You are on page 1of 12

MATERI BAHASA JAWA

SEMESTER GENAP KELAS VIII


NAMA : ………………………………………………………

KELAS :……………….

WULANGAN : 2
SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI
Serat Wulangreh
Serat wulangreh mujudake salah sawijining karya kang anggitane Pakubuwana IV, raja Jawa
antaraning taun 1788 nganthi tekan 1820. Pakubuwana IV yaiku raja kang munggah tahta nalika isih
enom lan Pakubuwana menika sastrawan kang mahsyur. Serat Wulangreh yaiku karya sastra kang
surasane ajaran kanggo menehi piwulang marang manungsa supaya bisa ngrubah tindhak-tandhuk kang
luwih becik. Salah sawijining surasane pupuh ing serat Wulangreh yaiku Kinanthi. Ing piwulang kanthi
tema Pupuh Kinanthi arep diwulangke babagan serat Wulangreh lan pupuh Kinanthi.
Serat wulangreh kuwi ora mung dumadi saka sapupuh, ananging dumadi saka 13 pupuh ing
antarane:
1. Dhandhanggula, kaperang saka 8 pada/bait
2. Kinanthi, kaperang 16 pada/ bait
3. Gambuh kaperang saka 17 pada/bait
4. Pangkur kaperang saka 17 pada/bait
5. Maskumambang kaperang saka 34 pada/bait
6. Duduk Wuluh kaperang 17 pada/bait
7. Durma kaperang saka 12 pada/bait
8. Wirangrong kaperang saka 26 pada/bait
9. Pocung kaperang saka 23 pada/bait
10. Mijil kaperang saka 26 pada/bait
11. Asmaradana kaperang saka 28 pada/bait
12. Sinom kaperang saka 33 pada/bait
13. Girisa kaperang saka 25 pada/bait

Saka serat wulangreh pupuh kinanthi ing dhuwur bisa mangerteni manawa pupuh kuwi dumadi saka
16 pada. Ing saben sapada dumadi saka 6 gatra kanthi guru wilangan lan guru lagu 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
Tembang kinanthi nggambarake kanoman kang dituntun nalika ngambah panguripan ing alam donya,
mula tembang kinanthi duweni watak seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang
ngemu rasa asmara, gandrung-gandrung.
Pupuh kinanthi ing serat wulangreh iki ngandharake piwulang babagan laku prihatin kanthi nyuda
mangan lan turu. Kanthi mangkono kaajab bisa nglatih kalbu supaya dadi wong kang pinter tumrap ilmu
lair lan batin. Ngilmu kuwi kudu dilakoni kanthi temenan kanthi nyuda mangan lan turu (pasa) lan urip
sederhana. Amarga urip kang foya-foya bakal nuwuhake cilaka lan bisa nyuda kawaspadanan batine. Yen
dadi wong kang agung ora kena gumedhe lan aja nganti nyedhaki wong kang duweni watak lan solah
bawa kang ala. Bab iki bisa ndadekake wong kang neydhak bisa ketularan sipat ala mau kaya paribasan
"cedhak kebo gupak".
Ing pupuh kinanthi uga ngandhut piwulang manawa goleka kanca ora kena mandeng saka bandha
lan drajade, kang utama yaiku sipat lan pengalamane kang migunani lan pantes dadi patuladhan dening
wong liya apa maneh wong kang isih enom. Wong enom gampang kena godha menawa ora ati-ati.
Ananging wong enom jaman saiki akeh kang nyingkiri tumindak kang andhap asor lan amung gunggung
obral umuk, ana uga kang dhuwur ati marang liyan. Malah ora kurmat marang wong liya lan ngadohi
wong kang tumindak kabecikan. Kamangka tumindak becik iku uga kanggo awake dhewe.

Nulis Tembang Kinanthi


Tembang kinanthi dumadi saka tembung kanthi utawa nuntun kang tegese dituntun supaya bisa
mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya. Tembang kinanthi duweni watak seneng, sedhih, tresna lan
kangen. Paugeran guru kang dadi tetengere tembang macapat yaiku:
1. Guru gatra yaiku cacahing gatra ing saben sapada
2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben sagatra
3. Guru lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra

Sawise mangerteni paugeran tembang awake dhewe uga bisa nulis cakepan/syair tembang kanthi
migunakake basa lan nemtokake isine dhewe. Carane ngrakit tembang macapat, yaiku:
1. Miliha tembung-tembung sing mentes tur edi peni
2. Tembung sing dipilih kudu ana sesambungane karo tema utawa isine
3. Saben tembang sing dipilih kudu sesambungan antarane siji lan sijine
4. Ana sesambungane antara ukara larik siji karo sijine sapada
5. Supaya bisa nyocokake guru lagune, tembunge bisa diwalik panggonane
6. Aja lali ngetung guru wilangane.

