘salah
alamat’.
َ َّ َ َ ْ ُ ُ َ ْ َ َ َ ُ ْ ّٰ َ َ َّ ْ َْ َّ َ ْ ََ
‫وما مِن داۤب ٍة ِ� ا�ر ِض ا ِ� � ا�ِ رِز�ها و�علم مستقرها‬
ْ ُّ ٰ ْ ٌّ ُ َ َ َ ْ َ ْ ُ َ
(٦ :‫� )ﻫﻮد‬ٍ ِ ‫ب مب‬
ٍ ‫ومستود�ها ۗ � ِ� كِت‬
“Lan ora ono sawiji wae titah kang lumaku
ing bumi, kejaba kabeh iku dijamin rejekine
dening Allah. Panjenengane priksa papann
dununge lan papan simpenane. Kabeh iku
katulis Kitab kang nyata (Lauh Mahfuzh)” (QS
Hud: 6).
Perkawis menika saestu perlu dipun
yakini, jalaran mboten sekedhik tiyang
ingkang nganggep bilih tiyang sanes menika
saget minangka pepalang tumrap rejekinipun
tiyang sanes. Saumpami ing perkawis saingan
dedagangan, nggayuh jabatan, utawi karir
politik lansanes-sanesipun
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam
paring dhawuh:
َ ْ ُ َ ْ َ ً ْ َ َّ َ ْ ْ ُ
َّ‫ت َﺣﻰﺘ‬ َ َ َ ْ ُ ْ َ ْ ُ َّ
‫ِإن روح اﻟﻘﺪ ِس �ﻔﺚ ِﻲﻓ رو ِﻲﻋ أن �ﻔﺴﺎ ﻟﻦ �ﻤﻮ‬
َ َّ ْ ُ ْ ََ َ ْ ُ َّ َ َ َ ْ َ ْ َ ْ َ
‫ﺐ )رواه‬ ِ ‫ﻤﺟﻠﻮا ِﻲﻓ اﻟﻄﻠ‬ ِ ‫�ﺴﺘﻜ ِﻤﻞ ِرز�ﻬﺎ ﻓﺎ�ﻘﻮا اﷲ وأ‬
‫اﺤﻟﺎ�ﻢ واﺒﻟﻴﻬﻲﻘ وأورده اﻟﻘﻀﺎﻲﻋ ﻲﻓ مﺴﻨﺪ الﺸﻬﺎب‬
7 (‫ﺑﻠﻔﻈﻪ‬
“Satemene Jibril wis nggawa wahyu ing
atiku, menawa sawijining pawongan ora bakal
mati sahingga dheweke nampa rejekine kanthi
sampurna, mangka paryoga sira padha laku
marang Allah, lan ngupadi rejeki kanthi laku
kang sae“ (HR al-Hakim, al-Baihaqi, lan dipun
sebataken dening al-Qudha’i ing Musnad asy
Syihab kanthi lafaz-ipun).
Saestunipun, ingkang paling wigatos
nalika kita sampun nggadhahi arta bandha
inggih menika kados pundi anggenipun
nggina-aken kagem perkawis ingkang halal.
Saperangan dipun agem nyekapi betahing
gesang padintenan, saperangan malih dipun
simpen minangka cadangan keperluan
kulawarga utawi kagem warisan, lan ingkang
langkung wigatos inggih menika dipun
bllanja-aken minangka amal sholeh kagem
sangu akhirat.
Mekaten khutbah ing siang menika,
Salajengipun mugi kita nggadhahi raos
‘optimisme’ kangge langkung sregep lan
grengseng nglampahi panggesangan ingkang
tansah dipun lambari husnuzhan dhumateng
Allah lan ‘etos kerja’ ingkang ageng kangge
ngupadi rejeki saking Allah SWT.
