You are on page 1of 1

BAB SESORAH

A. Pangertene Sesorah
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake
sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggale. Maksud baku
medhar pangandikan yaikukanggo ngaturake panguneg-uneg utawa
mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong
akeh supaya padha mangreteni sing diwedharake.
Peprincening medhar pangandikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan
a. Hamedhar pangandikan kang asipat mretalakake informasi
b. Hamedhar pangandikan kangasipat hiburan
c. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamiyarsa

B. Perangane Sesorah/Pidato
a. Pambuka
Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan
ngucapke syukur marang gusti.
b. Surasa/Isi
Perangan iki ngemot andharan wigatining sessorah.
c. Wasana/Panutup
Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane.
Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi
ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup.

C. Unsur-Unsur Sesorah/Pidato
Yaiku 5W + 1H

D. Ancas Sesorah
a. Paring (nyaosi) adharan lan pangerten marang wong liyakang padha rawuh
ngrungokake.
b. Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake,
jalaran basane ketok edi lan peni kanthi nggunakake unggah-un gguh basa
Jawa.
c. Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake , lan
sabanjure gelem manut lan pracaya karo wose andharan kang kababar
utawa katurake.
d. Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning
basa kang becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepengin
melut panemune wong liya kang padha midhangetake. (Sutardjo, 2013:
108-112)

You might also like