Ayo wacanen Serat Wulangreh pupuh Kinanthi ing ngisor iki!


Pupuh II
Tembang Kinanthi

Pada 1
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

Terjemahan bebas bahasa Indonesia


Kalian biasakanlah mengasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat, jangan hanaya selalu
makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan
minum.
Pada 2
Dadiya lakuniraku,
cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan-sukan,
anganggowa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

Terjemahan bebas bahasa Indonesia


Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan seperlunya
(karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.
Pada 3
Yen wus tinitah wong agung,
ya sira gumunggung dhiri,
aja nyelakaken wong ala,
kang ala laku nireki,
nora wurung ngajak-ajak
satemah anenulari.
Terjemahan bebas bahasa Indonesia
Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan kau dekati orang
yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan
menular padamu.
Pada 4
Nadyan asor wijilipun,
yen kelakuwane becik,
utawa sugih cerita,
kang dadi misil,
yen pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
WULANGAN : 3
CERITA RAKYAT
Crita Rakyat
Crita Rakyat yaiku crita kang sumbere saka rakyat/masarakat. Legendha iku kalebu crita rakyat
lisan kang kaandharake kanthi cara gethok tular lan ora dimangerteni pangriptane. Legendha iku crita
kang ngemot piwulang lan pitutur kang becik kanggo awake dhewe. Mula, ora ana salahe mangerteni
crita legendha kang dadi warisane leluhur. Piwulang lan pitutur kang becik bisa ditindakake ana ing
panguripan saben dinane.
Kang diarani legendha yaiku crita kang ana gegayutane karo kadadeyan alam utawa dumadine
sawijining papan. Crita Legendha iku kelebu karangan narasi yaiku karangan kang ngandharake lelakon
utawa kadadeyan manut urutan wektu, paraga, latar lan alur.
Legendha duweni tetenger (ciri) kayata:
1. Anonim, ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit
2. Kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng
3. Statis, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen menyang jaman saiki
4. Imajiner, nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane
5. Ngemu tuladha, nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha
Jinising legendha iku bisa kaperang dadi papat yaiku:
1. Legendha keagamaan yaiku legendha kang ngandharake crita para tokoh agama kayata wali sanga
2. Legendha alam ghaib kang awujud crita takhayul kanggo ngandharak manawa alam ghaib kuwi
pancen ana
3. Legendha pawongan yaiku legendha kang nyritakake wong-wong tertamtu kang kaanggep nyata
kadadeyane, tuladha legendha rara mendut
4. Legendha sawijining papan
Legendha sawijining papan kuwi mujudake legendha kang ana gegayutane karo papan utawa
topografi sawijining dhaerah.
Crita rakyat kelebu legendha iku duweni kagunan. Kagunan crita rakyat ing antarane yaiku kagunan:
1. Rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.
2. Didaktif yaiku ndidik para kang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan keapikan kang ana ing
sajroning crita.
3. Estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
4. Moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni
moral kang becik lan ala.
5. Religius yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

Ayo nyemak Crita Legendha!


