You are on page 1of 1

Nuju SEA Games 2019, Anthony Susanto Nyaman Main Rangkep

Petenis mudha Anthony Susanto nyaman main rangkep. Dheweke ora masalah yen ing SEA Games
2019 mengko mudhun ing nomer tunggal lan gandha.
Anthony dinane iki lagi digodhok bebarengan karo 11 petenis elite liyane kanggo tampil ing SEA
Games 2019 kang bakal digelar ing Filipina, 30 Nopember nganti 11 Desember mengko. Anthony
disiapake tampil ing rong nomer sekaligus ing multievent negara-negara Asia tenggara rong taunan
kuwi.
“Kanggo SEA Games kita terus persiapan nanging aku ora ngerti disiapake ing nomer tunggal apa
gandha. Dinane iki, aku isih fokus loro-lorone, apamaneh aku isih enom, awakku isih kuwat, dadi
fokus ing kekarone” ujare pemain tenis umur 22 taun iku nalika ditemoni ing lapangan tenis Hotel
Sultan, Jakarta, mentas iki (12/8/2019).
Minangka salah sijine pemanasan Pelatnas ksb, Anthony sakancane tampil ing Tennis Open kang
dianakake ing Hotel Sultan, Senayan, wiwit tanggal 5 nganti 25 Agustus iki.

Ing minggu pertama, Anthony pancen kalah ing kualifikasi kaloro. Dheweke dijegal Lucas Vuradin
asal Ustrali, 0-6, 3-3. Sauntara iku ing nomer gandha, Anthony, kang dhuet karo M. Rifqi Fitriadi,
kalah saka pasangan India Dev S.D Prajwal/Niki Kaliyanda Poonacha 5-7, 1-6.
Ing minggu kaloro, Anthony bali ditelukake pemain Ustrali, Aaron Addison, kanthi skor mepet 7-6,
6-7, 10-8.
“Satemene, iki ora elek banget. Aku cukup seneng merga sadurunge tau ketemu pemain luwih pen-
galaman durung bisa ngimbangi akeh, nanging saiki bisa. Dadi luwih apiklah” ujare Anthony
sarampunge tandhing ing lapangan tenis Hotel Sultan mau, Senen (12/8/2019).
“Isih ana kompetisi maneh ing minggu katelu. Coba maneh. Aku sih optimitis karo kualitasku saiki
iki” tambahe.
Apamaneh, Tennis Open iki mujudake bagian saka persiapan nuju Davis Cup.
Ing SEA Games 2017 kepungkur, tenis mung oleh medhali emas siji liwat tunggal putra Christo-
pher Rungkat lan medhali perak lumantar gandha campuran dhuet Jessy Rompies/Christo. “Aku sih
yakin karo kualitasku saiki ing SEA Games” ujare petenis umur 22 taun iku.
Bab lawan saingan ing SEA Games 2019, Anthony nambahake bakal oleh lawan abot saka
Thailand. Dheweke ngandhakake petenis asal Negera Gajah Putih iku ing sandhuwure kertas
nguwasani negara Asia Tenggara. Saliyane iku, petenis saingane liyane yakuwi saka Vietnam lan
Filipina.  (d/ist)***

You might also like