You are on page 1of 1

LATIHAN SOAL PSAT

1. Cacahe Serat Wedhatama Pupuh Gambuh menika ana pirang pada ….


2. Cacahe gatra ana ing tembang Gambuh yaiku ….
3. Samengko ingsun tutur,
Sembah catur : supaya lumuntur,
Dihin : raga, cipta, jiwa, rasa kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tuladha nugrahaning Manon,
Isi sapada sekar Gambuh ing dhuwur yaiku ….
4. Crita rakyat iku yen kawawas saka sipating karangan, kalebu wacana….
5. Sinopsis iku awujud ….
6. “Aja mangan brutu”
“Aja mangan tlampikan”
Unen-unening dhuwur iku kalebu ….
7. Ukara utawa tetembungan kanggo memanas ati utawa natang mungsuh, iku diarani ….
8. Irah-irahan crita Anglingdarma iku bisa kapentasake minangka ….
9. Iklan iku salah sawijining sarana informasi kanthi ancas ….
10. Prameswari iku kalebu tembung apa….
11. Goleka tuladha tembung entar ….
12. Tembung entheng tangane iku ateges ….
13. Kang diarani tembung ampilan utawa tembung silihan yaiku ….
14. Tembung loro digandheng dadi siji kanthi pangangkah kaggo ngurangi cacahing wanda.
Tembung kaya iku diarani ….
15. Paugeraning teks dengaran iklan abasa Jawa ing ngisor iki kang bener yaiku ….
16. Ana limang langkah sajroning nulis eksposisi. Langkah kaping lima yaiku ….
17. Artikel iku kalebu wujud eksposisi ….
18. Kerangka karangan kang ora jumbuh karo tema Dhisiplin Lalu Lintas yaiku ….
19. “Bir temu lawak, lambe njedhir kaya luwak”
Unen-unen ing dhuwur iku kalebu ….
20. “Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso” kalebu unen-unen ….
21. Dhalang sing ora jumbuh karo tata kramane dhalang yaiku ….
22. Panindaking dhalang yen nuju mayang sebisa-bisa ngelingna bab-bab apa ….
23. Tumindake dhalang sajroning ngayahi jejibahan yaiku ….
24. Ki Jaka Tingkir didhawuhi merguru marang wong mukmin dening ibune. Guru sing kapisan yaiku ….
25. Aksara murda ing basa Jawa iku dinggo tumrap ….
26. Cacahe aksara murda ing basa Jawa ana ….
27. Ki Jaka Tingkir
Ukara ana ing dhuwur owahana marang huruf Jawa Jawa ….
28. Kanjeng Panembahan Senapati
Ukara ana ing dhuwur owahana marang huruf Jawa ….
29. Tulisen aksara Murda Na lan pasangane….
30. Tulisen aksara Murda Sa lan pasangane….….
31. Jlentrehaken werdine serat wedhatama pupuh Gambuh ing ngisor!
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur : supaya lumuntur,
Dihin : raga, cipta, jiwa, rasa kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tuladha nugrahaning Manon,
32. Jlentrehaken tegese crita rakyat lan wujud crita rakyat!
33. Jlentrehaken tegese pariwara lan sebutaken paugeraning teks dengaran iklan kang kudu digatekaken!
34. Jlentrehaken tegese wacana eksposisi!
35. Sebutaken aksara Murda lan pasangane!

You might also like