Wacanen kanthi premati!
Asal-usul Desa Kesesi Pekalongan
Wong-wong awam mangerteni menawa tembung kesesi asale saka tembung kesisih. Ana maneh sing
ngomong menawa tembung kesesi minangka wewengkon kang ora dipanggoni lan dadi panggonan
pelarian para pejabat kerajaan kang kabur/mlayu lan crita-crita ora becik liyane. Apa bener kesesi ana
gegayutane karo Ki Bahu utawa Ki Ageng Cempaluk sing kesisih saka kerajaan? Ya bareng-bareng
goleki buktine.
Manut crita ing babab alas roban lan alas nggambiran, Ki Ageng Cempaluk lan Jaka Bahu (Ki
Bahureksa) oleh kepercayaan saka Raja Mataram yaiku Panembahan Senapati kanggo mbabat alas kang
mengkone arep digunakake kanggo ngrembakake kerjaaan Mataram. Ora gampang mbabat alas roban lan
alas nggambiran. Akeh prakara kang kudu diadepi. Prakara kang katon bisa dideleng lan prakara gaib uga
akeh. Nanging amarga kawasisane, Ki Ageng Cempaluk lan Jaka Bahu bisa kasil mbabat alas Roban lan
alas Nggambiran. Mula saka iku Jaka Bahu diangkat dadi Bupati Wedana Pesisiran Kulon kang
wewengkone kabeh kadipaten ing pesisir Pulo Jawa yaiku saka Kendal, Batang, Pekalongan, Pemalang
lan Tegal.
Saka crita kasebut, wis mesthine menawa Ki Ageng Cempaluk lan Jaka Bahu dadi abdi kinasih
Kerajaan Mataram. Mula, menawa kesesi ditegesi panggonan sing kesisih utawa panggonan buangan
kang ora melu wewengkon kerajaan iku ora trep. Amarga manut crita panggonan kasebut minangka
bebana/hadiyah kanggo Ki Ageng Cempaluk saka Kerajaan Mataram. Panggonan kasebut biyasa
digunakake Ki Ageng Cempaluk kanggo manyingkir saka kaributan donya. Dadi Kesesi iku bisa ditegesi
panggonan kanggo nyedhak marang Kang Kuwasa (Gusti Allah). Saengga kabeh atribut nama, gelar
utawa pangkat ditinggalake. Iku kabukten Ki Ageng Cempaluk luwih seneng nganggo asma sing prasaja
lan merakyat yaiku Cempaluk kang tegese asem mateng. Saka asma iku mbok menawa Ki Ageng
Cempaluk wis rumangsani menawa piyambake wis sepuh. Ing dhaerah kesesi Ki Ageng Cempaluk dadi
ulama sepuh kang maringi piwucalan babagan agama.
kapethik saka https://www.cintapekalongan.com/sosok-ki-ageng-cempaluk-dan-asal-usul desa-kesesi/
Gladhen Kawruh.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Menapa ingkang dipunrembag wacan ing nginggil?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
2. Sinten ingkang dipunparingi jejibahan kangge mbabat alas?
Wangsulan: ……………………………………………………………………………
3. Wana menapa kemawon ingkang dipunbabat?
Wangsulan: ……………………………………………………………………………
4. Menapa sebabipun Jaka Bahu dipundadosaken Bupati Wedana Pesisiran Kilen?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
5. Wewengkon pundi kemawon ingkang mlebet kadipaten ing pesisir Pulo Jawi?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
6. Manut crita ing nginggil, menapa tegesipun tembung Kesesi?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
7. Ki Ageng Cempaluk nampi bebana utawa hadiyah saking Kerajaan Mataram. Menapa
bebananipun?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
8. Sinten asmanipun Raja Mataram?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
9. Menapa tegesipun tembung cempaluk?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….
10. Wonten ing dhaerah Kesesi, Ki Ageng Cempaluk dados menapa lan maringi piwucalan babagan
menapa?
Wangsulan: …………………………………………………………………………….

WULANGAN : 4
PACELATHON
A. Nggatekake Pacelathon
Pacelathon kalebu peranganing kasusastran Jawa. Pacelathon asale saka tembung lingga celathu,
celathu tegese omongan utawi guneman. Pacelathon tegese omong-omongan wong loro utawa luwih,
kekarone bisa gentenan minangka penutur lan mitra tutur (ana sing omong ana sing
nanggapi/ngrungokake). Wong kang nindakake pacelathon kudu nggatekake budi pakarti. Budi pakartine
wong kang nindakake pacelathon kaya ing ngisor iki.
1. Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
2. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
3. Suwarane, banter lirihe becik nganggo waton.
4. Polatane (wajahe / pandangan) uga nganggo waton aja nganti mencereng-mencereng upamane.
5. Intonasine (lagune) uga nganggo aturan ora angger mbengok-mbengok.
Dene wong kang nyemak/nrungokake pacelathon kudu nggatekake paugeran-paugeran,
kayata:
1. Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon kuwi
2. Sapa wong kang nindakake pacelathon, lan
3. Papan anggone nindakake pacelathon.
Gatekna tuladha pacelathon ngisor iki kanthi patitis!
AJA SENENG NACAD
Bu Lastri : “Sajak gayeng tenan ki padha ngrembug apa? Gaweyan ngomah apa wis rampungan?”
Bu Murni : “Sampun Budhe. Niki nembe nengga bakul sayur sinambi ngrumpi.”
Bu Lastri : “Aja seneng ngrumpi, ngrumpi iku bisa ngrusak paseduluran.”
Bu Nufik : “Boten sae kados pundi? Ingkang dicariyosaken nggih namung kaluwarga kula piyambak
kok Budhe.”
Bu Lastri : “ngrumpi iku tegese nyatur, nacad lan sapanunggalane kang ana gegayutane karo babagan
kang ora becik tumrap wong liya. Diwiwiti saka ngrembug anak-anake, omah-omah lan
sapanunggalane. Sabanjure kang dicritakake mleset saka rembugan sadurunge.”
Bu Nufik : “Ananging ngrumpi menika inggih perlu ta Budhe? Kanthi ngrumpi, pikiran kang nembe
buntu saged nglirwakaken masalah.”
Bu Lastri : “Iya, ananging uga kudu dieling-eling manawa ngrumpi kuwi kudu ngerti wayah saengga
pakaryan liyane lali.”
Bu Murni : “Panjenengan kalawau ngendika manawi ngrumpi saged ngrusak pasedherekan niku kados
pundi Budhe?”
Bu Lastri : “Lumrahe wong ngrumpi sing dicacad lan dicatur ora liya kancane dhewe, sedulur utawa
tangga teparone dhewe. Sing dicatur kuwi babagan prekara kang sepele. Kanthi ngrumpi
babagan kang sepele mau ditambah-tambahi apa disuda. Yen sing nyatur iku wong kang
pinter guneman, bab-bab mau bisa dadi prekara.”
Bu Nufik : “Prekawis ingkang kados pundi Budhe?”
Bu Lastri : “Ya dadi prekara anyar. Tuladhane saumpama sing dicatur kuwi krungu mesthi wae lara ati
lan dendam. Yen wis ngono biyasane trus padha padudon kang bisa ngrusak paseduluran.”
Bu Nufik : “Leres menika, Budhe. Tiyang gesang menika kedah ngrembakakaken supados sesambetan
tansah rumaket.”
Bu Lastri : “Ananging wong urip ya aja keraketen. Wong urip bebrayan kudu bisa njaga watak kang
gelem srawung karo wong liya. Para sepuh biyen nilar tuntunan patang prekara yaiku tepa
slira, melu hangrungkepi, lan mulat sarira hangrasawani.”
Bu Nufik : “Sekawan prekawis menika kados pundi Budhe?”
Bu Lastri : “Tepa slira duweni teges mapanake awake dhewe. Mulat sarira hangrasawani tegese mawas
dhiri. Lan handareni duweni teges melu ngreksa lan melu duweni. Aanging ora kabeh barang
kuwi duweke bareng-bareng. Lho ta malah crita nggladrah teka ngendi-ngendi.”
Bu Nufik : “Lha inggih ta Budhe. Menawi makaten kados niki kalawau kalebet ngrumpi menapa
boten?”
Bu Lastri : “Sing penting maanungsa kudu bisa njaga silaturahmi.”
Gladhen Kawruh.

