(Marang Sumono Sandi Asmoro panggurit saka Ponorogo)
Dakuntapake lungamu saka kadohan Tumuju kutha Metropolitan Daklepas Sliramu menyang pabaratan Ngupadi kemenangan lan kabagyan Ing tepining wengi dakucapake mantraku dadi sembur suwuk ing mbun-mbunanmu yen anggonmu nglakoni selawase iki mikolehi witing ati segara isih koksunggi aku percaya memanike mripatmu luwih sekti tinimbang sewu banaspati aku percaya dhuwure tugu proklamasi ora wurung mesthi koklumpati nanging kang cecolok kabar anggonmu mancung ing alas bancangan pinetung tetahunan lan manuk gagak bengok-bengok nemu gerok nyandra sawiji siswa kinasihe Ki Ageng Surya Ngalam ing tlatah Wengker sing wis kumpul suwe manjer umbul-umbul mawa tenger sandiasma ing tegal gurit Kabar ora kabur Ing pabaratan dununge kamenangan Ing pangumbaran trubuse jatidiri kadiwasan Mula dakuntapake lungamu saka kadohan Muliha yen kamenangan wis ginegem tangan Bacuta yen kamenangan prasasat impen ing wayah awan Mesthine sliramu ngugemi wejangan Putra wengker kang lulus pandadaran Suthik nyingkur kaprawiran Kertosono, Agustus 2005 LAYANG KAGEM BAPAK PRESIDEN Dening : Anie Sumarno
Guritan iki kadya jajan pacitan, nyamleng rasane
Sanajan basa jawa rasane rasa Indonesia Tetep nyamleng rasane dirasakake dening kadang Saka sabang tekan merauke Jawa ngoko mula dudu basane wong bodho Sebab nyatane padha dene padha kepingine Madeg dadi pemimpin bangsane Padha rumangsa bisa, emane Ora bisa rumangsa kepriye kudune Angger ganti pemimpin ganti pisan aturan Awit gegayuhan ngendheyot amot kepentingan Babar pisan beda karo panjangka Nalika bangsa Indonesia sayuk bebarengan Ngrebut kamardikan Nggawa tekad Sumpah Pemuda Satu nusa satu bangsa satu bahasa Indonesia Watak satriya kari ing crita pewayangan Ilang bareng karo rasa kamanungsan Kapan baya ana pangarsa kang kuwawa ngrukunake bangsa iki kaya barisan mlangkah bareng nggayuh tujuan Yaiku gegayuhan leluhur bangsa Cara bisa mawa akal Tujuan babar pisan ora kena uwal
Guritan iki minangka layang kagem Bapak Presiden
Saka putra bangsa kang rumangsa urip jro pangimpen Kapan baya pra pangarsa padha bisa rumangsa Kanggo mbangun omah bangsa iki ora mung ijen Kudu sayuk nyambut gawe, ora mung rumangsa bisa KEPLAYU (Kanggo Koruptor) dening : Manaf Maulana
Lamun kowe bisa mlayu
Supaya ora mlebu pakunjaran Nanging panggonan tentrem ora bakal tinemu Amarga neng ngendi wae kaya ana pakunjaran
Dhuwit akeh sing saka kas negara
Bakal dadi kuburanmu tanpa kenanga Lan putra putrimu bingung milih donga Amarga kowe pancen ora pantes mlebu suwarga
Saupama kowe mertobat
Nanging kebacut wareg mangan dhuwit negara Dosa-dosamu tetep marang rakyat Kang kuwasa ora duwe hak paring ngapura
Ora ana gunane kowe keplayu utawa minggat
Lan malih rupa kanthi operasi plastik Amarga mlayumu tetep ing salumahe jagat Turumu bakal terus-terusan klisak-klisik
Mula ora usah keplayu
Luwih becik tetep ing omahmu Amarga kabeh palu wis bisa koktuku Pakunjaran uga wis kebak kanca-kancamu DADIA TIRAKATMU ANAKKU Karya : ST Iesmaniasita
Dadia tirakatmu anak-anakku
Yen dina iki ora ana upa Kowe padha ora mangam sega Kejaba gegelan tela Tamba ngelih panyuwaranin atimu. Dadia tirakatmuanak – anaku Sawengi ngrungu udan kumricih Padha ndhekep weteng ngelih Kemul amoh gombalane biyungmu Ing gubug trocoh gubuge bapakmu. Kliwat saking ketese kringete Sengkude gawe luluh dina-dina Sengkude bapakmu ngusungi bata Nggarap gedhong-gedhong ana kutha Nembok gedhong susun sundhul angkasa Wis kliwat saking anggone ngaya bapakmu Olehe melu mbangun Negara Olehe labuh dadi luluhung bangsa Ngranggeh tukone tela Dadia tirakatmu ya anak-anakku Dadia pambukaning nalarmu Dadia margane kamulyanmu besuk Cingkrang lan kasangsarane Wong tuwamu kang matumpuk-tumpuk. BUMIKU Dening: Ibu Sunami
Bumi iki aku sing nduweni
Saka Bapa Adam lan Ibu Hawa Ora tuku ora nyewa Daksedhot hawane daksesep sari banyune Rumasuk ing balung nembus sungsum Mili saranduning badan tumekan jantung Bumi iki aku sing nduweni Warisan saka bapa biyung Wujud kali lan gunung Dakpundhi daksengkuyung ing dhadha lan mustaka Dadia jimat sangune agesang Run tumurun anak putu Kowe sapa lan saka ngendi pinangkamu Kokwani gawe dredah ngaru biru Sadumuk bathuk, sanyari bumi Daklabuhi nganti kowe ngerti Yen bumi warisan iki kowe ora melu nduweni Kowe sapa lan arep apa Kokwani ngesatake kali, nggundhuli alas jati Mung arep njupuk sari tanpa ngopeni Bumi iki aku sing nduweni Run tumurun anak putu Lan mung anak putu sing kudu njaga lan ngopeni (Panjebar Semangat, No.25, tgl. 22 Juni 2013)