You are on page 1of 1

Assalamualaikum….

Para kanca, ing kalodhangan iki aku arep cerita kanthi irah-irahan “ Asal Mulaning Jeneng Kyai Langgeng”

Kyai Langgeng iku salah sawijining papan rekreasi ing kelurahan Kemirirejo, Kutho Magelang.

Cerita iki kawiwitan rikala Pangeran Diponegoro mimpin perang lawan walanda ana ing wilayah kasultanan
Mataram. Pangeran Diponegoro duwe penasehat sing asmane Ki Ageng Suryo Kusumo. Miturut trahe, Ki
Ageng Suryo Kusumo isih turune Sultan Hamengkubuwono II saka Keraton Ngayogyakarta.

Miturut cerita, para bregada sing dipimpin dening Pangeran Diponegoro lan Ki Ageng Suryo Kusumo bisa
nggiring prajurit walanda menyang Magelang rikala walanda nyerang Keraton Ngayogyakarta. Para bregada
ngusada sakuating tenaga ngadepi walanda. Ora sithik uwong kang gugur ing palagan.

Sakwise tekan Magelang, Pangeran Diponegoro karo Ki Ageng Kusumo gawe strategi ngadhepi walanda.
Sawijining dina Pangeran Diponegoro katimbalan dening letnan Hendrik Merkus de Kock kanggo menehi
tapak asta perjanjian kang isine mungkasi paprangan. Nanging apese Pangeran Diponegoro kapusan lan bisa
kacekel dening walanda.

Sawise Pangeran Diponegoro kacekel dening dening walanda, Ki Ageng Suryo Kusumo ora cilik
atine.Dheweke ngajak para bregada merangi para walanda. Ki Ageng Suryo Kusumo moncer duwe kasektenan
sing ora biasa. Ora ono gegaman landhep kang bisa nimbus ragane kalebu pedhil penjajah. Ki Ageng Suryo
Kusumo uga pinter maca sandhi. Mulane para bregada bisa ngatasi para walanda ing Magelang.

Saliyane prigel ing strategi paprangan, Ki Ageng Suryo Kusumo uga maringi dakwah marang masyarakat
Magelang. Deweke nyebarake agama Islam ing sakubening wilayah Magelang. Nalika sampun sepuh, Ki Ageng
Suryo Kusumo wis ora due kepinginan kadonyan meneh. Amarga kasektene kebal marang gegaman landhep, Ki
Ageng Suryo Kusumo langgeng gesange. Mulane dheweke mertapa ing salah sawijining papan ana pinggire
kali praga. Nalika mertapa, pungkasane Ki Ageng Suryo Kusumo seda banjur disarekake ana ing kono.

Amarga langgeng uripe, mulo Ki Ageng Suryo Kusumo ugo diparabi Kyai Langgeng. Banjur ing sakubeng
sareane Ki Ageng Suryo Kusumo digawe papan rekreasi kang diarani Taman Kyai Langgeng kanggo ngurmati
jasaning Ki Ageng Suryo Kusumo marang masyarakat Magelang.

Amanat saka cerito iki ojo lali marang jasaning para pahlawan lan langgengake lelaku becik. Insyaallah bakal
dadi kebecikan sing dieling-eling marang liyan. Ibarate macan mati ninggal belang, manungso mati ninggalake
jeneng.

Mangkono cerita saka aku, menawa ana kurang langkunge nyuwun pangapuro

Pak Lurah Sangu Karet Gelat


Karet gelang ditata sakubenge tumpeng
Menawa dolan menyang kutha Magelang
Ojo lali mampir Taman Kyai Langgeng.

Wassalamualaikum….

You might also like