Ayo padha mangsuli pitakonan ing ngisor iki adhedhasar pacelathon kang irah-irahane
Aja Seneng Nacad!

1. Sapa wae sing nindakake pacelathon ing dhuwur?


Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
2. Apa kang dirembug ing pacelathon kasebut?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
3. Manut pacelathon ing dhuwur apa tegese ngrumpi iku?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
4. Apa sebabe awake dhewe ora oleh ngrumpi?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
5. Jlentrehana geneya ngrumpi iku bisa ngrusak paseduluran!
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
6. Ngrumpi iku bisa ndadekake prekara anyar. Apa tuladhane?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
7. Ana pira prekara tilarane para sepuh jaman biyen kanggo bebrayane wong urip?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
8. Apa tegese tepa salira iku?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
9. Dene handarbeni apa tegese?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
10. Manut pacelathon kasebut, Sapa sing diceluk/diundhang “Budhe”?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………….

A. Nggawe utawa Nulis Pacelathon


Nalika nulis pacelathon kudu nggatekake unggah-ungguh basa kang digunakake dening paraga. Kang
diarani unggah-ungguh miturut baoesastra jawa anggitan Poerwadarminta yaiku beciking pangetrap,
becik pengetrape mawa aturan kang becik, lan tembung krama kang duweni teges pratingkah, patrap, tata
pranata kang becik, subasita, watak, lan sipat. Subasita tegese bisa mapanake dhiri pribadhi ing
pasrawungan masarakat, ngerti empan papan lan nglenggana kuwajibane. Unggah-ungguh basa bisa
kaperang dadi loro yaiku:
1. Ngoko
Unggah-ungguh basa kang awujud ngoko kaperang dadi 2 yaiku:
a. Ngoko Lugu
Titikan ngoko lugu yaiku tembunge nggunakake ngoko kabeh tanpa kacampuran krama utawa
krama inggil. Panganggone ngoko lugu yaiku menyang sapadha-padha kang wis kulina banget,
menyang sing kaprenah enom, yen lagi ngunandika, tumrap bocah sing durung bisa guneman
ganep. Tuladha:
1) Kowe mau apa wis mangan?
2) Aku kepengin dolan menyang omahmu, Rin.
3) Mengko sore kowe lunga apa ora?
b. Ngoko Alus
Kang dadi titikane ngoko alus yaiku tetembungan ngoko kacampuran krama inggil.Tembung
krama inggil kanggo wong sing diajak guneman. Sing dikramakake inggil tembung sesulih lan
tembung kriya dene ater-ater lan panambang tetep ngoko. Panganggone yaiku sedulur tuwa
marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate, garwane priyayi marang sing kakung, priyayi
marang priyayi yen wis kulina. Tuladha:
1) Panjenengan mau apa wis dhahar?
2) Aku nyuwun priksa apa panjenengan sesuk sida tindak?
3) Dhik kondur panjenengan mau jam pira?