ُ َّ ُ ْ ُ ْ َ ْ َ ْ ُ َ َ ْ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ ٰ ْ ْ َ ُ ْ ُ َ
‫ ِإﻧﻪ‬، ‫ﻓﺎﺳﺘﻐ ِﻔﺮوه‬، ‫أﻗﻮل ﻗﻮ ِ� ﻫﺬا وأﺳﺘﻐ ِﻔﺮ اﷲ ِﻲﻟ وﻟ�ﻢ‬
َّ ‫ُﻫ َﻮ اﻟْ َﻐ ُﻔ ْﻮ ُر‬
ُ‫الﺮ ِﺣﻴْﻢ‬

Khutbah II
َ‫اﺪﻟ ْ�ﻴﺎ‬ُّ ‫ﻰﻠﻋ أُ ُم ْﻮر‬ َ َ ُ ْ َ ْ َ َ َ ْ َ َ ْ ِّ َ ّٰ ُ ْ َ ْ
�‫ و�ِ ِﻪ �ﺴﺘ ِﻌ‬،�‫� رب اﻟﻌﺎل ِﻤ‬
ِ ِ ِ ‫اﺤﻟﻤﺪ‬
8
، ‫اﺪﻟﻳْ ِﻦ‬
ِّ ‫َو‬
َّ َ ُ َ ْ َ َ ُ َ َ ْ َ َ ُ َ ْ َ ُ َّ َ َ َ ْ َ ُ َ ْ َ
‫ﺮﺷ�ﻚ ﻪﻟ وأﺷﻬﺪ أن‬ ِ ‫أﺷﻬﺪ أن ﻻ ِإﻪﻟ ِإﻻ اﷲ وﺣﺪه ﻻ‬
ُ،‫ُ�َ ِّﻤ ًﺪا َ�ﺒْ ُﺪ ُه َو َر ُﺳ ْﻮ ُﻪﻟ‬
ْ‫ﺤﺒﻪ َو َﻣﻦ‬ ْ َ َ َ َ َ َّ َ ُ َ ِّ َ َ َ ْ ِّ َ َ ِّ َ َّ ُ َّ َ
ِ ِ ‫آﻪﻟ وﺻ‬ ِ ِ ‫الﻠﻬﻢ ﺻﻞ وﺳﻠﻢ ﻰﻠﻋ ﻧ ِبﻴﻨﺎ �ﻤ ٍﺪ وﻰﻠﻋ‬
ْ ِّ ْ َ َ َ ْ ْ َُ َ
‫ﺎن ِإﻰﻟ ﻳﻮمِ اﺪﻟﻳ ِﻦ‬ ٍ ‫ﺗ ِﺒﻌﻬﻢ ﺑِ ِﺈﺣﺴ‬
ُ َّ َ َ ْ َ َ َّ َ ْ ُ ْ ْ ُ َ َ ُ ْ َ َّ َ
‫ ﻓﺎ�ﻘﻮا‬،‫ﷲ‬ ِ ‫ أو ِﺻﻴ�ﻢ و ِ�ﻳﺎي ﺑِﺘﻘﻮى ا‬،‫ﷲ‬ ِ ‫أﻣﺎ �ﻌﺪ؛ ِﻋﺒﺎد ا‬
َ ْ ُ ْ ُّ ْ ُ َ َ َّ َّ ُ ْ ُ َ َ َ َ ُ َّ َ َ
‫اﷲ ﺣﻖ �ﻘﺎﺗِ ِﻪ وﻻ �ﻤﻮ�ﻦ ِإﻻ وأﻧﺘﻢ مﺴ ِﻠﻤﻮن‬
ْ‫آﻣﻨُﻮا‬ َ ‫ﻲﺒ ﻳَﺎ أَ ُّ� َﻬﺎ َّاﺬﻟ ْ� َﻦ‬ ِّ َّ َ َ َ ْ ُّ َ ُ ُ َ َ َ َ َ َ َّ
ِ ِ ‫ِإن اﷲ ومﻼﺋِ�ﺘﻪ ﻳﺼﻠﻮن ﻰﻠﻋ اﻨﻟ‬
ً.‫َﺻﻠُّ ْﻮا َﻋﻠَﻴْﻪ َو َﺳﻠِّ ُﻤ ْﻮا � َ ْﺴﻠﻴْﻤﺎ‬
ِ ِ
‫َ َ َ َّ ْ َ َ َ‬ ‫َّ‬ ‫َُ‬ ‫َّ ُ َّ َ ِّ َ َ ُ َ َّ َ َ َ‬
‫آل �ﻤ ٍﺪ‪ ،‬ﻛﻤﺎ ﺻﻠﻴﺖ ﻰﻠﻋ‬ ‫الﻠﻬﻢ ﺻﻞ ﻰﻠﻋ �ﻤ ٍﺪ وﻰﻠﻋ ِ‬
‫َّ‬ ‫َُ‬ ‫ْ َ ْ َ َ َ ْ َ َ ُ َ َّ َ َ َ‬ ‫َْ َْ َ ََ‬
‫آل �ﻤ ٍﺪ‪،‬‬ ‫ﺎرك ﻰﻠﻋ �ﻤ ٍﺪ وﻰﻠﻋ ِ‬ ‫آل ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ‪ ،‬و� ِ‬ ‫ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ وﻰﻠﻋ ِ‬
‫َ َ ْ َ َّ َ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫َ َ َ َْ َ ََ َْ َْ َ ََ‬