2. Krama
Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi 2 yaiku:
a. Krama lugu
Krama lugu duweni titikan kabeh tembung-tembunge krama. Panganggone krama lugu yaiku
marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni, garwane priyayi marang sing kakung,
priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajate, wong enom marang wong tuwa
nanging ora pati ngajeni kanca kang lagi tetepungan. Tuladha:
1) Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
2) Kula tanglet Bapak menapa sampun nedha?
3) Menawi sampeyan purun tumbas reginipun inggih mekaten punika!
b. Krama Alus
Wujude, tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong
sing diajak guneman). Panganggone krama alus yaiku wong enom marang wong tuwa, batur
marang bendarane, murid marang gurune, andhahan marang pimpinane, kanca karo kanca sing
durung kulina. Tuladha:
1) Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
2) uwosipun sampun dicaosaken ibu.
3) Simbah gerah padharan enjing wau.

AKSARA JAWA

Aksara Jawa
Aksara jawa yaiku sawijining aksara kang dianggo ing tlatah Jawa. aksara jawa ora namung
dienggo kanggo nulis basa jawa, ananging uga dienggo nulis basa Sansekerta, basa Arab, basa Bali, basa
Sunda, lan Basa Sasak lan uga basa Melayu.
Aksara Jawa cacah 20 kang diarani aksara nglegena utawa dentawyanjana (carakan). saben aksara
nglegena duweni pasangan kanggo nyambung wanda sigeg utawa wanda mati lan wanda candhake. Saben
pasanagan bisa 'mateni' aksara sadurunge. Aksara nglegenda duweni aksara pasangan. Kejaba kuwi ana
uga aksara sandhangan kaperang dadi telu yaiku sandhangan swara, sandhangan wyanjana, lan
sandhangan panyigeging wanda. Ing bab iki, kejaba nyinau bab pasangan lan sandhangan uga bakal
kaandharake babagan aksara Murda.
Panulising aksara jawa kuwi satemene kudu ana ing sangisore garis. Garis mungguh tumrape
panulisan aksara jawa nduweni teges nuduhake lan mujudake pituduh luhur ngenani “Angget
Paugeraning Pangeran”, kejaba kuwi uga bisa diarani pranatan, aturan, paugeran, kaidah lan sapiturute.
Bab kuwi duweni maksud supaya manungsa kudu nindakake pranatan kanthi prayoga. Mula wong kang
wis trampil anggone nulis aksara jawa kanthi ing sangisore garis ora bakal wani nerak pranatan, amarga
manawa wis owah anggone nulis surasa luhur kang kaandhut uga bakal owah.

Maca aksara jawa iku kudu tliti amarga panganggone aksara kang beda-beda.
1. Pasangan
Aksara nglegena duweni aksara pasangan kanggo aksara paten saka aksara sangarepe. Aksara
pasangan kuwi kaya ing ngisor iki.

a n c r k
Ha Na Ca Ra Ka
f t s w l
Da Ta Sa Wa La
p d j y v
Pa Dha Ja Ya Nya
m g b q z
Ma Ga Ba Tha Nga

Tuladha panganggone ing ukara:


1. dandan ana kana
?fnFnHnkn.
2. sapa nyana ana nyaknya
?spvnanvkV.
3. kala ana bantala
?klanbnTl.
4. ana awan ana pangan
?anawnHnpzn\,
5. hasta sacara-cara
?asTscrcr.
2. Sandhangan
Kang diarani sandhangan yaiku tetenger kanggo ngowahi utawa muwuhi swara aksara. Sandhangan
aksara jawa bisa kaperang dadi telu yaiku:
a. Sandhangan swara
sandhangan swara bisa kaperang dadi 5 yaiku:
1) Suku =.... u ngemu swara /u/
2) Wulu =.... i ngemu swara /i/
3) Taling = [ ngemu swara /e/ utawi /è/
4) Taling tarung = [....o ngemu swara /o/
5) Pepet = ......e ngemu swara /ê/
Tuladha panganggone ing ukara:
 Tuku buku ana toko kene.
?tukubukuan[to[ko[k[n.
 Ibu mundhut gendhis sakilo.
?aibumunD|tGenDisSki[lo.
 Dolan karo kanca-kanca gawa sega.
?[folnK[rokvCkvCgwseg.
 Iwak pitik di masak apa.
?aiwkPitikFimskHp.
 Nalika masak lele ana karamba karo kowe.
?nlikms[kL[lankrmBk[ro[ko[w.
b. Sandhangan Panyigeg Wanda
Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging wanda utawa matèni swara.
Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak lan paten kaya ing ngisor iki.
1) Wignyan : ... h minangka gantine sesigeg ha
2) Layar : … / minangka gantine sesigeg ra
3) Cecak : … = minangka gantine sesigeg nga
4) Pangkon : … \ kanggo mateni aksara ing pungkasaning tembung
Tuladha panganggone ing ukara:
 Adhiku jaluk warah babagan ulangan matematika.
?adikujlukWrhbbgnHulznM[tmtik.
 Kabeh sarwa dadakan mula ora ana sing siyap.
?k[bhs/wffknM|l[aoransi=siyp\,
 Dheweke enggal lunga menyang kutha karo bojone.
?[d[w[kK[a=glÓ|zmev=kuqk[ro[bo[jo[n.
 Kudu sekolah sing temen supaya pinter.
?kufuse[kolhsi=temenSupypinTe/.
 Nyasar ana ing kebonan.
?vs/anai=ke[bonn\,
c. Sandhangan wyanjana
Sandhangan Wiyanjana kaperang dadi 3 yaiku:
1) Cakra : … ] … minangka tandha aksara /ra/ utawi gegentine aksara /ra/.
2) Keret : … } … gegantine cakra pepet
3) Pengkal : … - … minangka tandha aksara /ya/.
Tuladha panganggone ing ukara:
 Siswa sekolah wisata menyang kraton.
?sisWse[kolhwistmev=k][ton,
 Kulakan kopyah nalika cedhak dina riyaya.
?kulkK[nKop-hnlikcedkFinriyy.
 Dheweke wedi manawa ana kreteg gantung
?[d[w[kKwefimnwank}tegGnÒ|=.
 Yen wis wayah awan krasa luwe.
?[yniWsWyhawnÑ`slu[w.
 Adhiku numpak kreta jaladara.
?adikunumP[kÑ`tjlfr.
3. Aksara Murda
:
Na !

Ka : @
Ta : #
Sa : $
Pa : %
Nya : ^
Ga : &
Ba : *

Panulisan aksara murda:


a. Aksara Murda bisa kanggo nulis jeneng, gelar, papan, jeneng lembaga pamarentah, lan jeneng kang
duweni badan hukum.
b. Aksara murda ora kena kanggo panutuping wanda
Tuladha:
 Prabu Basukarna ratu ing Ngawangga = ?p]bu*suk/nrtuai=zw=g.
 Minakjingga bupati Blambangan = ?mi!kJi=gbuptibLmB=zn\,
 Surabaya mujudake kutha pahlawan = ?$urbymujufF[kkuqphlwn\,
 Wulan sesuk piknik menyang Bandung = ?wul[nSsukPikNikMev=*nF|=.
 Menyang kantor Gubernur = ?mev=k[nT/o&ube/nu/.

Gatekna aksara-aksara kang kelebu pasangan, sandhangan lan aksara Murda.


Sabanjure salinen wacan ing ngisor iki nganggo aksara latin!

Gatekna paragraf aksara Jawa ngisor iki kanthi premati!


?a/kitNs\,
?a/kitNsaikumin=ka[k]onimSktemB|=arikeb=kitTnNsi[yonlK=fi[pzetTisbenT=gl\ ;20;
[mai[fni=b=sI[nDo[nsia.zuzkSejrh
k=wisKwurinufuha[kmnwswijini=b=sk=b=kitHi=s[j]oni=al[mKo
[loniy[lHorliykjbb=smauke[pzinHuwlSkbeX=guni=penJ
jh.lum]h[abvJ|/
figqukK[kk[ro[politik\,mu=b[aai=taunTaunWiwiwitTnPepucukKi=lkustsemztK=fiaurubB[kwaifin\
[$o[a[to[molnLiyliy[n[dkT=gl\;20;[mai;1908;p[vCnF|
ru=bisfiarnNigerkK[nPolitik\,apm[nhgerkK[nPolitikNef-be/juw=skbeX=gupenJjhbvJ|/mfegFfib=sm/
fikmauaisihkufuliw [tP]o[ss\,

Kapethik saka kanthi pangowahan saprelune: BELLA, Artha Media

Gladhen Mandhiri
Ayo, saiki wacan aksara Jawa ing ngisor iki salinen nganggo aksara latin!
?sinautemB=mcpt\,
?
ai=jmnSaikit]disinemB=mcptHisihanai=msrktJw.msrktHisiha[khk=znk[kmcptTnyaikut]disimcautwnemB
=z[kmcpt\,mcptHikusenilnÒ`disilisnK=wisÒ|runTemurun\,biys[nmcptTnfiank[kai=rituwlT/tmÒ|
kytmi[tonib[yn\supitTnLnLiyliy[n.
?temB=temB=mcptHikusejti[nfu[wnimkNk=becikLnHfiluau=.[y[nKo[wbisjupukPiwul=autwnilailuau/
k=anai=s[j]oni=temB=mcptK=bisfigunk[kanai=auripSefinfin.
Gladhen Kawruh
Uji Kompetensi Akhir Semester 2