‫آل ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ‪ِ ،‬ﻲﻓ اﻟﻌﺎل ِﻤ� ِإﻧﻚ‬ ‫ﻛﻤﺎ ﺑﺎر�ﺖ ﻰﻠﻋ ِإﺑﺮا ِﻫﻴﻢ وﻰﻠﻋ ِ‬
‫َ ٌْ َ ٌْ‬
‫�ﻴﺪ ‪،‬‬ ‫ﻤﺣﻴﺪ ِ‬ ‫ِ‬
‫� َوال ْ ُﻤ ْﺆﻣﻨَﺎت‪َ ،‬وال ْ ُﻤ ْﺴﻠﻤ ْ�َ‬ ‫اﻏﻔ ْﺮ لﻠْ ُﻤ ْﺆﻣﻨ ْ َ‬ ‫ْ‬ ‫الﻠَّﻬﻢُ‬
‫َّ‬
‫ِِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ ِِ‬ ‫ِ‬
‫ﻚ َﺳﻤﻴْ ٌﻊ ﻗَﺮ�ْﺐٌ‬ ‫َّ َ‬ ‫ْ ُ ْ َ َ َْ‬ ‫َ‬ ‫َ ْ‬ ‫َ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬ ‫َ ْ‬
‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ات‪ِ ،‬إﻧ‬ ‫ﺎت‪ ،‬اﻷﺣﻴﺎ ِء ِﻣﻨﻬﻢ واﻷمﻮ ِ‬ ‫والﻤﺴ ِﻠﻤ ِ‬
‫َ‬ ‫ُّ‬ ‫ُ‬ ‫ْ‬ ‫ُ‬
‫�ﻴﺐ اﺪﻟﺎﻋ ِء‪.‬‬ ‫ِ‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َّ ُ َّ َّ َ ْ َ ُ َ ْ ُ َ َ ُّ َ َ َ َ َ‬
‫الﻠﻬﻢ ِإﻧﺎ �ﺴﺄلﻚ الﻬﺪى واﺘﻟﻰﻘ واﻟﻌﻔﺎف واﻟ ِﻐ�‪.‬‬
‫َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َّ‬ ‫َ َّ ُ َّ َ ْ ْ َ‬
‫ﺬﻟي ُﻫ َﻮ ِﻋ ْﺼ َﻤ ُﺔ أ ْمﺮﻧَﺎ َوأ ْﺻ ِﻠ ْﺢ َﻨﻟﺎَ‬ ‫َ‬
‫الﻠﻬﻢ أﺻ ِﻠﺢ ﻨﻟﺎ ِدﻳنﻨﺎ ا ِ‬
‫ِ‬
‫ﻴﻬﺎ َﻣ َﻌﺎﺷﻨَﺎ َوأَ ْﺻﻠ ْﺢ َﻨﻟَﺎ آﺧ َﺮ َ�ﻨَﺎ اَﻟَّﻲﺘ إ َﻴﻟْﻬﺎَ‬ ‫ُد ْ�ﻴَﺎ ﻧَﺎ اَﻟَّﻲﺘ � َ‬
‫ِ ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ‬ ‫ِ ِ‬
‫ُ ِّ َ ْ َ ْ َ ْ َ ْ َ ْ َ‬ ‫َ‬ ‫َ َ َ َ ْ َ ْ َ َْ َ َ َ َ ً َ‬
‫� واﺟﻌﻞ الﻤﻮت‬ ‫ﻣﻌﺎدﻧﺎ واﺟﻌﻞ اﺤﻟﻴﺎة ِز�ﺎدة ﻨﻟﺎ ِﻲﻓ ﻞﻛ ﺧ ٍ‬
‫ﻞﻛ َﺮﺷ‪ٍّ.‬‬ ‫َ َ ً َ َ ْ ُ ِّ‬
‫راﺣﺔ ﻨﻟﺎ ِﻣﻦ‬
‫َ َّ َ َ َ ْ َ َ ْ ُ َ َ َ ْ َ ْ َ ْ ْ َ َ َ َ ْ َ ْ َ َ َ ُ‬
‫ﻜ ْﻮ َ� َّﻦ ِﻣﻦَ‬ ‫ر�ﻨﺎ ﻇﻠﻤﻨﺎ أ�ﻔﺴﻨﺎ و ِ�ن لﻢ �ﻐ ِﻔﺮ ﻨﻟﺎ وﺗﺮﻤﺣﻨﺎ ﻨﻟ‬
‫ﺎﺮﺳ� َﻦ‪.‬‬
‫اﺨﻟ َ ْ‬
‫ِ ِ‬
‫‪9‬‬
‫اﺪﻟ ْ�ﻴَﺎ َﺣ َﺴﻨَ ًﺔ َو� اﻵﺧ َﺮة َﺣ َﺴﻨَ ًﺔ َوﻗﻨَﺎ َﻋ َﺬابَ‬ ‫َر َّ�ﻨَﺎ آﺗﻨَﺎ ﻲﻓ ُّ‬
‫ِ‬ ‫ِ ِ‬ ‫ِ‬
‫ﺎر‪.‬‬ ‫َّ‬
‫اﻨﻟ‬
‫ِ‬

You might also like