A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang
bener!
Gatekna pacelathon ngisor iki kanngo mangsuli pitakon nomer 1-5!
Lomba Pidhato
Heni : “Rin, kowe ngerti apa durung manawa ana lomba pidhato?”
Rini : “Durung, lha kapan bakal kalaksanan la nana ngendi?”
Heni : “Durung terang, coba mengko yen mlebu kelas takon karo bu Narti!”
(Bel mlebu sekolah wis keprungu bocah-bocah padha mlebu kelas)
Bu Narti : “Sugeng enjing bocah-bocah.”
Murid-murid: “sugeng enjing, Bu.”
Heni : “Bu, punapa leres menawi badhe wonten lomba pidhato?”
Bu Narti : “Bener Hen, Ibu durung menehi wara-wara kowe kok wis ngerti?”
Heni : “Nggih, Bu. Kula miring saking kakak kelas.”
Bu Narti : “Ngene bocah-bocah, kanggo mengeti dina kamardikan. Pemerintah Kabupaten Sukoharjo
bakal ngenekake lomba pidhato basa Jawa kanthi tema Dina Kamardikan. Ananging, ora
saben murid isa melu. Saben sekolah namung dijupuk perwakilan wong loro, siji lanang lan
siji putri”
Heni : “Lajeng, sinten Bu ingkang dados perwakilan saking sekolah mriki?”
Rini : “Inngih, Bu. Sinten inking badhe makili sekolah lan saking kelas pinten?”
Bu Narti : “Sadurunge bapak lan ibu wali kelas wis nyetitekake kowe kabeh!”
Bima : “Maksude pripun, Bu?”
Bu Narti : “Ibu dadi wali kelas VII E iki uga wis duwe kandhidhat kanggo makili sekolah. Kandhidhat
sing ibu pilih yaiku siswa putri.”
Bima : “Sinten, Bu?”
Bu Narti : “Ibu milih Rini kang bakal dadi wakil sekolah karo Riko saka kelas VIII D.”
Rini : “Kula, Bu? Punapa boten klentu?”
Bu Narti : “Ora, Rin. Ibu ora kliru milih kowe. Kowe saguh ta?”
Rini : “Menawi sampun dados keputusan sekoah, kula saguh, Bu. Lajeng benjing punapa kula
latihan?”
Bu Narti : “Mbesuk ana wara-wara resmi saka sekolah lan bakal ana pembinaan dhisik, sing penting
kowe sinau dhisik.”
Rini : “Inggih, Bu.”
Bu Narti : “Saiki buku paket halaman 35.”
1. Surasane pacelathon ing dhuwur yaiku babagan ….
a. lomba pidhato
b. milih pidhato
c. pidhato kamardikan
d. pidhato basa jawa
2. Paraga pacelathon ing dhuwur ana … paraga.
a. 4 c. 6
b. 5 d. 3
3. Kang dadi wakil sekolahe Rini maju lomba pidhato yaiku ….
a. Rini lan Bima
b. Rini lan Riko
c. Bima lan Heni
d. Heni lan Rini
4. Tema kanggo lomba pidhato yaiku ….
a. dina riyaya
b. Dina Kamardikan
c. ambal warsa sekolah
d. Paskibra
5. Bu Narti dadi wali ing kelas ….
a. 7E
b. 8E
c. 8D
d. 7D
Wacanen aksara jawa ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 6-12!
?wy=.
?wy=aikupgel/
rnZ=[go[bo[nkk=aum[mMk[to[nHnFhai=wewy=z[nlnFil[kok[k[fni=dl=knQiairi=znGmelLn\,
[bo[nkksebutBisk=awujuf\:2:di[mnSiautwawujuf\:3:di[mnSi.aumu[mMk=aujuf\:2:di[mnSikg[wskkulitK
=biys[nkulitSpiautwwedu\,lnK=wujuf\:3:di[mnSilum]hfig[wskkyuk=fix=gnipez=[gonSkkainK=m[nkw/
nadeds/krkTe/wy=ksebut\,nzi=ai=swetrtLthaugank=g[wwy=sksuketLnKe/
dusHnzi=wy=jinni[sZ[naiki[aorptia[khfite[moni.
?c]itk=fil[kok[kavJ|pukSk[a[posMabrtlnRmynk=augsinebutWy=pu/w.augank=a=gel/
l[konC`itc]it:1001:wezisktnhArb\,wy=k=[z[naikifiarnNiwy=menk\,pgel/rnaikimisuwu/ai=tnhjw.ai=pgel/
rnHikuwy=fitvCepP[kai=fe[bogHi=sisihtezenLnKiw[ndl=.ai=tezhc]it[nfigel/.sefinsewezil[konFiwed/.
6. Wayang iku pagelaran nganggo ….
a. boneka
b. kayu
c. kulit
d. pring
7. Wayang iku dilakokake dening ….
a. niyaga
b. sindhen
c. dhalang
d. juru kunci
8. Wayang kang awujud 3 dimensi digawe saka ….
a. kulit sapi
b. kulit wedhus
c. kerdhus
d. kayu
9. Walulang digunakake kanggo gawe wayang kang awujud ….
a. 2 dimensi
b. 3 dimensi
c. wayang menak
d. wayang golek
10. Crita kang dicritakake ing wayang menak yaiku ….
a. ramayana
b. mahabarata
c. panji
d. 1001 wengi
11. Crita wayang kang dijupuk saka epos Ramayana diarani wayang ….
a. golek
b. purwa
c. menak
d. ringgit
12. Wayangan iku sawijining pagelaran kang misuwur ing tlatah ….
a. Arab
b. Jawa
c. Sumatera
d. Kalimantan
Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 13-17!
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
13. Guru gatra tembang ing dhuwur yaiku …gatra.
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8
14. Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku ….
a. 8a, 8i, 8a,8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8, 8a
d. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
15. Miturut paugerane tembang ing dhuwur yaiku tembang ….
a. Dhandhanggula
b. durma
c. sinom
d. kinanthi
16. Ing ngisor iki watake tembang ing dhuwur yaiku ….
a. wetuning rasa
b. grapyak
c. nelangsa
d. seneng
17. Tembang kinanthi biyasane digunakake kanggo ….
a. mituturi
b. menehi wewarah
c. carita kang medharake asmara
d. panutuping karangan
18. Bapak nyerat layang kangge Pakdhe. Ukara kuwi migunakake basa ….
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
19. Nalika bapak rawuh mau ngendika apa?
Ukara pitakon kuwi migunakake basa ….
a. krama lugu
b. krama alus
c. ngoko lugu
d. ngoko alus
20. Bocah kang durung bisa guneman ganep migunakake basa ….
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
21. Kalawau Bapak dugi nggriya jam pinten?
Ukara kuwi migunakake basa ….
a. krama alus
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. ngoko lugu
22. Ing ngisor iki ukara kang migunakake ngoko alus yaiku ….
a. aku nyuwun priksa apa panjenengan sesuk sida tindak?
b. bapak dinten menika badhe tindak dhateng Jakarta
c. kowe arep lunga menyang ngendi?
d. simbah sampun wangsul saking Semarang
23. ?akuaxpÓ|zmev=$ltig.
Aksara jawa ing dhuwur manawa ditulis latin yaiku ….
a. aku arep lunga menyang Semarang
b. aku arep lunga menyang Sala
c. aku arep lunga menyang Salatiga
d. aku arep lungan menyang Sukoharjo
24. Cerita asal usul dumadine sawijining papan panggonan diarani….
a. fable
b. sage
c. legendha
d. mite
25. Ing ngisor iki sing ora kalebu tetenger legendha yaiku….
a. sinonim
b. anonym
c. kolektif
d. statis
26. Paragraph kang ukara pokoke ana ing tengah paragrap diarani
a. paragrap deduktif
b. paragrap induktif
c. paragrap ineratif
d. paragrap repetitive
27. Crita Ramayana katatah ing Candi….
a. Borobudur
b. Prambanan
c. Mendut
d. Gedhong Sanga
28. Rajane peksi yaiku jatayu nulungi dewi sinta amarga dicidra dening….
a. Rama
b. Lasmana
c. Anoman
d. Rahwana
29. Paragraf kang ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraph diarani paragraph….
a. induktif
b. deduktif
c. ineratif
d. repetitive
30. Salah sawijining wujud nyekakake sawijing cerita kanthi tetep nggatekake unsure-unsur intrinsik
sawijing crita diarani….
a. ringkesan
b. runtutan
c. legendha
d. cerita

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Terangna tegese istilah Ramayana!
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
1. Ceritakna sapa kuwi peksi jatayu?
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
2. Terangna watake Dewi Sinta!
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
3. Apa kang diarani paragraph deduktif?
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
4. Jlentrehna tegese wulangreh!
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
5. Jlentrehna isi (surasane ) serat wulangreh!
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
6. Jlentrehna apa kang diarani legendha kuwi?
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
7. Tulisen paugeran-paugeran kang kudu digatekake nalika nyemak pacelathon!
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
8. Basa krama alus pangganggone kanggo sapa wae?
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
9. Ukara ing ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa!
a. tuku krambil tuwa
b. ibu menyang pasar sore
Wangsulan: ………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………….

Semangat
Belajar….!!!!

You might also like